wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

B. JAWA LATIHAN SAS I 2425

Total questions: 35

Worksheet time: 35mins

Name
Class
Date
1.

Punakawan

       Yen lagi nonton wayang kulit,gara-gara iku wektu sing dienteni dening penonton amerga ana ing wektu iku para punakawan yaiku Semar lan anak-anake,Petruk,Gareng,lan Bagong pada gegojekan sinambi para pesinden nyayi.Kadangkala nekakake pelawak sing bisa nambah semarake suasana pagelaran wayang kulit amarga agawe lelucon.Kritik lan saran uga metu ing wayah punakawan di pagelarake.Nanging sing rumangsa kena kritikan ora mangkel,ya mung cengar-cengir malah melu ngguyu merga ana punakawan sing agawe lelucon nanging akeh pitutur kabecikane.

Manut informasi ing duwur,wektu sing dienteni naliko nonton pagelaran wayang kulit yaiku....

a)

punakawan

b)

gara-gara

c)

pesinden

d)

pelawak

2.

Kang kasebut punakawan yaiku... .

a)

semar,Gareng,Petruk lan sinden

b)

gareng,petruk,Bagong lan pelawak

c)

semar,Gareng,Petruk lan Bagong

d)

petruk,Bagong,Semar lan sinden

3.

Titikane (ciri-ciri) teks informasi yaiku ....

a)

sumber informasi asifat ora valid lan ora bisa dipertanggungjawabake

b)

kang diandharake dianggep minangka sawijining kedadeyan kang wigati (penting)

c)

alur lan panggonane ora diandharake kanthi cetha

d)

kang diandhharake awujud cerito karangan kang ora bener kedadeane

4.

Jinise teks informasi salah sijine yaiku ... .

a)

Informasi langsung

b)

Informasi penting

c)

Informasi pendaftaran

d)

Informasi rahasia

5.

Gatekna pranyatan ngisor iki!

1.diandarake kanthi lisan lan  papan

2.diandarake kanthi lisan lan  tulisan

3.diandarake kanthi tulisan lan panggonan

4.diandarake kanthipapan lan tulisan

Wujude informasi manut sumbere sing bener ditunjukake nomer....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

6.

Salah sijine unsur pembangune teks informasi yaiku ....

a)

sapa

b)

tulisan

c)

radio

d)

berita

7.

Catetan bab-bab kang wigati gegayutan karo unsur 5W+1H, iku termasuk babagan...ana ing teks informasi

a)

teknik nulis

b)

teknik nyeritaake

c)

unsur pembangun

d)

titikane (ciri-ciri)

8.

Salah sijine teknik nulis teks informasi yaiku ....

a)

tulisane kudu apik

b)

diandharake kanthi panjang lebar

c)

alur dumadine kedadean ora kudu runtut

d)

nggunaake basa kang gampang dimangerteni

9.

Unsur pembangun informasi kang nuduhake wektu dumadine sawijining kedadeyan, yaiku ....

a)

geneya

b)

kapan

c)

apa

d)

ana ingendi

10.

Tembang kang kaiket karo wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani ....

a)

tembang kenangan

b)

tembang macapat

c)

tembang pitutur

d)

tembang lagu

11.

Gambuh

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur, ketula-tula ketali

Kadaluwarsa kapatuh

Kapatuh pan dadi awon.

Tembang macapat iku dumadi saka ... gatra

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

12.

Gambuh

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur, ketula-tula ketali

Kadaluwarsa kapatuh

Kapatuh pan dadi awon.

Tembang macapat iku arane tembang ...

a)

Maskumambang

b)

Gambuh

c)

Mijil

d)

Megatruh

13.

Kang cinatur polah kang kalantur tegese ukara ing tembang iku, "sing dadi omongan yaiku lakon kang ...

a)

Apik

b)

Kebablasan

c)

Elek

d)

Sopan

14.

Cacahing wanda saben sagatra, diarani ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru gatra

d)

Guru bahasa

15.

Ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat yaiku, Kajaba ...

a)

Gambuh

b)

Sinom

c)

Pangkur

d)

Campursari

16.

Gambar ing pinggir iki jenenge ...

a)

Gareng

b)

Semar

c)

Bagong

d)

Petruk

17.

Tulisan iki diwaca ...

a)

Numpak kapal

b)

Numpak sepur

c)

Numpak sepeda

d)

Numpak motor

18.

Sapa ae sing kasebut Punakawan ...

a)

Semar, bagong, krisna, janaka

b)

Semar, bagong, petruk, bima

c)

Semar, bagong, gareng petruk

d)

Semar, janaka, krisna, bima

19.

Tembang macapat Gambuh kedadean saka guru lagu ...

a)

u, u, i, u, o

b)

a, i, u, e, o

c)

a, u, u, i, o

d)

u, u, a, u, o

20.

Gatekno pachelaton iki !

Ibu        : “Nduk, Bapakmu ana ngendi?”

