wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Bahasa Jawa

Total questions: 44

Worksheet time: 27mins

Name
Class
Date
1.

Bapak punapa tamtu tindak sapunika? Ukara iki mawa basa ….

a)

Ngoko lugu/wantah

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko madya

d)

Krama lugu

e)

Krama inggil

2.

Basa sing pener manut unggah-ungguhe ….

a)

Ibuku mangan sega pecel, bubar iku ngombe teh.

b)

Ibuku nedha sega pecel, bubar iku nginum teh.

c)

Ibuku dhahar sega pecel, bubar iku ngunjuk teh.

d)

Ibuku dhahar sega pecel, bubar iku nginum teh.

e)

Ibuku dhahar sega pecel, bubar iku ngombe teh.

3.

Aku wis sinau unggah-ungguh basa. Ukara iki mawa basa ….

a)

Ngoko lugu/wantah

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko madya

d)

Krama lugu

e)

Krama inggil

4.

Wis ndang ngaku wae karo bu Guru, supaya ora didukani. Ukara kasebut migunakake unggah-ungguh ….

a)

Ngoko lugu/wantah

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko madya

d)

Krama lugu

e)

Krama inggil

5.

Bapak mangan, adhik melu mangan pisan. Iki yen didadekake krama alus dadine ….

a)

Bapak nedha, adhik tumut nedha pisan.

b)

Bapak dhahar, adhik tumut dhahar pisan.

c)

Bapak nedha, adhik tumut dhahar pisan.

d)

Bapak dhahar, adhik tumut nedha pisan.

e)

Bapak dhahar, adhik tumut mangan pisan.

6.

Ing ngisor iki ukara kang nganggo basa ngoko alus, yaiku ….

a)

Muliha saiki wae.

b)

Bapak siktas nedha.

c)

Ibu midhangetake campursari.

d)

Mangga dipundhahar sawontene.

e)

Sakmenika eyang tilem rumiyin.

7.

Ing ngisor iki kang ora kalebu panganggone basa ngoko lugu, yaiku ….

a)

kanggo rembugan marang wong sing luwih dhuwur pangkate.

b)

kanggo rembugan antarane sapadha-padha.

c)

kanggo rembugan wong sing asor drajade.

d)

kanggo rembugan karo kanca dewe.

e)

kanggo rembugan marang wong sing wis luwih enom lan raket.

8.

Ukara kang pener manut unggah-ungguh krama inggil yaiku ….

a)

Lik Darmuji niku sakit napa ta Kang?

b)

Panjenengan wis maos layangku tah?

c)

Adhik taksih dereng purun sekolah.

d)

Agemane Bapak durung disetrika.

e)

Mangga sami dipundhahar tedhanipun.

9.

A : Panjenengan rawuh kala menapa, Pak? B : ___________________________. Ukara sing trep kanggo mangsuli pitakon ing ndhuwur yakuwi ….

a)

Kala wingi sonten anggen kula dugi.

b)

Kala wingi sonten anggen kula rawuh.

c)

Kala wingi sonten anggen kula dhateng.

d)

Kala wingi sonten anggen kula teka.

e)

Kala wingi sonten anggen kula tindak.

10.

Kanggo rembugan karo wong sing luwih dhuwur pangkate, nanging wis raket banget, nggunakake basa ….

a)

ngoko

b)

krama lugu

c)

krama inggil

d)

ngoko alus

e)

krama alus

11.

Cerkak akronim saka ….

a)

Cerita ngakak

b)

Cerita bukak

c)

Cariyos kawak

d)

Cerita cekak

e)

Cariyos cekak

12.

Titikane cerkak ing antarane, kajaba ….

a)

Isine padhet

b)

Critane mung sakeplasan

c)

Basane mentes

d)

Alure luwih saka siji

e)

Alure maju

13.

Pokok masalahe carita utawa lelandhesane carita diarani ….

a)

amanat

b)

paraga

c)

pamaragan

d)

tema

e)

alur

14.

Rantamane crita sing sinambungan arane ….

a)

amanat

b)

paraga

c)

pamaragan

d)

tema

e)

alur

15.

Alur sajroning cerkak kawiwitan bebuka nganti purnaning carita, alur kang kaya mangkono diarani alu

4 lines
16.

Rantamane crita sing sinambungan arane ….

4 lines
17.

Alur sajroning cerkak kawiwitan bebuka nganti purnaning carita, alur kang kaya mangkono diarani alur ….

a)

maju

b)

mundur

c)

mundur maju

d)

maju mundur

18.

Kalungguhane pengarang sajrone carita ingaran ….

a)

pamawas

b)

lattar

c)

tema

d)

paraga

19.

Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ….

a)

panggonan

b)

latar

c)

paraga

d)

alur

e)

tema

20.

Latar kadadeyan carita ing ndhuwur ana ing ….

a)

Kantor

b)

Sekolah

c)

Klas

d)

Kantin

e)

Omah

21.

Kang diarani orientasi yaiku ….

a)

Pengenalan carita

b)

Permasalahan paraga

c)

Ngrampungake prakara

d)

Bacutane klimaks

e)

Puncak perkara

22.

Kang kalebu unsur fisik ing teks drama yaiku ….

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Tema lan amanat

d)

Paraga, latar

23.

Kalebu sawijine karya sastra, anggone ngandharake caritane kanthi dhialog antarane para paraga diarani ….

a)

Pagelaran musik

b)

Pagelaran drama

c)

Pagelaran tari

d)

Pagelaran wayang

e)

Pagelaran seni

24.

Drama kang nduweni tujuwan menehi panggulawenthah (pendhidhikan) tumrap masyarakat lan nduweni tema panguripane manungsa ing saben dina yaiku ….

a)

Drama tradhisional

b)

Drama modern

c)

Pantomim

d)

Drama tragedi

e)

Drama komedi

25.

