wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

CERITA RAKYAT

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.
Tumindak sing paling trep supaya crita rakyat tetep nduweni teges yaiku …
a)
Mung maca kanggo hiburan
b)
Ngumpulake crita sing paling rame
c)
Mangerteni lan nerapake piwulangé ing urip saben dina
d)
Ngganti alur crita miturut karepe dhewe
2.
Crita rakyat nduweni versi kang beda-beda amarga crita kasebut sumebar kanthi cara …
a)
Dicithak lan disebarake sekolah
b)
Gethok tinular saka tutuk menyang tutuk
c)
Ditulis dening panulis profesional
d)
Disusun adhedhasar fakta ilmiah
3.
Crita sing nyritakake asal-usule alam utawa jagad raya lan gegayutan karo dewa-dewi diarani …
a)
Mite
b)
Sage
c)
Legendha
d)
Fabel
4.
Bedane antarane sage lan legendha yaiku …
a)
Sage tansah nyritakake kewan
b)
Legendha ora nduweni unsur sejarah
c)
Sage nduweni dhasar sejarah sanajan akeh wuwuhan crita
d)
Legendha mung kanggo bocah
5.
Crita babagan kancil sing bisa mikir lan tumindak kaya manungsa klebu fabel amarga …
a)
Dipercaya nyata dening masarakat
b)
Gegayutan karo dumadine papan
c)
Adhedhasar sejarah jaman biyen
d)
Paragane kewan nanging tumindake kaya manungsa
6.
Piwulang kang ana ing crita rakyat dianggep wigati amarga …
a)
Bisa nuntun tumindak becik ing urip bebrayan
b)
Bisa dadi crita hiburan wae
c)
Mung kanggo bocah cilik
d)
Kanggo ngisi wektu luang
7.
Crita rakyat isih diajarke ing pamulangan basa Jawa amarga …
a)
Critane cekak lan prasaja
b)
Ngandhut nilai budaya lan piwulang luhur
c)
Supaya bocah seneng ngrungokake dongeng
d)
Mung kanggo ngelingi jaman biyen
8.
Crita rakyat sing ora dimangerteni sapa pangriptane nuduhake sipat …
a)
Imajinatif
b)
Tradhisional
c)
Kolektif
d)
Anonim
9.
Salah siji upaya sing paling trep kanggo njaga crita rakyat supaya ora ilang yaiku …
a)
Nulis maneh lan nyebarake liwat media anyar tanpa ngilangi piwulangé
b)
Mung disimpen ing arsip lawas
c)
Ngganti paraga dadi tokoh modern
d)
Ora perlu dilestarèkake
10.
Crita “Damar Wulan” diarani sage amarga …
a)
Nyritakake kewan
b)
Nduweni dhasar sejarah senajan kebak wuwuhan crita
c)
Gegayutan karo dewa-dewi
d)
Mung kanggo hiburan
11.
Sawijining crita nyritakake asal-usule papan, isine kebak imajinasi lan diwarisake kanthi lesan diarani legendha amarga ...
a)
Isine mung kanggo hiburan
b)
Duwe unsur imajinasi lan diwarisake kanthi lesan
c)
Dicritakake dening siji wong tartamtu
d)
Nduweni data sejarah kang cetha
12.
Tetenger legendha “kolektif” nduweni teges yen …
a)
Crita mung diduweni dening siji kulawarga
b)
Crita digawe dening panulis tartamtu
c)
Crita dianggep dadi duweke rakyat bareng-bareng
d)
Crita mung sumebar ing sawijining sekolah
13.
Yen ana crita legendha sing saka jaman biyen nganti saiki isine ora owah akeh, tetenger kasebut yaiku …
a)
Anonim
b)
Imajiner
c)
Statis
d)
Didaktif
14.
Salah siji kagunane crita legendha minangka hiburan kanggo pamaca yaiku …
