WorksheetsAsesmen Sumatif Sesorah Kelas IX
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
“Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan hambok bilih cekap semanten rumiyin anggen kula matur, wonten lepatipun atur nyuwun agunging pangapunten.”
Andharan ing nginggil minangka pethikan pranatacara perangan ....
salam
panutup sesorah
puji syukur
isi
Langkung rumiyin mangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih, ingkang sampun paring kanikmatan dhateng kita sedaya satemah kita saged kempal ing adicara wisuda kelas 9 taun 2023 kanthi boten wonten alangan satunggal punapa.
Andharan kasebat minangka tuladha teks sesorah perangan ....
Salam
Atur Pakurmatan
Puji Syukur
Reroncening acara
Ukara ing ngandhap menika ingkang trep kagem murwakani sawijining adicara inggih menika ....
Para rawuh ingkang kinurmatan, mangga adicara kita wiwiti kanthi waosan Basmallah sesarengan.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mangga adicara kita bikak kanthi maos Basmallah sesarengan.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mangga adicara kita bikak kanthi waosan Basmallah sesarengan.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mangga adicara diawiti kanthi waosan Basmallah sesarengan.
Perangan sesorah ingkang suraosipun ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT dipunwastani ....
Pambuka
Pakurmatan
Pamuji syukur
Suraosipun/ wosing gati
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, para tamu undhangan ingkang ... (1) sarta para rawuh ing pantes sinudarsana, mangga sederengipun ....(2) kawiwitan kita sesarengan ngunjokaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten- pinten kanikmatan, katentreman sarta kesarasan dumateng kita sedaya satemah dugi ing titi wanci siyang menika .... (3) saged ....(4) wonten ing papan menika.
Kangge njangkepi angka (1) prayoginipun kaserat ...
Karohmatan
Karaharjan
Kawilujengan
Satuhu kinurmatan
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, para tamu undhangan ingkang ... (1) sarta para rawuh ing pantes sinudarsana, mangga sederengipun ....(2) kawiwitan kita sesarengan ngunjokaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten- pinten kanikmatan, katentreman sarta kesarasan dumateng kita sedaya satemah dugi ing titi wanci siyang menika .... (3) saged ....(4) wonten ing papan menika.
Kangge njangkepi angka (2) prayoginipun kaserat ....
Adicara
Pasamuan
Pengetan
Pahargyan
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, para tamu undhangan ingkang ... (1) sarta para rawuh ing pantes sinudarsana, mangga sederengipun ....(2) kawiwitan kita sesarengan ngunjokaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten- pinten kanikmatan, katentreman sarta kesarasan dumateng kita sedaya satemah dugi ing titi wanci siyang menika .... (3) saged ....(4) wonten ing papan menika.
Kangge njangkepi angka (3) prayoginipun kaserat ....
Para rawuh
Kula sami
Kula dalah panjenengan sami
Panjenengan
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, para tamu undhangan ingkang ... (1) sarta para rawuh ing pantes sinudarsana, mangga sederengipun ....(2) kawiwitan kita sesarengan ngunjokaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten- pinten kanikmatan, katentreman sarta kesarasan dumateng kita sedaya satemah dugi ing titi wanci siyang menika .... (3) saged ....(4) wonten ing papan menika.
Kangge njangkepi angka (4) prayoginipun kaserat ....
Makempal
Kempal manunggal
Angrawuhi
Ngempal
Parikan kanggo nyuwun pangapura ingkang leres inggih menika...
Kupat janure tuwa, menawi lepat nyuwun pangaksami
Mangan Klupat, mangan kluwa. Kehing lepat, dingapunten
Kupat kelane santen, menawi lepat nyuwun pangapunten
Kupat janura tuwa, menawi klentu nyuwun pangapura
Micara utawi medhar sabda kangge nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lesan ing sangajengipun tiyang kathah kawastanan ....
Wawan rembag
Sesorah
Panitilaksana
Tukar kawruh
Menawi badhe atur pangandikan wonten ing sangajengipun tiyang kathah, basa ingkang trep kaginakaken inggih menika ....
Basa krama lugu
Basa ngoko ingkang penting komunikatif
Basa boten kedah ngandhut suraos kaendahan
Basa ingkang prasaja, komunikatif, lan ngandhut suraos kaendahan
Ing ngandhap menika boten kalebet ancas saking sesorah inggih menika ....
Kanggo menehi hiburan
Kanggo menehi informasi
Kanggo nambahi seserepan
Kanggo nambahi ruweting pikir
Bab kang ora digathekake nalika sesorah yaiku ....
Wasana
Wicara
Wiraga
Wirama
Ing ngandhap menika minangka salah satunggaling teknik maos sesorah kanthi mboten wonten persiapan, kedah paring atur pangandikan dipunwastani ....
Memoriter
Impromtu
Ekstemporan
Maos naskah
Ingkang kalebet ing perangan purwaka . . . .
Wigatining sesorah, dudutan, salam panutup
Salam pambuka, atur pakurmatan, atur pangayubagya
Salam pambuka, atur pakurmatan, puji syukur
Salam pambuka, dudutan, pangajak
Nalika upacara Dina Sumpah Pemuda, instriktur upacara anggone sesorah maos teks kang wis dicawiske saka pemerintah. Cara sesorah ingkang dipuntindakaken dening pasarta lomba menika kawastanan . . . .
Memoriter
Ekstemporan
Manuskrip
Impromptu
Salah sawijining Pamedhar Sabda kedah saged njagibabagan solah bawa utawa patrap sing mantep lan teteg, ngadeg jejeg kaliyan tangan ngapurancang lan anteng, ora ndhangak utawa ndhungkluk terus, andharan kasebut mujudake syarat kang perlu ditindakake pemedhar sabda inggih menika ....
Wirasa
Wicara
Wirama
Wiraga
Salah satunggaling perangan sesorah ingkang wosipun ngaturaken menapa sedyanipun acara dipunadani dipunwastani ....
Pambuka
Pamuji syukur
Wosing gati/isi
Atur panutup
Kepareng kula ingkang piniji minangka talang basa saking kadang kula kelas IX, ngaturaken agunging panuwun awit sedaya piwulang dhateng kita sedaya satemah saged kasil lulus kanthi biji ingkang maremaken.
Andhara ing nginggil minangka pethikan saking sesorah perangan saking ....
Pambuka
Pakurmatan
Pamuji syukur
Wigating atur/wosing atur
Perangan sesorah ingkang urut inggih menika...
Purwaka, Wasana, Surasa/Wosing gati
Purwaka, Surasa/Wosing gati, Wasana
Wasana, Surasa/Wosing gati, Purwaka
Surasa/Wosing gati, Purwaka, Wasana
