wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kelas 6 PAS 2 Jawa Wul 5-6

Total questions: 76

Worksheet time: 46mins

Name
Class
Date
1.
Kayu mati digubet ula mati. Bedhekan cangkriman kasebut yaiku … .
a)
cagak
b)
wit klapa
c)
gangsingan
d)
menek andha
2.
Pak boletus ( tipak kebo lelene satus) lan Jarot ( yen dijarno mlorot). Ukara kasebut mujudake tuladhane cangkriman … .
a)
wantah
b)
blenderan
c)
pepindhan
d)
wancahan
3.
Cangkriman ing ngisor iki sing kelebu blenderan yaiku … .
a)
anake gelungan, emboke ngrembyang
b)
cebloke nyang ngisor sing digoleki nduwur
c)
dideleng gampang, dicekel angel
d)
Ana gajah numpak becak, ditutup rapet, kira-kira ketok apane ?
4.
Cangkriman ing ngisor iki sing kelebu cangkriman wantah yaiku … .
a)
biti notun nati biratun
b)
kayu mati digubet ula mati
c)
wong wis gedhe kok ngguyu tuwa
d)
dicokot pucuke, sing kelong bongkote
5.
Sega sakepel dirubung tinggi. Bedhekane cangkriman irib-iriban karebut yaiku … .
a)
salak
b)
nanas
c)
manggis
d)
rambutan
6.
Cangkriman kang ngemu surasa salugune utawa apa anane diarani … .
a)
cangkriman wantah
b)
cangkriman wancahan
c)
cangkriman blenderan
d)
cangkriman pepindhan
7.
Emboke dielus-elus, anake diidak-idak. Apa iku ?
a)
pakis
b)
pring
c)
kucing
d)
menek andha
8.
Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane diarani … .
a)
cangkriman wantah
b)
cangkriman wancahan
c)
cangkriman blenderan
d)
cangkriman pepindhan
9.
Tulisane Arab, macane saka ngendi ? Wangsulane cangkriman blenderan kasebut yaiku … .
a)
saka alas
b)
saka kiwa
c)
saka tengen
d)
saka mburi
10.
Yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi musuh. Wangsulane badekan iku yaiku … .
a)
geni
b)
pari
c)
srengenge
d)
lampu senter
11.
Cangkriman sing wangsulane lampu senter yaiku … .
a)
putri melik-melik sendhen kayu legi
b)
gajah nguntal sangkrah
c)
dipijet wudele, mripate mendelik
d)
kebo bule cancan merang
12.
Apa wangsulane cangkriman blenderan iki : “Ana kapal disawat watu kerem”, kira-kira gedhe apane ?
a)
gedhe kapale
b)
gedhe watune
c)
gedhe uwonge
d)
gedhe ngapusine
13.
Dideleng gampang, dicekel angel, apa iku ?
a)
iwak
b)
tikus
c)
pitik walik
d)
srengenge
14.
Cangkriman sing wangsulane nanas yaiku … .
a)
burnas kopen
b)
buta buri
c)
pitik walik saba kebon
d)
sega sakepel dirubung tinggi
15.
Dikethok saya dhuwur, disambung saya cendhak. Wangsulane cangkriman kasebut yaiku … .
a)
clana
b)
salak
c)
banyu
d)
rokok
16.
Ing sakdhuwure lawang ana cecak. Yen cecake lunga lawang iku dadi kewan sing bisa mabur. Apa arane kewan iku ?
a)
ula
b)
lawa
c)
kadal
d)
macan
17.
Apa sing dilebokne kok malah metu ?
a)
kucing
b)
tawon
c)
benik
d)
clana
18.
Lawa lima kalong telu. Wangsulane cangkriman blenderan kuwi yaiku … .
a)
loro (2 )
b)
telu (3)
c)
lima ( 5)
d)
wolu ( 8)
19.
Cebloke nyang ngisor sing digoleki nduwur. Wangsulane bedhekan kasebut yaiku … .
a)
cecak
b)
pelem tiba
c)
padhang mbulan
d)
gentheng trocoh
20.
Sing bocor kok malah kebak, yaiku … .
a)
bak adus bocor
b)
gentheng trocoh
c)
prau bocor
d)
banjir
21.

Cocogna karo wangsulan sing trep

a)

Tebu ditata mlebu lori

1.

