NEW
Font size
WorksheetsLatihan soal Bahasa jawa
Total questions: 50
Worksheet time: 1hrs 2mins
Micara ana ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu lan migunakake pagu kang mligi diarani ....
geguritan
pawarta
sesorah
nembang
perangan sesorah kang ngandharake wigatining atur yaiku ....
purwaka
surasa
wasana
pangajab
Dhumateng Bapak Kepala sekolah smk negeri 1 trucuk ingkang kinurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. ingkang kinurmatan bapak/ ibu staf karyawan, dalasan kanca-kanca smk negeri 1 trucuk ingkang kula tresnani.
Pethikan pidhato ing dhuwur kalebu perangan sesorah ....
salam pambuka
atur pakurmatan
atur pamuji syukur
pangajab
jinising sesorah wonten 3. salah setunggale yaiku sabdatama. sabdatama yaiku ....
sesorah kang isine medharake gagasan utawa isine penggalih
sesorah kang ngandharake panemu
sesorah kang ancase menehi pitutur marang pamirenge kanthi medharake kabecikan
sesorah kang ancase nampa rawuhe tamu ing sawijining pasamuan
pambagyaharja adicara temanten, sambutan panitia lomba 17an menika tuladha kagiyatan sesorah kang nduwe ancas ....
kanggo aweh kabar/ informasi
kanggo ngandharake panemu/gagasan/ pikiran
kanggo panglipur/ ngayem-ayem/ ngilangake rasa susah
kanggo nampa rawuhe tamu ing sawijining adicara
gambar ingkang nuduhake sesorah kanggo nampa tamu ing sawijining pasamuan yaiku ....
pambagyaharja iku asale saka tembung pambagya lan raharja. tegese pambagya yaiku ....
mbagekake
syukur
nasihat
menyambut
perangan sesorah kang isine pangarep-arep utawa pituduh kang kasuwun katindakake dening pamireng yaiku ....
wasana basa
surasa basa
dudutan
pangajab
kanthi nindakake cara ingkang kados mekaten, mugi-mugi saged minangka satunggaling pambudidyaa kanggo nebihi sarta ngusadani lare ingkang kenging narkoba. pramila kula ngemutaken dhateng dhiri pribadi kula piyambak, lan dhumateng kanca-kanca, ampun ngantos dados satunggaling pengguna narkoba, awit narkoba punika pancen ngrisak pajangka lan sedaya kekajengan ingkang badhe dipungayuh.
pethikan sesorah menika kalebu perangan ....
atur pamuji syukur
surasa basa
dudutan
wasana basa
metode sesorah ekstemporan yaiku sesorah kanthi .....
cara langsung tanpa nyamatake naskah luwih dhisik
nggawa catetan cilik kang isi balungane sesorah (isi pokok)
cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca langsung sasuwene sesorah
cara ngapalake naskah sesorah kang wis digawe sadurunge
nalika arep nindakake sesorah kudu migatekake perangan, kajaba ....
wiraga
wirasa
wirama
audience
unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah kajaba ....
sapa kang sesorah
kepiye swasanane
apa ancase sesorah
apa kang dirembug
Bapak, ibu saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati,Wonten wekdal menika, wulan Agustus 2012, Indonesia sampun ganep yuswanipun ingkang kaping 67. Yuswa kados menika mboten sami kaliyan kahananipun Bangsa Indonesia luwih-luwih perjuwanganing pahlawan nagari. Taksih kathah warga masyarakat ingkang dereng ngraosaken gesang ingkang mulya wonten warsa menika. Ugi taksih kathah luwih saking setunggal ewu siswa/i Indonesia ingkang mboten nglajengaken sekolah amargi kiranging biaya saha inggilipun kebutuhan pokok luwih-luwih wonten kitha ageng kados to Kitha Malang menika. Punapa menika kamardikan hakiki ingkang sampun dipun sandhang Nagari Indonesia kurang luwih 67 warsa kepengker? Kahanan menika miturut pangemut kula amargi kiranging partisipasinipun warga masyarakat Indonesia. Pamerintah RI saged sae kinerjanipun saha lancar programipun menawi sedaya warga masyarakat nggadhah partisipasi ingkang ikhlas kagem nglaksanakaken program pembangunan menika saha maringi tanggung jawab marang pamerintah.
