NEW
Font size
WorksheetsUH PAWARTA 8
Total questions: 50
Worksheet time: 45mins
Andaran marang wong liyan ngenani kedadean kang nyata diarani...
prastawa
pawarta
pambuka
layang
Adhedasar saka sumbere, jenise pawarta saka kedadean langsung/nyata diarani....
Pawarta pendidikan
Fakta
opini
pawarta lokal
Salah siji jenise pawarta adedasar sumbere yaiku opini. Sing diarani opini yaiku...
pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadean
pawarta kang sumebare ana wilayah kabupaten/kota
pawarta apus-apusan
pawarta saka kedadean langsung/nyata
Warta/kabar kang diterbitake saben dina, tuladane...
Koran Jawa Pos
Layang kabar Penyebar Semangat
Buku Pinter Basa Jawa
Layang kabar Joko Lodhang
Simaken ciri-cirine jenise pawarta ing ngisor iki!
a. pawarta fakta/ kedadeane pancen bener ana.
b. pawarta ditambah andharan bab kedadeane.
c. pawarta opini, awujud andharane wartawan.
d. pawarta apus-apusan.
Miturut ciri-cirine, pawarta iku klebu jenise pawarta...
Adhedasar isine
Adhedasar sumbere pawarta
Adhedasar bobote fakta
Adhedasar sumbere
Warta/kabar kang diterbitake kala-kala/ ora saben dina, minggon, sasen, lan sapanunggalane diarani....
Ariwati
pawarta lokal
opini
kalawarti
Pawarta kang wilayah sumebare warta nganti saka wilayah negara diarani...
pawarta lokal
pawarta regional
pawarta nasional
pawarta internasional
Simaken cuplikan pawarta ing ngisor iki!
BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih.
Miturut pawarta iku kedadeane ana ing kutha ....
Bangkalan
Sampang
Jawa wetan
indonesia
Simaken pawarta ing ngisor iki!
BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan.
Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pariparine supaya ora kesuwen kakum banyu udan.
Bencana kang kedadean ana ing pawarta mau yaiku...
Gempa bumi/lindhu
udan angin
banjir lan tanah longsor
Banjir lan udan dikantheni angin gedhe
Simaken cuplikan pawarta ing ngisor iki!
"Banyune ora mili, kalen lan sawahe uga ora mili, kahanane banyu terus mambeg,” kandhane Sutiyem mbacutake. Sutiyem njlentrehake, parine kudune durung bisa dipanen, nanging amarga kahanane ora layak mula bakal dipanen seminggu engkas.
Miturut isine, pawarta iki klebu jenise ....
pawarta fakta/ kedadeane pancen bener ana.
pawarta ditambah andharan bab kedadeane.
pawarta opini, awujud andharane wartawan.
pawarta apus-apusan.
1. Bapak sare
2. Ibu mundhut gendis wonten peken
3. Bu Suwarni tindhak Yogya
4. Pak Karjo ngarit ing sawah
Ukara ing nduwur sing nganggo pola J-W-K yaiku...
(1) lan (2)
(2) lan (3)
(3) lan (4)
(2) lan (4)
Kiki nggarap tugas sesuk isuk.
ukara ing ndhuwur yen diodal saka pola e yaiku....
J-W
J-W-L
K-J-W-L
J-W-L-K
Ukara ing ngisor iki sing nganggo pola K-J-W-L yaiku...
Bapak mundhut klapa cengkir
Mas Adi ngusung pari isuk-isuk
Isuk-isuk Mas Adi ngusung pari
Klapa cengkir dipundut bapak wingi sore
Gambar ing ndhuwur yen ditulus wujud pawarta, manut isine bisa digolongake jinise....
hiburan
kesehatan
ekonomi
agama
Bima ora weruh yen ibune wis teka.
ukara kasebut nggunakake ragam basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bima mboten sumerep yen ibune sampun dugi.
Basa kang digunakake....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
"Dina Kemis, 10 Juli 2021 ing Malang geger anane salah siji siswa sekolah dasar kang positif COVID 19."