a)
Bisa maringi rasa seneng lan hiburan
b)
Bisa ngganti sejarah nyata
c)
Bisa dadi sumber data ilmiah
d)
Bisa nemtokake fakta sejarah
15.
Crita tokoh pawongan sing dipercaya tau urip nanging critane akeh tambahan klebu jinis …
a)
Legendha pawongan
b)
Legendha papan
c)
Legendha alam gaib
d)
Legendha keagamaan
16.
Crita kang tujuane kanggo ngandharake bab makhluk alus utawa roh diarani ...
a)
Legendha pawongan
b)
Legendha keagamaan
c)
Legendha alam gaib
d)
Legendha papan
17.
Crita “Dumadine sawijining desa utawa kutha” diarani legendha papan amarga …
a)
Nyritakake tokoh agama
b)
Nduweni piwulang agama
c)
Nyritakake pawongan misuwur
d)
Gegayutan karo asal-usul lan papan tartamtu
18.
Kagunan crita legendha sing maringi rasa tentrem lan nyenengake diarani …
a)
Didaktif
b)
Estetis
c)
Rekreatif
d)
Religius
19.
Yen pamaca bisa mangerteni endi tumindak becik lan ala sawise maca legendha, kagunan kasebut yaiku ...
a)
Rekreatif
b)
Moralitas
c)
Estetis
d)
Religius
20.
Crita legendha isih cocog diwulangake marang siswa ing jaman saiki amarga …
a)
Critane ora tau owah
b)
Mung minangka crita lawas
c)
Isine tansah kebak unsur gaib
d)
Nduweni piwulang sing bisa ditrapake
21.
Manawa crita legendha ngemot piwulang agama lan keimanan, kagunan kasebut yaiku ...
a)
Moralitas
b)
Estetis
c)
Religius
d)
Rekreatif
22.
Supaya crita legendha tetep migunani lan ora ilang, sikap sing paling trep yaiku …
a)
Ngganti isine supaya luwih modern
b)
Nglestarekake lan njupuk piwulange
c)
Ninggalake crita lawas
d)
Mung nyimpen ing perpustakaan
23.
Adhedhasar crita Jaka Linglung, tumindake Ajisaka menehi sarat mateni Bajul Putih nuduhake sikap …
a)
ora percaya marang sapa wae
b)
adigang lan sewenang-wenang
c)
wicaksana lan nggatekake kabecikan umum
d)
mung ngandelake kekuwatan
24.
Piwulang saka pambudidaya Ajisaka mateni Bajul Putih kanggo rakyat yaiku …
a)
masalah kudu diadhepi kanthi kekerasan
b)
pemimpin kudu wani tumindak demi kamardikan rakyat
c)
kekuwatan fisik dadi solusi utama
d)
rasa wedi kudu ditampa apa anane
25.
Joko Linglung milih mulih liwat jero bumi supaya ora medeni rakyat, iki nuduhake watak …
a)
seneng pamer kekuwatan
b)
sabar lan nggatekake wong liya
c)
wedi marang rakyat
d)
ora precaya marang dhiri dhewe
26.
Sebab papan kasebut diarani Bledhug Kuwu yaiku …
a)
amarga ana gunung njeblug
b)
amarga swara ambegane Joko Linglung
c)
amarga ana peperangan gedhe
d)
amarga dhawuh Ajisaka
27.
Amanat utama saka crita "Dumadine Bledhug Kuwu" yaiku …
a)
kekuwatan iku kabeh-galane
b)
lelampahan adoh mesthi nyenengake
c)
kasetyan lan tanggung jawab bakal ngasilake kabecikan
d)
wong kuwat mesthi menang
28.
Paraga Bajul Putih diarani paraga antagonis amarga …
a)
tansah gawe cilaka lan sengsara tumrap rakyat
b)
ora netepi dhawuh Ajisaka
c)
nduweni wujud kewan gedhe
d)
kalah nalika ngadhepi Joko Linglung
29.

