WorksheetsKuis Upacara Adat Jawa XI.8
Total questions: 30
Worksheet time: 25mins
Kegiyatan kang ditindakake dening masyarakat tartamtu kanthi turun temurun diarani ....
tradhisi
upacara
paugeran
peraturan
kabudayan
Jinise upacara adat kanggo mangayubagya kelairane si jabang bayi diarani ....
tedak siten
selapanan
sepasaran
tingkeban
brokohan
Selapanan dianakake nalika bayi wis umur ....
5 dina
7 dina
30 dina
35 dina
40 dina
Sepasaran dianakake nalika bayi wis umur 5 dina.
Benar
Salah
Mitoni iku asale saka tembung pitu. Upacara adat iki dianakake nalikane calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancase kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak balak. Jroning kandhutane ibu si jabang bayi sing umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Tata urutan lumakune upacara mitoni yaiku ana siraman, nglebokake endhog pitik Jawa, nglebokake kelapa gading enom cacahe loro kang wis digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra, ganti busana kang awujud jarit cacahe 7, nugel janur, mecahake kwali, nginum jamu, lan nyolong endhog. Kabeh prosesi iku nduweni tujuwan lan pangajab tartamtu. Kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan kasebut yaiku .....
Supaya bisa niru lan pinter nggambar wayang
Supaya si bocah mbesuk seneng marang wayang
Supaya si bocah ndalang wayang
Supaya si bocah yen lair lanang nduweni watak satriya yen wanita nduweni sifat kaya becik kaya tokoh gambar
Supaya si bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik ing salah sawijining pagelaran wayang
Upacara adat kang dianakake dening pasangan kang arep mbangun bale wisma yaiku ....
sepasaran
tolak balak
pengantenan
tedhak siten
sedhekah bumi
Nalika nganakake upacara adat tingkeban utawa mitoni, ana mapinten-pinten ubarampe sing dibutuhake. Ing ngisor iki sing kalebu ubarampe kanggo adicara tingkeban, yaiku....
Jarik abang-putih lan endhog
Degan Kamajaya-Kamaratih lan endhog
Kurungan pitik lan jenang 7 werna
Endhog lan jenang 7 werna
Jenang 7 werna lan degan Kamajaya-Kamaratih
Cara nglestarekake kagiyatan upacara adat kuwi akeh banget. Ing ngisor iki ingkang klebu cara-cara kanggo nglestarekake upacara adat, yaiku....
Nganakake upacara adat mitoni saben taun ing kulawarga
Saben dina nggawe jenang abang putih minangka cara kanggo nglestarekake upacara adat
Melu nyengkuyung kagiyatan upacara adat sing ana ing sakiwa tengene dhewe
Nganakake diskusi sing mbahas maneka warna bab panguripan
Saben dina nganggo paes gagrag Solo lan Jogja
Upacara adat sing ana gegayutane karo alam yaiku ....
Suran
Brokohan
Pawai budaya
Karnaval
Larung sesaji
Tuladha upacara adat ing ngisor iki sing kalebu upacara adat kang gegayutan karo kapercayan (Jawa) yaiku ....
mitoni
grebeg sura
tingkeban
sedhekah bumi
methil tebu
Ana mapinten-pinten prosesi sing dilakoni sadurunge upacara adat panggih temanten utawa temu temanten salah sijine yaiku pasang tarub lan tuwuhan. Anggone pasang tarub lan tuwuhan iki ing saben adate dilampahi kirang luwih seminggu sadurunge ijab qobul. Ubarampe sing digunakake yaiku ana wit tebu, pisang raja, cengkir gadhing, bleketepe, godhong kluwih, lan liya-liyane. Saka saben ubarampe kasebut nduweni makna dhewe-dhewe. Makna saka dipasang bleketepe yaiku ….
pangarep-arep supaya bale wisma kang badhe kalampahan tansah pikantuk pituduh saka Gusti Allah.
nuduhake yen ing dina sesok, temanten kekalih bakal dadi raja sedina utuh lan mugi-mugi kulawarga tansah pinaringan kabagyan lan kamulyan
pangarep-arep supaya temanten kekalih tansah anduweni umur sing dawa
pangarep-arep supaya temanten kekalih bisa dadi tuladha kanggo putrane ing tembe lan masarakat sakiwa tengene
nuduhake bilih kulawarga kasebut nembe nglampahi panguripan sing nyenengake wong liya
Ing ngisor iki sing ora kalebu tujuwan saka Upacara Adat Sedhekah Bumi ing Bojonegoro yaiku ….
