wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS 8 B JAWA

Total questions: 45

Worksheet time: 1hrs 8mins

Name
Class
Date
1.

Irah-irahan pawarta kang pas kanggo gambar sing ana ing soal yaiku...

a)

Lapangan Reged ing Desa Warak

b)

5 Sapi Dibeleh kanggo Idul Qurban

c)

Kerja Bakti ing Desa Warak

d)

Masjid Ngadakake Sholat idul Adha

2.

"Dina Kemis, 10 September 2020 ing Madrasah Bandung Sruni ana pirang-pirang siswa kang positif COVID 19."


Saka pethilan pawarta iku, unsur pawarta sing ora ana yaiku...

a)

who

b)

where

c)

why

d)

when

3.

Unsur kang jlentrehake babagan sapa utawa tokoh kang ana ing pawarta yaiku?

a)

What

b)

Where

c)

When

d)

Who

4.

Koran utawa ariwarti yaiku wujude pawarta?

a)

Nyata

b)

Cetak

c)

Siaran

d)

Lisan

5.

Unsur "how" ing pawarta iku nerangake ...

a)

kapan prastawa iku dumadi

b)

ing ngendi prastawane dumadi

c)

kepriye dumadine prastawa iku

d)

kenangapa bisa kedadeyan

6.

Saka pethikan pawarta kasebut, apa kang diwartakake?

a)

dianakake pilihan bupati ing Kebumen

b)

pilihan Kepala Desa serempak sekabupaten

c)

kecurangan nalika pemilihan

d)

akeh Desa kang ora melu pemilihan

7.

"Selasa, 25 Juni 2019" iku nerangake babagan ...

a)

kapan prastawane dumadi

b)

kapan katrangane diwartakake

c)

kapan anggone ndhaptar melu pemilihan

d)

kapan wong-wong bisa maca pawarta kasebut

8.

Bu Ratna : "Kowe mau bengi apa ndeleng TV?"

Sinta : "........."

Bu Ratna :" Iya aku uga ndeleng."


Wangsulanipun Sinta ingkang trep kaliyan unggah-ungguh...

a)

"Inggih , kula ningali, panjenengan menapa inggih mirsani?"

b)

"Inggih kula ningali, sampeyan napa nggih ningali?"

c)

"Inggih kula mirsani, panjenengan inggih mirsani?"

d)

"Inggih kula ningali, sampeyan napa nggih mirsani?"

9.

1). Pak, panjenengan dhahar rumiyin kemawon!

2.) Saben Kemis sore Dwi melu ekstra karawitan ana sekolahan.

3.) Sedaya sampun sarujuk menawi dinten Minggu badhe dipunwontenaken kerja bakti lingkungan kelas.

4.) Astane mas Adi keseleo nalika kondur kantor.

5.) Rikmanipun pakdhe sampun pethak sedaya benten kaliyan rikmanipun bapak ingkang taksih cemeng sedaya.

Ukara ing dhuwur kang migunanake basa krama alus yaiku...

a)

1), 2), 4)

b)

3), 4)

c)

1), 3), 5)

d)

1), 3)

10.

Bu guru nggawa buku. Tembung nggawa krama aluse ....

a)

Mbeta

b)

Ngasta

c)

Nyangking

d)

Pirsa

11.

Ngirit Banyu

Bu Rita : “Adam, Nabil, lagi ngapa?”

Adam : “Kula kaliyan Nabil siram-siram Bu.”

Nabil : “Inggih Bu, ngrencangi mas Adam siram-siram.”

Bu Rita : “Banyu sing kanggo siram-siram saka ngendi?”

Adam : “Toyanipun saking sumur Bu.”

Bu Rita : “Biasane yen ketiga ngene iki asat. Alhamdulillah yen isih megung. Nanging aja lali, banyu kudu diirit.”


Kepriye biasane banyu sumur yen mangsa ketiga?

a)

Irit

b)

Megung

c)

Asat

d)

Awet

12.

Nalika Angga mulih sekolah, bapake durung kondur. Dheweke banjur nyuwun pirsa marang ibune.


Manut unggah-ungguh kang bener ukarane yaiku….

a)

Bu, Bapak mulihe jam pira?

b)

Bu, Bapak wangsulipun jam pinten?

c)

Bu, Bapak konduripun jam pira?

d)

Bu, Bapak konduripun jam pinten?

13.

PUASA ?


Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.

Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..

Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau sederenge Subuh.

Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!

............ Ujug-ujug bapak rawuh.

Bapak: Lha. Kaya kuwe jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.


Unggah-ungguh Basa Jawa sing dienggo adhi yaiku ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

14.

Deni: "Kula Nuwun ...!"

Bu Tuti: "Manggaaa! Ee Nak Aji, ngeneh, ngeneh mlebu!"

Deni: "Enggih Bu, matur nuwun. Nuwun sewu napa Beni wonten nggriya, Bu?"

Bu Tuti: "Sedhela Den, Andi lagi diutus bapake tuku obat neng apotek prapatan kae lho. Enteni sedhela, ora suwe koh!"

Deni: "Bapak gerah napa, Bu?"

Bu Tuti: "Biasa koh, wong angger kesayahen ya kaya kuwe. Siki sida padha arep sinau klompok apa?"

Deni: "Enggih Bu, ko Ibu priksa?"

Bu Tuti: “Andi mau wis matur Ibu."


Masalah sing dadi topike pacelathon wacan ndhuwur yakuwe...

a)

Beni diutus bapake

b)

Bapake Beni lagi gerah

c)

Deni nemoni Beni

d)

Sinau klompok

15.

Nalika nindakake pacelathon bab kang kudu digatekake antara liya kejaba...

a)

Sikep sarira

b)

Busana

c)

Isine pacelathon

d)

Undha usuk basa

16.

Nalika dijak guneman kudu...

a)

Ngguyu

b)

Gojek

c)

Ngematake sing ngejak guneman

d)

Ngece

17.
a)

1995

b)

1885

c)

1776

d)

1886

e)

1996

18.

Pasangan aksara na yaiku ....

a)
b)
c)
d)
19.

Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Enak

d)

Jare

20.

aksara swara kang unine U yaiku ....

a)
b)
c)
d)
21.
a)

mangan roti

b)

mangan nanas

c)

mangan apel

d)

mangan kates

e)

mangan gedhang

22.
a)

ngangkat watu

b)

ngangkat banyu

c)

ngangkat wajan

d)

ngangkat omah

e)

ngangkat semangka

23.

Tembung kasebut nduweni pasangan

a)

da

b)

wa

c)

ma

d)

ca

24.

Aksara jawa sing digunakake kanggo pakurmatan, diarani aksara. . . .

a)

legena

b)

sandhangan

c)

murda

d)

rekan

25.

Dumadine Kutha Salatiga

 

      Ki Ageng Pandhan Arang sadurunge dadi wali inh Temayat Klaten, sejatine sawijining adapati sing sugih mblegendhu ing kadipaten Semarang. Nalika isih madeg dadi adipati, Ki Ageng Pandhan Arang misuwur medhit lan srakah bandha. Sawise ketemu lan diwelehake dening Sunan Kalijaga kang memba-memba dadi tukang ngarit, Ki Ageng Pandhan Arang mertobat lan prasetya bakal meguru marang Sunsn Kalijaga. Piyambake pengin ngudi kawruh sampurnaning urip miturut ajaran lan iman Islam. Sunan Kalijaga kersa nampa Ki Pandhan Arang dadi siswane menawa kersa ninggalake sakabehe urip kadonyan, kalebu bandha donya lan kamukten minangka adipati. Sang adipati nyendikani ngendikane Sunan Kalijaga, piyambake banjur ninggalake kadipaten Semarang saisine tanpa nggawa apa-apa.

Piwulang apa sing bisa dijupuk saka pethikan crita ing dhuwur?

4 lines
26.

Miwah ta sabarang karya,

ing prakarya kang gedhe lan kang cilik,

papat iku aja kantun,

kanggo sadina dina,

rina wengi nagara miwah ing dhusun,

kabeh kang padha ambegan,

papat iku aja lali.       

      Tembang pangkur ing dhuwur, tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru lagune !

4 lines
27.

Kejaba Ngayogyakarta, Solo uga klebu salah sijine kutha sing kondhang ngasilake blangkon. Menawa ing Ngayogyakarta punjere perajin blangkon mapan ing kampung Bugisan, in Solo ana ing kampung Protojayan kec.Serengan. Anane kerajinan blangkon Protojayan iku pranyata wis puluhan tahun kepungkur.Sok ngonoa, ora akeh sing ngerti, menawa sadurunge kawentar minangka sentra blangkon,Protojayan luwih kondhang dadi kampung “hitam” ing Solo. Kena apa sinebut kampung ireng, kabeh mau amarga kampung iki kerep digunakakekanggo ndhelik para durjana mligine maling utawa begal.

