Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASTS_1_Bahasa jawa_11

Total questions: 20

Worksheet time: 3hrs 20mins

Name
Class
Date
1.

Angkara gung Neng angga anggung gumulung

Gegolonganira

Triloka lekeri kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

tembang ing ndhuwur guru lagune yaiku ....

a)

u, a, i, a

b)

u, i, a, a

c)

u, a, i, e

d)

u, a, o, a

2.

Tembang ing ndhuwur kalebu tembang macapat kang diserat ana ing Serat Wedhatama. sinten ingkang nganggit Serat Wedhatama ....

a)

Sri Sultan Hamengku Buwana IV

b)

Sri Mangkunegara IV

c)

Sri Pakubuwana IV

d)

Sri Hamengku Buwana V

3.

Angkara gung Neng angga anggung gumulung

Gegolonganira

Triloka lekeri kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Tembung kang dicetak miring tegese ....

a)

rekasa

b)

tumindak ala

c)

perkara

d)

sentosa

4.

Tembang macapat Pocung nduweni watak ....

a)

sengsem

b)

tresna asih

c)

sembrana

d)

prihatin

5.

Angkara gung Neng angga anggung gumulung

Gegolonganira

Triloka lekeri kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Ukara kang dicetak miring ing ndhuwur nduweni teges ...

a)

aja mihak marang wong kang tumindak ala

b)

angkara murka kang dumunung ing awake dhewe

c)

manungsa iku bakal urip ing telung alam

d)

yen tumindak ala ora dikendhaleni bakal nyilakani

6.

Lila lamun kelangan nora gegetun

Trima yen ketaman

Sakserik sameng dumadi

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

Tembang ing ndhuwur guru wilangane yaiku ....

a)

12, 6, 8, 11

b)

12, 7, 8, 12

c)

12, 6, 8, 12

d)

12, 6, 9, 12

7.

Lila lamun kelangan nora gegetun

Trima yen ketaman

Sakserik sameng dumadi

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara.

Tembang ing dhuwur wos surasane yaiku ....

a)

angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara

b)

golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supados bisa kasil

c)

wong kang iklas, sabar, lan nrima nalika duwe masalah tansah dipasrahake marang Gusti Pangeran

d)

wong kang wis menep rasane, gelem menehi pangapura marang liyan, sabar bakal ndadekake swasana dadi seneng

8.

Ngelmu iku Kalakone kanthi laku  

Lekase lawan kas 

Tegese kas nyantosani 

Setya budaya pangekese dur angkara.

Tembung kang dicetak miring ing dhuwur ateges ....

a)

tumindak

b)

usaha

c)

gawe santosa

d)

sing ngalahke

9.

Ngelmu iku Kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budaya pangekese dur angkara 

Tembung kang dicetak miring ing dhuwur ateges ....

a)

perkara

b)

gawe santosa

c)

tumindak ala

d)

usaha

10.

dhasare crita utawa gagasan umum saka sawijining novel diarani ....

a)

tema

b)

alur

c)

setting

d)

paraga

11.

Sri Endah Wahyuningsih ora tau lunga ubyang-ubyung yen ora perlu banget. dadi akeh ana ngomah, awit ngelingi bapake wis sepuh. bature loro lanang wadon, yaiku Pak Yoto lan Mbok Yoto. Ketambahan meneh wis ana sewulan iki bapake tansah gerahen wae, kaworan watuke kumat.

Pethikan novel ing ndhuwur nduweni nilai ....

a)

nilai etik

b)

nilai sosial

c)

nilai heroik

d)

nilai kultural

12.

Novel Kumandanging Katresnan kagolong jinis novel ....

a)

detektif

b)

misteri

c)

roman

d)

kriminal

13.

perangan novel kang minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita bisa ngemot wektu, panggonan, sosial budaya yaiku ....

a)

tema

b)

punjering crita

c)

setting

d)

alur

14.

Novel kang uga menehi lan nglestarekake budaya adat masyarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liyan diarani ....

a)

nilai sosial

b)

nilai etik

c)

nilai kultural

d)

nilai spirit

15.

novel saora orane kasusun dening pirang tembung?

a)

45.000 tembung

b)

4000 tembung

c)

40000 tembung

d)

400 tembung

16.

kumpulaning tembang sawarna kang kedadean saka pirang pirang pada lan kang surasaning cakepane siji lan sijine ana gegayutane iku diarani........

a)

pupuh

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

17.

paugeran cacahing larik ana ing tembang saben sapadane, diarani......

a)

tembang

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru wilangan

18.

paugeran dhong - dhinging swara utawa sukon-sukoning swara ana ing saben pungkasaning gatrane tembang iku diarani.......

a)

pupuh

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru gatra

19.

tembang pocung iku ana ...........

a)

rong gatra

b)

telung gatra

c)

patang gatra

d)

limang gatra

20.

cacahing wanda lan dhong-dhinging swara gatra kapisan tembang pocung yaiku ......

a)

10 U

b)

12 U

c)

11 U

d)

13 U