Font size
S
M
L
XL
WorksheetsLATIHAN SOAL KLS 8 SUMATIF AKHIR SEMESTER GENAP '2023/2024
Total questions: 37
Worksheet time: 37mins
Name
Class
Date
1.
Sapa garwane Raden Rama
a)
Dewi Sinta
b)
Dewi Kekayi
c)
Dewi sumitra
d)
Dewi Kosalya
2.
NAMA
4 lines
3.
NOMER ABSEN
4 lines
4.
Geguritan asalipun saking tembung gurit utawi guritan ingkang anggadhahi teges …
a)
A. kidung
b)
B. syair
c)
C. tembang
d)
D. puisi
5.
Prelu pemahaman kang luwih jero, nganggo tembung-tembung kang angel dingerteni mujudake titikane geguritan....
a)
A. ora sopan
b)
B. gagrag anyar
c)
C. prismatis
d)
D. gagrag lawas
6.
Ing ngisor iki kalebu paugeran utawa ciri-ciri geguritan gagrag anyar, kejaba...
a)
A. tembung bebas
b)
B. cacahing gatra bebas
c)
C. migunakake basa endah
d)
D. dhong dhing saben pada ditemtokake
7.
Bagaskara kumleyang ing iring kulon
Amung semburat abang kang katon
Kewan-kewan pada luru golek panggon
Angin sumribit nyapu lumebu ing njero paturon
Bocah-bocah ing plataran pada playon
ana uga sadengah titah ageguyon
awit apa kang sinedya wus kelalon
...
Bagaskara kumleyang ing iring kulon . Tembung bagaskara nduweni teges...
a)
A. banyu
b)
B. segara
c)
C. srengenge
d)
D. lemah
8.
Anak Wedok Anak Lanang
Dening : Sudi Yatmana
Anak wedok
Apa kowe bisa nglangi
Ingih bapak kula cobi
Nglangi ana ngendi
Ing bebrayan ing sesami
Anak lanang
Apa kowe wani perang
Inggih ibu kula rancang
Perang ana ngendi
Ing nepsu dhiri pribadhi
Geguritan ing ndhuwur irah-irahane yaiku...
a)
A. Anak wedok sing tak tresnani
b)
B. Anak lanang nyanyi dakgadhang
c)
C. Anak wedok anak lanang
d)
D. Anak wedok nyanyi dakgadhang
9.
Ing ngisor iki kalebu paugeran utawa ciri-ciri geguritan gagrag anyar, kejaba...
a)
A. migunakake basa kang endah
b)
B. cacahing larik lan guru lagune bebas
c)
C. diwiwite tembung sun gegurit
d)
D. tibanig wanda boten runtut
10.
Minggah lan mandhapipun swanten nalika maos geguritan menika dipun wastani....
a)
A. wiraga
b)
B. wirasa
c)
C. wirama
d)
D. solah bawa
11.
Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara pakon pamenging yaiku....
a)
A. Udana kareben tandurane lemu-lemu!
b)
B. Angel dikaya ngapa aku tetep kepengin nduweni!
c)
C. Aja rame-rame adimu lagi sinau!
d)
D. Tulung jupukna sapu kae!
12.
Kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh diarani ....
a)
A. iklan
b)
B. pawarta
c)
C. tembang
d)
D. geguritan
13.
Ing Jember udan deres ing pira - pira panggonan uga ngrusak, salah sijine dumadi ing SD N 7 Gelang. Kap patang ruang kelas ing sekolah kasebut ambruk amerga udan deres suwe, akibate paling sitik 175 siswa kudu sinau ing tenda darurat kanggo sawektara wektu. Ana tenda telu sing di degke. Musibah- musibah liya uga dumadi ing pirang pirang panggonan ing Jatim. Pirang - pirang dina pungkasan iki. Awit saka banjir rob ing Malang nganti banjir bandhang sing nerak Trenggalek.