Buta buri

b)

Pagere kobong, watune mendhelis

2.

Gerbong tulis

c)

Bubur panas kokopen

3.

Burnas kopen

d)

Segane pera, sambele pedhes

4.

Segara mbeldhes

e)

Kasur teles pepenen

5.

Surles penen

22.

Jenise cangkriman kang bisa gawe bingung yen macane salah yaiku … .

(a)  

23.

Gatekna tembang ing ngisor iki !

Wanci dalu bapak pucung medalipun ( waktu malam keluarnya)

Perlu ngupa boga ( perlu mencari makan )

Yen siang ngedem aguling ( kalau siang istirahat )

Denya nendra sirahnya ndhangeaken surya

Batangane (bedhekane) cangkriman kang awujud tembang ing nduwur yaiku … .

(a)  

24.

Sawah rong kedhok galengane mung sithok. Bedhekane ukara kasebut yaiku … .

(a)  

25.

Pak haji lagi sholat, trus ana asu ndilati sikile. Batal apa ora sholate Pak Haji ? Geneya ?

4 lines
26.

Geneya sing dienggo urug rel sepur kae kok nganggo krikil ?

4 lines
27.
Enak endi daging kucing karo daging pitik? Ukara ing dhuwur klebu jenise cangkriman ....
a)
wantah
b)
irib-iriban
c)
blenderan
d)
wancahan
28.
Apa sing dilebokake malah metu? Ukara ing dhuwur klebu jenise cangkriman ....
a)
wantah
b)
irib-iriban
c)
blenderan
d)
wancahan
29.
Putri melik-melik, sendhen kayu legi. Ukara ing dhuwur klebu jenise cangkriman ....
a)
wantah
b)
irib-iriban
c)
blenderan
d)
wancahan
30.
Wiwawite les mba dhonge, karwa pake. Ukara ing dhuwur klebu jenise cangkriman ....
a)
wantah
b)
irib-iriban
c)
blenderan
d)
wancahan
31.
Bapak Pucung dudu watu dudu gunung Sangkane ing sebrang ingon-ingone sang Bupati Bapak Pucung yen m'laku lembehan grana Batangane tembang Pucung ing dhuwur yaiku ....
a)
sepur
b)
gajah
c)
dina
d)
jun
32.
Unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibedhek isine diarani ....
a)
paribasan
b)
pepidhan
c)
peribasan
d)
cangkriman
33.
Tulisan Arab, macane saka ngendi? Batangane cangkriman kasebut yaiku ....
a)
saka alas
b)
saka kiwa
c)
saka omah
d)
saka dhuwur
34.
Gatekna tembang ing ngisor iki ! Bapak pucung rupane saengga gunung, soklat semu abang, saben uwong mesthi sengit, yen kanggonan dielus-elus tinagisan. Batangane cangkriman kang awujud tembang ing ndhuwur, yaiku ....
a)
kebo
b)
wudun
c)
gunung
d)
ambeng
35.
Dipedhaga, dimriyema, dibedhila ora mati nanging yen dicegati mati. Batangane cangkriman kang awujud tembang ing ndhuwur yaiku ....
a)
banyu
b)
gajah
c)
macan
d)
lemah
36.
Wanci dalu bapak pucung medalipun, perlu ngupa boga, yen siang ngadhem aguling, denya nendra sirahnya ndhangaken surya. Batangane cangkriman kang awujud tembang ing ndhuwur yaiku ....
a)
kebo
b)
sepur
c)
gajah
d)
kalong
37.
Dipijet wudele, mripate mendelik. Cangkriman irib-iriban iku wangsulane …
a)
nanas
b)
senter
c)
kathok
d)
kemucing
38.
Dikethok saya dhuwur, disambung saya cendhak.. Cangkriman blenderan iku wangsulane ....
a)
nanas
b)
senter
c)
kathok
d)
kemucing
39.
Buta buri tegese tebu ditata mlebu lori. Janaka kuluk tone tegese jajakna nagka, aku njaluk betone Yen Surles penen tegese .....
a)
segane pera, sambele pedhes
b)
tempe bosok bumbu kelan
c)
bubur panas kokopen
d)
kasur teles pepenen
40.
Pitik walik saba kebon, tegese ....
a)
sulak
b)
nanas
c)
sepur
d)
kemuncing
41.
Burnas kopen, wangsalane ....
a)
bubur panas panganen
b)
bubur panas tukunen
c)
bubur panas kokopen
d)
bubur panas anget
42.
Jroning warangka sesorah, sing ditulis....
a)
sesorah
b)
dudutan
c)
salam pambuka
d)
pokok - pokoke andharan
43.
Tujuwane nggawe warangka sesorah supaya bisa .... wong sing arep nindaake sesorah.
a)
nyusahake
b)
nglaleake
c)
nyenengake
d)
nggampangake
44.
Ing sesorah becike nggunaake basa...
a)
ngoko lugu
b)
ngoko kasar
c)
krama lugu
d)
krama alus
45.
Basa krama alus gunane kanggo....wong sing diajak guneman.
a)
nyeneni
b)
maidho
c)
ngajeni
d)
ngremehno
46.
Tembung kang kanggone ngancer - nganceri papan utawa tembung aran yaiku...
a)
tembung aran
b)
tembung sesilah
c)
tembung sifat
d)
tembung ancer - ancer
47.
Mambengi aku nginep ing omahe kancaku. Tembung ancer - ancer ukara ing ndhuwur yaiku...
a)
ing
b)
saka
c)
saking
d)
dhateng
48.
Reog kuwi asli ... Ponorogo. Tembung ancer - ancer kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku...
a)
ing
b)
saka
c)
saking
d)
menyang
49.
Reog punika asli ...Ponorogo. Tembung ancer - ancer kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku...
a)
ing
b)
dhateng
c)
saking
d)
menyang
50.
Aku ora sida melu amarga arep melu ibu...pasar. Tembung ancer - ancer kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku...
a)
ing
b)
saka
c)
saking
d)
menyang
51.
Jroning sesorah saupamane kepekso nggunaake basa ngoko, kudune nggunaake basa...
a)
ngoko lugu
b)
ngoko alus
c)
krama lugu
d)
krama alus
52.

