Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA 4 (2024)

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Puisi Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathuk diarani...

a)

Paribasan

b)

Pacelathon

c)

Geguritan

d)

Parikan

2.

Sekolahku,

Panggonku ngangsu kawruh

Dididik dening guru

Amrih dadi bocah kang mituhu

Sekolahku,

Gedungmu ora megah

Tegelmu ora keramik

Nanging kenanganmu tansah tak eling-eling

Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku...

a)

Guruku

b)

Gedungku

c)

Sekolahku

d)

Kenanganku

3.

Sekolahku,

Panggonku ngangsu kawruh

Dididik dening guru

Amrih dadi bocah kang mituhu

Sekolahku,

Gedungmu ora megah

Tegelmu ora keramik

Nanging kenanganmu tansah tak eling-eling

Sekolahku, panggonku ngangsu kawruh. Tegese ngangsu kawruh yaiku...

a)

golek ilmu

b)

golek duit

c)

golek kanca

d)

golek guru

4.

Sekolahku,

Panggonku ngangsu kawruh

Dididik dening guru

Amrih dadi bocah kang mituhu

Sekolahku,

Gedungmu ora megah

Tegelmu ora keramik

Nanging kenanganmu tansah tak eling-eling

Miturut geguritan ing dhuwur, murid kudu mituhu marang...

a)

Bapake

b)

Ibune

c)

Kancane

d)

Gurune

5.

Tegese tanda "/" nalika maca geguritan yaiku...

a)

mandheg sadela

b)

mandheg rada suwe

c)

ora mandheg

d)

ora ana sesambungane

6.

Nalika maca geguritan, Mahardika gawe sarana supaya anggone maca geguritan tambah apik. Salah siji sarana sing bisa digunakake Mahardika yaiku...

a)

mikrophone

b)

klambi anyar

c)

meja kursi

d)

papan tulis

7.

Larik ing geguritan katon endah sebab...

a)

ana sing dawa

b)

ana sing cendhek

c)

ana sing dawa lan ana sing cendhek

d)

ora ana sing dawa lan ora ana sing cendhek

8.

Undherane perkara utawa gagasan pokok sing dadi dhasar dumadine crita diarani...

a)

tema

b)

alur

c)

paraga

d)

latar

9.

Nalika Devina maca geguritan, ana tandha "//" ing burine tembung. Tegese tandha "//" yaiku...

a)

mandheg sadela

b)

mandheg rada suwe

c)

ora mandheg

d)

ora ana sesambungane

10.

Jaman saiki kudu gemi nggunakake energi, jalaran donya lagi ngadepi krisis energi. Tegese gemi yaiku...

a)

boros

b)

tuku

c)

akeh

d)

irit

11.

Tembung energi asale saka basa Yunani sing tegese...

a)

daya sing dibutuhake kanggo nindakake pakaryan

b)

salah sawijining jinise pabrik

c)

cikal bakale tanduran

d)

cikal bakale tanduran

12.

Salah siji tumindhak gemi nalika nggunakake energi yaiku...

a)

Kipasan nalika hawane adem

b)

Mateni lampu nalika wis awan

c)

Nyetel TV sedina sewengi

d)

Adus nggawe banyu sak tandon

13.

Rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab diarani...

a)

parikan

b)

geguritan

c)

paribasan

d)

pacelathon

14.

Ragam unggah-ungguh basa ana ing ngisor iki, kajaba...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama swara

15.

Bensin, pertalite, pertamax lan batu bara iku kalebu energi kang diasilake dening...

a)

manungsa

b)

pabrik

c)

alam

d)

kewan

16.

Tembung ing ngisor iki diucapake nganggo swara i jejeg yaiku...

a)

sapi

b)

pitik

c)

dhuwit

d)

lading

17.

Penulisan kang fokus marang informasi faktual, utawa dhata kang bisa arupa asli penelitian, proses, konsep utawa fenomena tertamtu diarani teks...

a)

informatif

b)

prosedur

c)

narasi

d)

deskripsi

18.

Teks sing njlentrehake kegiyatan kang kudu ditindakake supaya pamaca utawa pamirsa bisa kanthi tliti ngetutake proses nggawe, nindakake utawa nggunakake piranti diarani teks...

a)

informatif

b)

prosedur

c)

narasi

d)

deskripsi

19.

Piwulang sing ora tinemu nalar nanging digugu lan dituhoni (digatekake lan dituruti) dening masyarakat diarani...

a)

crita rakyat

b)

legenda

c)

kejawen

d)

gugon tuhon

20.

Jawa timur sugih crita rakyat. Saben dhaerah duwe crita rakyat dhewe-dhewe. Ing ngisor iki kalebu crita rakyat kajaba...

a)

Andhe-Andhe Lumut

b)

Keong Mas

c)

Gadis Kretek

d)

Kancil lan Baya

21.

Para leluhur ing tanah Jawa, nyebut bumi kanthi sebutan...

a)

Ibu peri

b)

Jagad raya

c)

Banyu segara

d)

Ibu pertiwi

22.

Swara u jejeg kaya ing tembung...

a)

kalung

b)

jagung

c)

warung

d)

guru

23.

Crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun temurun digethok tularake lumantar lisan diarani...

a)

sinetron

b)

crita rakyat

c)

telenovela

d)

drakor

24.

Aja nglungguhi bantal, mengko udunen.

Gugon tuhon kasebut nduwe karep...

a)

njalari udunen

b)

njalari bantale rusak

c)

ngajeni papane sirah

d)

njalari ngompol

25.

Kesed makarya lan mung nyuwun agunge sih Gusti, pada karo...

a)

Ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga

b)

Ngenteni bakul jamur liwat ngarep omah

c)

Golek jamur ing tegalan

d)

Golek jamur ing sawah

26.

