wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Apa tegese pahargyan ?

a)

Upacara

b)

Piala

c)

Kabudayan

d)

masyarakat

2.

Sawijining upacara adat kang ditindakake nalika jabang bayi umur pitung lapan, yaiku adicara …

a)

Tingkeban

b)

Tedhak siti

c)

Mitoni

d)

Brokohan

3.

Larung sesaji petik laut iku ditindakake ing …

a)

Pesisir pulo Jawa

b)

acara panggih mantu

c)

adicara nyadran

d)

dino Jumat

4.

Upacara mecah klapa cengkir gadhing iku kalebu salah sijineng rerangkaian adicara ing …

a)

grebek suro

b)

brokohan

c)

tingkeban

d)

larung sesaji

5.

Tingkeban …

a)

ditindakake nalika jabang bayi ing kandhutan ibu ngancik pitung sasi

b)

ditindakake nalika bayi sinau mlaku ngancik lemak kang sapisan

c)

ditindakake nalika ibu lahiran alami ora mergo operasi

d)

ditindakake nalika bayi ngancik umur 7 sasi lan mulai mbrangkang

6.

Ing ngisor iki sing ora kalebu adicara umum, yaiku :

a)

Nyadran

b)

Grebeg sura

c)

Bersih desa

d)

Tedhak Siti

7.

Sing ora kalebu jenis adat istiadat yaiku :

a)

Grebeg Suro

b)

Memetri

c)

Pendidikan Naional

d)

Tedhak Siti

8.

Kaluwihane panganan tradisional yaiku . . .

a)

sehat, alami, nanging regane larang

b)

enak, wujude nyenengake, lan manis kabeh

c)

regane murah, sehat, lan alami

d)

regane larang, rasaene werna-werna

9.

Panganan iki digawe saka . . .

a)

glepung beras

b)

glepung gaplek

c)

glepumg dele

d)

glepung jagung

10.

Bahan kanggo gawe thiwul yaiku . . .

a)
b)
c)
d)
11.

Panganan iku jenenge . . .

a)

Thiwul

b)

Clorot

c)

Gatot

d)

Lemet

12.

Dina lan Pasaran ana ing kabudayan Jowo yen digabungake diarani . . .

a)

Pancawara

b)

Neptu

c)

Saptawara

d)

Weton

13.

Dina sising cacahe ana pitu ana ing kabudayan Jawa diarani . . .

a)

Saptawara

b)

Pancawara

c)

Pancanaka

d)

Saptaraga

14.

Gambar panganan iki kalebu jinis...

a)

Sega lan ambengan

b)

Sesaji lan kenduren

c)

Modern utawa kreasi

d)

Jajan Pasar

15.

ing ngisor iki jinis panganan tradisional kang awujud swga utawa ambengan, kajaba...

a)

Sega liwet

b)

Sega gandhul

c)

Sega Megana

d)

Karak

16.

Wajik, Krasikan, Jadah, lan Wingko babat yaiku jinis panganan tradisional kang awujud...

a)

sega lan ambengan

b)

Kenduren utawa sesaji

c)

Modern utawa kreasi

d)

Jajanan Pasar

17.

1. Adiacara kang dianakake ing omahe manten kakung diarani...

a)

mantu

b)

midodareni

c)

ngundhuh

d)

pawiwahan

18.

Gambar iki yaiku diarani adicara

...

a)

dodol dhawet

b)

dodol cendhol

c)

pasaran

d)

midodareni

19.

Adicara midodareni yaiku...

a)

Ketemune manten putri lan kakung

b)

Kaluwarga calon manten kakung nembung calon manten putri

c)

Adicara wengi persiapan sadurunge resepsi utawa ijab qobul

d)

Wong tuwa manten putri dodol dhawet

20.

Karepe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwit, yaiku ....

a)

Bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun.

b)

Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane.

c)

Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik.

d)

Bocah iku nyeker-nyeker pasir kang nduweni teges nggolek pangan.

e)

Bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung.

21.

Upacara larung sesaji biyasane dilaksanake ....

a)

Wulan Januari

b)

Wulan April

c)

Wulan Besar

d)

Wulan Sura

e)

Wulan Desamber

22.

Kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan ....

a)

Supaya bisa niru lan pinter nggambar wayang

b)

Supaya si bocah mbesuk seneng marang wayang.

c)

Supaya si bocah ndalang wayang.

d)

Supaya si bocah yen lair lanang nduweni watak satriya yen wanita nduweni sifat kaya becik kaya tokoh gambar.

e)

Supaya si bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik kaya ing gambar.

23.

Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kedadean ing dhaerah-dhaerah, kejaba ....

a)

ruwatan

b)

mudhun lemah

c)

karnaval

d)

mantenan

e)

larung sesaji

24.