Dolananne wis disimpen … njero lemari.

(a)  

53.

Ibu badhe tindak … balai desa.

(a)  

54.

Adhik nembe wae mulih … sekolah.

(a)  

55.

Aku ndherek simbah … pasar.

(a)  

56.

Ngapunten kula telat, amargi nembe … dalemipun pakdhe.

(a)  

57.

Atur pakurmatan marang sing rawuh jroning sesorah diwiwiti saka sing pangkate … nganti … .

(a)  

58.

Sapa aruh kasebut jroning struktur seseorah kelebu bageyan … .

(a)  

59.

Salah sijine sing kudu digatekake nalika meragakake teks sesorah yaiku pangucapane tembung kudu …lan … .

(a)  

60.

Salah sijine bageyan jroning panutup sesorah yaiku kesimpulan sing diarani … .

(a)  

61.

Nyuwun pangapura menawa ana kaluputan jroning sesorah ana ing bageyan … .

(a)  

62.

Ayo basa krama aluse yaiku … .

(a)  

63.

Dakaturi basa kramane yaiku … .

(a)  

64.

Njaluk pangapura basa kramane yaiku … .

(a)  

65.

Kaluputan basa kramane yaiku … .

(a)  

66.

Tembung “yen” basa kramane … .

(a)  

67.

Basa ngoko aluse sowan kula yaiku … .

(a)  

68.

Pak Lurah sesuk ora sida teka mrene. Tembung teka yen diowahi dadi basa ngoko alus dadi … .

(a)  

69.

Ibu mengko budhal menyang Kediri. Tembung budhal yen diowahi dadi basa ngoko alus dadi … .

(a)  

70.

Jroning sesorah, intine utawa materine sesorah diandharake ing bageyan … sesorah.

(a)  

71.

Jroning nulis teks sesorah ana patang tataran sing kudu dilakoni. Tataran kapisan yaiku nemtokake … .

(a)  

72.

Kanggo gawe teks sesorah, sawise ngumpulake bahan kanggo sesorah, yaiku gawe … .

(a)  

73.

Sesorah sing paling apik nganggo basa … .

(a)  

74.

Salam kanggo mungkasani sesorah diarani … .

(a)  

75.

Jroning pambuka sesorah, kejaba ana pamuji sukur marang Gusti, uga ana atur panuwun marang sing para … .

(a)  

76.

Yen maca utawa meragakake sesorah lagune ukara ( intonasi ) kudu cocog karo … lan … sesorah.

(a)