Rani      : ...

Tembung kang mathuk Kangggo jangkepi ceceg-cecek ana ing pacelathon ing duwur yaiku...

a)

"Bapak maca koran dhateng teras, Bu."

b)

"Bapak maos koran ing teras, Bu."

c)

"Bapak maca koran ing teras, Bu."

d)

"Bapak maos koran dhateng teras, Bu."

21.

Tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwo, yen diparibasanke "anak polah ....

a)

Sakarepe dewe

b)

Biyung kapiran

c)

Bapa kepradah

d)

Rama cengkah

22.

Banu lan adhine saben dina congkrah wae, ora bisa rukun, paribasane ...

a)

Kebo nyusu gudel

b)

Becik ketitik ala ketoro

c)

Ciri wanci lali ginawa mati

d)

Kaya banyu karo lengo

23.

Tembang macapat kang nggambarake manungsa kang nembe dilairake, yaiku ...

a)

Megatruh

b)

Mijil

c)

Kinanthi

d)

Asmarandana

24.

Pariwara yaiku padha karo... .

a)

Promosi

b)

Sesanti

c)

Narasi

d)

Iklan

25.

Panguripan ning endi wae mbutuhake oksigen

Tembung ing ndhuwur yeng di owahi dadi basa krama sing beber yaiku... .

a)

Panguripan wonten pundike mawon mbetahaken oksigen

b)

Panguripan wonten pundike mawon mbetahaken oksigen

c)

Pagesangan wonten pundike mawon mbetahaken oksigen

d)

Pagesangan ing  pundike mawon mbetahaken oksigen

26.

Pandawa lan Kurawa

                        Raden Dhestarastha iku putrane Begawan Abiyasa. Duwe adi loro aran Raden Pandudewanata lan Raden Yama Widura. Raden Dhestarastra krama karo dewi Gendari. Kagungan putra cacahe satus, ing antarane Duryudana, dursasana, dursilawati, Durmuka, Durmaganti,Citraksa, Citraksi, Kartamarma lan isih akeh meneh. Gandheng cacah satus mula diarani Sata Kurawa. Bala kurawa iku racake duwe watak dengki, srei, jail, methakil, daksiya sapadha-padha. Sing diagungake tumindak dursila. Gandheng Raden Destharastra kuwi wuta sing dadi ratu ana Ngastina Raden Pandhudewanata.

                        Raden Pandudewanata krama karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Putrane cacahe lima yaiku: Puntadewa utawa Yudistira ratu ing Ngamarta, Werkudara utawa Bratasena satriya ing Jodipati,sing panengah Janaka uga aran Arjuna satriya ing Madukara. Dene sing waruju kembar aran Nakula karo Sadewa. Nakula satriya ing Sawojajar lan Sadewa satriya ing Bumi Retawu. Putrane Raden Pandudewanata diarani pandhawa amarga cacahe lima.

                        Pandawa lan Kurawa duwe guru yaiku Begawan Durna saka padepokan Sokalima. Sadurunge Prabu Pandhudewanata seda meling karo Raden Destharastra supaya Ngastina besuk dipasrahake Pandhawa yen wis pada gedhe. Nanging Raden Destharastra mblenjani janji. Kraton dipasrahake marang raden Duryudana putrane sing gedhe dewe.

                        Pandhawa ora narimakake banjur njaluk baline kraton Ngastina. Prabu Duryudana sak sedulur cukeng ora gelem masrahake. Gandheng Kurawa kenceng ora gelem diajak apik-apikan, wusanane kapeksa Pandhawa ngrebut Kraton Ngastina sarana perang. Perange Kurawa lan Pandhawa mau diarani perang Barathayuda.

Crita ing dhuwur iku isine critane pandhawa lan Kurawa

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

27.

Prabu Drestarasta iku duwe anak lima kang diarani Sata Kurawa

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

28.

Pandhawa kang kaping telu iku Janaka utawa jejuluk Arjuna satriya ing Madukara

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

29.

Yudistira ratu ing Ngamarta, Bratasena satriya ing Jodipati, Arjuna satriya ing Madukara, Nakula satriya ing Sawojajar lan Sadewa satriya ing Bumi Retawu. Lima satriya iki putrane Raden Pandudewanata kang jejuluk Pandhawa

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

30.

Bharatayuda kwi perang antarane Pandhawa lan kurawa

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

31.

Wujude informasi iku ana 3 yaiku informasi saka triwarti, klawarti lan tulisan.

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

32.

Tembang Mijil iku kalebu salah sijine tembang macapat kang duweni pramlambang manungso dewasa

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

33.

Paragraf deduktif yaiku paragraf sing gagasan bakune manggon ana ing wiwitane paragraf.

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

34.

Unsur pembangun informasi cacahe ana nenem

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk

35.

Dono kuwi bocah kang landhep pikire, Landhep pikire tegese pinter

a)

Sarujuk

b)

Ora sarujuk