Tujuan dianakake tedhak siten yaiku ....

a)

Bocah bisa ngliwati tantangan ing uripe.

b)

Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane.

c)

Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik.

d)

Bocah iku nyeker-nyeker pasir, kang nduweni teges nggolek pangan.

e)

Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, dene wis menehi kekuwatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandhiri.

25.

Piranti kanggo upacara adat tedhak siten yaiku....

a)

pengaron sing diisi kembang setaman

b)

kurungan

c)

klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan

d)

udhik-udhik utawi dhuwit logam dicampur kembang

e)

andha pring "Arjuna"

26.

Kang dikarepake ing upacara tedhak siten, yaiku ....

a)

Kareben bocahe sehat

b)

Kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep.

c)

Cedhake manungsa karo bumi.

d)

Kanggo ngendhani kadadean sing ora becik.

e)

Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

27.

Ing kegiayatn iki dumadi balang-balangan suruh. Iki tinemu ing adicara ....

a)

Dhahar kembul

b)

Kacar-kucur

c)

Bobot timbang

d)

Gantalan

e)

Singep sindur

28.

Kang diarani upacara tedhak siten, yaiku ....

a)

cedhak lemah

b)

mudhun lemah

c)

sepasaran

d)

lair sepisanan

e)

upacara slametan

29.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin

Dening Siti Purwati, S.Pd.

....

Nanging, jajalen ..... titenana

Yen panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku

Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan


Tema pethikan geguritan ing dhuwur yaiku ...

a)

Kursi empuk

b)

Kursi panas

c)

Pemulung

d)

Rosokan

e)

Pemimpin

30.

Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro, karangkulake ing pamidhangane penganten sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu lan para tamu, para sepuh. Iki tinemu ing adicara ....

a)

Dhahar kembul

b)

Kacar-kucur

c)

Bobot timbang

d)

Gantalan

e)

singep sindur

31.

Angen-Angen

Fara Fitriana


Yen ta iso, aku pengin sampurna

Sakora-orane kaya pari ing sawah

Migunani tumrap bebrayan

Nanging tetep ndingkluk andhap asor

Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa

Migunani wiwit oyot nganti janure

Utawa dadi wit ringin

Kuwat ngayomi sapada-pada

Yen ora aku pengin dadi lilin

Menehi pepadhang kanggo liyan

Ning nyatane aku amung manungsa sawantah

Ora rosa nadhan sesangan

Amung bisa netesake luh ing batin

Nalika gawe gela liyan

Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae

Aku ngerti,

Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh

Aku lan sapa wae sing iso ngayomi

Aku

Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku


(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)


Angen-angen iku ngemu teges ...

a)

Gegayuhan sing wus klakon

b)

Gegayuhan sing durung klakon

c)

Kanyatan sing wis dilakoni

d)

Kanyatan sing durung dilaksanake

e)

Kanyatan sing mokal kelakon

32.

Jingglengana geguritan ing ngisor!


Medhitasi Mangsa

Sumono Sandy Asmoro


....

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake

Samubarang kang ana ing sadhuwure

Kabeh winih dithukulake

Ora metung papak lancipe


Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...

a)

Kudu milah lan milih

b)

Tumindak sakarepe

c)

Kang ngina mring sasama

d)

Ora oleh mbeda-mbedake

e)

Kudu bisa mbeda-mbedakake

33.

Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan ...

a)

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu

b)

Basane endah, mentes lan mantes

c)

Basa rinengga, mentes lan mantes

d)

Guru swara, guru sastra lan guru basa

e)

Purwakanthi, pepindhan lan paribasan

34.

alon bantere swara, selaras-seimbange swara nganti dadi kaya wirama kang endah, iku diarani ...

a)

diksi

b)

tempo

c)

dinamika

d)

artikulasi

e)

modulasi

35.

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanth guru ...

a)

swara i

b)

sastra t

c)

basa/lumaksita kali

d)

swara um

e)

sastra g

36.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

c)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

d)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

e)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

37.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

sedulur

38.

gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda//


kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...

a)

pandeleng

b)

pangganda

c)

pangrungu

d)

pangarasa

e)

panindak

39.

kalebu struktur batin geguritan yaiku ...

a)

tema lan amanat

b)

diksi lan tipografi

c)

enjambemen dan lelewaning basa

d)

purwakanthi lan wirasa

e)

panyitra lan diksi

40.

geguritan iku kangga gampange diarani uga ...

a)

kakawin jawa kuna

b)

kidung jawa pertengahan

c)

tembang macapat

d)

tembang campursari

e)

puisi gagrag anyar