wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KUIS SESORAH KELAS XI

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ngandharake sawijining gagasan/ide lumantar lisan ing sangarepe wong akeh lan nduweni ancas tinamtu arane....

a)

budaya Jawa

b)

cerkak

c)

sesorah

d)

pawarta

e)

tembang

2.

Assalamualaikum Warahmmatullahiwabarakatuh

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan

Bapak, Ibu guru ingkang kula urmati

lan para kanca ingkang kula tresnani.

Perangan sesorah ing dhuwur kalebu bagean....

a)

purwaka-salam

b)

purwaka-isi

c)

purwaka-salam penutup

d)

purwaka-dudutan

e)

purwaka-atur pakurmatan

3.

Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rohmat dhateng panjenengan lan kula, satemah saged pepanggihan ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sammbekala. Mugi kasarasan, kawilujengan, miwah kabagyan tansah kasarira dhumateng panjenengan dalasan kula awit saking wilasaning Gusti Ingkang Maha Asih.

Pethilan tanggap wacana ing dhuwur kalebu perangan....

a)

atur pakurmatan

b)

atur puji syukur

c)

dudutan

d)

pangarep-arep

e)

salam penutup

4.

Ing ngisor iki kang ora mlebu metode sesorah yaiku....

a)

Apalan

b)

Ekstemporan

c)

Impromtu

d)

Naskah

e)

Wawanrembug

5.

Sesorah kang dilakoni kanthi nggawa cathetan cilik, kalebu metode sesorah....

a)

Apalan

b)

Ekstemporan

c)

Impromptu

d)

Naskah

e)

Wawanrembug

6.

Ing ngisor iki teknik maca pidhato kang bener yaiku....

a)

migunakake klambi kang larang

b)

migunakake klambi adat

c)

migunakake basa dhaerah dhewe-dhewe

d)

tema pidhato sekarepe dhewe

e)

mangerteni pamireng lan basane komunikatif

7.

Babagan kang kudu digatekake nalika sesorah yaiku, kejara....

a)

Basa

b)

Swara

c)

Swasana

d)

Solah bawa

e)

Busana kang awis

8.

Juru sesorah kudu tanggap ing sasmita, babagan iki ana gegayutane karo....

a)

patrap

b)

solah bawa

c)

basa

d)

busana

e)

kahanan

9.

Nalika ing acara Isra Mi'raj, dumadakan Pak Setyo didhawuhi menehi atur pambagyo kanggo Pak Lurah. Saka andharan ing dhuwur, bisa dimangerteni menawa Pak Setyo migunakake metodhe sesorah....

a)

naskah

b)

apalan

c)

impromptu

d)

ekstemporan

e)

wawanrembug

10.

Nalika mirengake sesorah, pamedhar sabda ngandharake wigatining rembug kang dadi wos ngendhikane. Perangan mirengake iku diarani....

a)

sapa sing ngendhika

b)

apa sing dirembug

c)

ana ing ngendi

d)

bayarane sepira

e)

kapan ditindakake

11.

Sing kalebu atur kasugengan ing sesorah yaiku....

a)

Ingkang satuhu kinabekten, para sespuh dalah pinisepuh ingkang anggun mastuti dhumateng pepoyaning kautaman.

b)

Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.

c)

Para kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

d)

Sumangga ngujokaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun

e)

Para remaja putra lan putri ingkang tansah kula tresnani

12.

Ing ngisor iki sing kalebu atur puji syukur marang Pangeran yaiku....

a)

Ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggun mastuti dhumateng pepoyaning kautaman.

b)

Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.

c)

Para kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

d)

Sumangga ngunjokaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun praing rahmat lan hidayahipun.

e)

Para remaja putra lan putri ingkang kula tresnani

13.

Cekap semanten anggen kula matur, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur, kula nyuun samudra pangaksami. Nuwun.

Perangan ing dhuwur kalebu....

a)

atur puji syukur

b)

atur kasugengan

c)

wedharing gati

d)

atur pangapunten

e)

atur panuwun

14.

Pamilihane basa sing ora kudu diugemi dening pamedhar sabda yaiku....

a)

sapa sing guneman

b)

sapa sing dijak guneman

c)

sapa sing sing digunem

d)

swasana nalikane guneman

e)

cara-carane guneman

15.

Sesorah kang biasane ditindakake dening pejabat utawa punggawa negara yakuwi nganggo metode....

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Spontan

d)

Ekstemporan

e)

Impromtu

16.

Bu Yani lunga maring pasar wayah esuk.

Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi basa Krama Alus yaiku....

a)

Bu Yani tindak dhateng peken wayah enjing.

b)

Bu Yani kesah maring pasar wayah esuk.

c)

Bu Yani tindak maring pasar wayah enjing.

d)

Bu Yani lunga maring peken wayah esuk.

e)

Bu Yani lunga menyang peken wayah esuk.

17.

Gegayuhan ingkang tuuju dhumateng katentreman llan rahayuning bangsa Indonesia tansah dipunudi lan tumanem ing sanubari kangge mujudaken nagari ingkang tata titi tentrem karta raharja, gemah ripah loh jinawi.

Tembung tata titi tentrem karta raharja kalebu purwakanthi....

a)

Guru lagu

b)

guru lumaksita

c)

guru swara

d)

guru sastra

e)

guru basa

18.

Ing ngisor iki kang kalebu purwaka basa ing sesorah yaiku....

a)

Wacana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kelepatan, kula nyuwun gunging pangaksami

b)

Unggah-ungguh menika kedhah dipunjagi ing bebrayan supados boten wonten ingkang salah tampi

c)

Mekaten atur kula, mangga sami nguri-uri kabudayan Jawi

d)

Cekap semanten, wilujeng siyang, nuwun

e)

Ingkang kinurmatan Bapak saha Ibu RT 05 RW 02 Dusun Karang tengah

19.

Wingi ibu tuku jeruk limang kilo.

Ukara ing dhuwur diowahi dadi ngoko alus yaiku....

a)

Wingi ibu mundhut jeruk limang kilo.

b)

Kala wingi ibu tumbas jeruk gangsal kilo.

c)

Wingi ibu tumbas jeruk limang kilo.

d)

Kala wingi ibu mundhut jeruk gangsal kilo.

e)

Wingi ibu tumbas jeruk gangsal kilo.

20.

Bapak sampun lunga dhateng Jakarta kalih dinten.

Saka ukara ing dhuwur tembung kang kleru yaiku....

a)

lunga

b)

dhateng

c)

kalih

d)

sampun

e)

dhateng