wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASESSMEN FORMATIF SESORAH

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Ngandaraken gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah

a)

Sesorah

b)

Wara-wara

c)

Pambyawara

d)

Pariwara

e)

Pranatacara

2.

Ana telung jenise sesorah, yaikuu kaya sing dilakoni dening wong sing ngandharake kekarepan sing duwe hajat yaiku..

a)

medharsabda

b)

titahsabda

c)

tanggap wacana

d)

pambagyaharja

e)

ambal warsa

3.

Sesorah kang kaya ing gambar kasebut katindakake ana ing adicara resmi, mula kuwi biasane migunakake teknik...

a)

impromtu

b)

maca teks

c)

ekstemporan

d)

memoriter

e)

spontan

4.

Sesorah kanthi cara ngasta cathetan cilik minangka pangeling-eling urutaning isi ingkang badhe kawedharake

a)

ekstemporan

b)

manuskrip

c)

lipsing

d)

impromtu

e)

memoriter

5.

Sanes salam pambuka

a)

Nuwun

b)

Sugeng siyang

c)

Assalamualaikum warohmatuhi wabarokatuh

d)

Ingkang kinurmatan

e)

Salom

6.

Perangan pambuka ing sesorah

a)

salam pambuka, surasa, panutup

b)

salam pambuka, atur pakurmatan, pamuji syukur

c)

salam pambuka, pamuji syukur, surasa

d)

pambuka, surasa, panutup

e)

surasa, pangajeng-ajeng, salam panutup

7.

Puji syukur kita aturaken ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya saha kawilujengan saengga kempal wonten acara menika.

a)

Pambuka

b)

Atur pakurmatan

c)

Puji syukur

d)

Surasa

e)

Pangajeng-ajeng

8.

Cara nyegah virus punika ingkang kapisan, wijik mawi sabun paling sakedhik 20 detik. Kaping kalih Physical distancing utawi wicanten kaliyan tiyang sanes paling sakedhik wonten jarak 2 meter punika wigatos sanget. Kaping tiga, menawi kedah medal saking griya, kedah ngagem masker. Kaping sekawan, enggal periksa dhateng griya sakit menawi wonten gejala watuk, benter, lan ambekanipun sesek. Ingkang pungkasan, menawi mboten wonten masalah ingkang wigatos, tetep wonten griya mawon.

a)

Pambuka

b)

Surasa

c)

Panutup

d)

Pangajeng-ajeng

e)

Pamuji syukur

9.

Mugi-mugi kula lan panjenengan ditebihaken saking virus punika, lan virus punika enggal ical saking donya, Aamiin.

a)

Pamuji syukur

b)

Surasa

c)

Panutup

d)

Pangajeng-ajeng

e)

Salam panutup

10.

Perangan panutup ing sesorah

a)

pangajeng-ajeng, nyuwun pangapunten, salam panutup

b)

surasa, pangajeng-ajeng, salam panutup

c)

nyuwun pangapunten, salam pambuka

d)

surasa, pangajeng-ajeng, pamuji syukur

e)

pambuka, surasa, panutup

11.

Sanes salam panutup

a)

Sugeng siyang

b)

Nuwun

c)

Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh

d)

Salom

e)

Sugeng rawuh

12.

Gatekna bab-bab ing ngisor iki!

(1)ndhingkluk 

(2)tangan ngapurancang

(3)nyawang tamu

(4)nguwasani pemirsa

Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…a.(4) b.(3)c.(2)

d.(1

a)

4

b)

2

c)

3

d)

1

e)

2 lan 3

13.

Ancase sesorah yaiku, kajaba ....

a)

menehi kawruh

b)

ajak-ajak

c)

menehi panglipur

d)

menehi informasi

e)

ngrungokake pamicara

14.

"Nuwun panjenenganipun para sepuh, langkung para pepundn ingkang mahambeg drama, panjenenganipun para priyagung ingkang winantu ing pakurmatan, dalasan sadaya para rawuh kakung miwah putri ingkang winantu ing karahayon."


andharan kasebut klebu ing perangan ....

a)

atur sukur

b)

atur panuwun

c)

salam pambuka

d)

isi

e)

dhudhutan

15.

Ingkang kinabekten Bapak Kepala SMA N I Kutowinangun, ingkang kinurmatan Bapal/Ibu Guru saha Staf Tata Usaha SMA N I Kutowinangun, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Andharan kasebut klebu perangan ... ing pidhato

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Wos

d)

Salam panutup

e)

Panutup

16.

