Font size
WorksheetsUndha usuk basa kls 7
Total questions: 51
Worksheet time: 38mins
Mbenjing enjing kula sampun dugi. Ukara kasebut manawa disalin nganggo basa ngoko lugu dadi....
Sesuk sore kula sampun rawuh
Sesuk esuk aku wis teka
Sesuk esuk kula sampun kesah
Sesuk sore aku wis teka
Panjenengan kala wau punapa sampun ... saestu?
mangan
nedha
maem
dhahar
Kowe mau apa wis turu tenan. Ukara kasebut yen disalin nganggo basa ngoko alus, dadi...
Panjenengan mau apa wis sare tenan?
Sampeyan wau napa pun tilem saestu?
Ndika kalawau napa sampun tilem saestu?
Panjenengan kalawau punapa sampun sare saestu?
Apa kuwi tukonmu?, Ukara kasebut manawa disalini nganggo basa krama lugu dadi....
Apa kuwi pundhutan panjenengan?
Punapa niku tumbasan sampeyan?
Punapa niku tumbasan panjenengan?
Punapa punika pundhutan panjenengan?
Kowe apa sida lungan menyang Malang? Ukara kasebut manawa disalin nganggo basa krama alus dadi...
Sampeyan punapa siyos kesah dhateng Malang?
Ndika napa siyos lunga teng Malang?
Panjenengan apa sida tindak menyang Malang?
Panjengan punapa estu tindak dhateng Malang?
Kowe dhek wingi ditukokake sepatu ing ngendi? Ukara kasebut manawa disalin nganggo basa krama lugu dadi..
Panjenengan dhek wingi dipundhutake sepatu ing ngendi?
Sampeyang dhek wingi ditumbasake sepatu ing ngendi?
Sampeyang kala wingi dipuntumbasaken sepatu ing pundi?
Panjenengan kala wingi dipunpundhutaken sepatu ing pundi?
Kowe ora usah mulih turu kene wae! Ukara kasebut yen diowahi mawa basa krama alus dadi....
Sampeyan ora usah wangsul, tilem kene wae!
Sampeyan boten usah mantuk, tilem mriki mawon!
Panjenengan ora usah kondur, sare kene wae!
Panjengengan boten usah kondur, sare mriki kemawon!
Kowe ora usah mulih turu kene wae! Ukara kasebut yen diowahi mawa basa ngoko alus dadi....
Kowe ora usah kondur sare kene wae!
Panjenengan ora usah kondur sare kene wae!
Panjenengan boten usah kondur sare kene kemawon
panjengenan ora usah mantuk tilem mriki mawon
Kowe dikongkon mangan saiki! Ukara kasebut yen diowahi mawa basa krama alus dadi....
Panjenengan diatur nedha saiki
Sampeyan diaturi nedha saiki!
Panjenengan diaturi dhahar sakmenika
Panjenengan dipunaturi dhahar sakmenika
Kowe dikongkon mangan saiki! Ukara kasebut yen diowahi mawa basa ngoko alus dadi....
Panjenengan dipunaturi nedha saiki!
Panjenengan diaturi dhahar saiki!
Panjenengan diaturi dhahar sakmenika!
Panjenengan dipunkengken nedha saiki!
Jajan iki ... adhikmu. Isine ... sing trep yaiku
wenehna
lungna
caosna
paringna
Isinen kanthi tembung kang terp manut unggahungguhe basa! "... diutus ibu mundhutake oleholeh."
Kowe
Sampeyan
Ndika
Panjenengan
Isinen kanthi tembung kang terp manut unggahungguhe basa!
"... aturana dhahar saiki!"
Aku
Budi
Adhik
Eyang
Isinen kanthi tembung kang terp manut unggahungguhe basa!
"Bapak... dhahar saiki!"
wenehana
paringana
caosana
kekana
Ngendikane bu guru, kajaba ngajeni marang wong tuwa bapak, lan ibu, ing kulawarga kita uga kudu ngormati marang...
Eyang amarga sing paling sepuh.
Pakdhe lab budhe amarga kangmas lan mbakyune bapak / ibu.
Paklik lan bu lik amarga sing paling cedhak karo kulawarga.
Eyang, pakdhe-budhe, paklik-bulik lan anggota keluarga liyane kang kapernah sepuh
Basa krama sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa...
(a)
Bu Shofia ngutus aku supaya ora telat maneh. Ukara kasebut kalebu unggah-ungguh basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Undha-usuk basa cacahe ana pira....