Saka cuplikan pawarta iku, unsur pawarta sing ora ana yaiku...
sapa
ing ngendi
menyang endi
kapan
Isi pawarta kang mathuk karo gambar ing ndhuwur yaiku ....
pemakaman korban covid-19 ing kutho Malang
petugas rumah sakit ngurusi ambulan sing rusak
petugas lagi ngurusi korban covid-19 ing rumah sakit
pemakaman simbahe Joko ing Suroboyo
Pawarta sing ana ing medhiya elektronik tuladhane yaiku...
Ariwarti
warta berita ing radio
Kalawarti
Tabloid
Jingglengono pawarta ing ngisor iki!
Kedadean ing Parangtritis
Kecilakan kedadean neng Pantai Parangtritis, dina Minggu (19/11/2017), sekitar tabuh 13.00 WIB. Kecilakaan iki dialami dening telu bocah wadon yaiku Nicky Fitriani (15), Marini (38), lan Sunarti (39), ketelune warga Sragen, Jawa tengah. Kronologi kedaden kawitan pas rombongan keluarga saka Sragen Tengah plesiran neng Yogyakarta lan adus neng Pantai Parangtritis.
Saking dolanan banyu, ketelu korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung segara. "Wektu adus dumadakan ketelu korban keseret ombak menyang kidul," ujare Brigadir Sunarto, anggota SAR Polairud Polda DIY, dikutip saka laman resmi Polda DIY. Untunge , korban cepet bisa dislametake dadine ora ana korban jiwa jero kadadean iki. Brigadir Suharto ngelengake kanggo para wisatawan pantai supaya bisa nggatekake tanda lan ngutamakne kaslametan wektu nglangi.
Ing endi kedadean iku?
Ing Pangandaran
Ing Yogyakarta
Ing Pantai Parangtritis
Ing Laut Kidul
Sing ngrusak pategalan yaiku kewan….
a. Gajah
b. Kancil
c. Macan
d. Tikus
Total ambane alas mau yaiku . . . hektar
a. 3,7
b. 3,8
c. 3,9
d. 4,0
Pirang persen saka ambane alas kang dirusak gajah. . .
a. 30%
b. 40%
c. 50%
d. 60%
Menapa ingkang dipungatosaken nalika nulis pawarta ?
a. Temane kudu ditulis
b. Kudu ana pemanggih narasumber
c. Kudu nggunakake 5W+1 H
d. Ora butuh judul
Irah-irahan ingkang trep kangge ngisi pawarta ing wacan ing dhuwur nggih menika …
a. Desa Imogiri Maju
b. Swadaya Masyarakat Desa Imogiri
c. Bangun Talut Butuhke Ragat
d. Desa Imogiri Bangun Talut
Saking pundi dana kangge bangun talut Desa Imogiri ?
a. Dana masyarakat lan pemerintah
b. Dana PNPM lan swadaya masarakat
c. Dana PNPM lan pemerintah
d. Dana Swadaya asaraka lan pemerintah
Menapa topik ingkang dipunbahas wonten ing pawarta nginggil ?
a. TPA ing Ngeblak tumraping masyarakat mujudaken papan ingkang ngrejekeni
b. TPA ing Ngeblak mujudaken papan kangge mucal uwuh saking kabupaten-kabupaten ing Yogya
c. Ahnyar, minangka masyarakat Ngeblak, ngraosaken bingah amari padamelanipun mindhak.
d. Kawontenaning masyarakat sakderengipun dipunbikak menika mrihatosaken
Linda: ... koe mau sore?
Nana: Aku bar lunga saka omahe Rudi.
Tembung pitakon sing bener kanggo ukara pitakon ing nduwur, yaiku...
