WorksheetsUKK B.Jawa kelas 5
Total questions: 37
Worksheet time: 44mins
Geter raosipun manah
swara para janma tansah jejerit
sakabehe wus kagulung
murka aneng samudra
tirta lan samirana samya gumulung
amung bisa andedonga
kamilawase mring gusti
tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ...
gambuh
pucung
asmardhana
pangkur
"Sekar pangkur angrumpaka". Tembung ngrumpaka iku tegese ...
nglagokake
ngrakit
nembangake
nyanyekake
sekar pangkur angrumpaka
pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir,
Demak Adipati Unus,
Sultan geng Tirtayasa,
Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung,
Pangeran Diponegara,
Kyai Maja dadya kanthi
Tembang pangkur saben sapada ana ....
5
6
7
8
Tembang Pangkur asalae saka tembung ....
mungkur
tandur
sukur
sumur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkadalu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi tiyang ratri
Kosok baline tembung prayoga, yaiku ....
becik
apik
sae
awon
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkadalu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi tiyang ratri
Tegese tembung winarna, yaiku ....
warna
gambar
dicritakake
ditulisake
Wayah Panen
Dening Rangga Mahardika
Angin alon midid sumilir
Amiyak godhong lan damen
Pari Kuning isi mentes
Manthuk-manthuk madhep ibu pertiwi
Girang gumuyu para tani
Kringet mili wus dilali
Panase srengenge krasa adhem
Awit panen wus tumata nyata
Sing nganggit geguritan kasebut yaiku ....
Rangga Mahardika
Rangga Oditama
Rangga Maharaja
Rangga Sinudarsa
Wayah Panen
Dening Rangga Mahardika
Angin alon midid sumilir
Amiyak godhong lan damen
Pari Kuning isi mentes
Manthuk-manthuk madhep ibu pertiwi
Girang gumuyu para tani
Kringet mili wus dilali
Panase srengenge krasa adhem
Awit panen wus tumata nyata
Damen iku arane wit ....
pari
jagung
kacang
tela
Watake tembang pangkur yaiku ...
Sereng, tegas
Nesu, muntab
Nglokro, sedhih
Grapyak, renyah
Pitakonan sing paling cocok kanggo nakokake ngenani isine pawarta yaiku ....
Apa wae jinis medhiya kang bisa digunakake kanggo nulis pawarta?
Ing ngendi papan dununge kedadeyan kang ana jroning pawarta kasebut?
Geneya isine pawarta kuwi kok nganti telat anggone nulis ing majalah?
Apa sing diarani pawarta lokal, pawarta regional, lan pawarta nasional?
Geguritan ono ing duwur iku ana 3 pada. Pada ke loro ono pirang gatra
4
5
6
7
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku ...
wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, amarga kangen ibune kang lagi nyambutgawe ing Hongkong
ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana
anak lagi kangen marang bapak lan ibune kang nyambutgawe ing lor kali
Karangan sing isine nyritakake sawijining rerangken kedadeyan kanthi runtut adhedhasar urutan wektu, ana paragane, lan ana latar utawa setinge diarani ....
narasi
dheskripsi
eksposisi
argumentasi
Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese ....
Sinau
Rekreasi
Mondok
Nginep
Negara Indonesia kondhang gemah ripah ....
loh kang tinandur
loh jinawi
ayem tentrem
kreta raharja
Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani ....
Dheskripsi
Argumentasi
Eksposisi
Narasi
Teks deskripsi objektif, yaiku teks dheskripsi sing nggambarake....
Samubarang kanthi objektif utawa apa anane/saktemene
Barang, panggonan, kahanan, lan ruwangan wae
Apa anane banjur ditambahi pangrasane penulis
Samubarang sing ora bisa dideleng
Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.
Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .
Ibu lan bapak
Bapak lan Rudi
Rudi lan adhine
Ibu lan Rudi
Puntadewa minangka pembayun duwe watak wicaksana, adil, ambegdarma lan narima. Raden Werkudara panengaking Pandhawa gedhe dhuwur gagah prakosa nduweni watak jujur. Raden Arjuna satriya kang sekti mandraguna kondhang baguse, prigel lan pinter manah, jejuluk lelananging jagadRaden
Puntadewa dalah adhi-adhine duwe watak andhapasor, prasaja lan seneng ngangsu kawruh ing babagan kasekten, nanging najan mangkono ora seneng pamer kasekten lan kadigdayan.
