Font size
Worksheetsunggah ungguh basa 6
Total questions: 65
Worksheet time: 36mins
unggah ungguh yaiku....
Tata Krama
Tata basa
Tata Jawa
Tata nama
Yen matur Karo wong sing luwih sepuh, migunakake basa ...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama inggil
Yen Bendara ngendika dhateng Batur, migunakake basa...
Ngoko Lugu
Ngoko alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Basa kang ana campuran antarane ngoko lan krama yaiku...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama inggil
kram inggil tembung Turu yaiku...
Tilem
Sare
Nendra
Sirna
unggah ungguh tetepungan yaiku....
Nyuwun idin
Tata krama
Kenalan/sesrawungan
Njaluk pangapura
Bu Ranti : " Jenengmu Sapa Mas?"
Wildan : "........"
isenana cecek cecek ing duwur
jenengku wildan
aku wildan
nama kula wildan
asma kula wildan
yen sliramu arep mangkat sekolah, kepriye anggonmu pamitan marang bapak/ibu?
pak/bu, nyuwun sangu
pak/bu, kula nyuwun pamit
pak/bu, nuwun sewu
pak/bu mangkat sik
unggah ungguhe wong mlaku nglancangi ing dalan yaiku....
nuwun sewu, kepareng ngrumiyini
sikikan ya...
kepareng ndisik
nyuwun pangapunten, nglancangi
Yen sliramu weruh tanggamu kang lagi liwat ngarep omahmu, tanggamu mau bali saka pasar, kepriye unggah ungguhmu?
meneng wae ethok ethok ora ngerti
aruh aruh karo mlebu omah
aruh aruh ning ora ngowaske
aruh aruh karo matur "mundhut menapa bu?"
gatekna gambar kui, saka kono bakal ketemu menawa gambar kui ngandharake bab...
unggah ungguh tetepungan
unggah ungguh pamitan
unggah ungguh mlaku ing dalan
unggah ungguh aruh aruh
miturut gambar iki, ngandarake unggah ungguh apa?
aruh aruh
tetepungan
wong mlaku ing dalan
pamitan
yen omongan karo kanca kang wis akrab, migunakke basa apa?
krama
krama inggil
ngoko lugu
ngoko alus
unggah ungguh basa yaiku...
undha usuking basa miturut lungguhing tata nama
undha usuking basa miturut lungguhing tata krama
undha usuking tata krama miturut lungguhing basa
undha usuking tata krama miturut lungguhing basa krama
salah satunggaling unggah ungguh wong mlaku ing dalan yaiku..
mlaku liwat sisih kiwa
mlaku tansah ngati ati lan waspada
nyabrang liwat jalur Zebracross
nyabrang liwat tengen
Krama lugu Aku :
Kulo
Aku
ingson
beta
Ngako lugu ngasta
jupuk
nggawa
mbekto
nenteng
Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Krama lugune mangan, yaiku....
dhahar
Nedhi
mangan
Maem
Aku numpak sepeda, dene bapak ...
numpak
nitih
nganggo
nggawa
Anis : mengko sore sido latihan ora san?
Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.
Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...
Ngoko lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Madya
Krama Alus
Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”
Sunar : “....”
Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....
Dalem kula tebih sanget, Pak
Griya kula tebih, Pak
Dalem kula adoh, Pak
Omahku adoh, Pak
Bu Guru lagi nulis ing blabag.
Tembung nulis basa kramane yaiku . . . .
Maos
Nyerat
Lenggah
Nedha
Pak Ahmad kondur saka mesjid sawise shalat isya.
Tembung kondur tegese padha karo tembung . . . .
Mulih
Rawuh
Kesah
Dugi
Ibu lunga menyang pasar.
Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku . . . .
Ibu kesah dhateng peken
Ibu bidhal dhateng peken
Ibu tindak dhateng peken
Ibu rawuh saking peken
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...
ngoko alus
ngoko lugu
ngoko biasa
ngoko umum
Jingglengono 5 ukara ing ngisor
1. wong tuwa marang wong enom
2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane
3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane
4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor
5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni
Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....
1,2,3
1,2,4
2,3,4
2,4,5
3,4,5
Bu, pira rega gula limang kilo?. ukara iki yen di ubah basa krama yaiku
bu, pira regi gula gangsal kilo?
bu, pinten regi gendhis gangsal kilo?
bu, pinten regi uwos gangsal kilo?
bu, pinten regi sarem gangsal kilo?
Basa krama inggile maca
nonton
maos
ngunjuk
nitih
apa basa krama alus gambar iki
ngombe kopi
nginum kopi
dhahar kopi
ngunjuk kopi
Yen liwat sangarepe wong luwih tuwa kang padha lenggah kudune matur ...
Matur nuwun
Nyuwun sewu
Ndherek langkung
Nyuwun pangapunten
Ragam basa kang nduweni titikan ater-ater lan panambang dadi krama lan panyebutan uwong liya bisa "sampeyan" yaiku...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Karma alus
Bima lan Asri arep sekolah. Bima lan Asri matur _____ marang bapak lan ibu.