3
4
5
6
Dheweke lagi mangan tela godhog ing mburi omah. Kalebu undha usuk basa....
ngoko lugu
ngoko alus
ngoko andhap
ngoko inggil
Bu Shofia ngutus aku supaya ora telat maneh. Ukara kasebut kalebu unggah-ungguh basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Pak Aula ora mangkat ning sekolah amarga lara.
Yen diucapke antarane murid lan murid kang bener yaiku. . . .
Pak Aula ora mangkat menyang sekolah amarga lara
Pak Aula ora tindak menyang sekolah amarga gerah
Pak Aula ora tindak ning sekolah amargi lara
Pak Aula boten tindak menyang sekolah amarga gerah
Pak Aula boten tindak menyang sekolah amarga lara
Pak Aula ora mangkat ning sekolah amarga lara.
Yen diowahi dadi basa krama alus kang bener yaiku. . . .
Pak Aula boten tindak menyang sekolah amargi gerah
Pak Aula boten tindak menyang sekolah amargi lara
Pak Aula ora mangkat nyang sekolah amarga lara
Pak Aula ora mangkat nyang sekolah amargi gerah
Pak Aula ora tindak sekolah amarga lara
Ukara kang trep saka ilustrasi gambar ing ndhuwur yaiku. . . .
Enjang menika Bapak ngunjuk teh anget
Enjang niki Bapak ngombe teh anget
Esuk iki Bapak ngombe teh anget
ESuk menika Bapak ngunjuk teh anget
Enjang menika Bapak ngombe teh anget
Tembunge kabeh nggunakake tembung krama, diarani tembung . . . .
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
krama inggil
“Pak Ali mundhut obat resep
dhokter, ngandikanipun kala wingi calon garwanipun
gerah."
Tuladha ing ndhuwur nganggo undha usuk tembung. . . .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama andhap
5. Omahmu wis diresiki apa durung?
Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku .. . .
a. Dalemipun panjenengan sampun diresiki napa dereng?
b. Dalemipun sampeyan wis diresiki apa durung?
c. Griyanipun panjenengan sampun diresiki punapa dereng?
d. Griyanipun sampeyan sampun dipunresiki punapa dereng?
Angka 25 kramanipun dados ....
kalih dosa gangsal
selangkung
selawe
salangkung
Titikanipun unggah-ungguh basa. ngoko lugu.
Panganggenipun kangge pacelathon tiyang sepuh dhateng putranipun.
Guru dhateng murid.
Pangarsa dhateng andhahanipun,
Sedaya wangsulan leres
Tuladha ukara ingkang ngginakaken basa ngoko lugu
Ibu tindak pasar numpak motor.
Ibu tindak kantor, kondure nitih taxi.
Dheweke menyang Sala numpak bus.
Yu Sri dhateng kantor lajeng
tumbasbumbon.
Tuladha ukara ingkang ngginakaken basa ngoko alus.
Edi menyang sekolah numpak pit.
Ibu tindak kantor, kondure nitih motor.
Ani dhateng peken tumbas bumbon.
Tumbas empon-empon
kangge punapa ta, Yu?
Kaginakaken dening putra dhateng tiyang sepuhipun, murid dhateng gurunipun, sedaya tembungipun krama kaliyan krama inggil.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bapak maos ariwarti, sinambi ngunjuk kopi.
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Apa tegese undha usuk basa Jawa?
Undha-usuk basa yaiku tata cara nulis cerkak
Undha-usuk basa yaiku aturan sopan santun nganggo basa
Undha-usuk basa yaiku aturan main dolanan tradisional
Undha-usuk basa yaiku aturan solah tingkah manungsa
Rani lan Angga lagi diskusi, apa bedane basa Krama lan basa Ngoko? Ayo, bantu dheweke!
Basa Krama kanggo ngomong karo wong sing dihormati, basa Ngoko kanggo kanca sebaya
Basa Krama kanggo dolanan, basa Ngoko kanggo upacara resmi
Basa Krama kanggo ngomong karo anak-anak, basa Ngoko kanggo wong tuwa
Basa Krama lan Ngoko ora ana bedane
Tiara, Rudi, lan Yuni lagi rembugan, kira-kira ukara "Panjenengan badhe tindak pundi?" iku nggunakake undha usuk basa...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Yen Laila, Joko, utawa Tiara arep takon marang guru nganggo undha usuk, undha usuk endi sing paling trep digunakake?