Kepriye watak e raden Puntadewa dalah adhi-adhine .... .
wicaksana, adil ambegdama lan narima
gagah prakosa lan jujur
prigel lan pinter manah
andhap asor, prasaja lan seneng ngangsu kawruh
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane taman Sriwedari dheweke njerit-njerit kamigilan weruh ana butha bajang ing njero taman. Dewi Citra Wati banjur laporan marang prabu Harjuna. Sang Prabu dawuh marang sumantri supaya nyingkirake buta bajang.
Latar panggonan crita ing nduwur yaiku ... .
Pertapan
Taman Sari
taman Sri wedari
taman Citrawati
Sakwise ngasorake negara Ngalengka rama banjur mlebu menyang kraton nggoleki Dewi Sinta. Rama banjur tumuju menyang Taman Argasoka, nanging Rama nolak Dewi Sinta amarga wes dianggep ora suci. Rama banjur njaluk marang Dewi Sinta supaya mbuktekake menawa deweke isih suci sarana nglakoni pati obong. Dewi Sinta slamet saka urupe geni amarga saka pitulunge dewa. kabeh mau mingaka tanda menawa Dewi Sinta tetep wanita kang suci
amanat sajroning crita ing nduwur yaiku ... .
dadi uwong aja sok pinter
salah utawa bener tumindak e uwong iku bakal kebukten
sapa sing salah kudune bisa seleh
dadi uwong ngunu ora oleh tumindak kang becik
Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka cerita kasebut pamireng ngreti yen pesene crita yaiku ... .
supaya murid bekti karo gurune.
supaya murid wani marang gurune
supaya ngangsu kawruh
supaya pinter
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus diarani Pandhawa lima. Yudhistira minangka pambarepe Pandhawa, kang duwe watak ambek darma lan nrima ing pandum, adoh saka hawa nefsu. Sing nomer loro arane Raden Werkudara utawa Bima. Pawakane gedhe dhuwur tur gagah prakosa. Kang nomer telu utawa panengahe Pandhawa jenenge Raden Janaka kondhang baguse, prigel lan trampil manah. Dene Nakula lan Sadewa mujudage satriya kembar wuragile Pandhawa.
Satriya sing pinter manah, baguse sing kondhang lan prigel kuwi nduweni paring asma ....
Janaka
Bima
Yudistira
Sadewa
Ing mangsa rendheng, lumrahe akeh udan lan panas. Kahanan kaya ngene iki asring nuwuhake lelara. Lelara ing mangsa rendheng iku rupa-rupa kayata pileg, watuk, gatel-gatel lan sak piturute. Mula kabeh para warg kudu njaga kerikan lingkungane dhewe-dhewe.
Tema laporan ing dhuwur yaiku ….
banjir ing mangsa rendheng
panas ing mangsa ketiga
lelara ing mangsa rendheng.
hama tikus wayah panen
Ing mangsa rendheng, lumrahe akeh udan lan panas. Kahanan kaya ngene iki asring nuwuhake lelara. Lelara ing mangsa rendheng iku rupa-rupa kayata pileg, watuk, gatel-gatel lan sak piturute. Mula kabeh para warg kudu njaga kerikan lingkungane dhewe-dhewe.
Ukara tanggapan sing cocok kanggo perkara kasebut yaiku ….
para warga mesti nyawisake obat lelara
kudu njaga kasehatan ing mangsa udan
dokter bakal seneng entuk pasien akeh
becike nggawe bendhungan sing amba
Wujude pasangan aksara pa yaiku ....
Wujude pasangan aksara na yaiku ....
Wujude pasangan aksara ca yaiku ....
iki pasangan aksara ....
da
ja
sa
wa
Kebun teh Jamus mapan ing kutha…
Ngawi
Nganjuk
Blitar
Kediri
Teks narasi yaiku wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka …
wiwitan nganti pungkasan
wiwitan nganti tengah
pungkasan banjur wiwitan
tengah banjur pungkasan
Waktu lan papan sajeroning teks narasi diarani...
Paraga
Pinutur
Alur
Latar
Apa kang diwartakake wacan ing dhuwur …
Banjir ing Kedhiri
Kacilakan kendaraan
Bencana alam tanah longsor ing Cianjur
kacilakan ing pantai
Wacan prastawa ing dhuwur iku nyritakake sawijining pratawa kang …
Nyata
Ora dumadi
apus-apusan
ora bisa dipercaya
Yen diwaca unine?
katon apik
katon padang
katon semi
katon adem
Yen diwaca unine?
mangan panas
mangan nanas
mangan kates
mangan manggis
Yen diwaca unine?
katon endah
katon betha
katon cetha
katon bungah