wujud rasa syukur saka asil panen lan kaberkahan alam
nguatake hubungan sosial lan ikatan saben generasi
nukulake rasa syukur lan peduli marang sapadha
ngurangi asil ekonomi warga sakiwa tengene
ningkatake solidaritas sosial saben masarakat
Ubarampe tumpeng sing digunakake ing mapinten-pinten upacara adat, nduweni makna yen digayutake karo wujude sing kaya dene segitiga. Maknane yaiku ….
kanggo nyuwun pangapura lan atur panuwun mring sapadha
kanggo ngelingke bilih kabeh urip kudu tansah tumuju dhateng Gusti Allah
kanggo donga pangestu marang sesepuh lan leluhur
kanggo nyenengake kabeh masarakat
kanggo kepentingan estetik anggone dokumentasi
Kirab Kebo Bule yaiku salah siji prosesi ing upacara adat Suran. Upacara kasebut dilampahi ing ….
Yogyakarta
Ponorogo
Surakarta
Magetan
Wonogiri
Prosesi nyolong endhog sing ana ing Upacara Adat Tingkeban dilakoni dening ….
Calon ibu
Calon bapak
Bocah cilik
Simbah kakung
Simbah estri
Wiji dadi ing upacara adat temu manten utawa panggih temanten yaiku prosesi ….
Temanten estri nampani beras kuning lan dhuwit receh sing diparingke dening temanten kakung
Temanten estri lan temanten kakung digawa menyang papan pelaminan
Temanten kakung ngidak endhog lan banjur diresiki dening temanten estri
Temanten kakung lan estri lenggah ing ampeyanipun bapak
Temanten kakung lan estri sungkem marang bapak lan ibune.
Upacara ganti busana kang awujud jarit motife beda-beda sing ana ing upacara adat tingkeban cacahe ana ….
5
6
7
8
10
Upacara adat kang dianakake sakwise mangsa panen yaiku ….
suran
jathilan
nyadran
tolak balak
sedhekah bumi
Ubarampe tebu kang digunakane ing upacara tedak siten mralambangke ….
antebing kalbu
bocah lugu
adi luhung
ketenangan
ajar mlaku
Prosesi kasebut nduweni makna kanggo wang tuwa supaya nduweni manah kang kuwat kanggo ngeculake putra-putrine lan minangka gambaran panguripan sing tansah sami tulung tinulung, yaiku prosesi ….
Midodareni
Dodol dawet
Nugel janur
Salaman
Brojolan
Saking gambar-gambar ing ngisor iki, ingkang nuduhake ubarampe kanggo adicara tedhak siten yaiku....
Saking gambar-gambar ing ngisor iki, ingkang nuduhake ubarampe kanggo adicara temu manten yaiku....
Ruwatan yaitu salah siji Jinise upacara adat sing ana gegayutane karo kapercayan (Jawa).
Benar
Salah
Gambar ing ngisor iki mujudake salah sawijine prosesi upacara adat sing ana gegayutane karo manunga, yaiku upacara adat .....
Tingkeban
Khitanan
Slametan
Temanten
Tedhak Siten
Gambar iki mujudake reroncening upacara adat ingkang diarani....
Tanem Jero
Salaman
Sungkeman
Brobosan
Sebar udhik-udhik
Upacara brojolan ing tingkeban nggunakake kelapa gading kang cacahe ana 1.
Benar
Salah
Tujuwan saka dilaksanakake bersih desa yaiku kanggo ngresiki saka sakehing dosa lan penggawe ala.
Benar
Salah
Jadah abang ing salah sijine ubarampe upacara tedhak siten nduweni teges kapinteran.
Benar
Salah
Sejatine kagiyatan iki duwe makna upacara slametan. Slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung ditindakake. Ning acara iki, pasangan penganten nampa ucapan slamet saka kerabat, kanca, uga kabeh sing rawuh ing adicara iki. Puncak acara temanten kang dimaksud diarani kenduren.
Benar
Salah
Telonan yaiku upacara adat sing dilampahi kanggo nengeri jabang bayi sajroning padharan uwis ngancik umur 3 wulan.
Benar
Salah
