NEW
Font size
WorksheetsBahasa Daerah 8
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
Punggelan teks cerkak ing dhuwur miturut strukture kalebu bagean ....
resolusi
orientasi
reorientasi
komplikasi
Punggelan teks cekak kasebut kalebu struktur ....
resolusi
orientasi
reorientasi
komplikasi
Coba gatekna pethikan teks cerkak Kembang Suket ing ngisor iki!
Jenengku Warastri. Karepe wong tuwaku njenengake aku Warastri duwe pamrih amrih aku tansah waras. Undang-undanganku Tri. Umurku 16 taun, kelas XI ing sawijining SMU. Arep dakcritakake nalika aku isih sekolah ing SMP biyen.
Nalika aku SMP, aku duwe pikiran menawa Gusti kuwi ora adil marang aku. Satemene ora saben waktu aku duwe pikiran kaya mangkono. Nanging pancen kerep aku duwe pikiran kaya mangkono. Apa maneh nalika aku nyoba mbandhingake kahananku karo wong liya. Aku meri weruh Dewi sing pinter main basket. Nanging lha piye wong nyatane aku ora duwe bakat kanggo olahraga apa wae.
Saliyane iku aku uga meri yen nyawang kanca-kancaku padha nganggo klambi sing apik- apik, HP-ne uga weton anyar sing fiture akeh banget, bisa kanggo internetan, lan saiki sing nembe usum nembe padha seneng facebook-an. Aku ora bisa kaya mangkono jalaran pancen kahanan kulawargaku kalebu pas-pasan. Bisa mangan lan bisa sekolah wae wis untung banget.
Saka pethikan teks cerkak ing dhuwur, perangan struktur komplikasi diwiwiti ukara...
Jenengku Warastri
Aku meri weruh Dewi sing pinter main basket
Aku duwe pikiran menawa Gusti kuwi ora adil marang aku.
Aku uga meri yen nyawang kanca-kancaku padha nganggo klambi sing apik- apik.
Saka pethikan teks cerkak ing dhuwur, perangan struktur resolusi diwiwiti ukara ...
Ora krasa bel bali wis muni.
Satekane ing perpustakaan Awan kaget, amarga akeh banget murid sing melu seleksi.
Let pirang dina pengumuman seleksi geguritan.
Awan kaget matane nganti mlolo. Jenenge ana dhuwur dhewe.
Adhedhasar tabel ing ndhuwur sing kalebu unsur intrinsik cerita cekak ing nomer ….
A.I
B.II
C.III
D.IV
Gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Ora krasa bel bali wis muni. Rasane wektu mlakune cepet banget. Jam wis nunjukake angka telu.
Pethikan teks cerita cekak kasebut mujudake unsur instrinsik ....
tema
alur
paraga
latar
Gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Wengi kuwi Syifa’ mulih watara jam sepuluh, nalik udan grimis. Dheweke bubar mabar ing warkop cedhak prapatan. Satekane ing omah, Syifa’ langsung mlebu kamar. Sawise nglebokake sepedhane ing ruwang tamu, jejer karo montore bapake.
Pethikan teks cerita cekak kasebut mujudake unsur instrinsik ....
alur
tema
amanat
tokoh /paraga
Gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Satekane ing perpustakaan Awan kaget, amarga akeh banget murid sing
melu seleksi. Awan nglilingi kanca-kancane banjur mlebu menyang perpustakaan lan lungguh ing bangku sing kosong. Ora krasa wektu rong jam wis liwat. Kabeh siswa rampung seleksi geguritan. Banjur padha ndedonga bareng lan padha bali. Let pirang dina pengumuman seleksi geguritan. Bali sekolah Awan langsung tumuju ing aula. Papan pengumumane kebak. Amarga sing melu seleksi akeh banget. Awan ora sabar ndeleng asile. Tekan papan pengumuman dheweke
ndhredheg. Dheweke nunggu sepi, banjur ndeleng pengumuman.
Punggelan teks cerkak ing dhuwur nuduhake menawa latar/ setting ana ing ....
omah
pasar
sekolah
lapangan
Gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Sewengi sadurunge didhawuhi Pak Kardi, Tantri ngomong yen gelem nekani pagelaran. Tantri nglenggana yen dheweke wis tuwa. Dheweke trenyuh ana cah anom kayata Lintang lan Yuni sing duwe kawigaten nguripake kesenian tayub ing dhaerahe.