Apa
Saka ngendi
kapan
kenapa
"Selasa, 25 Juni 2019" iku nerangake babagan ...
kapan prastawane dumadi
kapan katrangane diwartakake
kapan anggone ndhaptar melu pemilihan
kapan wong-wong bisa maca pawarta kasebut
Saka pethikan pawarta kasebut, apa kang diwartakake?
dianakake pilihan bupati ing Kebumen
pilihan Kepala Desa serempak sekabupaten
kecurangan nalika pemilihan
akeh Desa kang ora melu pemilihan
Bab ing ngisor iki kang ORA ndukung informasi kang ana ing pawarta yaiku ...
ditambah gambar prastawane
diwenehi katrangan saka saksi kejadian
diwenehi katrangan saka ahli/narasumer
ditambah gambar penyiare
Apa wos surasane pawarta ana ing dhuwur….
Kacilakan lalu lintas
Banjir lan angin gedhe
Kerjabakti
Laporan kasus covid
Ancase dianakake kerjabakti yaiku….
Kanggo ngisine waktu longgar
Kanggo rameake acara 17-an
Kanggo mangeti dina kawarasan
Ganti paving dalan kang rusak
Sapa jenenge ketua RW Dusun Sidokare….
Parwanto
Purwantho
Priyanto
Suka Lelana
Pawarta sing biasane mung dirungokake, lumantar lewat….
TV
Koran
Majalah
Radhio
Data perkembangan penyebaran COVID-19 dikirim saka…..
Kementrian Kesehatan
Kementrian Pendidikan
Kementrian Agama
Kementrian Sosial
Miturut pawarta ing dhuwur, total pasien sing pulih saka Covid-19 yaiku….
69
78
5.026.853
720
Ana ngndi kasus positif corona ana iku…..
Kabupaten Pemalang
Kabupaten Tegal
Kabupaten Semarang
Kabupaten Sukoharjo
Miturut Kementrian Kesehatan, kasus Covid-19 ing indonesia nganti sasi Maret 2020 yaiku….
5.693.702
4.789.087
2.222.078
5.789.067
Saka sumber ngendi pawarta ing dhuwur….
Solopos
Kompas
Radar Jawa Pos
Radar Solo
wos surasa saking pawarta ing nginggil menika...
desa jatimulyo tau dipanggoni dening wali songo, sunan kalijaga lan sunan geseng nalika nyebarake agama islam ing tlatah jawa
Jatimulya ngangkat wisata sejarah walisongo
bakal ana wisata sejarah ing kecamatan Dlingi, ing endi panggonan kuwi mau peninggalane Sunan Kali Jaga, sing keperang dadi 3 panggonan yaiku Watu Gareng, Sendhang Banyu Panguripan lan Wit jati Kluwih
desa ing tlatah paling wetan kabupaten bantul, jatimulyo bakal ana obyek wisata anyar
saliyane kanggo industri mebel sing paling gedhe ing Bantul, kecamatan dlingo kanthi patang puluh persen warga minangka pengusaha mebel.
Jawah dipunmaweni angin kenceng ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/kitha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten Sleman, dina Kemis sonten (5/1/2017).
Saking pawartos punika, saged dipunpendhet dudutan …
Wit ambruk bebayani nalika jawah ugi angin kenceng
Angin keceng saged dadosaken jawah
Sleman taksih jawah dipunmaweni angin kenceng
Angin kenceng ugi jawah sampun kedadeyan saking seminggu awit dinten Rebo DIY kathah
1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sakniki kang arep luntur. Miturut Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati, Endang Sri Wahyuningsih ngaturkake yen dheweke matursuwun marang para pihak kang melu acara iki lan sing peduli karo kagiyatan iki. Dheweke pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki dianakake setahun pisan.
Saking waosan teks pawartos, unsur where ingkang wonten ing teks pawartos inggih punika….
Endang Sri Wahyuningsih
Stadiun Jayakusuma
Dina Kesaktian Pancasila
Pemuda Pati
Irah-irahan pawarta kang pas kanggo gambar kasebut yaiku...
Lapangan Reged ing Desa Warak
Kerja Bakti ing Desa Warak
ana wedhus kang lagi dibeleh kanggo Idul Qurban
Masjid Ngadakake Sholat idul Adha
ana Sapi kang lagi disembeleh kanggo Idul Qurban
Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/ hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.