Bab-bab kang perlu digatekake nalika lagi sesorah ing ngisor iki, kejaba ….

a)

Basa

b)

Busana

c)

Intonasi

d)

Pamilihing tembung

e)

Cacahing audiens

17.

Sesorah iku nduweni ancas maneka warna, ing ngisor iki kang kalebu sesorah kanggo ajak-ajak, yaiku ….

a)

Pambagyaharja

b)

Rapat RT

c)

Sesorah 17-an

d)

Orasi kampanye

e)

Sesorah hardiknas

18.

Gatekna pethilan sesorah ing ngisor iki!

Kula namung asung pepenget dhumateng pengurus enggal, supados sami kersa lan saged nyonto pitedah-pitedah saking pengurus lami, pengurus enggal mugi tansah manunggal ing sedya, cipta, rasa, karsa, lan karyanipun.


Tembung asung tegese ....

a)

Ngusung

b)

Asok

c)

Aweh

d)

Piweling

e)

Pituduh

19.

Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....

a)

Tehnik Sesorah

b)

irah-irahan

c)

urutan sesorah

d)

paraga sesorah

e)

kerangka sesorah

20.

Nalika sesorah tansah migunakake basa kang endah, klebu ing babagan ....

a)

swara

b)

paramasastra

c)

patrap

d)

panyawang

e)

panyandhang

21.

Mugi rahayu sarwi sembada ingkang sindeya. Tembung sarwi tegese ....

a)

slamet

b)

pahargyan

c)

sarta

d)

sapandherek

e)

pakurmatan

22.

Parto sesuk arep pidhato ing acara perpisahan kelas XII. Anggone Parto miwiti pidhato yaiku …

a)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

b)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak ibu wali murid ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

c)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak ketua RT ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

d)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak camat ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

e)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak kepala desa ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

23.

Micara ana ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu lan migunakake paugeran kang nggatekake pocapan yaiku bab ....

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

e)

sasmita

24.

Ing sajroning perangan sesorah ana bab kang ngandharake wigatining atur yaiku ....

a)

purwaka

b)

surasa

c)

wasana

d)

pangajab

e)

pangapura

25.

Dhumateng Bapak Kepala sekolah smk negeri 1 trucuk ingkang kinurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. ingkang kinurmatan bapak/ ibu staf karyawan, dalasan kanca-kanca smk negeri 1 trucuk ingkang kula tresnani.

Pethikan pidhato ing dhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

salam pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur pamuji syukur

d)

pangajab

e)

wasana basa

26.

Jinising sesorah wonten 3. salah setunggale yaiku sabdatama. sabdatama yaiku ....

a)

sesorah kang isine medharake gagasan utawa isine penggalih

b)

sesorah kang ngandharake panemu

c)

sesorah kang ancase menehi pitutur marang pamirenge kanthi medharake kabecikan

d)

sesorah kang ancase nampa rawuhe tamu ing sawijining pasamuan

e)

Sesorah kang tujuane kanggo sambutan ing sawijining adicara

27.

Pambagyaharja adicara temanten, sambutan panitia lomba 17an menika tuladha kagiyatan sesorah kang nduwe ancas ....

a)

kanggo aweh kabar/ informasi

b)

kanggo ngandharake panemu/gagasan/ pikiran

c)

kanggo panglipur/ ngayem-ayem/ ngilangake rasa susah

d)

kanggo nampa rawuhe tamu ing sawijining adicara

e)

Ular-uar kanggo temanten nalika sampun ijab qobul

28.

miturut jenises sesorah, miturut gambar ing ngisor iki kang nuduhake sesorah kanggo nampa tamu ing sawijining pasamuan yaiku ....

a)

b)

c)

d)

e)

29.

Ukara sing diucapake ing bagian pambukane sesorah yaiku :

a)

Mugi-mugi menapa ingkang kula aturaken saged nambah pangertosan dhumateng panjenengan sedaya.

b)

Boten kesupen kula nyuwun pangapunten bilih wonten atur lan tindak-tanduk kulaingkang lepat.

c)

Sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkangsampun paring kanugrahan

d)

Para rawuh, kita sedaya mangertosi bilih kesehatan menika penting sanget, milakedah dipunjagi.

e)

Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati, kula nyuwun pangapunten amargi kulasekolah ing ngriki nate tumindak salah

30.