pethikan sesorah ing ndhuwur ngemu tema sesorah ....
mengeti dinten olahraga nasional
mengeti dinten kamardikan RI
mengeti dinten sumpah pemuda
mengeti dinten pendidikan nasional
Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt. Amargi kanthi linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang saeu menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 67.
pethilan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan sesorah ....
atur pakurmatan
atur pamuji syukur
atur panuwun
salam pambuka
metode sesorah kanthi cara spontan utawa katindakake langsung tanpa nyamatake naskah luwih dhisik diarani ....
maca naskah
apalan
ekstemporan
impromtu
nalika mirengake sesorah pamedhar sabda ngandharake wigatining rembug kang dadi wos ngendikane. perangan mirengake iku diarani ....
sapa sing ngendika
apa sing dirembug
bayarane piro
kapan ditindakake
Sedherek-sedherek ingkang minulya,Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya.
pethilan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan sesorah ....
salam pambuka
pangajab
wasana basa
surasa basa
ingkang kinurmatan, ingkang pinundhi, ingkang kula tresnani, ingkang bagya mulya, salah sawijining tuladha ana ing perangan ....
atur pamuji syukur
atur pakurmatan
atur panuwun
salam pambuka
pamicara ngaturake salam marang pamiyarsa kanggo mungkasi sesorah. yaiku perangan ....
salam pambuka
surasa basa
salam panutup
pangajab
puji syukur marang Gusti Allah lan matur nuwun marang para rawuh ning sesorah diarani...
Purwaka
Dudutan
Salam pambuka
Wasana basa
Teks cerita rakyat sing isine bab asul-usul daerah...
mite
sage
legenda
fabel
Tokoh Iwak Sura lan Baya minangka crita legenda kutha...
Surabaya
Malang
Kediri
Banyuwangi
Jenis cerita rakyat sing kalebu legenda...
Jaka Tarub
Nyai Roro Kidul
Andhe-andhe Lumut
Kutha Banyuwangi
Tokoh sing ana ing gambar kasebut ...
Malin Kundang
Sangkuriang
Jaka Tarub
Ken Arok
Tokoh sing ana ing gambar kasebut ...
Dewi Sri
Ken Umang
Ken Dedes
Roro Jonggrang
Jenis cerita ing gambar kasebut ...
Legenda
Fabel
Mitos
Sage
Jenis cerita sing isine bab kepahlawanan ...
Legenda
Fabel
Mitos
Sage
Nyai Roro Kidul lan Dewi Sri kalebu jenis cerita ...
Legenda
Fabel
Mitos
Sage
Crita Rakyat duweni karakter Anonim, anonim yaiku....
Diceritaake turun temurun
Diceritaake kanthi lisan
ora dingerteni sapa sing ngarang
duweke masyarakat bebarengan
Crita Rakyat duweni karakter Anonim, anonim yaiku....
Diceritaake turun temurun
Diceritaake kanthi lisan
ora dingerteni sapa sing ngarang
duweke masyarakat bebarengan
duweni pesen kanggo dituladhani
Bisa jupuk pengalaman kang becik saka niru para tokohe kuwi kalebu ...
Karaktere crita rakyat
Unsur intrinsik crita Rakyat
Unsur ekstrinsik crita rakyat
Jinising crita rakyat
Ancase crita rakyat
Crita rakyat duweni unsur intrinsik crita. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik Crita Rakyat yaiku...
Tema
Alur
Turun-temurun
Latar
Penokohan
Ide pokok utawa permasalahan utama sing dhasari lakuning crita,diarani…
Alur
Tema
Latar
Penokohan
Sudhut pandhang
Ing ngisor iki Kang kalebu perangane latar yaiku….
Wektu
Maju
Wong kapisan
Antagonis
Amanat
iklan pariwara ngisor kie ing kalebu pariwara pendidikan yakuwe.....