Ing Jember udan deres ing pira - pira panggonan uga ngrusak, salah sijine dumadi ing
a)
A. SD N 7 Gelang.
b)
B. SD N 8 Gelang.
c)
C. SD N 9 Gelang.
d)
D. SD N 10 Gelang.
14.
KOMPAS.com-Telung ruang kelas SDN 02 Jono, Kecamatan Tawangharjo, Kabupaten Grobogan, Jawa Tengah ambruk diterjang udan deres lan angin gedhe, Minggu (9/10/2022) sore. Kepala Desa Jono Eka Winarna ngandharake bangunan ora kerumat kasebut wis luwih saka limang taun ora digunakake, amarga kahanan sing mbebayani yen dipanggoni. Saiki pasinaon bisa lumaku kanthi gentenan, Kajaba konstruksi bangunan wis kawak lan gapuk uga empyak gedhung kasebut sansaya ambrol sithik mbaka sithik. “ Pihak sekolah mutusake ruang kelas 1, 2, lan 3 sing ambruk iku ora digunakake. Wis suwe mangkrak luwih saka limang taun. Siswa dipindhah ing ruangan liyane sing luwih layak. Akeh ruang liyane, amarga mbiyene iku ana rong SD sing digabung dadi siji,” ngendikane Winarna nalika dihubungi lewat HP.
Dina kedadean ruang kelas ambruk yaiku ….
a)
A. Setu
b)
B. Senin
c)
C. Minggu
d)
D. Selasa
15.
Sawah kang katrajang banjir mau ambane 1.195 hektar sumebar ing pitung kecamatan. Banjir dina Jemuwah nganti Minggu isih ngelemi sawah. “Yen ora bisa surut bakal puso”, ngendikane Dr. Sunanto, S.SP., M.P., minangka Pelaksana Tugas Kepala Dinas Pertanian Kabupaten Grobogan, Minggu (31/1/2021).
Ing wektu iki, parine wis wiwit tuwa udakara 2 minggu tekan sesasi wis arep dipanen. Banyu banjir kang ngelemi sawah nutupi pari dhuwure 80 – 120 cm ndadekna pari ing sawah. Miturut wacan mau kedadeane ing Kabupaten ....
a)
A. Grobogan
b)
B. Pati
c)
C. Blora
d)
D. Rembang
16.
Ukara kang minangka jenise ukara carita yaiku….
a)
A. Aja lungguh ing kursi kuwi!
b)
B. Sapa jenenge bapak ibumu?
c)
C. Lungaa saiki ya meksa ora ketemu kangmasmu!
d)
D. Wingi sore sekolahan iki kebanjiran.
17.
Ukara kang minangka jenise ukara pitakon yaiku ….
a)
A. Udana sing deres kareben hawane ora panas.
b)
B. Tulisen jenengmu ing kertas kuwi!
c)
C. Kapan kowe sida sinau bareng aku?
d)
D. Esuk mau ana truk nabrak wit gedhe ing pinggir dalan iki.
18.
Grobogan–Liputan6.com, Katentreman warga sisih wetan Kabupaten Grobogan, Jawa Tengah, dumadakan owah ora tentrem jalaran Kali Lusi padatan anteng banyune nanging malah mbludag banyune njalari ewon hektar sawah ing sentra pari ing Jawa Tengah kelem banjir gedhe.
Udan deres kang ora ana kendhate njalari Kali Lusi ing sisih wetan Kabupaten Grobogan banjir ndadekna tanduran pari puso. Udan mau wiwit saka Kabupaten Blora, Grobogan, terus mili tumuju Kabupaten Kudus. Kaanan mau nuwuhake banjir ing pasawahan.
Wacan kasebut kasebarake liwat media elektronik ana ing ….
a)
A. Borobudur.com
b)
B. Radar-Kudus.com
c)
C. Liputan6.com
d)
D. www.TV.
19.
ANOMAN DUTA
Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Sinta, garwane, didhustha dening Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Sinta, nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi Sinta. Sakloron padu padha pamer kakuwatan. Prabu Rama banjur menehi sayembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sepira suwene wektu kang diperlokake kanggo menyang Ngalengka, Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina wae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke saguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong.
