Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Tengah Semester II

Total questions: 35

Worksheet time: 3hrs 51mins

Name
Class
Date
1.
Ing ngisor iki sing kelebu dampak positif globalisasi yaiku .....
a)
Majune jaman
b)
Ilange budaya
c)
Macete dalan
d)
Ilange Pakulinan tulung tinulung
2.
Tembang pucung iku kelebu tembang .....
a)
Dolanan
b)
Gedhe
c)
Macapat
d)
Tengahan
3.
Larikan ukara ing tembang macapat diarani .....
a)
Guru gatra
b)
Guru lagu
c)
Guru wilangan
d)
Guru swara
4.
Bapake Doni olehe nyambut gawe direwangi adus kringet. Tembung adus kringet klebu tembung .....
a)
Saroja
b)
Entar
c)
Camboran
d)
Garba
5.
Tembung - tembung ing ngisor iki kang ora klebu tembung garba .......
a)
Prapteng
b)
Lunglit
c)
Lungkrah
d)
Botsih
6.
Kebudayaan Jawa kudu dilestarekake, jalaran mujudake kebudayaan kang adi ....
a)
Endah
b)
Peni
c)
Mranani
d)
Luhung
7.

Ana unen unen, "wani ngalah, luhur wekasane" Unen - unen iku sawijining ...

a)

Pitutur

b)

Piwulang

c)

Penemu

d)

Panyangkal

8.

Yen diutus, aja enggah - enggih nanging ora ....

a)

Kepilih

b)

Kesilih

c)

Kesapih

9.

Gerbong tulis klebu jinise cangkriman ....

a)

Cekakan

b)

Pepindhan

c)

Plesedan

d)

Irib-iriban

10.
Sing klebu cangkriman blenderan ....
a)
Wiwa wite lesbadhonge karwa pake
b)
Disuguhi opak angin
c)
Tibane mengisor sing digoleki mendhuwur
d)
Bocor malah kebak
11.
Pitik walik saba meja batangane .....
a)
Nanas
b)
Salak
c)
Sulak
d)
Sapu
12.
Anak tapihan, embok e wuda, batangane .....
a)
Kembang gedhang
b)
Pring
c)
Wit gedhang
d)
Bawang
13.
Adoh - adoh diparani, bareng wis tekan diliwati. Cangkriman iki batangane ......
a)
Dalan
b)
Kreteg
c)
Ril sepur
d)
Lawang
14.
Dikethok tambah dhuwur, cangkriman iki batangane clana. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran batangane .......
a)
Negor kayu
b)
Wong ngunekake mercon
c)
Ngunduh kambil
d)
Wong umbah - umbah ing kali
15.

Bapak pucung, tanpa untu darbe siyung Badanira Panjang Tutuk ira pan persegi Dina - dina pucung nguntal buntut ira Batangane tembang pucung iki ........

a)

Jam Tangan

b)

Susuk Konde

c)

Sabuk

d)

Benik

16.

Kebo picak matane pira, klebu cangkriman jinis .......

a)

Irib-iriban

b)

Pepindahan

c)

Pesedan (blenderan)

d)

Cekakan (wancahan)

17.
Dilebokne malah metu, batangane ......
a)
Jarum
b)
Susuk konde
c)
Benang
d)
Benik
18.
Ibuku durung teka saka pasar Ukara iki ngoko aluse ........
a)
Ibuku durung dugi saka pasar
b)
Ibuku durung rawuh saka pasar
c)
Ibuku dereng teka saka pasar
d)
Ibuku durung rawuh saking pasar
19.
Putrane pak Hasan lima, nanging paseduluran ora rukun. Paseduluran ora bisa rukun. Peribasane ..........
a)
Kaya mimi lan mintuno
b)
Kaya bumi karo langit
c)
Kaya banyu karo lenga
d)
Kaya semut karo gajah
20.
Bu Dewi (pundhut) tas ing toko. Tembung pundhut benere ............
a)
Mundhut
b)
Mundhutna
c)
Mundhuti
d)
Mundutake
21.
Perkara cilik dadi gedhe. Ukara iki peribasane ....
a)
Benceng cuweng
b)
Kakean gludhug kurang udan
c)
Keplok ora tembok
d)
Kriwikan dadi grojogan
22.
Kebo kabotan sungu. Peribasan iki tegese .....
a)
Wong sing kakean anak
b)
Wong sing rekasa uripe
c)
Wong sing ora kuat rekasa
d)
Wong sing rekasa uripe merga kakean anak
23.

Bapak turu, aku adus. Ukara iki disalin dadi basa kraama alus ....

a)

Bapak sare, kula siram

b)

Bapak tilem, kula siram

c)

Bapak sare, kula adus

d)

Bapak tilem, kula adus

24.
Aku nyirami tanduran ing kebon mburi omah. Ukara iki yen disalin dadi ukara tanggap ....
a)
Tanduran ing kebon mburi omah daksirami
b)
Ing kebon mburi omah aku nyirami tanduran
c)
Nyirami tanduran aku ing kebon mburi omah
d)
Aku ing kebon mburi omah nyirami tanduran
25.
Adhiku bola - bali mangan, mulane awake lemu. Bola - bali klebu tembung .......
a)
Dwi lingga
b)
Dwi purwa
c)
Dwi wasana
d)
Dwi lingga salin swara
26.
Kembang kencur tinandur tepine sumur. Parikan iki yen diterusake ....
a)
Kudu jujur yen kowe kepengin luhur
b)
Kudu jujur yen kowe kepengin makmur
c)
Kudu makmur yen kowe kepengen luhur
d)
Kudu jujur yen kowe kepengen kesawur
27.
Gupak pulut ora nangkane Paribasan iki tegese .....
a)
Melu rusuh ora melu mangan
b)
Melu rekasane ora melu kepenake
c)
Melu urun ora melu - melu pesta
d)
Melu nyambut gawe ora melu panen
28.
Pak Badrun penggaweane nglakokake dhokar, mula diarani kusir. Pak rahmad penggaweane nglakokake sepur diarani ......
a)
Sopir
b)
Kondektur
c)
Masinis
d)
Juru mudi
29.

Kula mboten ngerti, kula ora ngerti. Tembung iki klebu tembung .......

a)

Kanggo

b)

Lanang

c)

Wadon

d)

Kanggo lanang

30.

Kanggo ngudi, kanggo ngaturi. Peribasan iki tegese .......

a)

Ngudi

b)

Ngaturi

c)

Ngudi lan ngaturi

d)

Ngudi utawi ngaturi

31.

Wong ngendi sing ngomong, "Aku ora ngerti". Ukara iki klebu ukara .......

a)

Ngerti

b)

Ora ngerti

c)

Ngerti lan ora ngerti

d)

Ngerti utawi ora ngerti

32.

Ing ngisor iki sing kelebu dampak negatif globalisasi yaiku .....

a)

Majune jaman

b)

Ilange budaya

c)

Macete dalan

d)

Ilange Pakulinan tulung tinulung

33.

Tembung Globalisasi asal saka tembung " Globe : sing tegese ....

a)

Sak Donya

b)

Donya

c)

Bunder

d)

Sak jagad

34.

Mas Trisna tanduke nengsemake, mula saben wong seneng kekancan karo dheweke. Nengsemake tegese ....

a)

Ora marakne nesu

b)

Nyenengake

c)

Sopan ora sakarepe

d)

Wong liyo seneng

35.

Globalisasi iku bisa ngilangake sifat .....

a)

Kekeluwargaan

b)

Mandiri

c)

Gumedhe

d)

Sombong