Pengumuman utawa wara wara kang isine nawakake barang barang utawa jasa diarani ....
pengumuman
pariwara
crita rakyat
berita
pawarta
Iklan lumantar televise bisa disebut uga iklan audiovisual. Audiovisual tegese ....
bisa narik kawigaten
lumantar medhia elektronik
bisa dirungokake
bisa dideleng lan dirungokake
bisa dideleng
Tuladha pariwara kang nawarake layanan jasa yaiku......
sabun
obat obatan
sampo
winih jagung
kursus
Gambar Pariwara kasebut ing sisih kiwe iku ditujukake kanggo ....
para remaja wadon
para guru SMA
para petani
para siswa sekolah SD
masyarakat umum
Kepriye ukara kang trep kanggo iklan mie ayam?
Mi Jawa rasa Italia. Cespleng!
Empuk, rasa eca, panganan gizi. Uenak tenan!
Mie Ayam Pak Kusna uenak tenan!
Pisan nyoba, bali terus ing wusana!
Bakso mercon..isi daging sapi..wenak tenan!
Ing ngisor iki sing ora kelebu tuladha panggonan pariwara cetak yaiku ....
spanduk
koran
majalah
televisi
baliho
Pariwara kang manggone ana ing baliho, spanduk, lan koran diarani pariwara.....
Perbaikan
master
Cetak
informasif
instrumental
“Narkoba bahaya kang nyata” Isine iklan masyarakat ing dhuwur, yaiku ....
pangajab supaya masyarakat nganggo narkoba
pangajab supaya masyarakat tuku narkoba
pangajab supaya masyarakat ngadohi narkoba
pangajab supaya masyarakat urip resik
pangajab supaya masyarakat mangan sing bergizi
Sing di arani pariwara komersial yaiku.....
pariwara bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentukna asil utawa keuntungan
pariwara kang digawe lan di pasang migunakake teknik elektro
pariwara kang digunakake kanggo nyampekne informasi
pariwara kang dipasang ing media TV
pariwara kang isine layang layang
Pengumuman utawa wara wara kang isine nawakake barang barang utawa jasa diarani.....................
crita rakyat
pawarta
pariwara
pengumuman
berita
Pariwara sing duweni tujuan nyiptakne kesenengan, preferensi lan keyakinan, saengga konsumen arep tuku lan migunakake barang lan jasa yaiku pariwara.....
informatif
persuasif
keluarga
umum
ekonomi
Ing ngisor iki kudu digatekake nalika nulis pariwara, kejaba....
isine objektif lan jujur
basane gamblang
ana mupangate
ora bisa dipahami
narik kawigaten
Salah sijine strategi marakke barang yaiku kanthi menehi pangerten marang konsumen babagan......... produk kang ditawakake tinimbang produk liyane.
keluwihan
kecocogan
kekurangan
regane
katerangan
Ing ngisor iki kang ora kelebu syarate surasa pariwara kang becik, yaiku....
Cekak lan cetha
Narik kawigaten
Objektif
Isine beda karo nyatane
Ora nyinggung wong liya
Swara gendhing lancaran “Suwe Ora Jamu” muni alon, swara wiwit nggremet saya lirih banjur alon-alon metu swara iklan :
“Para kadang, ora usah bingung masalah kasarasaning awak. Meneka jamu Mugi Waras Spesial kang dadi solusine. Akeh pilihane, gampang golekane, mesthi alami, gampang ngracike lan dijamin tanpa efek samping. Para kadang tak aturi mundhut maneka jamu Mugi Waras Spesial ing UP “BMF Waras”. Alamat ana ing Jl. Terminal Sleko No. 2 Pati. Telp 085740666345.
Sepisan malih mangga kula aturi tindak ing UP “BMF Waras”. Maneka jamu Mugi Waras Spesial ndadekake awak seger, waras, lan ati mesthi makmur”.
Miturut jenise, teks iklan ing dhuwur klebu iklan...
TV
Radhio
Brosur
Kampanye
Sayembara
