NEW
Font size
WorksheetsSAS Basa Jawa 7 Genap 23/24
Total questions: 40
Worksheet time: 3600secs
Sinom
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya keduman melik
Kaliren wekasanipun
Dilalah kersa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada
Paugeran guru wilangan tembang macapat kasebut yaiku...
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u,7a, 8i, 12a
8a, 8i, 7a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
8, 8, 7, 8, 8, 8, 7, 8, 12
Sinom
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya keduman melik
Kaliren wekasanipun
Dilalah kersa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada
Guru gatra tembang macapat ing ndhuwur yaiku...
8
9
10
11
Wulang estri kang wus palakrami
Lamun pinitados
Amengkoni mring balewismane
Among putra maru sentanabdi
Den angati-ati
Ing sadurungipun
Tembang kasebut yen dideleng paugerane kalebu tembang...
Gambuh
Mijil
Pocung
Megatruh
Amengkoni mring balewismane
Tembung kang kacithak kandel kasebut tegese...
dhingklik
kursi tamu
omah-omah
kursi dhingklik
Among putra maru sentanabdi
Tembung kang kacithak kandel kalebu tuladhane tembung...
entar
saroja
garba
wancah
Wulang estri kang wus palakrami
Lamun pinitados
Amengkoni mring balewismane
Among putra maru sentanabdi
Den angati-ati
Ing sadurungipun
Tembang kasebut isine yaiku...
pitutur kanggo wong tuwa
pitutur kanggo bocah sekolah
pitutur kanggo bocah wadon
pitutur saka bapak ibu guru
Tibane swara ing wanda pungkasan saben gatra diarani...
guru lagu
guru sastra
guru swara
guru basa
Jroning wawancara, wong sing dadi punjering pitakonan jenenge...
tujuwan
informasi
pitakonan
narasumber
Ayu : “Menawi pareng, nuwun sewu mbak Ratri, kula badhe (takon)
Ratri : “Iya cah ayu. Arep takon babagan apa?”
Tembung “takon” kang kacethak kandel ing pacelathon kasebut kudune....
nyuwun pirsa
tanglet
taken
ndangu
Ayu : “Nuwun sewu, Mbak. Panjenengan ngawiti usaha damel otak otak tengiri, modhalipun saking pundi?”
Ratri : “Modhal pribadi. Saka dhuwit tabunganku dhewe.”
Ayu : “Sapuniki sampun gadhah pinten karyawan?”
Ratri : “Ana 3 karyawan, kang duweni kewajiban dewe-dewe. Bagian ngrajang godhong bawang pre, ngoceki bawang, brambang. Ana bagian ngudheg adonan lan bagian nggoreng setengah mateng sadurunge dilebokake kemasan.”
Basa kang digunakake dening Ayu ing pethikan wawansabda kasebut, yaiku....
ngoko alus
ngoko lugu
krama lugu
krama alus
Sandhangan kang tinemu ing ukara kasebut, yaiku sandhangan....
swara lan wyanjana
swara lan panyigeg wanda
wyanjana lan panyigeg wanda
wyanjana lan paten
Tembang Macapat kaiket dening paugeran tartamtu. Paugeran kasebut yaiku...
Guru lagu, guru gatra, guru wilangan
Guru swara, guru sastra, guru basa
Guru swara, guru lagu, guru wilangan
Guru lagu, guru sastra, guru wilangan
Pitakonan kang kurang cocog ditakokake marang tukang gawe tahu yaiku....
Sinten kemawon ingkang mbiyantu panjenengan anggenipun ndamel tahu, Bu?
Pinten kilo campuran jagung kagem bahan tahu niki, Bu?
Awit kapan Panjenengan nindakaken usaha damel tahu punika, Bu?
Panjenegan saben dinten mbetahaken arta pinten kagem nyekapi kebutuhan?