Ing sawijining dina, Joko Linglung sowan marang Ajisaka ing Medhang Kamolan. Tekane Joko Linglung ora tanpa sebab, amarga dheweke nduweni pepinginan tartamtu marang Ajisaka.

Joko Linglung sowan Ajisaka kanthi tujuan …

a)

Njaluk piwulang

b)

Njaluk pusaka

c)

Njaluk panggonan

d)

Njaluk diaku anak

30.
Watak Joko Linglung sajrone crita kasebut yaiku …
a)
sombong lan seneng pamer kekuwatan
b)
grusa-grusu lan ora mikir akibat
c)
setya, sabar, lan nggatekake kabecikan wong liya
d)
wedi ngadhepi tantangan
31.
Alur crita "Dumadine Bledhug Kuwu" sing diwiwiti saka pambuka tekan pungkasan yaiku …
a)
alur mundur
b)
alur maju
c)
alur maju-mundur
d)
alur campuran ora ajeg
32.

Joko Linglung mulih menyang Medangkamolan liwat …

a)

dalan

b)

jero bumi

c)

segara

d)

alas

33.
Amanat crita Bledhug Kuwu yen digayutake karo panguripan saben dina yaiku …
a)
saben dhawuh kudu ditindakake tanpa mikir
b)
kekuwatan fisik luwih wigati tinimbang akal
c)
netepi tanggung jawab kanthi ikhlas bakal nuwuhake kabecikan
d)
rasa kesel dadi alangan utama kasuksesan
34.
Tujuan Malin Kundang lunga adoh saka desane yaiku …
a)
Kepengin sinau agama
b)
Kepengin dadi prajurit
c)
Kepengin sugih bandha
d)
Kepengin ngumbara
35.
Ibune Malin Kundang ngidini putrane lunga amarga …
a)
Dipaksa saudagar
b)
Rumangsa ora seneng karo Malin
c)
Tresna lan ndhukung pepenginan anak
d)
Arep manggon piyambakan
36.
Tumindak Malin Kundang marang ibune nalika wis sugih yaiku …
a)
Ngormati lan ngrangkul
b)
Isin lan ora ngakoni
c)
Njaluk pangapura
d)
Ngajak manggon bareng
37.
Sebab ibune Malin Kundang duka banget yaiku …
a)
Malin ora sugih maneh
b)
Malin ora bali menyang desa
c)
Malin tumindak ala marang ibune
d)
Malin ninggal garwane
38.
Amanat saka crita Malin Kundang yaiku …
a)
Aja wedi lunga adoh
b)
Bandha iku paling wigati
c)
Anak kudu ngajeni wong tuwa
d)
Wong miskin ora pantes
39.
Piwulang kang trep miturut crita Malin Kundang yaiku …
a)
kedah tansah ngurmati lan mbekti dhateng tiyang sepuh
b)
kedah tansah nggoleki bandha
c)
kedah adigang lan adiguna
d)
kedah nyingkiri kulawarga
40.
Ing ngringkes crita, perkara kang ora kena ditindakake yaiku …
a)
Nggunakan basa dhewe
b)
Nglompokake gagasan utama
c)
Nambahi lan ngurangi isi crita
d)
Njupuk perangan wigati
41.
Urutan crita nalika ngringkes kudu …
a)
Diowahi supaya luwih cekak
b)
Ajeg lan ora diwalik
c)
Diganti manut karep
d)
Dicampur karo crita liyane
42.
Nalika nyritakake crita rakyat, pamicara kudu …
a)
Maca teks kanthi banter
b)
Apal lan mangerteni alur crita
c)
Nambahi crita supaya rame
d)
Nggunakan basa campuran
43.
Salah siji syarat nyritakake crita kanthi becik yaiku …
a)
Swara alon supaya tenang
b)
Tanpa salam pambuka
c)
Intonasi lan lafal kudu trep
d)
Mung nyebut paraga
44.
Bandhung Bandhawasa dadi ratu Prambanan amarga …
a)
Dipilih rakyat
b)
Nikah karo Rara Jonggrang
c)
Ngalahake Prabu Baka
d)
Warisan saka wong tuwa
45.
Rara Jonggrang ora gelem nampa lamaran Bandhung amarga …
a)
Bandhung ora sugih
b)
Bandhung wus kagungan garwa
c)
Bandhung merjaya ramane
d)
Bandhung ora sekti
46.
Syarat saka Rara Jonggrang supaya ora dadi garwane Bandhung yaiku …
a)
Gawe kraton anyar
b)
Gawe candi cacah sewu sawengi
c)
Ninggal Prambanan
d)
Tapa brata
47.
Sebab Bandhung Bandhawasa duka banget marang Rara Jonggrang yaiku …
a)
Rara ora ayu
b)
Rara ngapusi lan dora
c)
Rara lunga saka kraton
d)
Rara nolak kanthi kasar
48.
Pungkasan crita Rara Jonggrang yaiku …
a)

Dados reca

b)
Lunga saka Prambanan
c)
Dados patung
d)
Dados garwane Bandhung
49.

Tema crita “Candi Prambanan” yaiku …

a)
Perjuangan rakyat
b)
Katresnan lan kadurjanan
c)
Kawicaksanan ratu
d)
Persahabatan
50.
Amanat saka crita “Dumadine Candi Prambanan” yaiku …
a)
Kabeh panyuwun kudu dituruti
b)
Kekuwatan bisa ngrampungake kabeh
c)
Tumindak licik bakal nggawa cilaka
d)
Wong wadon kudu manut