Prabu Rama rumangsa kuciwa penggalihe, ora pules anggone sare lan duka. Kang nggawe Prabu Rama duka amarga ….
a)
A. Dewi Sinta kadhusta dening Rahwana
b)
B. Dewi Sinta kadhusta dening Anoman
c)
C. Dewi Sinta kapusan dening Anggada
d)
D. Dewi Sinta kapusan dening Jatayu
20.
Sapa jenenge wanara (kethek) kang kepingin dadi utusane Prabu Rama lan arep ngrebut jejibahane Anoman minangka duta tumuju Ngalengka?
a)
A. Wibisana
b)
B. Subali
c)
C. Sugriwa
d)
D. Anggada
21.
Anoman banjur budhal menyang Ngalengka dikancani dening punakawan. Punakawan iku sapa wae?
a)
A. Semar, Gareng, Petruk, Jatayu
b)
B. Semar, Gareng, Anoman Bagong
c)
C. Semar, Gareng, Petruk, Bagong
d)
D. Semar, Gareng, Anggada, Petruk
22.
Dewi Sinta dipapanake ing Taman Kaputren Argasoka. Sang Dewi ora kersa dhahar lan ngunjuk, mulane badane kuru aking. Rambute kang dawa katon kaya gimbal amarga suwe ora siram. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyun maneh marang Dewi Sinta. Lunga menyang ngendi wae, Dewi Sinta tansah nyangking cundrik utawa keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana nggadho ati lan arep ngrudapeksa, Sinta bakal nglalu suduk salira nganggo cundrik.
Dewi Sinta ing Ngalengka kahanane tansah mrihatinake awake kuru aking amarga …..
a)
A. tansah dipilara dening Rahwana
b)
B. Ora kersa dhahar lan ngunjuk
c)
C. Tansah mikirake garwane
d)
D. Dewi Sinta tansah nyiksa awake
23.
Dewi Sinta bakal nglalu suduk salira yen Rahwana sawektu-wektu nggadho ati lan arep ngrudapeksa. Tembung nglalu tegese …..
a)
A. nangis wae saben dina
b)
B. nekad mateni Rahwana
c)
C. mateni awake dhewe
d)
D. ora gelem siram
24.
Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelunge Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina wae kaya janjine. Sawetara suwe mikir, Bathara Surya pungkasane kersa ngendheg lakune srengenge, iku wae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi wae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman diuntahake. Supaya cepet Anoman tumeka Ngalengka, banjur Punakawan dilebokake ing…..
a)
A. Kancing bunder
b)
B. Ali-ali Sotyaludira
c)
C. Cundrik gelung
d)
D. Kancing gelung
25.
Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang Gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nulungi Si Anoman lan Punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman ora mung waras saka larane, nanging uga kepranan marang wanodya kasebut. Ing ngendi Anoman digawa Punakawan nalika semaput?
a)
A. Guwa Kiskendha
b)
B. Guwa Windu
c)
C. Taman Argasoka
d)
D. Kraton Ayodya
26.
Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang Gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nulungi Si Anoman lan Punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman ora mung waras saka larane, nanging uga kepranan marang wanodya kasebut.
a)
A. Dewi Sinta
b)
B. Dewi Kekayi
c)
C. Dewi Sayempraba
d)
D. Dewi Trijatha
27.
Indrajid, putane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Argasoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu dening Dewi Trijatha (putrane Raden Gunawan Wibisana, adhine Prabu Dasamuka). Kanthi pitulungane Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Sinta banjur menehake ali-ali Sotyaludira saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut ora seseg lan bisa diagem dening Dewi Sinta kanthi longgar, mratandhakake yen Dewi Sinta iku isih suci. Kabukten yen Dewi Sinta isih suci banjur menehake uga susuk kondhe Cundhamanik marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama minangka pralambang yen Dewi Sinta ngenteni banget tekane Ramawijaya. Anoman ora khasil ditemokake dening Indrajit amarga….
a)
A. Sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Argasoka.
b)
B. Sesidheman ing wit mauni kang ana sajrone Taman Argasoka.
c)
C. Terang-terangan ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Argosoka
d)
D. Sesidheman ing wit nagasari karo jaluk tulung marang Trijatha.
28.
