NEW
Font size
WorksheetsPANATACARA
Total questions: 20
Worksheet time: 30mins
Sawijining paraga kang duweni jejibahan kanggo nglantarake titilaksana sawijining adicara diarani ...
panatacara
pambagyaharja
sesorah
pawarta
wara-wara
Ngisor iki kang ora kelabu aran panatacara, yaiku ...
pambyawara
panata adicara
panata titilaksana
panata laksitaning adicara
sesorah
Panatacara menika saking tembung ...
pranata lan cara
panata lan cara
pranata lan adicara
pranatacara
nata acara
Panatacara ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana nglantarake upacara mbudhalake layon.
leres
sanes
Ngisor iki kang kudu digatekake nalikane ngaturake panatacara, kajaba ...
swara kan cetha lan endah supaya kepanak dirungokake.
Panatacara ngagem busana kang bener lan pener, laras karo kahanan utawa kaperluwan.
tatakrama kang becik supaya panatacara duweni kawibawan kang sae.
Basa kang digunakake panatacara bener, pener, becik, endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif.
dhahar kang kathah supaya kuat anggone ngaturake panatacara.
Andika anggone nglampahi panatacara keton dredeg nalika njekel teks panatacara amarga dheweke kurang latian sakdurunge acara. Perkawis kang lagi dilakoni dening Andika ora pas karo unsur panatacara kang aran ...
magatra
maraga
malaksana
malagawa
matanggap
Para siswa, gatekna pethilan teks panatacara ngandhap menika.
...
Sagunging para rawuh ingkang winantu ing basuki, saderengipun kawula ngaturaken menggah reroncening tatacara, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken manengku puja, ngaturaken raos puji sukur konjuk dhumateng Gusti Allah kang Maha Suci ingkang sampun paring kanugrahan rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan saengga kita sedaya saged makempal manunggal ing papan menika kanthi tansah manggih rahayu, wilujeng boten wonten pepalang menapa-menapa.
...
Pethikan teks panatacara mau kalebu perangan struktur teks panatacara kang diarani ...
salam pambuka
purwaka
isi
wasana
salam panutup
Waosen teks panatacara ing ngisor iki kanthi permati :)
Adhedhasar teks panatacara kasebut, ing ngisor iki informasi kang ora trep yaiku ...
Tasyakuran dianakake dening Bapak Suroto lan Ibu Ngadinem.
Tasyakuran sepasaran bayi katindakake ing dina Minggu, 14 September.
Hajat acara yaiku tasyakuran sepasaran mengeti dina laire jabang bayi kang mbarengi karo puputane puser.
Acara tasyakuran sepasaran bayi katindakake ing dina Kemis, 18 September 2023.
Adicara katindakake ana ing daleme Bapak Suroto, Pacing RT 01, Sumberejo, Wuryantoro Kabupaten Wonogiri.
Para siswa, gatekna perangan teks panatacara ngandhap menika :)
...
Sagunging para rawuh ingkang hambeg sadu ing budi, mugi kepareng kula pun Wahyu Handayani nyuwun idi palilah nggempil kamardhikan Bapak Ibu saprelu kinen angejawantahaken pikajenganipun ingkang kagungan damel, nuwun inggih Bapak Suroto miwah Ibu Ngadinem ingkang pidalem wonten Pacing RT 01, Sumberejo, Wuryantoro, Kabupaten Wonogiri, nggih menika ngawontenaken adicara tasyakuran awit mijilipun putra mbajengipun ingkang aparing nama Abrisan Dananjaya. Lair rikala dinten Minggu Legi, surya kaping 14 September 2023. Dene, samangke putra kasebut sampun puput puseripun pramila kawontenaken tasyakuran sepasaran bayi. Kanthi menika, mugi kepareng kula badhe ngaturaken urut-urutaning tata cara tasyakuran sepasaran bayi ing dinten menika, anyarengi dinten Kemis Kliwon, surya kaping 18 September 2023.
Tuladha teks panatacara kasebut kalebu salah sawijining perangan ing teks panatacara, yaiku ...
atur pakurmatan
atur puji syukur
atur pitepangan
wosing gati, perangan ngaturake jeneng acara, dina wektu, lan papan acara
wosing gati, perangan ngaturake tata acara utawa urut-urutaning acara.
Ing ngisor iki, salah sawijining tuladha basa rinengga kang bisa digunakake kanggo nglantarake panatacara yaiku ...
Desa mawa cara, negara mawa tata.
Rebut balung tanpa isi, yen ature bener aja wedi.
Esuk dele sore tempe, menawi atur aja mencla-mencle.