Drama kang lumrahe nyaritakake bab kasekten, urip ing kraton, uripe dewa-dewi, kadadeyan kang ora tinemu nalar, diarani ….

a)

Drama tradhisional

b)

Drama modern

c)

Pantomim

d)

Drama tragedi

e)

Drama komedi

26.

Ciri utamane drama yaiku ….

a)

Nggambarake panguripan manungsa lan watake lumantar tingkah laku (akting) utawa dhialog kang dipentasake.

b)

Nggambarake panguripane kewan lan watake liwat tingkah laku (akting) utawa dhialog kang dipentasake.

c)

Nggambarake panguripan manungsa lan watake lumantar ceramah utawa crita lisan kang dipentasake.

d)

Nggambarake panguripane kewan lan sesipatane liwat ceramah utawa crita lisan kang dipentasake.

e)

Wangsulan a,b, lan c bener.

27.

Omong-omongan ing antarane paraga loro utawa luwih sajrone drama arane ….

a)

Epilog

b)

Dhialog

c)

Prolog

d)

Monolog

e)

Setting

28.

Ing ngisor iki kang kalebu seni pertunjukkan yaiku ….

a)

Pameran batik

b)

Tanggap wacana

c)

Sendratari Ramayana

d)

Upacara larung

e)

Ukir-ukiran

29.

Sing ora kalebu seni pertunjukkan tradhisional yaiku ….

a)

Wayang kulit

b)

Wayang uwong

c)

Kethoprak

d)

Free dance

e)

Ludruk

30.

Seni pertunjukkan tradisional khas Jawa Timur yaiku ….

a)

Kethoprak

b)

Ludruk

c)

Wayang kulit

d)

Panembrama

e)

Sirkus

31.

Fungsi seni pertunjukkan tradisional kanthi urut, ….

a)

ritual, pendidikan, kritik sosial

b)

panglipur, ritual, pendidikan

32.

l khas Jawa Timur yaiku ….

a)

Kethoprak

b)

Ludruk

c)

Wayang kulit

d)

Panembrama

e)

Sirkus

33.

Fungsi seni pertunjukkan tradisional kanthi urut, ….

a)

ritual, pendidikan, kritik sosial

b)

panglipur, ritual, pendidikan

c)

pendidikan, ritual, kabudayan

d)

ritual, panglipur, pendidikan

e)

pendidikan, upacara, ritual

34.

Nalika seni tradhisional nduweni fungsi ritual, mula seni kasebut awewaton ….

a)

Aturan-aturan umum

b)

Aturan-aturan mligi (khusus)

c)

Aturan-aturan budaya

d)

Aturan-aturan tradisi

e)

Aturan-aturan hukum

35.

Nalika seni tradhisional nduweni fungsi pendidikan, mula seni kasebut ….

a)

Mbagekake nilai-nilai sosial kang ana

b)

Mbagekake nilai-nilai lumrah kang ana

c)

Mbagekake nilai-nilai mligi kang ana

d)

Mbagekake nilai-nilai budaya kang ana

e)

Mbagekake nilai-nilai tuntunan kang ana

36.

Kesenian lan tradisi saka Jawa Timur sing awujud seni tari kang ditindakake dening pirang-pirang paraga, dene penari intine nganggo topeng asesirah singa kang ndhuwure ana mahkota saka wulu merak ingaran ….

a)

Reog Ponorogo

b)

Jaran Bodhang

c)

Ludruk

d)

Tayuban

e)

Jemblung

37.

Kesenian tradhisional kang asale Betawi, dene music pangiringe gambang kromong diarani ….

a)

Lenong

b)

Jaranan

c)

Reog

d)

Jathilan

e)

Rebana

38.

Kang nabuh gamelan ing pagelaran wayang kulit diarani ….

a)

Niyaga

b)

Sindhen

c)

Dhalang

d)

Waranggana

e)

Punggawa

39.

Ing pagelaran wayang kulit, kang nyaritakake para nayaka ing paseban yaiku adegan ….

a)

Perang kembang

b)

Perang gagal

c)

Gara-gara

d)

Tancep kayon

e)

Paseban jaba

40.

Ing struktur teks carita wayang kulit ana sing diarani jejer pathet 6, sing tegese ….

a)

Adegan pungkasan crita wayang

b)

Adegan wiwitan utawa bageyan dhasar crita wayang

c)

Adegan ing kraton liya

d)

Adegan perange ksatria

e)

Adegan werna-werna

41.

Sing kalebu adegan ing babak pathet manyura yaiku ….

a)

Perang gagal

b)

Bedholan

c)

Perang kembang

d)

Gara-gara

e)

Perang brubuh

42.

Ing pagelaran wayang, nalika ksatria perang karo buta diarani adegan ….

a)

Perang gagal

b)

Bedholan

c)

Perang kembang

d)

Gara-gara

e)

Perang brubuh

43.

Ing pagelaran wayang kulit ana piranti kang nggambarake bumi, yaiku ….

a)

Kelir

b)

Blencong

c)

Gamelan

d)

Debog

e)

Krepyak

44.

Unen-unen: ngundhuh wohing pakarti sing biasa dadi perangan tema panulise teks carita wayang, tegese:

a)

tumindake manungsa, bakal ngasilake sawijine kahanan utawa akibat tartamtu.

b)

teks carita wayang umume sesambungan karo jagading tetanen woh-wohan

c)

ana sajrone teks carita wayang, para siswa dikenalake karo jagading tetanen

d)

para dhalang kang bakal nggunakake teks carita wayang, tedhak turune wong tani

e)

para panulise teks carita wayang percaya yen karangane bisa ngasilake dana dasih