Saka punggelan cerita cekak kasebut, paraga utama yaiku ....
Pak Kardi
Tantri
Lintang
Yuni
Gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Ora krasa motor mio sing ditumpaki Yuni lan Lintang wis tekan papan wisata. Golek parkir ing sacedhake wisata supaya mlakune ora patia adoh. Pancen dina Minggu, tanggal enom sisan, dadi kebak wisatawan sing kepengin nyegerake pikir.
Jenis alur ing punggelan cerita cekak kasebut, yaiku ....
alur maju
alur mundur
alur campuran
alur linier
Jatmika bungah jingkrak-jingkrak sinambi sorak amerga pikantuk juwara nggawe lan maca geguritan.
Tembung ing ngisor iki tegese padha karo tembung 'bungah', yaiku ....
seneng
kembang
susah
sekar
Gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Didi bocah SMP kang dikenal marang kanca-kanca sekolahe ora gelem kekancan karo Abi sing misuwur nalika kulawargane iku dawa tangane. Babagan kasebut ndadekake Abi ora nduweni kanca.
...
Tembung 'dawa tangane' ing punggelan cerita cekak kasebut tegese ...
seneng pamer apa sing diduweni.
seneng tetulung.
seneng njupuk barange wong liya.
seneng maido kanca.
Aku ora ngerti mbesuk bakale dadi apa lan aku lega lila nampa sakabehane kang wis ginaris.
Tembung lega lila nduweni teges .…
lembah manah
legawa
ayem tentrem
sopan santun
Usule Gunadi Jedor nalika warga paguyuban ngepasi ngumpul ing omahe ngomong yen piranti sing durung nduwe bisa nyewa.
Tembung piranti tegese padha karo tembung ....
bahan
klambi
dhuwit
pekakas
“Anakmu sajake wis kendel dadi wakil kabupaten, jalaran wingi wis kasil dadi juwara siji ana sayembara Dhalang Cilik.”
Kosok balene utawa antonim tembung kendel yaiku ....
ilang
sepi
jirih
mati
(a) Pak Rudi ngukur lemah sing saiki dituku Pak Jodo.
(b) Amanda ngukur sikile amarga di cokot nyamuk.
Tembung Ngukur ing ukara (a) lan (b) kalebu tuladhane ....
sinonim
homonim
antonim
dasanama
Gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Krungu apa kang dingendikake dening bapake, Widya mung manthuk. Nanging sajroning batin dheweke isin banget. Dheweke ngrasa yen sasuwene iki dheweke ora beda adoh karo Gringging. Dheweke mung gelem tumandang yen diutus bapak utawa ibune. Mula awan iku dheweke janji bakal ngowahi tumindake. Dheweke ora pengin dadi kaya Gringging.
Saka punggelan cerita cekak kasebut, paraga utama yaiku ....
Ibu
Widya
Bapak
Gringging
Zainudin Dlongop ketiban awu anget. Tembung ketiban awu anget ateges....
kena ing pandakwa
ketaman pagawean
diomong kabeh eleke
disenengi marga lupute
Socane Gunarso padha pandheng – pandhengan sajak ana aneh Tembung soca nunggal teges karo....
Sirah
Pikiran
Mripat
Atine
“ Nuwun sewu, badhenyuwun pirsa, menapa leres menika dalemipun Pak Jimmy?”
Tembung myuwun sewu pirsa nunggal teges karo njalu...
Dhuwit
Apa-apa
Bandha
Ngerti
“ Oh ngerti aku. Sing sampeyan padosi nomer 25.”
Tembung nomer 25 nunggal teges karo tembung ...
Rongpuluh lima
Gangsal likur
Kalih dasa gangsal
Selangkung
Ukara: mundhuk-mundhuk memisan mamit mulih.
Ukara iki ngemu purwakanthi guru ...
Swara
Sastra
Basa.
Lagu
Aku malah dirasani ngalor ngidul ngetan ngulon. Ukara iki ngemu purwakanthi guru ...