Nalika Anoman cecaturan kelawan Dewi Sinta, dumadakan konangan para prajurit Ngalengka. Anoman banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman lan Indrajid padha tetandhingan adu kasekten. Pungkasane, kanthi gaman pusaka panah rante, Anoman kasil karangket dening Indrajid. Dheweke disowanake Prabu Rahwana ya Dasamuka. Prentahe Dasamuka, Anoman dibanda tangan lan sikile ing tengah alun-alun. Anoman arep dipidana diobong urip-uripan. Tanpa diweruhi liyan, Togog, Sang Hyang Antaga kang mangejawantah, menehi Anoman banyu suci sacegukan. Togog njaluk marang Anoman supaya tansah njaga omahe saka sakehing bebaya.
Kang ngonangi Anoman nalika lagi cecaturan kaliyan Dewi Sinta yaiku….
a)
A. Indrajit lan Trijatha
b)
B. Indrajit lan Dasamuka
c)
C. Indrajit lan Anggada
d)
D. Indrajit lan Prajurite
29.
Anoman kang wis dibanda tangan lan sikile, dipapanake ing sadhuwure tumpukan kayu ing tengah alun-alun Ngalengka. Prabu Dasamuka wiwit nyumet geni ngobong kayu kasebut. Ora dinyana-nyana, mbulat-bulate geni kasebut ora kasil mateni Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni. Geni kang digawa banjur diawut-awutake ing pojok-pojoke praja nganti padha kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman.
Kepiye pungkasane nalika Anoman diobong urip-urip?
a)
A. Anoman mabur kanthi nggawa geni banjur diawut-awutake ing pojok-pojoke praja nganti padha kobong kabeh
b)
B. Anoman mabur kanthi nggawa geni banjur diuncalake ing pojoke praja nganti wong-wong padha mlayu kabeh
c)
C. Anoman mabur kanthi nggawa geni banjur diuncalake nganti padha mlayu golek pitulungan supaya ora kobong kabeh
d)
D. Anoman mabur kanthi nggawa geni banjur diawut-awutake ing salah sijining omah nganti kobong kabeh
30.
Unen-unen utawa tetembungan sing saemper/padha karo cangkriman, nanging batangane wis dikandhakake.diarani….
a)
A. Paribasan
b)
B. Bebasan
c)
C. Wangsalan
d)
D. Geguritan
31.
Pidana apa kang bakal diwenehake dening Anoman nalika kecekel Dasamuka?
a)
A. Dibanda ing tengah kraton
b)
B. Diobong urip-urip
c)
C. Diobong ing kraton
d)
D. Dibanda urip-urip
32.
Pindhang lulang, kacek apa aku karo kuwe?
Wangsalan pindhang lulang iku batangane?
a)
A. Rebung
b)
B. Tebu
c)
C. Legen
d)
D. Krecek
33.
Ukara kang minangka jenise ukara sananta yaiku ....
a)
A. Dina iki kowe sida sinau bareng aku?
b)
B. Ayo melu aku mlaku-mlaku menyang Smpang lima!
c)
C. Sakwise lulus SMP aku arep nerusake ing SMK.
d)
D. Mangana akeh yen ora ana gizine ya percuma.
34.
Apa kang diarani pawarta!
4 lines
35.
Saliyane ngancani Dewi Sinta, Dewi Trijatha iku didhawuhi apa dening Prabu Rahwana?
4 lines
36.
Gawea contone ukara carita, pakon, lan sambawa ! ( saben ukara siji wae)
4 lines
37.
Piwulang luhur apa kang bisa dijukok saka crita Anoman Duta
4 lines
Reset
