wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Undha-usuk Basa

Total questions: 25

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Golekana tuladha basa ngoko alus saka pacelathon ing ngisor iki…

a)

Asyik, mari ngono nyante karo aku ya, Mas.

b)

Niki lho, Pak Reminipun asyik sanget!

c)

Coba pirsanana anak lanang iki Pak!

d)

Enggal kula simpenipun dhateng gudhang

e)

Lha iya, mbukak komputer kok dolanan remi.

2.

Sing migunakake basa ngoko lugu yaiku

a)

lbu (2)

b)

Eko (1)

c)

Eko Pambudi (2)

d)

Tri Jatmiko (2)

e)

Eko Pambudi (3)

3.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Mbak Rina diutus bapak mundhut gula ing pasar.”

a)

salah

b)

bener

4.

Ukara nganggo basa krama alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Pak Badrun tindak dhateng Jakarta numpak motor mabur wau dalu kaliyan garwanipun.”

a)

salah

b)

bener

5.

Ukara nganggo basa krama lugu ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Mbak nyuwun tulung sampeyan betakaken kula sayur, nggih.”

a)

salah

b)

bener

6.

Kang ora kalebu undha-usuk basa yaiku . . . . .

a)

basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

basa ngoko lan basa krama

c)

basa ngoko alus lan krama inggil

d)

basa krama lugu lan ngoko lugu

e)

basa keraton

7.

Pethikan teks drama tradhisional ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan.

Suramenggala             : “Nduk Cempluk! Ana apa iki? Bengok-bengok ana dalan. Byuh-byuh praupanmu pucet kaya kentekan getih. Esuk-esuk masa ana dhemit ta, Nduk?”

Cempluk                                 : “Pak, Panjenengan tulungi tiyang punika, Pak!” (karo nuding menyang pasar) “Panjenengan tulungi Pak!”

Suromenggala                         : “Hentoh-hentoh rak malah saya ora cetha. Ana apa iki? Ayo matura sing genah, ana apa?”

Cempluk                                  : “Gentho, Pak. Gentho putranipun Paman Surogentho ndamel geger wonten peken nggepleg tiyang ngantos klenger.”

Basa kang digunakake dening Suromenggala marang Cempluk ing pethikan teks drama kasebut yaiku . . . .

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama madya

8.

Panjenengan kula bektakaken jampi saking wana, Raden.

Ukara kasebut yen kaowahan nganggo basa ngoko alus dadi . . . .

a)

Panjenengan kula astakaken jampi saking wana, Raden.

b)

Panjenengan dakgawakake jamu saka alas, Raden.

c)

Sampeyan kula bektakaken jampi saking wana, Raden.

d)

Sampeyan dakgawakake jamu saka alas, Raden.

e)

Kowe dakgawakake jamu saka alas, Raden

9.

Omahmu wis diresiki apa durung?

Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku .. . .

a)

Dalemipun panjenengan sampun diresiki napa dereng?

b)

Dalemipun sampeyan wis diresiki apa durung?

c)

Griyanipun panjenengan sampun diresiki punapa dereng?

d)

Griyanipun sampeyan sampun dipunresiki punapa dereng?

e)

omah sampeyan pun diresiki dereng?

10.

Ing ngisor iki kang bener ngenani basa ngoko lugu yaiku ...

(bisa dipilih luwih saka siji)

a)

basa kang tetembungane ngoko kabeh

b)

basa kang tetembungane basa desa

c)

dienggo kanggo sing wis akrab lan saumuran

d)

dienggo wicara karo mbak/mas

e)

dienggo anak menyang wong tuwa

11.

pranyatan kang trep ngenani ngoko alus yaiku ....

a)

basa kang tetembungane alus kabeh

b)

basa kang tetembungane ngoko kacamparuran krama alus

c)

basa kang tetembungane campuran krama lugu lan ngoko

d)

basa kang dumadi skaa tembung ngoko kabeh

e)

basa kang dinggo antarane wong sing durung kenal

12.

undha -usuk basa krama lugu yaiku ....

a)

basa kang tetembungane krama alus

b)

basa kang tetembungane krama lugu/ madya

c)

basa kang ana basa krama madya lan krama inggil

d)

dienggo antarane wong tuwa menyang anak

e)

basa kang dumadi saka tembung ngoko lan krama alus

13.

titikan krama alus yaiku ....

a)

basa kang tetembungane krama alus kabeh

b)

basa kang tetembungane kacampuran krama madya lan krama alus

c)

basa kang tetembungane kacampuran ngoko lan krama inggil

d)

basa sing dienggo antarane garwa menyang garwane

e)

basa sing dinggo atasan marang andhahane kang luwih tuwa

14.

sajrone nggunakake undha-usuk basa tembung kang kudu digatekne yaiku kajaba ....

a)

tembung sesulih

(kata ganti wong)

b)

tembung kriya

(kata kerja)

c)

pandarbe

d)

perangan awak

e)

tembung panggandheng

15.

