WorksheetsKuis Panatacara
Total questions: 50
Worksheet time: 17mins
Ingkang kalebet peranganipun teks inggih menika ...
wekdal
tema saha ancasing acara
salam pambuka
papan panggenan
tata basa
Nindakaken pranatacara menika boten gampil, amargi kedah saged ngracik tembung ingkang ngginakaken basa rinengga. Basa rinengga tegesipun ...
basa ingkang dipundamel endah
basa ingkang angel dipunmangertosi
basa ingkang ngginakaken basa Jawa kuna
basa kangge sekar macapat
basa kangge manten
Ginanipun panatacara ing salah satunggaling acara inggih menika supados ...
acaranipun enggal rampung
dipungatosaken tamu
acaranipun tumata, gayeng, regeng
acaranipun mboten mboseni
acaranipun sae
Tiyang ing gambar menika anggadhahi sesanggeman mranata lampahing acara.
Mila lajeng dipunwastani ....
Magister Menejemen
Pamedhar Sabda
Panatacara
Juru Wiraya
Juru Wicara
Ingkang kedah kasamektakaken dening tiyang ingkang madeg minongka panatacara ing antawisipun kados ingkang kaserat ing ngandhap, kajawi ....
Nyinau kawruh kabudayan, filsafat lan seni.
Kawruh bab tatacara miwah upacara
Kawruh politik lan teknologi
Kawruh ngadi sarira saha ngadi busana
Kawruh basa tuwin Sastra
Panatacara kedah purun gladhe supados trampil. Gladhen olah kedaling lathi amrih cetha, saged mbédakaken setunggal fonem kaliyan fonem sanèsipun. Kados ingkang kasebat ing nginggil menika mujudaken pratelan babagan ...
Olah swara
Olah basa
Olah sastra
Olah raga
Olah rasa
Gladhen olah basa lan sastra tumrap panatacara menika nyakup kawruh babaga menapa kemawon?
babagan basa ingkang kaginakaken ing forum ilmiah
babagan suluk, panyandra, wangsalan.
babagan ariwarti lan kalawarti
babagan paribasan, pepindhan
babagan purwakanthi, sekar
Panatacara rikala ngayahi kewajibanipun langkung prayogi menawi ngginakaken basa ingkang lugas, tegesipun ....
endah lan semu (estetis)
gampil dipunmangretosi (komunikatif)
nengenaken tatakrama (etis)
rakitaning ukara nalar (logis)
ngemba basa para jurnalis
"Basa ingkang trep menika kedah ngèngeti: 1) sinten ingkang gineman 2) sinten ingkang tumanggap wawan ginem 3) sinten utawi punapa ingkang dipunginem 4) kados pundi swasananipun (wekdal, papan, kawontenan)."
Pratelan menika mujudaken paugeran basa ingkang jumbuh kaliyan....
paugeran trap-trapan panganggénipun basa.
paugeran pakecapanipun basa.
paugeran trap-trapan pamijinipun tembung.
paugeran trap-trapan pangracikipun tembung.
paugeran trap-trapan pangrakitipun ukara.
Pangrengga swara menika kalebet satunggaling daya panyengkuyung tumrap makaryanipun panatacara.
Ing perangan menika panatacara kedah mangretos babagan menapa kemawon?
tata swara audio teknikal
tata urutaning gendhing
teknik sound panggung
teknik mixing
babagan sasmitaning gendhing
Panatacara kedah anggadhahi kasamaptan dhiri supados rikala dipunsuwun maraga boten nguciwani.
ing ngandhap menika pundi kemawon katrangan ingkang wonten sambung rapetipun kaliyan kasamaptan panatacara?
samapta ing raga
samapta ing busana
samapta ing basa tuwin sastra
samapta ing titihan
samapta ing wicara
Amrih lampahing acara saé lan kasil, panatacara kedah nggatosaken perkawis menapa kemawon?
Prigel ndhagel, tansah gegeculan lan lekoh.
mangertosi lajer ancer dalah cengkoronganing acara.
Saged mratélakaken kanthi leres lan jangkep. asma, gelar, dedunung, lsp
Saged makarya sesarengan kaliyan paraga sanèsipun.
mangretosi werdining ubarampé upacara pahargyan.
1) Jumeneng kanthi lelambaran setunggal suku, 2) asring ngébahaken péranganing sarira, 3) asta dipun banda wonten wingking, 4) mbesengut utawi suntrut.
