wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal Pidato & pranatacara

Total questions: 55

Worksheet time: 53mins

Name
Class
Date
1.

Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani …

a)

sesorah

b)

geguritan

c)

nembang

d)

ndhalang

2.

Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…

a)

wigatining atur

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

salam pambuka

3.

(1) Isi/Surasa

(2) Purwaka

(3) Panutup

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

4.

Jinise pidhato miturut cara utawa teknik ngandharake isine pidhato kaya ing ngisor iki, kajaba ....

a)

apalan

b)

dadakan

c)

maca teks

d)

tinulis

5.

Sawijine katrampilan sing diudi sajrone nyinau basa Jawa yaiku pidhato.

Pidhato iku kalebu jinising katrampilan ....

a)

nulis

b)

maca

c)

micara

d)

nyimak

6.

Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....

a)

teknik pidhato

b)

urutan pidhato

c)

paraga pidhato

d)

kerangka pidhato

7.

Conto babagan penutup teks pidhato, yakuwe....

a)

Cekap semanten atur kula, menawi lepat nyuwun pangapunten

b)

Mangga sami muji maring Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita teksih saged kempal wonten papan ngriki

c)

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca batir sing tak tresnani

d)

Batir kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut maring guru, lan netepi aturan sekolah

8.

Tema pidhato neng dhuwur, yakuwi....

a)

pengetan Dinten Pahlawan

b)

nampani murid anyar

c)

perpisahan kelas VI

d)

pentas seni

9.

Wong sing pidhato neng dhuwur, yakuwi....

a)

wali murid

b)

wakil sekolah

c)

siswa kelas VI

d)

kepala sekolah

10.

Sesorah nganggo cathetan cilik, isine balungane karangan diarani ....

a)

Ekstemporan

b)

Impromtu

c)

Apalan

d)

Nganggo naskah

11.

Tujuan pidhato utawa sesorah ing ngisor iki kajaba….

a)

menehi informasi

b)

menehi hiburan

c)

menehi piwulang

d)

acara perpisahan

12.

Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.

Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….

a)

surasa basa/isi

b)

salam pambuka

c)

purwaka basa

d)

wasana basa/panutup

13.

Tembung pakurmatan sesorah kang ditindaake ana ngarep kanca sekelas yaiku….

a)

kanca-kanca ingkang kinurmatan

b)

kanca-kanca ingkang wilujeng

c)

kanca-kanca kang dak tresnani

d)

para kanca sedoyo mawon

14.

1. Perangane sesorah yaiku...

a)

A. Isi lan panutup

b)

B. Pambuka, isi (Surasa) lan panutup

c)

C. Uluk salam lan panutup

d)

Pambuka lan panutup

15.

Sing kudu disiapake nalika sesorah kajaba...

a)

Swara

b)

Intonasi

c)

Ekspresi

d)

Nesu

16.

Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.

Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.


Ukara ing ndhuwur medhote sing bener yaiku ....

a)

Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//

b)

Sumangga/Panjenengan/sedaya/kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//

c)

Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//

d)

Sumangga/Panjenengan sedaya/kula dherekaken/ngaturaken raos syukur/konjuk ing ngayunan dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//

17.

Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.

Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.


Ukara sing surasane padha karo teks kasebut yaiku ....

a)

Cekap semanten atur kula.

b)

Karesikan iku wujud saka satengahe iman.

c)

Bapak Ibu ingkang winantu ing suka basuki.

d)

Mangga sami ngaturaken pamuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung.

18.

Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....

a)

supaya pamiyarsa betah mirengake

b)

supaya sing dingendikakake gampang ditampa

c)

supaya katon bregas mrebawani

d)

supaya padha seneng

19.

Sebutan kanggo wong kang nglantarake pidhato yaiku ...

a)

orator

b)

mubalig

c)

guru

d)

pak kyai

20.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.


Ingkang maos pidhato ing duwur yaiku ….

a)

bapak/ibu kepala sekolah

b)

guru kelas VI

c)

perwakilan siswa kelas VI

d)

adhik-adhik kelas

21.

Wong kang nindhaake tanggap wacana (sesorah utawa pidhato) di arani…

a)

Pamedharsabda

b)

Pambiwara

c)

Waranggana

d)

Pranatacara

22.

Tanggap wacana bisa disebut ngomong ing ngarepe wong akeh. Salah siji contoh tanggap wacana yaiku pranatacara. Tugas e pranatacara yaiku…

a)

Ngatur lumakune sawijine acara murih bisa lumaku kanthi rancag.

b)

Menehi sesorah utawa ceramah.

c)

Menehi suguhan ing para tamu.

d)

Ngatur apa wae kang dibutuhake nalika acara.

23.

Wacaen kang premati bagian teks pidato ing ngisor iki kanggo jawab soal !

………………….

