wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

X_WAYANG_GEGURITAN_PAWARTA

Total questions: 30

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Sanajan Punakawan (Semar, Petruk, Gareng lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Punakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani....

a)

Watak Paraga

b)

Latar

c)

Alur

d)

Pitutur

2.

Unsur seni kang ora ana ing sajroning crita wayang yaiku...

a)

Seni Ukir

b)

Seni Teater

c)

Seni Musik

d)

Seni Vokal

3.

Ing ngisor iki kang kalebu paraga wayang ing crita Mahabharata yaiku

a)

Kumbakarna

b)

Wibisana

c)

Dasamuka

d)

Bima

4.

Ing ngisor iki kang kalebu paraga wayang ing crita Ramayana yaiku

a)

Kurawa

b)

Durna

c)

Kunthi

d)

Sinta

5.

Bapake para pandawa yaiku ...

a)

Prabu Dhsetrarasta

b)

Prabu Pandudewanata

c)

Resi Bima

d)

Begawan Abyasa

6.

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tembung duhkita tegese ...

a)

Seneng

b)

Bungah

c)

Isin

d)

Sedhih

7.

Raden Kumbakarna kang gugur mbelani negarane, lan ora mbelani sedulure, saka crita kuwi nuduhake nilai ...

a)

Nasinalisme

b)

Tanggap ing sasmita

c)

Atut runtut renteng-renteng

d)

Cidra

8.

Sanajan Nakula lan Sadewa kuwi dudu putra kandunge Dewi Kunti, nanging rasa tresna asih marang piyambake kuwi pada karo putra kandunge yaiku Yudhistira, Bima lan Arjuna, saka crita kuwi nuduhake nilai ... 

a)

Ngabdi mring negara

b)

Mad sinamadan

c)

Tanggap ing sasmita

d)

Keadilan

9.

Pawongan kang nglakokake wayang yaiku ....

a)

Dhalang

b)

Panjak

c)

Waranggono

d)

Sinden

10.

Pagelaran lakon wayang, bisa dadi salah sawijine sarana nggulawentah ing babagan moral lan kautaman. Jalaran....

a)

Pagelaran wayang ora mung asipat tontonan, nanging uga tuntunan tumrap penontone

b)

Pagelaran wayang mujudake sarana ngundakake devisa negara

c)

Pagelaran wayang minangka tuntunan Agama

d)

Pagelaran wayang mujudake sarana dramatisasi teks crita wayang saka negara manca

11.

geguritan iku kangga gampange diarani uga ...

a)

kakawin jawa kuna

b)

kidung jawa pertengahan

c)

tembang macapat

d)

puisi gagrag anyar

12.

kalebu struktur batin geguritan yaiku ...

a)

tema lan amanat

b)

diksi lan tipografi

c)

enjambemen dan lelewaning basa

d)

purwakanthi lan wirasa

13.

sing kalebu struktur lair yaiku

a)

panyitra lan tema

b)

enjambenem lan wirasa

c)

tema lan amanat

d)

diksi lan tipografi

14.

gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda//


kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...

a)

pandeleng

b)

pangganda

c)

pangrungu

d)

pangarasa

15.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

16.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

c)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

d)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

17.

alon cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin di wedharake diarani ...

a)

artikulasi

b)

diksi

c)

tempo

d)

dinamika

e)

modulasi

18.

Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan ...

a)

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu

b)

Basane endah, mentes lan mantes

c)

Basa rinengga, mentes lan mantes

d)

Guru swara, guru sastra lan guru basa

e)

Purwakanthi, pepindhan lan paribasan

19.

Jingglengana geguritan ing ngisor!


Medhitasi Mangsa

Sumono Sandy Asmoro


....

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake

Samubarang kang ana ing sadhuwure

Kabeh winih dithukulake

Ora metung papak lancipe


Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...

a)

Kudu milah lan milih

b)

Tumindak sakarepe

c)

Kang ngina mring sasama

d)

Ora oleh mbeda-mbedake

e)

Kudu bisa mbeda-mbedakake

20.

Bab kang digatekake nalikane gawe geuritan yaiku kudu nggatekake diksi kang endah. Diksi menika ateges ...

a)

pamilihing ukara

b)

pamilihing tembung

c)

pamilihing guru

d)

pamilihing makna

e)

pamilihing gatra

21.

Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet kriteria sawijining prastawa ingkang layak didadoske pawarta inggih menika...

a)

Aktual

b)

Kedadeyan biasa

c)

Wigati

d)

Paraga

22.

Sifat pawartos salah setunggalipun kedah aktual. Tegesipun aktual inggih menika...

a)

Wigati

b)

Anyar

c)

Mitayani

d)

Nyata

23.

Unsur when ing sajroning pawata wosipun babagan....

a)

Kadospundi prastawa kasebat kedadosan.

b)

Papan panggenan prastawa ingkang dipawartaken

c)

Wekdal kedadosan prastawa ingkang dipunpawartaaken

d)

Sinten ingkang dipunwartaaken

24.

Syarat pawarta kang becik yaiku kudu ngemu unsur ing ngisor iki, kajaba...

a)

Aktual

b)

Faktual

c)

Wigati

d)

Hoax

25.

Ing ngisor iki kalebu unsur pawarta 5W+1H, kajaba..

a)

Who (sapa)

b)

Which (pira)

c)

When (kapan)

d)

How (kepiye)

26.

Pawarta kang wigati yaiku...

a)

Pawarta kang nembe kadadeyan

b)

Pawarta kang kadadeyan ana ing cedhak papan panggonanmu

c)

Pawarta kang kadadeyane adoh saka papan panggonanmu

d)

Pawarta kang ora jelas asal usule

27.

Cara maca pawarta kang becik ing ngisor iki, kajaba...

a)

Pamedhote frasa trep

b)

Mahami isine pawarta

c)

Ngatur nafas

d)

Maca pawarta kanthi cepet

28.

Apa kang diarani pawarta?

a)

Informasi kang katujokake kanggo awake dheqe

b)

informasi kang wis lawas

c)

informasi ngenani sawijing kadadeyan kang anyar lan katujokake marang wong akeh

d)

informasi kang ora bener-bener kadadeyan kang ditujokake marang wong akeh

29.

Gambar ing sisih tengen yaiku arane...

a)

editor

b)

pangiyar pawarta

c)

reporter

d)

narasumber

30.

Pawarta kang becik kudu ngandhut unsur...

a)

Apa,sapa kapan

b)

kepriye, geneya, sapa

c)

ning endhi, sapa,geneya, kepriye

d)

apa,sapa,kapan,sing endhi, geneya lan kepriye