Pak Hasan sregep makarya. Wiwit esuk nganthi sore pak Hasan makarya ing sawah lan tegalane. Tegese sregep makarya yaiku...

a)

sregep dolan

b)

sregep sinau

c)

sregep nyambut gawe

d)

sregep ngaji

27.

Urut-urutan dumadine cerita diarani...

a)

alur

b)

amanat

c)

watak

d)

paraga

28.

Pak Qomar penggaweane nglakokake wayang. Pak Qomar diarani...

a)

kusir

b)

dhalang

c)

niyaga

d)

mandhor

29.

Teks kang ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu (kronologis) ana paraga, latar lan alur diarani...

a)

teks narasi

b)

teks deskripsi

c)

teks informatif

d)

teks prosedur

30.

Pak Mulyo makarya dadi guru ing sekolahan. Sing diarani guru yaiku...

a)

Tukang momong bocah

b)

Tukang adang sega

c)

Wong sing penggaweane mulang

d)

Wong sing penggaweane bela negara

31.

Cacahe Aksara Jawa ana...

a)

15

b)

20

c)

25

d)

30

32.

Salah sijine nyusun teks dheskripsi yaiku sangkutan pancadriya. Sing kalebu pancadriya yaiku pandeleng/mripat, pangambu/irung, panggrayang/kulit, panyecep/ilat lan pangrungu/...

a)

kuping

b)

tangan

c)

sikil

d)

sirah

33.

Luhku tumetes...tes...nelesi bumi.

Ukara ing dhuwur nggambarake wong sing lagi...

a)

sedhih

b)

seneng

c)

bungah

d)

bingung

34.

Banter lirihe swara, endhek dhuwure swara, tata pangature napas lan pamedhote swara nalika maca geguritan diarani...

a)

wiraga

b)

wirasa

c)

sarana

d)

olah swara

35.

Sing kudu digatekake nalika maca geguritan kaya ing ngisor iki kajaba...

a)

olah swara

b)

sarana

c)

wirasa

d)

wilujeng

36.

Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...

a)

Basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina

b)

Basa ngoko kang kecampur ragam basa krama alus

c)

Basa ngoko kang ora kecampur ragam basa krama alus

d)

Basa ngoko kang ora kecampur ragam basa krama inggil

37.

Rendhet cepete lan aluse pocapane paraga nalika nuturake tembung lan ukara sajerone pacelathon diarani...

a)

gestur

b)

polatan

c)

pocapan

d)

intonasi

38.

Aja nebang tanduran sing wis ngrembayung, mengko kualat karo sing mbaureksa.

Maksude ukara ing dhuwur yaiku...

a)

Supaya wedi karo sing mbaureksa tanduran

b)

Supaya nandur wit-witan

c)

Supaya ora kualat karo tanduran

d)

Supaya ora ngrusak wit-witan sing wis gedhe

39.

Titikane/ ciri-cirine cerita rakyat yaiku...

a)

Panyebarane kanthi tulis

b)

Ora weruh sapa sing ngarah

c)

Sipate modern

d)

Weruh sapa sing ngarang

40.

Pacelathon diatur dening tata krama sing diarani...

a)

unggah-ungguh tulisan

b)

unggah-ungguh swara

c)

unggah-ungguh basa

d)

unggah-ungguh crita

41.

Budhe tindhak dhateng peken nitih sepedah onthel.

Ukara ing dhuwur nggunakake basa...

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

42.

Klepon iku panganan tradisional sing asale saka Jawa. Klepon digawe saka glepung ketan sing diiseni gula jawa lan diwenehi parutan klapa.

Klepon nduweni bentuk bunder cilik lan warnane ijo. Nalika dicokot, gula jawa sing lumer saka njero ngambah ilat karo rasa manis sing khas. Parutan klapa ing njabane nambah rasa gurih.

Klepon asring ditemokake ing pasar tradisional utawa ing bakul jajanan.

Wacan ing dhuwur mujudake karangan/ teks...

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

argumentasi

d)

eksposisi

43.

Pitutur luhur utawa piwulang becik sing bisa kapethik saka crita rakyat diarani...

a)

biografi pengarang

b)

sudut pandhang

c)

amanat

d)

papan panggonan

44.

Pak Suroso saben dina makarya ngrumat jaran. Jaran-jaran kuwi manut manut marang Pak Suroso. Apa wae perintahe Pak Suroso, mesthi dilakoni. Pak Suroso dhemen ngrumat jaran. Penggaweane Pak Suroso diarani...

a)

pakathik

b)

merbot

c)

carik

d)

prajurit

45.

Titikane/ ciri-cirine teks narasi yaiku...

a)

Bisa dirasakake migunakake pancadriya

b)

Obyek sing dibahas nyata

c)

Wong sing maca kaya ngalami dhewe

d)

Migunakake basa padinan

46.

Para leluhur ing tanah Jawa, nyebut angkasa kanthi sebutan...

a)

bapa ibu

b)

bapa angkasa

c)

ibu pertiwi

d)

jagad raya

47.

Basa ngoko lugu digunakake kanggo...

a)

Ibu marang bapak

b)

Wong kang durung akrab

c)

Wong tuwa marang bocah enom

d)

Wong kang diajeni banget

48.

Wong sing tukang mbeleh rajakaya diarani...

a)

jagal

b)

empu

c)

juragan

d)

pandhe

49.

Wulu, suku, pepet, taling lan taling tarung kalebu jinise sandhangan...

a)

panyigeg wanda

b)

wyanjana

c)

swara

d)

ukara

50.

Aksara iki di waca...

a)

toko buku

b)

tuku sapu

c)

toko roti

d)

tuku tahu