Swara
Sastra
Basa
Lagu
Desa mawa cara, negara mawa tata. Ukara iki ngemu purwakanti guru ...
Swara
Sastra
Basa
Lagu
Unen - unen iki sing ngemu basa rinengga saemper karo " sapa salah seleh " yaiku....
Sluman slumun slamet
Ulat madhep ati karep
Ana awan ana pangan
Sabaya pati sabaya mukti
Coba gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Samubarang usaha ki, yen dilambari prihatin, mesthi aweh kabecikan. Dikangeli, diriyalati, disesuwun marang Gusti, njur dipasrahake sak wutuhe marang kapareng- E, mesthi apik dadine. Contone aku iki bakul sayur, mung sak bakul sayur ideran, rak sepele ta? Ewadene dadine jan akeh wong kepingin. Tenan kuwi, aku ora omong kosong.
Punggelan cerita cekak ing ndhuwur nuduhake menawa pengarang nggunakake sudut pandang ...
Wong kapisan
Wong kapindho
Wong katelu
Wong kapisan lan katelu
Gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Salwa lan Wulan, bocah cilik sadulur sing saben dina dolanan bareng. Dudu bocah kembar, nanging yen ana Wulan uga mesthi ana Salwa. Bocah loro kuwi beda umur rong taun lan nduweni sifat kang memper yaiku anteng, sregep, kreatif lan apikan. Senajan mangkono, Salwa nduweni sifat kang luwih isinan ketimbang Wulan, amarga Salwa umure luwih enom ketimbang Wulan.
Jenis alur ing punggelan cerita cekak kasebut, yaiku ….
Alur maju
Alur mundur
Alur linier
Alur campuran
Coba gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
Nalika isih sekolah ing Surabaya, Imron kalebu bocah kang sumringah lan tansah enthengan tangan. Saben ana kanca kang nandhang kesusahan mesthi bakal direwangi, masiya kudu ngurbanake kesenengane. Dheweke nindhakake iku kabeh kanthi rasa ikhlas, jalaran duwe panemu yen kanthi cara mangkono dheweke bisa ngrembakake pasrawungan.
Tembung entheng tangan ing punggelan cerita cekak kasebut tegese ….
seneng maido kanca
seneng milara kancane
seneng menehi pitulungan
seneng pamer apa sing diduweni
Dina matur, “ Kelas kula kawon kalih kelas sanese amargi kanca-kanca mboten kompak kados rumiyin”.
Ukara kasebut kalebu ukara ….
pakon
langsung
pitakon
ora langsung
Coba gatekna pethikan teks cerkak ing ngisor iki!
“Bapak lan ibu percaya marang awakmu, Den. Ibu lan Bapak tansah ndedonga supaya awakmu kasil, mula kuwi, awakmu kudu taberi anggone sinau supaya janjimu bisa kagayuh,” ature Bu Reni karo isih senggak sengguk ngempet tangis.
Tembung ing ngisor iki tegese padha karo tembung "taberi", kajaba ….
kesed
rajin
sregep
mempeng
“ Nduk , Ndari kuwi luwih cilik ketimbang awakmu, kowe ya ngerti dhwew piye sifate Ndari, dadi awakmu ya kudu sabar lan tlaten.
Kosok balen utawa antonim tembung sabar yaiku ….
sareh
seneng
sumanak
brangasan
Nitik patrape sing kliwat andhap asor, empere dheweke iku mung sopir pribadhi utawa bangsane utusan.
Tembung andhap asor nduweni teges ….
sopan santun
ayem tentrem
terang trawaca
grapyak sumanak
(a) Meja kaca Pak Budi dipecahake Nino.
(b) Tugas sing diwenehi BuSanti ana ing buku kaca15
Tembung kaca ing ukara (a) lan (b) kalebu tuladhane ....
antonim
sinonim
homonim
dasanama
Panjenengan dipundhutake ageman bathik wonten pundi? Ukara kasebut migunakake basa ….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Mas Ferdi mirsani pagelaran wayang kulit ing pendhapa kabupaten. Ukara kasebut migunakake basa ….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Aku lagi mangan nalika ibu budhal menyang pasar.
Ukara kasebut yen didadekake basa krama alus dadi ….
Kula nembe nedha wekdal ibu kesah dhateng peken.
