wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Uji Kompetensi Sesorah

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Sesorah kang ancase kanggo nyambut kerawuhane para tamu yaiku ...

a)

Medhar sabda

b)

Tanggap wacana

c)

Atur Pambagyaharja

d)

Ular-ular

e)

Tanggap sabda

2.

Ngandharaken pamanggih sarana lisan ing sangajengipun tiyang kathah sinebut?

a)

pranatacara

b)

geguritan

c)

dongeng

d)

sesorah

e)

orasi

3.

Sesorah ingkang dipunlampahi kanthi damel seratan teks rumiyin lajeng dipunapalaken tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks sinebut sesorah ... .

a)

apalan

b)

dadakan

c)

impromptu

d)

maos teks

e)

ekstemporan

4.

Sesorah ingkang dipunayahi kanthi boten kanyana-nyana saderengipun sinebut sesorah ... .

a)

apalan

b)

langsung

c)

impromptu

d)

maos teks

e)

ekstemporan

5.

Sesorah ingkang dipunayahi kanthi ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken sinebut sesorah ... .

a)

apalan

b)

langsung

c)

impromptu

d)

maos teks

e)

ekstemporan

6.

Metode sesorah wonten sekawan, inggih menika ... .

a)

langsung, maos teks, dadakan, ekstemporan

b)

langsung, rekaman, dadakan, ekstemporan

c)

apalan, maos teks, dadakan, ekstemporan

d)

apalan, maos teks, dadakan, impromptu

e)

apalan, langsung, maos teks, dadakan

7.

"Kula minangkani sulih sarira saking Bapak Suwignyodipura". Tembung kang kagaris ngisor tegese ...

a)

wakil

b)

manten

c)

besan

d)

tamu

e)

penganten

8.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih. Tembung penggalih iku padha tegese karo tembung ing ngisor iki, yaiku ...

a)

ati

b)

asta

c)

rikma

d)

soca

e)

sirah

9.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten tetembungan ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

salm panutup

d)

pambuka

10.

Tembung wilujeng tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...

a)

Selamat

b)

Sengsara

c)

Suka - suka

d)

Mandiri

e)

cilaka

11.

Ingkang sepisanan sumangga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas XII.. Kula ingkang kapiji minangka wakil kanca-kanca kelas XII ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ibu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang ugi nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengga cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawujud kanthi lancar.

Isi sesorah ing ndhuwur yaiku....

a)

pamitan arep lunga

b)

perpisahan kelas XII

c)

persiapan ngarepake ujian

d)

pengumuman ujian

e)

perpisahan kelas XI

12.

Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglajengaken ing pawiyatan ingkang inggil. Tembung pawiyatan tegese....

a)

sanggar

b)

sekolah

c)

panggonan

d)

padhepokan

e)

sanggar

13.

Sakdurunge gawe lan nulis sesorah , luwih dhisik gawe....

a)

cengkorongan

b)

irah-irahan

c)

surasa

d)

wasana

e)

judul

14.

Kula sakanca namung saged ndongakaken mugi sedaya amal lan kasaenan Bapak Ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan saged nggulawentah kulo ngantos paripurna.

Tembung paripurna tegese....

a)

disik

b)

lekas

c)

wiwit

d)

rampung

e)

gasik

15.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring ndadosaken Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih.

Paragraph ing ndhuwur sing pidhato nyuwun....

a)

donga pangestu

b)

lulus sekolah

c)

pangapunten

d)

sekolah sing apik

e)

sangu

16.

Kulawarga Bapak Sudrajad Djiwandana uga nyuwun idi pangestu saking panjenengan sami, mugi-mugi pinanganten kekalih saged rukun anggenipun mangun bale wisma. Mugi-mugi pinanganten kekalih mangkenipun saged atut runtut rerentengan ngantos kaken ninen-ninen, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah,

Andharan kasebut kalebu ….

a)

surasa basa

b)

pengarep-arep

c)

purwaka

d)

wusana

e)

dudutan

17.

Nalika sesorah ing ngarepe wong kang luwih tuwa kudu nganggo basa ….

a)

ngoko

b)

ngoko andhap

c)

krama

d)

krama lugu

e)

padinan

18.

"Langkung rumiyen sumangga kula lan panjenengan Sedaya sesarengan tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula panjenengan sedaya".

Perangan kasebut kalebet...

a)

salam pambuka

b)

muji syukur

c)

dudutan

d)

penutup

e)

surasa

19.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala SMKN 1 Bawang. Ing sajroning tanggap wacana diarani ….

a)

salam pembuka

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

sapa aruh

e)

salam panutup

20.

Supaya bisa nindakake pidhato kanthi becik, kudu tlaten ....

a)

nggawe teks

b)

gladhen

c)

lelungan

d)

ngibadah

e)

maca