Pratelan menika ngrembag babagan menapa?
bab patrap ingkang kedah kasingkiri dening paranatacara
babagan babaring malaksana
babagan kawruh mawastha
babagan magatra
babagan cak-cakaning maraga
Medharake satunggale pamanggih utawa informasi kanthi lisan ana ing ngarepe wong akeh diarani …
Atur pambagyaharja
Panatacara
Siaran
Ndhalang
Sesorah
Nalika ngandharaken sesorah pamicara kudu nggatekake munggah-mudhune swara lan cepet-lendhete swara, awit saka iku pamicara kudu nggatekake ….
Wicara
Wirama
Wiraga
Wirasa
Winanda
Perangane wasana basa ana ing sesorah padatane ngandharake ….
Nyuwun agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya
Ngajak supados ngaturaken raos syokur wonten ngarsa dalem Allah SWT
Nyuwun pangapunten menawi wonten lepating atur
Ngandharaken sedaya perkawis
Atur pakurmatan sesepuh pinisepuh
Ana ing ngisor iki bab-bab kang kudu ditinggalake pamicara nalika sesorah, kajaba …
Obahing awak kirang becik
Obahing awak boten jumbuh kaliyan ingkang dipunaturaken
Ngadeg kanthi lelamberan sikil siji
Ngadeg tanpa nggatosaken papan panggenanipun
Ngadeg jejeg, swanten sarta iramanipun kedah cetha
Andharan kang minangka wose sesorah ing perangan isi. Mula kang diandharake nalika perangan isi yaiku ….
Salam pambuka
Ngaturaken sugeng rawuh
Ngaturaken wosing pahargyan
Ngaturaken raos syukur
Ngaturaken puja puji
Menawa pamicara anggone sesorah kanthi cara ndadak utawa spontan, diarani sesorah kanthi cara ….
Ekstemporan
Metode maos
Ngapalaken teks
Impromtu
Spontanitas
Perangane sesorah kang wose atur salam ing pungkasan diarani ….
Salam pambuka
Salam panutup
Purwaka basa
Wasana basa
Surasa basa
Anggone ngandharake sesorah pamicara nggawa catetan cilik kang wose cengkorongan kang gunane kanggo pangemut-emut apa kang bakal diandharake. Awit saka iku pamicara nggunakake metode sesorah …
Ekstemporan
Metode maos
Ngapalaken teks
Improptu
Spontanitas
Supri sesuk arep sesorah ing adicara perpisahan kelas. Kang rawuh yaiku Kepala Sekolah, bapak Ibu guru sarta kanca-kanca kelas sewelas. Anggone Supri miwiti sesorah / pidhato yaiku …..
Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, lan kanca-kanca remaja masjid ingkang bagya mulya
Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati, saha wali murid ingkang kula kurmati ugi.
Assalamualaikum wr.wb. Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Assalamualaikum wr.wb. Kanca-kanca ingkang kula tresnani, Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati,
Assalamualaikum wr.wb. Kanca-kanca, Bapak Ibu Guru saha Kepala Sekolah ingkang kinurmatan
Ana ing pahargyan apa wae, wong kang kagungan kersa wis mesthi ora nglakoni dhewe. Tegese mbutuhake pambiyantune wong liya utawa gotong royong, mula nalika sesorah luwiih becike ngandharake ….
Ngaturaken kawilujengan
Ngaturaken gunging pangapunten
Ngaturaken sugeng kondur
Ngaturaken agunging panuwun
Ngaturaken raos sokur
Pidhato Kenegaraan biasanipun nggunakake metode pidhato….
Metode maos teks
Ekstemporan
Impromptu
Apalan
Spontan
Supaya bisa sesorah kanthi apik, para siswa prelu ngrancang sesorah, kanthi nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba …
Ngginakaken basa ingkang awrat/angel dipunmangertosi
Damel cengkorongan (kerangka) sesorah
Mekaraken cengkorongan sesorah menika kanthi milih tembung- tembung ingkang leres
Nggtosaken unggah - ungguh (sesorah dhateng sinten)
Sesorah kanthi lafal, tempo, intonasi, patrap ingkang leres
Pamicara ngandharake alesan, bukti, sarta tuladha supaya pamireng bisa gelem melu kaya apa kang dikarepake pamicara yaiku kalebu tujuan sesorah …
Maringi panglipur
Maringi kawruh/wawasan
Nawakaken barang
Pangajak-ajak
Pendekatan emosional
Murwakaning atur sumangga tansah ngonjukaken puja lan puji sokur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, sarta kalodhangan, satemah kita saged kempal wonten Aula menika kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga priyangga kita sedaya. Perangan sesorah ing dhuwur kalebu ….
