Font size
WorksheetsLatihan PAS Kelas 9 NSF
Total questions: 20
Worksheet time: 23mins
Sawah rong kedhok galengane sitok. Unen-unen iki menawa dibedhek batangane…
Godhong gedhang
Godhong randhu
Godhong mlinjo
Godhong kemangi
Bocah cilik blusak-blusuk neng kebon, batangane….
Tikus
Ula
Dom
Lawa
Bapak pocung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pocung dadi dahana
Cangkriman awujud tembang ing dhuwur batangane....
penthol korek
penthol cilok
penthol bakso
penthol cireng
Bapak pucung dudu mega dudu mendhung
ngambah dirgantara
darbe swiwi pindha peksi
lunga teka si pocung ngumbar suwara
cangkriman tembang ing dhuwur batangane....
montor
montor mabur
bis
sepur
Bapak pucung isih cilik kemul sarung
Bareng wis diwasa
Lukar sarung lukar klambi
Sepuh pisan den pocung nggo dandan-dandan
Tembang pucung ing dhuwur ngemot cangkriman kang batangane kang trep kaya ngisor iki....
Wit pari
Wit klapa
Wit empring
Wit gedhang
Kang kalebu cangkriman blenderan/plesedan, yaiku....
Pitik walik saba kebon
Kayu mati ginubed ula mati
Mau ana bakul wedhus ditaleni
Anake diidak-idak embokne dilus-elus
Perang Baratayuda tambah dina ora rampung, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.
Pethikan kasebut yen katitik saka strukture kalebu bagean .....
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Resolusi
Struktur teks carita wayang utawa teks narasi yaiku .....
Orietasi, Prastawa, Reorientasi
Idhentifikasi, Klasifikasi, Dheskripsi bagean
Orientasi, Komplikasi, Klimaks, Resolusi, Reorientai, Koda
Idhentifikasi, Komplikasi, Resolusi
SUMANTRI NGENGER
Ing sajabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan. Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasekten sing padha. Bedane, Bambang Sumantri tinakdir pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang.
………………………………………………….”
(Kacuplik saka Buku Kirtya Basa Kelas VII)
Adhedhasar cuplikan carita wayang "Sumantri Ngenger" cacahe paraga ana .....
2
3
4
5
Adhine Prabu Yudhistira kang awake gedhe lan kuwat jenenge....
Bima
Nakula
Sadewa
Arjuna
Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah…
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng piwucalan?”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, kula badhe dherek piwucalan.”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menawi kepareng kula ajeng dherek piwucalan.”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”
Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”
Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
wangsul
kondur
tindak
kesah
bali
Pak Camat : “Pak Heru, undangan kanggo Pak Lurah wis diparingke?”
Pak Heru : “Dereng Pak. Menika nengga ............... panjenengan”.
Pak Camat : “Kok durung?”
Pak Heru : “Bibar menika ajeng kula ..... Pak.”
Supados ukaranipun leres, tetembungan ingkang sae kangge njangkepi, inggih menika....
tanda-tangan; paringaken
tapak-asta; paringaken
tapak-asma; aturaken
tanda-tangan; wenehke
tapak-asma; caosaken
“Nok, yen mengko Pak Lurah wis ......, diaturi .... sik ya!”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
teka - lungguh
sowan - pinarak
sowan - lenggah
rawuh - pinarak
teka - pinarak
Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!
(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)
Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”
Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”
Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”
Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”
Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”
Bagas : “Inggih, Bu!”
Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan dialog kasebut yaiku....
Ngoko Lugu
Ngoko alus
Krama Alus
Krama lugu
Ubahlah kalimat-kalimat di bawah ini ke dalam bahasa Jawa ngoko alus: Mbah Kyai Abdurrahman sudah meninggal.
(a)
"Ghazali" menawa ditulis nganggo aksara Jawa ...
Ukara iki macane ... .
Festival
Festifal
Vestival
Pestifal
Pestipal
"Fatimah Nur Kharomah" menawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi ... .
"Ghani mangkat kuliah."
Ukara kasebut menawa ditulis aksara Jawa dadi ... .