Kula nembe nedha wekdal ibu tindak dhateng peken.
Kula nembe dhahar wekdal ibu tindak dhateng peken.
Kula nembe dhahar wekdal ibu kesah dhateng peken.
Bapak lan ibu guru iku tansah aweh kelonggaran marang siswane, lan samangsa ana sing kurang trep banjur kudu ngelingake.
Kahanan iki jumbuh karo sesanti/semboyan ….
Tut wuri handayani
Jer basuki mawa bea
Ing ngarsa sung tuladha
Ing madya mangun karsa
Luwih becik ora usah srawung karo uwong sing tumindake ala, amarga bisa ketularan tumindak ala.
Kahanan kang digambarake dening ukara ing dhuwur padha karo unen-unen …
Belo melu seton
Nabok nyilih tangan
Iwak klebu ing wuwu
Sandhing Kebo gupak
Gatekna crita ilustrasi ing ngisor iki!
Sinta lan Reni, bocah wadon loro iku saben dina dolanan bareng. Dudu bocah kembar, nanging yen ana Sinta uga mesthi ana Reni. Bocah loro kuwi nduweni sifat kang memper yaiku anteng, sregep, kreatif lan apikan. Ing sekolahan Sinta lan Reni uga nduweni prestasi ing bagagan Akademis lan Seni. Pancen bocah loro katone wis cocog banget.
Ilustrasi kang nggambarake kahanan kekancane Sinta lan Reni ing dhuwur iku padha karo unen-unen ...
Tumbu oleh tutup.
Bathok bolu isi madu.
Gong lumaku tinabuh.
Tuna satak, bathi sanak.
Gatekna crita ilustrasi ing ngisor iki!
Bagas bocah kang nduweni pangangen gedhe. Wiwit cilik dheweke kepengin dadi dokter. Nanging, bandha kang ndadekake wong tuwane ora percaya marang apa sing dikarepake. Bapake mergawe serabutan lan ibune amung dadi buruh umbah- umbah. Nanging, dheweke bisa mbuktikake yen bisa dadi dokter amarga dheweke pancen bocah kang pinter.
Ilustrasi kang nggambarake kahanane Bagas ing dhuwur iku padha karo unen-unen ...
Kere munggah bale.
Bathok bolu isi madu.
Cebol nggayuh lintang
Asu gedhe menang kerahe.
Gatekna ilustrasi ing ngisor iki
Bimo lan Andi nulungi Pak Kardi kang lagi susah amarga omahe kena banjir. Bocah loro kuwi ngrewangi ngresiki omahe Pak kardi. Bimo lan Andi nglakoni tumindak kasebut kanthi ikhlas tanpa nyuwun imbalan apa-apa.
Kahanan iki jumbuh karo sesanti/semboyan ...
Belo melu seton
Tut wuri handayani.
Jer basuki mawa beya.
Sepi ing pamrih rame ing gawe.
Coba gatekna ukara ing ngisor iki!
Kabeh kang dadi tingkah polahe anak iku tanggungane wong tuwa ibarate anak polah bapa ....
Paribasan sing ana ing ukara kasebut bacute ....
ketara
dhawuh
kepenak
kepradhah
Besuk ketekuk, pinter keblinger.
Paribasan kasebut ngemu purwakanthi guru ….
lagu
basa
swara
sastra
Ing ngisor iki unen unen sing ngemu purwakanthi guru basa, kajaba ….
Yitna yuwana lena kena.
Kalah cacak, menang cacak.
Gawe luwangan, ngurugi luwangan.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
Becik ketitik, ala ….
Bacute paribasan kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ….
Rawe-rawe rantas , malang-malang ….Bacute paribasan kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ….
Ukara mawa aksara Jawa kasebut yen ditulis ing aksara latin ...
Adigung adiguna adigang.
Adigang adigung adiguna.
Adigang adiguna adigung.
Adiguna adigang adigung.
Ing madya mangun karsa
Sesanti iki menawa ditulis aksara Jawa...
Ukara mawa aksara latin ibu tuku gula ing toko surya yen ditulis ing aksara Jawa ....
Tanggal 25 November biasane pengetan dina Guru Nasioanal. 25 Nopember yen ditulis akasara jawa yaiku....