Salam pambuka
Salam panutup
Purwaka basa
Wasana basa
Suras basa
Mugi-mugi adicara menika dados sarana ngleburaken dosa antawisipun kula lan panjenengan sedaya, ingkang rumaos lepat boten dipunambali malih wonten wekdal candhakipun.
Pethalan sesorah ing dhuwur diarani ….
Wosing atur
Dudutan
Wos surasanipun sesorah
Panyaruwe
Pangajab (pangarep - arep)
Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ....
Panata adicara
Pambagyaharja
Panata acara
Pambiwara
”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan ....
salam pambuka
atur pakurmatan
atur pangayubagya
tetepungan
atur puji syukur
Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan ....
Pambuka
Rantaman adicara
Isi
Papan lungguhe
Panutup
Jinise teks pamedhar sabda iku akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati nampa rawuhe tamu diarani ....
atur wilujeng
atur pasrah
atur pangayubagya
atur pakurmatan.
atur panuwun
Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ....
nutup adicara
nata lan nulis rantamane adicara
nata lakune adicara
maca adicara
”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke digunakake ing perangan … .
pambuka
atur pakurmatan
atur panutup
rantaman adicara
isi
Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo… .
artikulasi
lafal
wirama gendhing
intonasi
swanten
Pamedhar sabda inggih menika….
tiyang ingkang remenipun ngendika
tiyang ingkang ahli ngendika
tiyang ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiang kathah
tiyang ingkang mboten nindakaken ayahan medhar sabda
Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi….
tut wuri handayani
adigang adigung adiguna
ajining raga gumantung saka busana
olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara
10. Rikala sesorah Sikep sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken inggih menika, kejawi ...
Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar watawis kalih jobin
Jumeneng kanthi kapitadosan dhiri
Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku
Polatan katingal suméh, namung katingal kadamel-damel
15. Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun ..
anteb saha manteb
tanggap swasana
pocapan cetha
jumeneng jejeg
Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika….
Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi
Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.
Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab
Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan
Dipuntingali saking basanipun, pranatacara wonten ing pahargyan temanten menika kedahipun boten ngginakaken basa padintenan, utawi kedah ngginakaken basa ingkang endah, utawi dipunsebut….
Basa alus
Basa kiasan
Basa paramasastra
Basa rinengga
Mas Singgih kadhapuk dados pranatacara wonten ing acara pengetan dinten kamardikan benjang siyang. Langkung rumiyin mas Singgih nyerat peranganing teks pranatacaranipun. Ing ngandhap menika ingkang boten kaserat dening mas Singgih awit boten kalebet perangan teks pranatacara inggih menika....
Salam pambuka
Atur pambagyaharja
Atur kasugengan
Wedharing gati
Pranatacara migatosaken andhap ing-gilipun suwanten, cepet alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten. Prekawis punika ateges migatosaken .
wicara
wirama
wirasa
wiasta
Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur….
atur pambagya
atur panuwun
atur panutup
atur panampi
Para pepundhen ingkang dahat kinabekten. Para tamu ingkang … kepareng kula matur ing ngarsa panjenengan sadaya kinen ngaturaken pambagyaharja ing ari kalenggahan menika. Tembung ingkang trep kagem njangkepi ukaran ing n ginggil inggih menika….
kula ajrih
kinurmatan
kula tresnani
paring ngelmu
Dados pranatacara kedah gadhah patrap wibawa, tegesipun....
gadhah subasita ingkang sae
kedah mantep ing manah, boten wigah-wigih
boten ajrih satemah percaya diri
saged mapanaken diri kaliyan kawontenan
Ginanipun pranatacara ing satunggaling acara inggih menika...
acaranipun tumata
dipun-gatosaken para tamu
acaranipun gayeng
acaranipun boten ,mboseni
Sangunipun pranatacara wonten olah jiwa, olah raga, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...
andhap inggilipun swara boten namung ajeg
pilihaning tembung sae
busananipun sae, resik
solah bawa trapsila lan empan papan
Titi laksana acara pengetan dinten kamardikan ing ngandhap menika ingkang kirang trep inggih menika ...
pambuka
sambutan
tigas tumpeng
musyawarah
panutup
Manawi dados pranatacara kedah gadhah patrap wibawa. Menapa ingkang dipunwastani wibawa?
gadhah subasita ingkang sae
kedah mantep ing manah, boten kuwaos, lan boten wigah-wigih
saged mapanaken dhiri kaliyan kawontenan
boten ajrih satemah anggenipun ngayahi kanthi percaya dhiri
saged maos kawontenan