Nyuwun pamit
Nyuwun kondur
Ndherek langkung
Menawa diparingi barang saka wong liya matur ____ .
nyuwun pamit
matur nuwun
nyuwun sewu
Ukara sing nganggo basa ngoko kabeh (ora dicampuri krama inggil diarani ... .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Ukara sing nganggo Basa Ngoko dicampuri krama inggil diarani ... .
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Basane awujud krama ora dicampuri krama inggil diarani ... ,
Krama Lugu
Krama Alus
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Ukara sing basane diarani basa krama inggil yaiku ... .
Krama Lugu
Krama Alus
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Basa ngoko lugu biasane dienggo omong-omongan ... .
A. Bocah karo bocah
B. Bocah karo wong tuwo
C. Podho tuwone
D. Murid marang guru
Basa ngoko alus biasane dienggo kanggo ... .
A. Wong tuwo marang sing luwih enom nanging drajade wis luwih dhuwur
B. Wong tuwo marang anake
C. Anak marang bapak ibune
D. Wong sapadha-padha
Basa karma lugu biasane digunakake … .
A. Wong sapadha-padha kang durung tepang / kurang raket
B. Dening murid marang gurune
C. Dening ibu marang anake
D. Dening guru marang murid-muride
Basa karma alus biasane digunakake … .
A. Wong sapadha-padha kang durung tepang / kurang raket
B. Dening murid marang gurune
C. Dening ibu marang anake
D. Dening guru marang murid-muride
Sing kalebu tuladhane Ngoko lugu yaiku … .
A. Panjenengan mengko bengi sida sare kene?
B. Sampeyan mangke dalu tamtu tilem mriki?
C. Kowe mengko bengi sida turu kene?
D. Panjenengan mangke dalu tamtu sare ngriki?
10. Sing kalebu tuladha Ngoko Alus yaiku … .
A. Panjenengan mengko bengi sida sare kene?
B. Sampeyan mangke dalu tamtu tilem mriki?
C. Kowe mengko bengi sida turu kene?
D. Panjenengan mangke dalu tamtu sare ngriki?
Sing kalebu tuladha Krama Lugu yaiku … .
A. Yen ora gelem teka dhewe, ya ora usah diwenehi
B. Yen ora kersa rawuh dhewe, ya ora usah dicaosi
C. Yen mboten kersa rawuh piyambak, mboten usah dipuncaosi
D. Yen mboten purun dugi piyambak,mboten usah dipunsukani
Sakjane Pak Agus mau wis kondur nanging ora ngasta titihan.
Tuladha ing dhuwur kalebu basa … .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Yen ora ana alangan kowe mengko taksusul mrene.
Tuladha ing dhuwur kalebu basa … .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Menapa panjenengan ingkang asma ustadzah Bety?
Tuladha ing dhuwur kalebu basa ... .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Kula mangke sowan dhateng dalem sampeyan kaliyan rayi.
Tuladha ing dhuwur kalebu basa ... .
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
Sawise maca Al Qur'an, Ust. Efendi terus sholat.
Yen didadekake basa krama alus yaiku ... .
A. Sesampunipun maos AlQur'an, Ust. Efendi lajeng sholat.
B. Sesampunipun maca AlQur'an, Ust. Efendi lajeng sholat.
C. Sesampunipun maos AlQur'an, Ust. Efendi langsung sholat.
D. Sesampunipun maca AlQur'an, Ust. Efendi langsung sholat.
Ust. Rohmat arep lunga menyang masjid.
Tembung sing ditulis miring, basa krama sing bener yaiku ... .
A. kesah
B. tindak
C. budhal
D. numpak
Sakderengipun sholat, pak Irul adus rumiyen.
Tembung sing ditulis miring, krama sing bener ... .
A. adus
B. dahar
C. siram
D.ngunjuk
Sakderengipun turu simbah maos Al Qur'an.
Tembung sing ditulis miring, benere ... .
A. sare
B. wungu
C. tangi
D. tilem
Tembung ing ngisor iki kelebu basa krama alus yaiku ... .
A. Abang, pethak, ireng
B. Abrit, putih, cemeng
C. Abang, putih, cemeng
D. Abrit, pethak, cemeng
Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?
Kanca
Bapak/Ibu
Guru
Mas/Mbak
Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”
Sunar : “....”
Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....
Dalem kula tebih sanget, Pak
Griya kula tebih, Pak
Dalem kula adoh, Pak
Omahku adoh, Pak
Kowe maeng apa uwis mangan?
Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....
Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?
Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?
Panjenengan wau napa sampun nedha?
Panjenengan wau menapa wis dhahar?
Kula sampun mbeta seratipun, Pak.
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko lugu dadi .....
Aku ora gawa apa-apa, Pak
Aku wis gawa serat, Pak
Aku wis gawa surate, Pak
Aku ora gawa surate, Pak
Ngako lugu ngasta
jupuk
nggawa
mbekto
nenteng
Krama Inggil mangan :
nedha
dhahar
mangan
nguntal
Ngoko lugune talingan yaiku .....
Tangan
Irung
Kuping
Rambut
Krama aluse ngomong yaiku .....
Kandha
Ngendhika
Mbacot
Matur
Krama lugu Aku :
Kulo
Aku
ingson
beta
