NEW
Font size
Worksheetssoal PAT basa jawa kelas 4
Total questions: 50
Worksheet time: 49mins
Tembang ing ngisor iki gawe pertanyaan nomer 1 sampe 5
Lumbung Desa
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Tembang ing dhuwur irah-irahane . . . .
Dandang gula
Pucung
Lumbung Desa
Mijil
Tembang ing dhuwur dumadi saka . . . gatra (baris)
4
3
8
6
Piranti kanggo ngolah pari dadi beras ing tembang dhuwur yaiku . . . .
Lemah
Lesung lan lemah
lesung lan alu
alu lan paku
Lumbung iku lumrahe kanggo wadhah . . . .
jagung , pari
gula, kopi
susu, madu
roti, susu
“Yen wus mateng nuli madhang”, tembung madhang basa krama aluse yaiku . . . .
mangan
dhahar
nedha
maem
Salah siji cirine tembang dolanan yaiku . . . .
ukarane apik
ukarane cekak lan prasaja
ukarane iso dirungakna
ukarane dawa
Tembang dolanan kudu selaras karo . . . .
keadaan e bocah
keadaane wong tuwane
keadaane awake dewe
keadaane omahe
Kaendahane nagari Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kabudayan, lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah sing seneng dolanan yaiku . . . .
Tembang
Tembang macapat
Dolanan
Tembang dolanan
Tembang dolanan “Gundul-Gundul Pacul” asale saka . . . .
Jawa Tengah
Jawa Barat
Jawa Timur
Magelang
“Wakul” iku arane . . . .
Wadahe sega
Wadahe tape
Wadahe Jajan
Wadahe jangan
Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 11 - 13 !
Sluku-sluku bathok, Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo, Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah, Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah, Nek urip goleka duwit
Ira-irahane tembang ing dhuwur yaiku . . . .
Mak jenthit lolo lobah
Sluku-sluku Bathok
Nek obah medeni bocah
Bathoke ela-elo
Tembang ing dhuwur dumadi saka . . . gatra (baris)
6
4
3
8
Si Rama menyang Solo, Oleh-olehe . . . .
bathok
duwit
payung motha
payung anyar
Tembang jaranan kagolong tembang . . . .
macapat
dandang gula
pucung
dolanan
Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah bocah ngenani . . . .
Budi pekerti
pengetahuan
lelakon
pitutur
Endhoge wes (goreng) dening Bu Lek. Tembung goreng benere . . . .
kogoreng
digoreng
dakgoreng
gorengan
Blimbingku sing kowenehi mau durung . . . .
Tutugane ukara ing ndhuwur sing mathuk yaiku . . . .
dipangan
kopangan
dakpangan
panganan
Kucinge . . . iwak daging karo sega putih
dipakani
dakpakani
kopakani
makani
Kodhok ngorek kagolong salah sijine tuladha tembang . . . .
anak-anak
macapat
dandang gula
dolanan
Aku duwe pitik-pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petog gogog petog
Ngendhog pitu tak ngremake
Netes telu
Kabeh trondhol ora duwe wulu
Irah-irahane sing bener kanggo wacan ing dhuwur yaiku . . . .
Ngendhog pitu
trondhol
Aku duwe pitik
Pitik tukung
Sandhangan ing aksara Jawa dikelompokake dadi . . . .
3
4
5
6
“Wulu” yaiku sandhangan swara . . . .
swara "a"
swara "e"
swara " ng"
swara "u"
Tembung “Metu” iku yen ditulis nganggo aksara Jawa migunakake sandhangan swara . . . .
pepet lan suku
wulu lan suku
wulu lan pepet
pepet lan taling tarung
“Layar” yaiku sandhangan sigeg gantine aksara sigeg . . . .
swara "u"
swara "r"
swara "e"
swara "i"
ꦩꦔꦤ꧀ꦱꦼꦒꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺꦏꦫꦺꦴꦠꦲꦸ
Aksara Jawa ing nduwur pamacane . . . .
mangan sega tempe karo tahu
mangan sega karo tempe
mangan sega tempe tahu
mangan karo sega tempe tahu
Semaken teks wacan ing ngisor iki gawe mangsuli nomor 26-28 !
Panganan Sehat Ngandhut Gizi
Sabenere wong mangan ora kena mung angger enak lan wareg. Kajaba supaya wareg lan ngrasakake enak, wong mangan supaya oleh tenaga, njaga kewarasan lan oleh bahan kanggo ngatur badan.
Mulane panganan kudu menuhi sarat sehat lan gizi. Panganan sehat yaiku panganan kang nyebabake badan dadi sehat, ora keracunan,ora njalari lelara. Panganan gizi yaiku panganan kang ngandhut zat sing dibutuhake badan.
