WorksheetsBahasa Jawa 8-1
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
gesang ing jagading pasrawungan supados dipunajeni tiyang sanes kedah ngetrapaken .....
tata krama lan unggah-ungguh
tata krama basa jawa
basa indonesia
pacelathon
pratelan ing ngandhap menika tata kramanipun mertamu, kejawi...
ndhodhok kori paling kathah kaping tiga
ngaturaken salam utawi kula nuwun
lenggah kanthi jegang
lenggah kanthi sasekecanipun
unggah-ungguh basa marang sebaya ingkang wujud tembung-tembung yaiku ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
bu, nyuwun pangapunten menawi ........ kula ....... dhateng ruang BK
oleh, njaluk ijin
pikanthuk, njaluk pamit
kapareng, nyuwun pamit
pareng, nyuwun pamit
kadospundi aturipun nalika nyuwun pamit dhateng sekolah ....
bapak, ibu kula nyuwun pamit ajeng budhal sekolah, saha nyuwun pangestu
bapak, ibu kula nyuwun pamit ajeng bidhal sekolah
bapak, ibu kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah
bapak, ibu kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah
apa ancase nyemak pawarta
golek informasi
golek hiburan
njembarake wawasan
ngisi wektu
ngisor iki titikane pawarta, kajaba
faktual
aktual
wigati
fiktif
tanggapan yaiku
pawarta kang ngemot informasi-informasi kang nyata
palaporan saka sawijining kadadean kang mentas kelakon
nelakake panemu gegayutan karo pawarta kang di waca
ngrungokake pawarta
tanggapan kedah .....
leres lan sae
laras kaliyan isi pawarta
mawa ukara panjang
mawa ukara pawarta
ngandharaken tanggapan kedah sinartan ....
bukti
alesan
tuladha
pethikan
teks pawarta dumadi saka apa wae ?
irah-irahan, teras pawarta, isi pawarta
irah-irahan, teras pawarta, isi pawarta, panutup
irah-irahan, pambuka, isi
isi pawarta, andharan, panutup
crita gancaran kang ngandharake sarining kadadean utawa lelakon saka wiwitan tekan pungkasan kanthi cekak, dipunsebat ....
novel
cerkak
dongeng
babad
kang kacetha ing ngandhap menika kalebet unsur intrinsik cerkak, kejawi
kahanan sosial
paraga
tema
piweling
prekawis ingkang dados landhesaning cerkak yaiku ....
piweling
tema
setting
alur
pindhang lulang, mkacek apa aku karo kowe
degan
upet
baya
krecek
piweling inggih menika
pamawas nelakake ing ngendi pangripta mapanake dhiri pribadhi ing cerkak
lakuning crita kang sambung sinambung ndhapuk crita kang wutuh
pesen pangripta kanggo para pamaos kang awujud pitutur
panggonan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana kang dadi landhesan kadadean ing crita
andharan ing ngisor iki kalebu teknik maca cerkak, kajaba
intonasi kudu laras karo isi cerkak
mimik/praupan dilarasake karo maksud ukarane
migatekake tanda waca
aja nyawang pamirsa/audien
maca cerkak aja mung ngapalake ukara-ukarane, sing wigati kudu ....
ngerti teges lan maksud ukarane
ngerti apa kang dikarepake pamireng
apal tetembungane
apal arane paraga ing cerkak
bocah iku anteng tur jatmika, tegese
rupane bagus, anteng, pinter sekolahe lan becik bebudene
becik watake lan becik bebudene
supaya katekan gegayuhan mbutuhake wragad
gawe rusuh papan kang wis tentrem
nggoleki batangan wangsalan iku kudu titi amarga .....
batangane ora gampang ditemokake
tembung-tembung kang digunakake memper ing ukarane
tembung-tembung kang digunakake njlimet
ukarane kudu diudhal luwih ndhisik
menawa maca geguritan kudu nggatekake carane maca, ora kena groyok, pangucapane tembung cetha, ora pelo. bab iki diarani .....
wicara
wirama
wirasa
wiraga
dene kang diarani wiraga yaiku ....
suarane cetha, kepenak dirungokake saengga bisa nggambarake isine geguritan
munggah-mudhune swara, banter utawa rindhiking pangucaping ukara
sikeping awak nalika maca geguritan, kalebu panyawang lan esem
ngrasakake kanthi temen isining geguritan, kaya-kaya ngalami dhewe
underaning gagasan kang ana ing geguritan diarani .....
purwakanthi
pamilihing tembung
tema
ekspresi
nulis geguritan kudu nggatekake perkara-perkara ing ngiosr iki, kejaba .....
pamilihing tembung kang mentes
migunakake seselan
nggunakake purwakanthi
kudu nganggo tembung kang edi peni
tembung pangkur iku guru gatrane ana pira
5
6
7
8
tembang mijil kang mengku pralambang
manungsa lair ing alam donya
manungsa wiwit ngerti sapa wong tuwane
manungsa wiwit duwe rasa tresna
manungsa lagi nandhang asmara
tembang pangkur iku nduweni pralambang
manungsa wis krasa menawa uripe bakal ngambang
manungsa wiwit mungkur ora mikirke kadonyan
manungsa lagi mangsane dikanthi utawa dituntun
manungsa wis dibuntel utawa dipocong
jenang gula lho dik, aja lali janjimu wingi
gula
glali
legen
banyu kambil
dewanata, saru temen pokalira
guru
narada
wisnu
indra
nyaron bumbung nganti cengklungen
angklung
tlasih
saron
krecek