Ratri :“ Nyuwun pangapunten, Mbak. Punapa naminipun usaha panjenengan punika?” (1)
Mbak Sila :“Eco.” (2)
Ratri :“Punapa tegesipun “Eco” punika, Mbak?” (3)
Mbak Sila : “Tegese “Enak tur Cocog”, Dhik.” (4)
Basa kang digunakake Ratri marang Mbak Sila yaiku....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ratri :“ Nyuwun pangapunten, Mbak. Punapa naminipun usaha panjenengan punika?” (1)
Mbak Sila :“Eco.” (2)
Ratri :“Punapa tegesipun “Eco” punika, Mbak?” (3)
Mbak Sila : “Tegese “Enak tur Cocog”, Dhik.” (4)
Angka (1) lan (3) mujudake panganggone....
ukara carita
ukara wancah
ukara wutuh
ukara pitakon
Ukara sing bener unggah-ungguhe basa yaiku....
kula sampun siram
kula sampun dhahar
kula sampun kondur
kula sampun adus
Kang migunakake sandhangan wulu yaiku....
Basa ngoko lugu digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....
Wong tuwa marang anak.
Wong sing rumaket srawunge.
Pimpinan lan andhahan
Siswa marang gurune.
Bapak lagi nonton wayang kulit neng Pendhapa.
Ukara ing dhuwur yen diowahi krama inggil dadi....
Bapak nembe mirsani ringgit purwa wonten Pendhapa.
Bapak saweg ningali ringgit purwa wonten Pendhapa.
Bapak nembe ningali ringgit purwa wonten Pendhapa.
Bapak saweg mirsani ringgit purwa wonten Pendhapa.
Pira regane bukumu?
Ukara kasebut kalebu jinis ukara....
pakon
pitakon
andharan
kahanan
Aja sok kumalungkung
Sapa sira sarta sapa ingsun
Poma-poma aja nganti dilakoni
Lamun sira anglakoni
Bebudenmu nyata asor
Sapa sira sarta sapa ingsun. Gatra kasebut tegese....
sopan marang sapadha-padha
ngremehake wong liya
ngajeni wong liya
takon marang wong liya
Aja sok kumalungkung
Sapa sira sarta sapa ingsun
Poma-poma aja nganti dilakoni
Lamun sira anglakoni
Bebudenmu nyata asor
Amanat kang bisa kapethik saka tembang kasebut yaiku....
andhap asor
kudu sregep sinau
kudu manut dhawuhe guru
kudu manut dhawuhe bapak ibu
Para siswa gatekna bab kang utama
Pisan sholat lan ngaji
Ngabekti wong tuwa
Kang rukun marang kanca
Sabar nalika di uji
Tansah nerima
Nuju mulyane urip
Miturut tembang kasebut kang ora kalebu bab utama kang perlu digatekake para siswa yaiku....
Kudu sabar nalika diuji ing urip.
Kudu ngatekne anggone sregep sholat lan ngaji.
Kudu tansah taat lan manut dawuhe bapak ibu.
Rukun karo kanca-kancane kang disenengi wae.
Cacahing wanda saben sagatra diarani....
guru basa
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
Sandhangan suku dumunung ing aksara....
ka, ta
ka, ra
ta, ra
ka, la
Sandhangan taling dumunung ing aksara....
ta
la
ra
ka
Sranane urip rukun
Ana catur luwih becik mungkur
Kang ginayuh tresna asih mring sesami
Nora seneng urub-urub
Apamaneh mring padudon
Kang ora kalebu pesen moral kang kinandhut jroning tembang ing dhuwur, yaiku....
Yen ana catur (rembug ala) luwih becik sumingkir.
Sranane urip rukun kudu tresna asih marang sapepadha.
Marang sapepadhane urip kudune seneng urub-urub.
Marang sapepadhane urip aja nganti padha seneng padudon.
Sandhangan wignyan dumunung ing aksara....
ya
ba
ha
ka
Kwajibane para siswa
Kudu tansah (29)....lan ngabekti
Lamun hangupadi ngelmu
Tumuju (30)....
