wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

latihan soal bahasa jawa kelas X

Total questions: 25

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Ukaran ing ngandhap, ingkap nduweni purwakanthi lumaksita yaiku...

a)

Ugungan sadina-dina, Aja mangkono wong urip

b)

Ingkang sipat wisesa winisesa wus, Mulih mula mulanira

c)

Mangkono ilmu kang nyata, Sanyatane mung weh reseping ati

d)

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, Kang tumrap neng tanah jawi

e)

Bungah ingaranan cubluk, Sukeng tyas yen denira

2.

Ing ngisor iki sing ora dadi titikane cerkak yaiku. ...

a)

ngadhahi underaning crita

b)

critane ringkes lan gampang dimangerteni

c)

asil saka rekane panulis

d)

nganggo basa krama alus

e)

bisa diwaca saadegan

3.

Nalika surya kaping13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190. Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.

Kapan kadadeyan iku kelakon?

a)

Jam 12.00 nganti jam 18.00

b)

Dina Jumat Wage

c)

Jam sanga luwih limalas

d)

Surya kaping 13 sasi pebruari 2014

e)

Jam 10. 00 bengi

4.

Tembang macapat kaiket paugeran. ....

a)

Guru swara, guru lagu, guru basa

b)

Guru gatra, guru wilangan, guru lagu

c)

Guru basa, guru wilangan, guru swara

d)

Guru wilangan, guru sastra, guru basa

e)

Guru basa, guru wilangan, guru swara

5.

Cacahing gatra saben sapada diarani. ....

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru swara

e)

guru sastra

6.

Amarga aksara swara ora nduweni pasangan, menawa ana aksara mati sadurunge aksara swara mula aksara sing mati iku kudu. ....

a)

Ditulis nganggo pasangan

b)

Ditulis aksara swarane banjur dipangkon

c)

Ditulis biasa wae

d)

Ditulis pasangan banjur dipangkon

e)

Dipangkon

7.

Tembung kang nduweni teges ora salugune (makna kias) diarani. ....

a)

Tembung lingga

b)

Tembung andhahan

c)

Tembung garba

d)

Tembung garba

e)

Tembung entar

8.

Tembung loro kang padha utawa meh padha tegese sing dienggo bebarengan diarani. ...

a)

Cangkriman

b)

Wangsalan

c)

Tembung saroja

d)

Tembung garba

e)

Purwakanthi

9.

"manga katuran pinarak ing griya kula". tembung griya kagolong ragam. .....

a)

ngoko

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Kramantara

10.

Tembang macapat kang ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé sinebut …

a)

dandanggula

b)

pangkur

c)

maskumambang

d)

sinom

e)

asmaradana

11.

Pathokan tembang Asmarandana yaiku …

a)

  gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,

  

b)

gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a  

c)

gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u

d)

gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o

e)

gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u

12.

Apa wae kang dadi unsur intrinsik cerkak?

a)

Tema, tokoh, agama, watak, alur, amanat

b)

Tema, watak, setting, alur, budhaya, amanat

c)

Tema, tokoh, watak, alur, setting, amanat

d)

Agama, budhaya, politik, ekonomi

e)

Tema, agama, budhaya, politik, ekonomi

13.

Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi laras  asline, nanging bab iku ditindakake supaya nambah endahing tembang macapat. Kaprigelan iku kang diarani ….

a)

cakepan

b)

cengkok

c)

laras

d)

pathet

e)

pedhotan

14.

Agama, budhaya, politik, ekonomi iku kagolong unsur..

a)

Internal

b)

Ekternal

c)

Ekstrim

d)

Ekstrinsik

e)

Intrinsik

15.

Kang ora kena diilangi nalika damel sinopsis yaiku…

a)

Unsur intrinsike

b)

Tokoh-tokohe

c)

Unsur ekstrinsike

d)

Monologe

e)

Dialoge

16.

Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung. Pethilan tembang kasebut minangkatuladha saking

a)

Purwakanthi basa

b)

Purwakanthi sastra

c)

Purwakanthi swara

d)

Tembung dwilingga

e)

 Tembung garba

17.

Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!

Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….

a)

A. Sumiyati putra kang bekti marang ibune

b)

Sumiyati mung predhuli marang Winarto

c)

Sumiyati putra kang bhekti marang ibune

d)

Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati

e)

Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto

18.

"Bapak lagi madhang" Ukara kang migunakake basa Krama Inggil kang pener yaiku. . . .

a)

Bapak Lagi nedha

b)

Bapak Lagi dhahar

c)

Bapak Saweg Dhahar

d)

Bapak Saweg nedha

e)

Bapak sampun dhahar

19.

Gunane aksara Murda yaiku

a)

Kanggo nyerat huruf Kapital

b)

Kanggo nyerat Huruf vokal

c)

Kanggo mateni aksara

d)

Kanggo menehi sandhangan ing aksara

e)

Kanggo mangku aksara

20.

Cacahing aksara swara yaiku. . . .

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

21.

Sing kalebu aksara rekan yaiku. ....

a)

Fa, tha, dza, za, gha

b)

Fa, kha, dza, tha, gha

c)

Fa, kha, dza, dha, tha

d)

Fa, kha, dha, za, gha

e)

Fa, kha, dza, za, tha

22.

Tembung “ kopyah “ yen di tulis, mawa aksara Jawa mbutuhake sandhangan.....

a)

Taling tarung, pengkal, wignyan

b)

Pengkal lan wignyan

c)

Pengkal, taling, pangkon

d)

Cakra, suku lan cecak

e)

Taling tarung,cakra,wignyan

23.

Panulisane “ endah “ nganggo sandhangan. .... lan. ........

a)

Suku lan wulu

b)

Taling lan wignyan

c)

Wignyan lan taling

d)

Taling tarung lan cecak

e)

Pasangan lan wignyan

24.

Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Ga dan Ba iku kalebu aksara. ...

a)

Dentawyanjana

b)

Swara

c)

Murda

d)

Rekan

e)

Latin

25.

Bagaskara duweni tembung dasanamane, yaiku...

a)

Banyu

b)

Angin

c)

Srengenge

d)

Bulan

e)

Langit