wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

basa jawa ramadhan

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 31mins

Name
Class
Date
1.

Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....

a)

Baratayudha

b)

Ramayana

c)

Mahabharata

d)

Badar

2.

Basa kramane ngomong

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

3.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

4.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

5.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

6.

Kesenian Reog Ponorogo asale saka tlatah . . . .

a)

Ponorogo

b)

Banyuwangi

c)

Semarang

d)

Solo

7.

Tugase Dhalang yaiku....

a)

Tukang nglakokne wayang

b)

Tukang nabuh gamelan

c)

Sing gaweyane nembang

d)

Tukang nggawe wayang

8.

Gatotkaca Satriya saka....

a)

Madukara

b)

Pringgadani

c)

Astina

d)

Sawojajar

9.

Sing mateni Gatotkaca yaiku....

a)

Adipati Karna

b)

Prabu Duryudana

c)

Sengkuni

d)

Werkudara

10.

Gambar Punokawan iki arane....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

11.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

12.

Ing ngisor iki paraga Reog Ponoroggo, kajaba ....

a)

Bandung Bandawasa

b)

Kelana Sewandana

c)

Dadak Merak

d)

Warok

13.

Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Argumentasi

d)

Eksposisi

14.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Persuasi

15.

Satriya ing Jodhipati yaiku ....

a)

Yudhistira

b)

Werkudara

c)

Duryudhana

d)

Nakula

16.

Cangkriman iku tegese..

a)

unen-unen kang ngemu teges wantah lan lugas

b)

unen-unen sing kudu di bedhek utawa dibatang maksude

c)

unen-unen sing nganggo gambaran arupa barang utawa kewan

d)

unen-unen sing nganggo entar (kiasan)

17.

bunas kopen, batangane...

a)

tapak kebo amba tapak ula dawa

b)

bubur panas kokopen

c)

mlaku gawe sandhal klompen

d)

mbakar tela sumendhe keren

18.

bapak pucung

endi elor endi kidul

laku tapa brata

mung kepingin bisa malih

dadi kupu si pucung wedaring tapa

badhekane..

a)

uler

b)

ula

c)

kodok

d)

unta

19.

bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

dawa kaya ula

pencokanmu wesi miring

yen lumaku si pucung ngumbar swara

badhekane..

a)

gajah

b)

watu

c)

sepur

d)

montor

20.

Cangkriman gambar iki yaiku..

a)

sega sakkepel dirubung laler

b)

gajah nguntal sangkrah

c)

pitik walik saba kebon

d)

pitik walik saba amben

21.

Ceblok mengisor, sing di golek i mendhuwur

batangane...

a)

andha

b)

prau bocor

c)

benik klambi

d)

gentheng bocor

22.

pakbo letus kalebu cangkriman...

a)

cangkriman awujud pepindhan

b)

cangkriman awujud blenderan

c)

cangkriman sinawung ing tembang

d)

cangkriman awujud wancahan

23.

sega sak kepel dirubung tinggi, batangane...

a)

nanas

b)

salak

c)

andha

d)

menthe

24.

Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran

bathangane...

a)

Ketok ndobose.

b)

Lampu toko sing lagi tutup.

c)

wong ngunduh kambil.

d)

wong ngamuk

25.

Tembang Pangkur sapada ana … gatra.

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

26.

Tegese guru gatra yaiku …..

a)

Cacahing gatra ing saben sapada

b)

Cacahing wanda ing saben gatra

c)

Tibaning swara ing pungkasaning gatra

d)

Cacahing huruf ing saben sagatra

27.

Prawakane Tarsan kuwi dhegus kaya gatotkaca.

ukara dhegus tegese

a)

gedhe + gusar

b)

gedhe + bagus

c)

dhewe + bagus

d)

dhedeg + bagus

28.

Perangane layang kang nelakake ungah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani ....

a)

Adangiyah

b)

Titi mangsa

c)

Surasa basa

d)

Wasana basa

29.

Kembang kencur, gandha sedhep sandhing sumur.

Kudu jujur .....

Lanjutane parikan ing dhuwur yaiku ...

a)

yen kepengen uripe ajur

b)

yen kepengen uripe makmur

c)

yen kepengen nduweni sumur

d)

yen kepengen urip nang dhuwur

30.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ....

a)

Kula dipunsukani duwit katah

b)

Simbah dipunaturi sare wonten kamar

c)

Adik kulo dolanan ana ing plataran

d)

Bapak nembe kesah saking omah

31.

Gambar ing dhuwur yaiku ....

a)

Bagong

b)

Gareng

c)

Semar

d)

Petruk

32.

Bocah kuwi lungguhe antheng kitiran.

Tegese senapa ing dhuwur yaiku .....

a)

Tansah anteng banget

b)

Tansah polah ora bisa meneng

c)

Tansah tengok-tengok nganti keturu

d)

Tansah ajeg ora bisa obah

33.

Rukun agawe santosa, crah .....

Paribasan ing dhhuwur iku terusane sing bener yaiku .....

a)

Agawe lumrah

b)

Agawe bungah

c)

Agawe susah

d)

Agawe bubrah

34.

Dicakot bongkote sing kalong pucuke.

Tegese cangkriman ing dhuwur yaiku .....

a)

rebung

b)

genteng

c)

kobongan

d)

rokok

35.

Apa tegese cangkriman wancahan ing ngisor iki!

Segara beldhes

a)

sega rasa bedil bedhes

b)

segara ana ing bledhes

c)

segane pera sambele pedhes

d)

segara tegese lautt, beldhes tegese mbedos

36.

Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........

a)

ukarane mamerake

b)

ukarane nyenengake

c)

ukara mentes

d)

ukarane ngujuk-ujuki

37.

Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

38.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

39.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

40.

Bapak Pucung.

Amung sirah lawan gembung.

Padha dikunjara.

Mati sajroning ngaurip.

Mijil baka.

Si pucung dadi dahana.

bathangane..

a)

sepur

b)

montor miber

c)

penthol korek

d)

gajah

41.

Desi ora seneng mangan Sate.

Ukara kasebut nganggo basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

42.

Basa kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama ora kacampuran ngoko utawa krama inggil, dene ater-ater lan panambnag uga krama diarani basa...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

43.

Basa krama alus/inggil dinggo dening....

a)

kanca sapdha

b)

wong tuwa marang anake

c)

guru marang muride

d)

anak marang wong tuwa

44.

Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko yaiku...

a)

aku arep lunga mancing

b)

kowe wis adus apa durung

c)

bapak tindak semarang nitih kereta

d)

anita lagi mangan sate

45.

Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.

Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....

a)

ngunjuk

b)

ngombe

c)

mangan

d)

dhahar

46.

Basa ngoko lugu lumrahe dianggo dening ....

a)

anak marang wong tuwa

b)

wong kang lagi tetepungan anyar

c)

murid marang guru

d)

wong kang wis pada tetepungan kanthi raket

47.

Basa Krama Inggile lunga, yaiku ....

a)

kesah

b)

lunga

c)

tindak

d)

pergi

48.

Mas Rudi arep siram siki apa engko?

Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

49.

Kondur basa ngokone yaiku ....

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

tindak

50.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....

a)

bapak sampun tindak datheng Yogyakarta

b)

kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?

c)

pak iwan saiki wis rawuh apa durung?

d)

irma ora mlebu sekolah jalaran lara.