Panganan sehat kang ngandhut gizi lumrahe banjur diarani papat sehat lima sampurna. Kang kalebu panganan papat sehat lima sampurna yaiku panganan kang ngandhut karbohidrat, protein, vitamin, mineral, lan susu. Tuladha panganan kang ngandhut karbohidrat, yaiku: beras, jagung, uwi, lan tela. Tuladha panganan kang ngandhut protein, yaiku: iwak, daging, endhog, tahu, lan tempe.
Panganan kang ngandhut mineral, yaiku: kangkung, bayem, terong, kobis,lan sawi. Panganan kang ngandhut vitamin, yaiku: jeruk, gedhang.
Wong mangan ora kena angger . . . lan . . . .
vitamin lan mineral
karbohidrat lan wareng
ngandut protein lan enak
enak lan wareng
Panganan sehat kudu memenuhi sarat . . . lan . . . .
maregi lan gizi
sehat lan gizi
maregi lan sehat
sehat lan ngadut protein
panganan sehat kuwi panganan sing ngandut . . . .
vitamin
zat gizi
vitamin lan mineral
manfaat gawe kesehatan
conto panganan kang kandut meniral yaiku . . . .
kangkung
pitik
tahu
tempe
Bima guyu ndeleng polahe adhine. Tembung “guyu” mathuke oleh seselan wujud . . . .
guyu-guyu
gumuyu
guyu kekel
guyu banter
GAMBUH
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Tembang gambuh iku dumadi saka . . . gatra.
1
6
5
4
Kang cinatur polah kang kalantur. Tembung kalantur iku tegese . . . .
pitutur
wewarah
kembang
kebacut
Guru wilangan gatra kaping pisan tembang gambuh yaiku . . . .
10
8
7
12
Bapak mangan sega thiwul. Ukara kasebut manawa diowahi dadi krama alus . . . .
Bapak dhahar sekul thiwul
Bapak maem sega thiwul
Bapak nedha sekul thiwul
Bapak maem sekul thiwul
Laporan sing disusun adhedhasar kegiatan nyemak prastawa utawa kadadeyan diarani . . . .
Pranata mangsa ing Indonesia bisa kaperang dadi loro yaiku . . . .
rendeng lan gugur
ketiga lan gugur
rendeng lan ketiga
gugur lan angin
Bapak gugur gunung ngresiki gorong-gorong. Gugur gunung tegese . . . .
munggah gunung
gotong royong
mlaku-mlaku
rewang-rewang
Nalika ana banjir bandhang ing sawijing dhaerah, salah siji sing bisa dilakoni . . . .
amung meneng ora peduli
ndelok banjir bandhang
nyawang saka tivi
menehi bantuan arupa sandhang lan panganan
Bener orane anggone medhot tetembungan nalika maca geguritan diarani . . . .
intonasi
ekspresi
vokal
eksposisi
Mas Joni makani iwak ing blumbang.
Wasesane ukara ing nduwur yaiku . . . .
makani
Mas Joni
iwak
ing blumbang
Kowe mau adus jam pira ?
Ukara ing nduwur kalebu ukara . . . .
pakon
andharan
pitakon
perintah
Darman mangan bakso ing pasar
Jejer e ukara ing nduwur yaiku . . . .
Darman
mangan
bakso
ing pasar
Ana ing tembang menthog-menthog, si menthog dikandani supaya ora ngetok lan ngisin-isini, dikongkon turu ana ing . . . .
plataran
kandhang
tegalan
pawon
Padhang mbulan padhane kaya rina. Rina tegese . . . .
esuk
awan
bengi
mbulan
Pak Martho kagungan kandhang, nanging durung kanggo. Kandhang iku papane . . . .
dodolan
turu kewan ingon
dolanan arek cilik
masak ibu saben dina
Temang kang isine ngandhani supaya ora sombong ana ing tembang . . . .
Onthong onthong oblong
sublak sublak suweng
gundhul gundhul pacul
suwe ora jamu
Tembang padhang mbulan iku ngajak dolanan ing wayah . . . .
esuk
sore
awan
bengi
Ukara ing ngisor iki kang kagolong ukara pakon yaiku . . . .
sapa jenenge adhimu ?
Alun-alun kutho Mbatu kuwi papan rekreasi gratis kanggo masyarakat
tulung aku jupukno jajan kuwi !
ana ing ngendhi omahmu ?
Simbah tumbas jemblem ing pasar
katrangan panggonan ing ukara nduwur yaiku . . . .
simbah
tumbas
jemblem
ing pasar
Nalika nyusun laporan observasi kudu . . . .
obyektif
molor
subyektif
prasaja