Nyumingkiri sakabehe pepacuh
Tansah nindakake pranatan
Kanthi ikhlas lair batin
Tembung kang trep kanggo njangkepi gatra kapindho kang kudune 11 wanda tembang Pangkur ing dhuwur yaiku....
mituhu
setuhu
manut
mangerti
Kwajibane para siswa
Kudu tansah (29)....lan ngabekti
Lamun hangupadi ngelmu
Tumuju (30)....
Nyumingkiri sakabehe pepacuh
Tansah nindakake pranatan
Kanthi ikhlas lair batin
Dene tembung kang trep kanggo njangkepi gatra kapapat kang kudune 7 wanda tembang ing dhuwur yaiku...
pawiyatan
sekolah
perpustakaan
kursusan
Kwajibane para siswa
Kudu tansah (29)....lan ngabekti
Lamun hangupadi ngelmu
Tumuju (30)....
Nyumingkiri sakabehe pepacuh
Tansah nindakake pranatan
Kanthi ikhlas lair batin
Para siswa kudu nyumingkiri sakabehe pepacuh. Ukara kasebut kalebu ukara....
tanduk
lamba
pakon
pitakon
Radhit :“Sugeng enjing, Pak!’
Ir. Susilo :“Sugeng enjing, Nak Radhit.”
Radhit :“Kadospundi pawartosipun panjenengan, Pak?”
Ir. Susilo : “Apik, Nak. Puji syukur diparingi bagas waras dening Gusti Allah.”
Pacelathon ing ndhuwur iku perangane wawancara bageyan...
pambuka
panutup
inti
isi
Radhit :“Sugeng enjing, Pak!’
Ir. Susilo :“Sugeng enjing, Nak Radhit.”
Radhit :“Kadospundi pawartosipun panjenengan, Pak?”
Ir. Susilo : “Apik, Nak. Puji syukur diparingi bagas waras dening Gusti Allah.”
Basa kang digunakake Ir. Susilo marang Radhit, yaiku...
krama lugu
krama inggil
ngoko lugu
ngoko alus
Sing ora kalebu tembang macapat yaiku....
sinom
pucung
kupu kuwi
gambuh
Pucung
Sekar pucung tambane ati kang bingung
Ngupadi piwulang
Wewarah ingkang sejati
Weh pepadhang ambirat ribeding nala
Isine tembang pucung ing ndhuwur yaiku...
golek gaweyan kang utama
golek ilmu kanggo ngudi kapinteran
wong sing seneng mulang
wong sing lagi nandhang bingung
Pucung
Sekar pucung tambane ati kang bingung
Ngupadi piwulang
Wewarah ingkang sejati
Weh pepadhang ambirat ribeding nala
Wewarah ingkang sejati. Wewarah tegese...
pitutur
kadigdayan
kapinteran
omongan
Tembang macapat kang nduweni guru gatra cacahe padha yaiku...
durma lan asmarandana
pangkur lan pucung
dhandhanggula lan durma
sinom lan megatruh
Nalika bu guru nimbali kowe, anggonmu mangsuli...
Kula, Bu. Wonten punapa?
Napa, Bu, kok nimbali kula?
Adhuh, wonten menapa, Bu?
Kok kadhingaren nimbali kula, wonten menapa nggih?
Pak Wiryo ora sida lunga menyang Surabaya.
Ukara iku yen diowahi dadi krama alus yaiku...
Pak Wiryo boten sida tindak menyang Surabaya.
Pak Wiryo boten tamtu kesah menyang Surabaya.
Pak Wiryo boten tamtu tindak dhateng Surabaya.
Pak Wiryo boten siyos tindak menyang Surabaya.
Kula benjing nyuwun ijin amargi badhe dipunajak bapak dhateng Yogyakarta.
Ukara kasebut nggunakake basa...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