Sapa sing duwe tanggung jawab njaga lestarine alam Indonesia!?
masyarakat
pemerintah
presiden
kabeh warga negara
awake dhewe
Wacanen Pawarta iki !
Nyedhakake Wayang Mring Kanoman
Pagelaran festival wayang Indonesia II, mapan ing Taman Budaya Yogyakarta dina Senin nganti dina Sabtu, diracik minangka sarana kanggo nyedhakake wayang marang generasi muda.
Ing pambukane acara pagelaran, Sri Sultan Hamengku Buwana X negasake yen upaya reaktualisasi wayang pancen kudu nggandheng generasi muda. Tujuane supaya bisa marisake budaya adiluhung kang ana sajrone wayang kang tansah aktual jumbuh owah-owahanane jaman.
Miturut Sri Sultan, wayang sipate ora moralistik, ora ngguroni, lan ngandhung piwulang kang ora ngayawara. (Pagelaran wayang iki mapane ing ngendi ?)
Taman Budaya surakarta
Kraton Yogyakarta
Kraton Surakarta
Taman Budaya Yogyakarta
Alun-alun Kidul Yogyakarta
kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC 15001 njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jumuah (15/7) bengi. 7 saka 9 petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas padha sakala.
Unsur pawarta sing ora ana ing pethilan teks pawarta kasebut yaiku ....
ing ngendi
geneya
sapa
kapan
kepiye
Rizal Juara 1 ing Andon Lukis Pengetan Wulan Basa
Minggu (2/11) kepungkur Rizal Ariyanto kang mujudake wakil saka kelas 1 SMAN 1 Kalidawir kasil pikantuk juara 1 sajroning andon lukis kang dianakake SMAN 1 Kalidawir kanggo mengeti wulan basa taun iki.
Ing adicara andon lukis kasebut, Rizal nggawe lukisan ngenani candhi Mirigambar.
Lukisane Rizal pikantuk biji paling akeh tinimbang peserta liyane merga dewan juri nganggep lukisane Rizal mirip banget karo asile.
Saka kasile pikantuk juara 1 sajroning adicara andon lukis kasebut. Rizal ora mung pikantuk trophi nanging uga pikantuk dhuwit cacah Rp 500 ewu rupiyah.
Rencanane dhuwit asil menange kuwi bakale ditabung lan saperangan digunakake kanggo nyukupi kabutuhan sekolahe.
Rizal janji dheweke bakal ningkatake kabisane ing babagan lukis, Dheweke bakal terus ngupayakake supaya luwih pinter anggene nglukis.
Jalaran dheweke duwe cita-cita bisa mlebu ISI Surakarta supaya pepinginane dadi seniman lukis kang kawentar bakale luwih gampang dadi kasunyatan.
irah - irahan saka teks pawarta kasebut yaiku ...
pengetan wulan basa dianakake adon lukis
Wulan Basa Rizal dadi juara
Rizal Juara 1 ing Andon Lukis Pengetan Wulan Basa
Andon lukis pengetan wulan basa
Lukisan candi miri gambar
Metromini B80 jurusan Kalideres, sing ditumpaki 24 wong, esuk iki ketubruk kreta rel listrik rute Jatinegara-Bogor ing perlintasan kereta Angke amarga nrobos palang perlintasan kreta.
Ukara ing dhuwur ngemot pitakonan ing ngisor iki, kajaba ...
pira cache penumpang metromini?
kapan prastawa kuwi kedadean?
kepiye prastawa kuwi kedadeyan?
geneya prastawa kuwi bisa kedadeyan?
Mbah Jiman : kowe ki ngapa kok sandhanganmu guprut lendhut kabeh?
Pak Agus : Niki lho mbh, kula wau bibar dawah wonten ....
Mbah Jiman : Lha kok bisa, polahmu kepiye?
Pak Agus : Wau nalika kula jagrakane pit mboten dinaya disrundul pit motor sangking wingking, lajeng nggih ngeten niki mbh.
jangkepana pacelathon ing nginggil!
mergi
sabin
lapangan
jeglongan