Puja puji syukur konjuk dhateng ngarsanipun gusti ingkang maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula arupi kesehatan jasmani lan rohani, saengga ing wekdal punika kita saget ngawontenaken pepanggihan kangge ngrembag bab kaleksananing lomba karesikan lingkungan.

…………………

Wacan ing dhuwur kalebu struktur teks pidato yaiku….

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Andharan isi

d)

Panutup

24.

Ing ngisor iki ana bab-bab sing kudu diandharake jroning mbukak sawijine acara, kajaba…

a)

Ngrangkum asile utawa lumakune adicara seng wes ditindhakake

b)

Uluk salam

c)

Puji syukur konjuk ing ngarsane Allah SWT

d)

Miwiti acara sarana mimpin dungo pambuka

25.

Ing ngisor iki ana bab-bab kang kudu digatekake jroning nindhakake tanggap wacana, yaiku…

a)

Obahe awak di gawe-gawe

b)

Lagune swara kudu monoton

c)

Swarane kudu jelas lan cetha

d)

Ulate becike mbesengut

26.

Ing ngisor iki kang termasuk teknik tanggap wacana yaiku…

a)

Teknik nulis naskah

b)

Teknik nyalin naskah

c)

Teknik maca naskah

d)

Teknik nurun naskah

27.

Ing ngisor iki pernyataan struktur teks tanggap wacana kang bener yaiku !

 

(pilih 2 jawaban)

a)

Contoh salam pambuka yaiku uluk salam lan ngucapno sugeng enjing/sonten.

b)

Contoh pambuka yaiku ngaturaken pakurmatan marang sapa ae sing rawuh.

c)

Contoh andharan isi yaiku ngaturaken pamuji syukur ing ngarsane Allah SWT.

d)

Contoh panutup yaiku mujudaken dudutan  (kesimpulan) lan andharan atur panuwun marang sapa ae sing rawuh.

28.

Ing ngisor iki kang mujudake tugas pranatacara yaiku !

(pilih 2 jawaban)

a)

Mbuka acara

b)

Ngrangkum kabeh lumakune acara

c)

Ngaturake pesan moral

d)

Nyiyapake apa ae kang dibutuhake ing sawijine acara

29.

Syarat baku kang kudu di nduwei pranatacara yaiku !

(pilih 2 jawaban)

a)

Olah swara

b)

Olah busana lan olah raga

c)

Umur cukup

d)

Bisa ndongo

30.

Jroning nindakake tanggap wacana, ana bab-bab kang kudu digatekake yaiku !

(pilih 2 jawaban)

a)

Ngadeg jejeg (percaya diri)

b)

Swarane cetha (aja kebanteren lan aja kelirihen)

c)

Suarane monoton

d)

Ulate becike mbesengut

31.

Teks tanggap wacana (pidato) lan pranatacara disusun saking pirang-pirang struktur. Ing ngisor iki kang kalebu struktur kasebut yaiku !

(pilih 2 jawaban)

a)

Andharan isi

b)

Salam pakurmatan

c)

Andharan manfaat

d)

Salam sapaan

32.

Wong kang nindhakake pidhato kudu nggatekake unsur-unsur apa wae?

a)

Kabah jawaban bener

b)

Materi lan struktur pidhato

c)

Ekspresi wajah lan gerakan tangan

d)

Swara lan intonasi

33.

Tujuan utama pidhato yaiku kanggo ...

a)

ngatur acara

b)

nghibur pamireng

c)

ngedum informasi

d)

ngajak diskusi

34.

Ing ngendi pidhato biasane diadani nalika acara resmi?

a)

Ing rapat informal

b)

Ing media sosial

c)

Ing panggung acara

d)

Ing kelas

35.

Tujuan utama pidhato yaiku ....

a)

menehi informasi

b)

menehi hiburan

c)

ngajak diskusi

d)

menehi piwulang

36.

Wong sing nindakaken pidhato kudu nggatekake apa wae?

a)

Swara lan intonasi

b)

Jumlah pamireng

c)

Wektu lan papan

d)

Materi lan cara penyampaian

37.

Ing ngendi pidhato bisa dilakoni kajaba ...

a)

Ing acara resmi

b)

Ing kelas

c)

Ing media sosial

d)

Ing pasar

38.

Ing ngendi pidhato bisa dilakoni kanthi cara virtual?

a)

Ing acara resmi

b)

Ing pasar

c)

Ing media sosial

d)

Ing kelas online

39.

Ing pidhato, apa wae sing kudu dipikirake supaya pesen bisa diterima kanthi apik?

a)

Tujuan lan audiens pidhato

b)

Gaya lan nada pidhato

c)

Contoh lan ilustrasi

d)

Kabeh jawaban bener

40.

    wong kang nduweni kewajiban hambiwarakake laku-lakune tatacara/adicara ana ing salah sawijining pahargyan utawa wong duwe gawe supara bisa tumata kanthi urut.

a)

sesorah

b)

pambiwara

c)

tanggap wacana

d)

pidato

41.