Ubur-ubur iwak lele, chat wis diwaca tapi ra dibales Lee
Iwak opor kurang santen, menawi wonten lepat nyuwun pangapunten.
Salah sawijining bab kang kudu digatekake nalika nglantarake susunan acara, yaiku aja nganti ana acara kang padha maksud lan karepe. Umpamane ing sawijining instansi, lumrahe sambutan cukup katindakake dening pawongan sing pangkate paling dhuwur. Ing ngisor iki kang ora klebu ing acara wisuda siswa kelas XII yaiku ...
Sambutan Kepala Sekolah
Sambutan wakil Wali Kelas XII
acara pentas seni dening grup tari
atur pambagyaharja dening perwakilan Kelas XII
atur pakurmatan dening sesulit Kelas X
Perangan wigati jeroning mandhu acara yaiku kudu bisa nutup acara kanthi becik. Ing ngisor iki kang ora kelebu bab kang kudu diaturake nalika nutup acara yaiku ...
Ngaturake panuwun marang para rawuh kang padha rawuh ing acara
Ngaturake panuwun marang sakabehing panitia panyengkuyung.
Nyuwunake pangapura kanggo pamangku gati marang wong kang padha rawuh.
Nyuwunake pangapura kanggo awake dewe kang lantarake acara.
Ngaturake panuwun marang ketua panitia kang wus menehi jejibahan minangka panatacara.
Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladha pembuka panatacara miwiti kegiyatan sing ancase nyuwun rahayune sagung dumadi yaiku...
Awit pasang kalimah tablig, linepatna saking ila duni, tinebihna saking tulak saru siku dendani Gusti, binuwanga ing tawang towang.
Mahardikang tyas ring kamardikan, nugraha gung Wilasanipun Gusti ingkang Maha Agung mugi anggung sumandha ing jiwangga kita sawegung, waradin sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu.
Kasugengan, katentreman, kabagyan, miwah peparing Gusti ingkang Maha Tunggal mugi tansah kasarira ing jiwa raga kita waradin sagung dumadi.
Nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Tunggal mugi sanityasa sumandha wonten ing jiwangga kita waradin dumadi.
Ingkang kinurmatan poro kyai, alim ulama ingkang rinten klawan delu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah handayani rahayuning bebrayan agung.
Salah sawijining unsur kang gawe endahing teks panatacara yaiku nganggo basa rinengga utawa basa kang rinakit supaya dadi endah lan nengsemake. Ing ngisor iki tuladha wangsalan kang dianggo kanggo kagiyatan panatacara, yaiku ...
Jenang sela, wader kali sesondheran, apuranta sedaya lepat kawula.
Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni.
Balung jagung, menika sampun dados tanggel jawab kula.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mundhi dhawuh saking Bapak Prapto, kepareng kula badhe mranata adicara ing siang menika.
Ajining dhiri saka ing lathi, ajining sarira saka busana.
Para siswa gatekna struktur teks panatacara ngandhap menika !
1-Salam Pambuka
2-Pambuka/ Purwaka Basa
3-Atur Pakurmatan
4-Atur Puji Syukur
5-Atur Pitepangan dhiri
6-Wosing Gati / Susunan Acara
7-Panutup
8-Salam Panutup
Menika wau urutan panatacara kanthi urut ...
Leres
Sanes
Ngandhap menika struktur teks panatacara, mangga dipungatekaken !
1-Atur pitepangan dhiri
2-Wosing Gati
3-Atur Pakurmatan
4-Pambuka
5-Atur Puji Syukur
6-Panutup
7-Salam Pambuka
8-Salam Panutup
Menawi dipunurutaken yaiku ...
7-4-3-5-1-2-6-8
1-3-5-6-8-7-2
7-5-6-4-8-1-2
1-2-3-4-8-7-6-5
6-5-7-8-4-2-1-3
Para siswa gatekna gambar kasebut !
Gambar kasebut nudhuhake piyantun ingkang saweg nindakake panatacara wonten adicara ...
kesripahan
temanten
pengaosan
perpisahan sekolah
rapat kulawarga
Bapak kula saweg nindakaken jejibahan kangge dados panatacara wonten kesripahanipun Mbah Slamet rahimahullah. Ageman ingkang dipunagem dening Bapak kula yaiku ...
beskap lan blangkon sarta sinjang
batik lan kopyah
kaos olahraga
seragam dinas
kemeja lan topi
Nalikane ngaturaken panatacara ing wayah dalu, ingkang dipunaturaken yaiku ...
sugeng enjing
sugeng siyang
sugeng sonten
sugeng dalu
sugeng pitepangan malih
Ngandhap menika ingkang kalebu kagiyatan panatacara, yaiku ...