 

      Sawise kokwaca pawarta ing dhuwur, unsur-unsur panulise pawarta apa sing ana ing pawarta ing dhuwur?

4 lines
28.

Gawea pacelathon sing isine, kowe ngaturake layang idin saka kancamu marang bapak/ibu guru !

4 lines
29.

Rara Jonggrang arep dilamar dening ....

a)

Lelembut

b)

Prabu Baka

c)

Bandhung Bandhawasa

d)

Kawula

30.

Kanggo ngrampungake nggawe sewu candhi, Bandhung Bandhawasa ngerahake pasukan ...

a)

Prawan desa

b)

Pitik-pitik

c)

Telik sandi

d)

Lelembut

31.

Roro jonggrang ana gegayutane karo ....

a)

candi prambanan

b)

candi borobudur

c)

candi pawon

d)

candi cetho

32.

"Ing sawijing dina, langit katon mendung lan Wulan lungguh ing dhuwur watu kaliyan nangis". Unsur instrinsik ingkang katon ing pethikan crita kasebut yaiku ....

a)

alur

b)

setting/latar

c)

pitutur luhur

d)

irah-irahan (judul)

33.

Rara Jonggrang serik manahipun dhateng Bandung Bandawasa amargi....

a)

Sampun mejahi ramanipun lan nguwasani kratonipun

b)

Boten saguh ndamelaken candhi cacahipun sewu

c)

Boten purun nampi katresnanipun Rara Jonggrang

d)

Remen kaliyan para wanita ing kraton Boko

34.

legenda iku nggunakake basa...

a)
Krama lugu
b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

35.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Deduga lawan prayoga. Tembung prayoga tegese yakuwe....

a)

apik

b)

awak

c)

para anak

d)

para yogа

36.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Myang watara reringa aywa lali. Tembung aywa lali tegese...

a)

aja klalen

b)

ayuh klalen

c)

padha klalen

d)

seneng klalen

37.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Tembung reringa tegese...

a)

ngajeni

b)

ngati-ati

c)

ngregani

d)

sembrana

38.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Teks tembang Pangkur kuwe ana ...

a)

12 pada

b)

14 pada

c)

16 pada

d)

17 pada

39.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Tembang Pangkur kuwe guru gatrane ana ..

a)

2 gatra

b)

4 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

40.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Guru wilangane tembang Pangkur gatra kaping papat ana ...

a)

2 wanda

b)

4 wanda

c)

6 wanda

d)

7 wanda

41.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Manut tembang Pangkur anggone kita lungguh, ngadeg, mlaku, ngucap,meneng Jan turu kuwe...

a)

klalen duga prayoga

b)

kudu klalen duga prayoga

c)

kudu nganggo duga prayoga

d)

ora prelu nganggo duga prayoga

42.

Pangkur


Mapan watake manusa,

pan ketemu ing laku lawan linggih,

solah muna-muninipun,

pan dadi panengeran ingkang,

kang apinter kang bodho miwah kang luhur,

kang sugih lan kang melarat,

tanapi manungsa singgih.


Guru lagune tembang Pangkur gatra kaping lima yakuwe....

a)

hur

b)

luhur

c)

u

d)

ur

43.

Pangkur


Mapan watake manusa,

pan ketemu ing laku lawan linggih,

solah muna-muninipun,

pan dadi panengeran ingkang,

kang apinter kang bodho miwah kang luhur,

kang sugih lan kang melarat,

tanapi manungsa singgih.


Guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur gatra kaping enem yakuwe...

a)

7 a

b)

7 art

c)

8 a

d)

8 rat

44.

Pangkur


Mapan watake manusa,

pan ketemu ing laku lawan linggih,

solah muna-muninipun,

pan dadi panengeran ingkang,

kang apinter kang bodho miwah kang luhur,

kang sugih lan kang melarat,

tanapi manungsa singgih.


Manut tembang Pangkur kuwe nuduhna menawa wateke menungsa kuwe bisa dideleng sekang ....

a)

drajat kapinterane

b)

drajat kasugihane

c)

drajat kebodhohane

d)

tingkah lakune

45.

salinen nganggo aksara latin!

4 lines