Regeng lan rancak orane sawijining adicara gedhe dadi tanggung jawabe....

a)

pemedar sabda

b)

pranatacara

c)

tanggap wacana

d)

pamiyarsa

42.

pidato kanthi cara menika namung ngagem chatetan alit ingkang isinipun cengkoronganipun pidhato yaiku cara ....

a)

naskah

b)

apalan

c)

improptu

d)

ekstemporan

43.

ngaturake salam pakurmatan ingkang sapisanan marang para tamu utawa sing rawuh saged kanthi ngucap “assalamu alaikum wr wb” utawi salam kasugerngan “sugeng enjing, siang, sonten, dalu” yaiku struktur teks pidato....

a)

panyapa

b)

salam pambuka

c)

pambuka

d)

surasa basa

44.

salam pambuka, panyapa, purwaka/pambuka, surasa basa/isi, wigatine/kesimpulan, pangajeg-ajeg, wusana /penutup, salam panutup....

a)

paranatacara

b)

MC

c)

Sesorah

d)

pambiwara

45.

cekap sementen ingkang saged kula aturaken, mboknilih wonten kekirangan saha kelepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. ukara kasebut kagolong strukstur teks pidato bagiyan....

a)

panyapa

b)

surasa/isi

c)

wusana/panutup

d)

salam panutup

46.

ing ngisor iki metode pidato, kajaba....

a)

cara naskah

b)

cara apalan

c)

cara dadakan

d)

cara tunjukan

47.

Tugase pambiwara/ pranatacara yaiku.....

a)

menehi kawruh

b)

ngatur lakune acara

c)

menehi informasi hal tartamtu

d)

menehi hiburan

48.

Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika….

a)

Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi

b)

Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.

c)

Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab

d)

Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan

e)

Pranatacara kedah nggatosaken wicara, wirama, wiraga lan wirasa, dene sesorah menika boten prelu

49.

Gathekna pethikan ing ngisor iki!

Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya.


Tuladha iku diarani…

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Salam panutup

d)

Panutup

e)

Isi

50.

pidhatokang kudu ditindadake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut diarani pidhato . . . .

(a)  

51.

Perangane pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang gusti kang maha agung diarani. . . .

(a)  

52.

Gatekna wacan ing ngisor iki!


“ ing desa Semampir bakal ana pemilihan kepala desa, sing bakal ditindakake tanggal 12 Pebruari 2020. Ing desa Semampir ana 3 calon kepala desa, yaiku pak Hasan, pak Maftuh, lan pak Rizal. Telu-telune calon sing pada kuat lan sae-sae, pada semangat arep dadi calon kepala desa. Mulai tanggal 30 Nopember 2019 calon kepala desa bakal mulai ngadakno kampanye-kampanye ing saben-saben RT ”.


Saka petilan wacan ing nduwur, miturut tujuwane pidato kasebut kelebu jenis....

a)

Menehi kawruh

b)

Menehi hiburan

c)

Menehi woro-woro

d)

Menehi pengajak-ajak

53.

Gatekna wacan ing ngisor iki!


“Saiki wes wayahe ulan Agustus, wes meh wayahe akeh lomba-lomba sing bakal diadakno ing RW 1 kaya biasane. Tahun iki pak Adi (ketua RW 1) bakal ngadakno lomba karnaval saben RT, beda kaya tahun biasane seng ora ana lomba karnaval. Sedurunge diumumna, pak Adi ngajak kumpul santai karo para RT ing balai RW 1 kanggo bahas lomba agustusan iki”.


Tuladha wacan ing nduwur kelebu jenis pidato.......

a)

Resmi

b)

Dadakan

c)

Ora resmi

d)

Setengah resmi

54.

Miturut kahanane pidato kaperang dadi telu, yaiku kahanan resmi, kahanan setengah resmi, kahanan ora resmi. Sing diarani kahanan setengah resmi yaiku......

a)

Pidato kang tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora keiket wektu, isi tetep kudu runtut, nanging isih bisa dikembangake

b)

Pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pemirenge, ora keiket dening wektu

c)

Pidato sing ditindakake dening pejabat ana ing acara resmi sing keiket dening wektu lan isine

d)

Pemicara bisa ngandharake babagan kang keiket anane wektu lan isi

55.

Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab sing kudu digatekake nalika nindakake pidhato yaiku..

a)

swara lan pocapan cetha

b)

Enggal-engal dirapungi supaya ora kedawan anggone sesorah

c)

Nggunakake unggah-ungguh basa sing becik

d)

Mangerteni sapa wae sing rawuh lan swasanane saengga bias ngetrapake tata trapsila sing becik