Perangan sesorah kang isine pangarep-arep utawa pituduh kang kasuwun katindakake dening pamireng yaiku ....

a)

wasana basa

b)

surasa basa

c)

dudutan

d)

pangajab

e)

pakurmatan

31.

kanthi nindakake cara ingkang kados mekaten, mugi-mugi saged minangka satunggaling pambudidyaa kanggo nebihi sarta ngusadani lare ingkang kenging narkoba. pramila kula ngemutaken dhateng dhiri pribadi kula piyambak, lan dhumateng kanca-kanca, ampun ngantos dados satunggaling pengguna narkoba, awit narkoba punika pancen ngrisak pajangka lan sedaya kekajengan ingkang badhe dipungayuh.

pethikan sesorah menika kalebu perangan ....

a)

atur pamuji syukur

b)

surasa basa

c)

dudutan

d)

wasana basa

e)

wigatining atur

32.

Tuladhane ukara sing isine pangarep-arep ( harapan ) ing sesorah yaiku :

a)

Para rawuh, tiyang menika kedah gadhah kesadharan kangge mbucal sampah ing panggenanipun supados lingkungan resik

b)

Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati, kula nyuwun pangapunten amargi kulasekolah ing ngriki nate tumindak salah

c)

Para rawuh, tiyang menika kedah gadhah pangertosan supados kali menika tetep resik

d)

Mugi-mugi perjuanganipun para pahlawan ing jaman kamardikan sageddados patuladhan kangge generasi mudha

e)

Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring berkah lankanikmatan kangge kita sedaya

33.

Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat nyuwun pangapunten.

a)

panutupe sesorah

b)

isine sesorah

c)

pambukane sesorah

d)

audience

e)

isine surat

34.

Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan,kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Tembung “kebagaswarasan” ing ukara dhuwur tegese ….

a)

kabegjan

b)

kamulyan

c)

kapinteran

d)

kesehatan

e)

kaluhuran

35.

Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....

a)

supaya katon bregas mrebawani

b)

supaya padha seneng

c)

supaya pamiyarsa betah mirengake

d)

supaya sing dingendikakake gampang ditampa

e)

Supaya apa sing dikandhakake bisa dadi panglipur

36.

Bapak, ibu saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati,Wonten wekdal menika, wulan Agustus 2012, Indonesia sampun ganep yuswanipun ingkang kaping 67. Yuswa kados menika mboten sami kaliyan kahananipun Bangsa Indonesia luwih-luwih perjuwanganing pahlawan nagari. Taksih kathah warga masyarakat ingkang dereng ngraosaken gesang ingkang mulya wonten warsa menika. Ugi taksih kathah luwih saking setunggal ewu siswa/i Indonesia ingkang mboten nglajengaken sekolah amargi kiranging biaya saha inggilipun kebutuhan pokok luwih-luwih wonten kitha ageng kados to Kitha Malang menika. Punapa menika kamardikan hakiki ingkang sampun dipun sandhang Nagari Indonesia kurang luwih 67 warsa kepengker? Kahanan menika miturut pangemut kula amargi kiranging partisipasinipun warga masyarakat Indonesia. Pamerintah RI saged sae kinerjanipun saha lancar programipun menawi sedaya warga masyarakat nggadhah partisipasi ingkang ikhlas kagem nglaksanakaken program pembangunan menika saha maringi tanggung jawab marang pamerintah.

pethikan sesorah ing ndhuwur ngemu tema sesorah ....

a)

mengeti dinten olahraga nasional

b)

mengeti dinten kamardikan RI

c)

mengeti dinten sumpah pemuda

d)

mengeti dinten pendidikan nasional

37.

Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt. Amargi kanthi linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang saeu menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 67.

Pethilan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

atur pakurmatan

b)

atur pamuji syukur

c)

atur panuwun

d)

salam pambuka

e)

atur pangapura

38.

Metode sesorah kanthi cara spontan utawa katindakake langsung tanpa nyamatake naskah luwih dhisik diarani ...

a)

maca naskah

b)

apalan

c)

ekstemporan

d)

impromtu

e)

nggawa catetan alit

39.

Sedherek-sedherek ingkang minulya,Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya.

pethilan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

salam pambuka

b)

pangajab

c)

wasana basa

d)

surasa basa

e)

purwaka basa

40.

Pamicara ngaturake salam marang pamiyarsa kanggo mungkasi sesorah. yaiku perangan ....

a)

salam pambuka

b)

surasa basa

c)

salam panutup

d)

pangajab

e)

atur panuwun