Krama Alus
Krama Lugu
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
Tembung-tembung ing ngisor iki sing kalebu Krama Inggil yaiku... (pilih 2 wangsulan)
Tilem
Nedha
Siram
Maos
Miturutmu tembung "pinarak" iku basa ngokone yaiku...
Lunga
lungguh
mangkat
nindakake
Ukara "Kowe wis mangan durung?" yen diowahi dadi krama lugu yaiku...
Kula sampun dhahar?
Panjengan sampun dhahar dereng?
Sampeyan sampun nedha dereng?
Panjenengan badhe dhahar?
Rina takon, "Apa tegese tembung 'sampun' ing basa Ngoko?" Kira-kira, apa jawaban sing bener?
Saiki
Durung
Wis
Baru
Yen sampeyan arep ngucapake "Aku arep lunga" nganggo krama lugu, apa sing kudu diucapake?
Kula ajeng kesah
Panjenengan arep lunga
Sliramu arep lunga
Sampeyan arep lunga
Krama lugune tembung kowe yaiku...
Sampeyan
Arek e
Panjenengan
Kula
Wekdal Bapak ...., kula ....
Tembung kanggo njangkepi supaya tepat kanggo Unggah-ungguhe yaiku .....
dhahar - siram
dhahar - adus
nedha - siram
mangan - adus
mangan - siram
Ing ngsior iki tuladha basa krama inggil kang trep yaiku ,,,,
Pak dhe kula dereng wangsul saking kelurahan.
Pak Dhe kula wis kondur saking kecamatan
Pak dhe nembe kemawon tindak dateng kantoripun.
Pak dhe durung sare amarga ngrampungake tugase
Pak dhe taksih dhahar karo Ibu wonten warung.
Basa Krama Alus digunakake kanggo, kajaba......
Bocah marang wong tuwa
Murid marang gurune
Wong kang wis dhewasa marang wong dhewasa liyane kang durung akrab
Simbah marang putune
Lare kaliyan bpk/ibu
"Ibuku wis balik saka pasar numpak pit motor', Tembung kasebut minangka dadi basa krama Alus .....
Ibu kula sampun kondur saking peken nitih sepedha motor.
Ibu kula wis kondur saking peken nitih sepedha motor.
Ibuku sampun kondur saking peken nitih sepedha motor.
Ibu kula sampun kondur saka pasar nitih sepedha motor.
Ibu kula wis wangsul saka pasar nitih sepedha motor.
Sukarni mundhut gula 1/2kg karo beras 1 kg, tembung kasebut miturut unggah ungguh basa klebu ......
Krama Lugu
Krama Alus
Krama Inggil
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
Kagatosna pacelathon menika!
Farrel :”Kula nuwun”
Bu Dwi :”E, Mas Farrel. Kadingaren sore-sore mrene. Mangga lenggah!”
Farrel :”….”
Bu Dwi :”Ora dadi ngapa, rak ya padha slamet ta?”
Wangsulanipun Farrel ingkang trep miturut unggah-ungguh basa, inggih menika ….
“Nyuwun pangapunten sowan wonten griyanipun ibu.”
Nyuwun pangapunten sowan wonten dalemipun ibu.”
“Nyuwun ngapura sowan wonten dalemipun ibu.”
“Nyuwun ngapura sowan wonten griyanipun ibu.”
“Nyuwun pangapunten tindak dalemipun ibu”.
Kepiye anggonmu omong marang Bapakmu, ngandhani menawa Bapak kon mulih sedhela karo Simbah?
Bapak kon mulih sedhela karo Simbah.
Bapak dipundhawuhi Simbah kondur sekedhap.
Bapak diaturi Simbah kondur sekedhap.
Bapak didhawuhi Simbah wangsul sekedhap.
Bapak didhawuhi mulih sedhela karo Simbah.
Bagas nalika ing toko buku ketemu karo gurune kang asmane Bu Bekti, anggone sapa aruh Bagas marang Bu Bekti becike yaiku …
Bu Bekti, badhe napa niki?
Bu Bekti, ajeng tumbas napa bu?
“Bu Bekti, badhe mundhut menapa bu?”
“Bu Bekti, badhe tumbas napa bu?”
Bu Shofia ngutus aku supaya ora telat maneh. Ukara kasebut kalebu unggah-ungguh basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