Nalika nindakake wicara menyang tiyang sepuh, prayogane nggunakake basa ....

a)

krama alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

e)

krama madya

16.

Undha usuk basa Jawa ana papat, yaiku ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Pangangone ngoko alus yaiku...

a)

kanggo kanca sapantaran akrab

b)

kanggo kanca sapantaran nanging isih ngajeni

c)

kanggo wong nom marang wong tuwa

d)

kanggo wong tuwa marang wong nom

e)

kanggo guneman karo pejabat

17.

Leksikon panyusun ragam krama alus yaiku...

a)

ngoko, madya, krama, krama inggil

b)

madya, krama, krama inggil, krama madya

c)

krama, krama inggil, krama andhap, netral

d)

krama, krama inggil, krama andhap, krama madya

e)

madya, krama inggil, krama andhap, netral

18.

Awake dhewe marang Pak Lurah, Pak Camat, Bupati, utawa pejabat sing luwih dhuwur kalungguhane becike nganggo ragam basa ...

a)

krama alus

b)

krama inggil

c)

krama

d)

madya

e)

krama andhap

19.

"Pak Pri, Njenengan arep tindak nyandi lo, kok ngasta tas akeh?"
Ukara ing ndhuwur klebu ragam basa...

a)

Krama alus

b)

krama inggil

c)

krama madya

d)

ngoko alus

e)

ngoko lugu

20.

"Mbak, aku maeng dikongkon Ibuk kon ngomongi kowe, supaya kowe mara menyang omahe Bu Guru Lasemi."

Ukara kasebut yen didadekake ragam basa ngoko alus dadi...

a)

Mbak, aku maeng diutus Ibuk didhawugi nyirosi Sampeyan, supaaya Sampeyan dhateng daleme Bu Guru Lasemi

b)

Mbak, aku maeng didhawuhi Ibuk ngaturi Sampeyan, supaya sampeyan sanja menyang daleme Bu Guru Lasemi

c)

Mbak aku maeng diutus Ibuk ngaturi Sampeyan, supados Sampeyan sowan menyang daleme Bu Guru Lasemi.

d)

Mbak, aku maeng diutus Ibuk ngaturi Njenengan, supaya Njenengan sowan menyang griyane Bu Guru Lasemi

e)

Mbak, aku mau diutus Ibuk ngaturi Panjenengan, supaya Panjenengan sowan menyang daleme Bu Guru Lasemi

21.

Tuladha basa krama lugu (madya), yaiku...

a)

Pakdhe, kula ijin wangsul radi sonten tasik wonten kelurahan.

b)

Pakdhe kula sampun kondur saking kecamatan,

c)

Pakdhe nembe kemawon tindak dhateng kantoripun.

d)

Pakdhe durung tilem amarga ngrampungake tugase.

e)

Pakdhe taksih dhahar kaliyan ibu wonten warung.

22.

Ing ngisor iki basa sing kurang trep karo unggah-ungguhe yaiku ....

a)

Aku mau bengi ngimpi dolan menyang taman

b)

Ibuku sesuk arep tindak menyang Bandung

c)

Mangga dipuntedha rumiyin tedhanipun

d)

Wekdal eyang sare, adhik dolanan piyambak

e)

Tindakku wingi bareng karo bapak ibu guru ..

23.

'Bubar ... sega sate, simbah .... kopi jahe." Jangkepe ukara supaya kasebut yaiku...

a)

mangan, ngombe

b)

Dhahar, ngunjuk

c)

Nedha, nginum

d)

nedha, dhahar

e)

nedha, ngunjuk

24.

ganthukna tembung-tembung iki !

a)

mangan

1.

dhahar

b)

lunga

2.

tindak

c)

tangi turu

3.

wungu

d)

nggawa

4.

ngasta

e)

nyilih

5.

nyambut

25.

Tetembungan ing ngisor iki dadekna ukara kang trep manut undha-usuke!

a)

Bapak

b)

lan

c)

Ibu

d)

dhahar

e)

sekul goreng

1)
2)
3)
4)
5)