wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sumatif Bab 1 Kelas 9

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Pasang Tarub ditindakaken kapan?

a)

Sedinten saderengipun dinten palakrama

b)

Sedinten sasampunipun dinten palakrama

c)

Tigang dinten saderengipun dinten palakrama

d)

Tigang dinten sasampunipun dinten palakrama

2.

Ngajeng kori ing pasang tarub dumados saking maneka warna tetuwuhan, ing ngandhap menika tetuwuhan kasebat, kajaba.....

a)

Tebu Arjuna

b)

Cengkir gadhing

c)

Cengkir legi

d)

Gendhis

3.

Sangandhapipun ron kluwih kasusul rerangken ron apa-apa, kajaba....

a)

Kara

b)

Kemuning

c)

Klaras

d)

Maja

4.

Saben papan panggonan duwe adat kebiasaan dhewe-dhewe, ukara kasebat nggadhahi tegesipun saking paribasan inggih menika.....

a)

Anak polah bapak kepradah

b)

Desa mawa cara negara mawa tata

c)

Ana catur mungkur

d)

Adigang adigung adiguna

5.

Tatacara adat Jawa iku kaperang dados tiga inggih menika....kajaba...

a)

Metu

b)

Manten

c)

Mati

d)

Sareh

6.

Matah wong supaya nakokake calon penganten putri inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Madik

b)

Nontoni

c)

Lamaran

d)

Utusan

7.

Milang-miling calon pasangan tumraping calon penganten kakung inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Utusan

b)

Madik

c)

Srah-srahan

d)

Pasang Tarub

8.

tandha pangiket inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Lamaran

b)

Kumbakarnan

c)

Singsedan

d)

Siraman

9.

rapat ndhapuk panitia resepsi inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Kumbakarnan

b)

Singsedan

c)

Lamaran

d)

Pasang Tarub

10.

Mangunsuka inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Dodol dhawet

b)

Midodareni

c)

Pahargyan

d)

Ijab Qobul

11.

Pihak panganten kakung menehi ubarampe menyang nggone pehak panganten putri inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Srah-srahan

b)

Lamaran

c)

Siraman

d)

Ngundhuh Mantu

12.

Panganten putri dipaesi supaya ayu kaya widadari inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Dodol dhawet

b)

Siraman

c)

Kumbakarnan

d)

Pasang Tarub

13.

Upacara panggih manten kirang setunggal dalu, kawastanan.....

a)

Lamaran

b)

Singsedan

c)

Midodareni

d)

Kumbakarnan

14.

Menawi jagong midodareni boten kepareng ngendika sawetawis sora utawi gegojegan sarta gumujeng ngantos lakak-lakak. Tembung ingkang kagaris ngandhapipun tegese inggih menika....

a)

Ngomong

b)

Nyeneni

c)

Ngguyu

d)

Ngendika

15.

Para lenggah namung sami kendel utawi ngeningaken cipta. Tembung ingkang kagaris ngandhapipun tegese inggih menika....

a)

Meneng

b)

Ngomong alon

c)

Ngibadah

d)

Dedonga

16.

Menawi sampun purna, ambengan majemuk lajeng kabage kangge dhaharan. Tembung ingkang kagaris ngandhapipun tegese inggih menika....

a)

Diwiwiti

b)

Sanjang

c)

Rampung

d)

Dedonga

17.

Ibunipun panganten putri lenggah ing sangajenging priyantun tetiga. inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Lamaran

b)

Timbangan

c)

Kacar-kucur

d)

Dodol dhawet

18.

Panganten kakung nyuntakaken isining kampil arupi arta receh kang dicampuri uwos. inggih menika salah satunggaling reroncening upacara palakrama kang kasebat.......

a)

Kacar-kucur

b)

Dulangan

c)

Timbangan

d)

Ngunjuk rujak degan

19.

Ukara aksara Jawa kasebut unine yaiku....

a)

Tigan kacawisaken kanthi winungkus.

b)

Tilar kacawisaken kanthi winungkus.

c)

Tigan kacawisaken kanti winungkus.

d)

Tigan kacawis kanti winungkus.

20.

Unine aksara Jawa kasebut yaiku....

a)

Panganten putri jumeneng jajar

b)

Panganten putra jumeneng jejer

c)

Panganten putri jumeneng jajar.

d)

Panganten putra jumeneng jejer.

21.

unine aksara Jawa ksebut yaiku....

a)

penganten kekalih lajeng lenggah lirih.

b)

penganten kekalih lajeng lumampah alon.

c)

penganten kekalih lajeng lumampah lirih.

d)

penganten kekalih lajeng mlampah lirih.

22.

yen tinulis ing aksara latin yaiku....

a)

upacara krobongan yaiku sawise panggih pinanganten

b)

upacara krobongan yaiku sawise panggih penganten.

c)

upacara krobongan yaiku sawise panggih pinanganten.

d)

upacara krobongan yaiku sawise panggih penganten

23.

unine aksara Jawa kasebut yaiku....

a)

kacar kucur arupi arta receh kalih uwos.

b)

kacar kucur arupi arta receh kalih beras.

c)

kacar kucur arupi arta kalih uwos.

d)

kacar kucur arupi arta kricik kalih uwos.

24.

unine aksara Jawa kasebut yaiku....

a)

midodareni angsal gumujeng.

b)

midodareni mboten angsal gumujeng.

c)

midodareni mboten angsal rame.

d)

midodareni mboten angsal lakak lakak.

25.

unine aksara Jawa kasebut yaiku....

a)

pahargyan yaiku mangunsuka

b)

pahargyan yaiku resepsi.

c)

pahargyan yaiku mangunsuka.

d)

pahargyan yaiku resepsi