wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Try OUT PSAT Bahasa Jawa Kelas XI 2025

Total questions: 42

Worksheet time: 27mins

Name
Class
Date
1.

Karangan kang isine fakta lan opini kang digawe kangge di publikasike lumantar medhia daring (sosial) apa dene cetak (koran,majalah, utawa bulletin) diarani...

a)

Cerkak

b)

Novel

c)

Artikel

d)

Kasustran jawa

e)

Prosa

2.

Artikel nduweni ancas kanggo nyampekake...

a)

Fakta

b)

Opini

c)

Kepenginan

d)

Panyaruwe

e)

Kekarepan

3.

Ing ngisor iki klebu artikel, kejaba...

a)

Majalah

b)

Esai

c)

Novel

d)

Lapuran pawarta

e)

Karya ilmiah

4.

Arah lan ancas Pendidikan Indonesia utawa kontroversi Full Day School klebu tuladha jenis...

a)

Artikel praktis

b)

Artikel ringan

c)

Artikel opini

d)

Artikel analisis ahli

e)

Artikel dialektis

5.

Saben artikel mesthi isine ngrembug isu utawa topik tinamtu sing aktual kanthi lugas uga nyampekake idhe-idhe utawa fakta-fakta kanthi...

a)

Objektif

b)

Subjektif

c)

Akeh opini

d)

Akeh fakta

e)

Faktual

6.

Ana ing salah sawijine karya sastra awujud prosa, karya iki duweni titikan kang khas, ing antarane konflik kang dibangun ora mung siji mulane kala-kala alure dadi akeh. Prosa kang dimaksud yaiku .... (2)

a)

Crita pendek

b)

Crita rakyat

c)

Novel

d)

Roman

e)

Serat

7.

Struktur kang njlentrehake prekara-prekara kanthi adhedhasar anane sebab lan akibate diarani .... (3)

a)

Koda

b)

Resolusi

c)

Evaluasi

d)

Komplikasi

e)

Abstrak

8.

Novel iku asale saka basa Italia, novella, tegese, .... (4)

a)

Samubarang crita utawa sapotong warta

b)

Samubarang kisah utawa sapotong crita kang cekak

c)

Samubarang prakara kang ana ing bebrayan

d)

Kisah utawa crita kang adate isine misteri

e)

Crita rekan kang owah saka kahanan

9.

Posisine panganggit nglungguhake paraga punjer ing critane diarani .... (7)

a)

alur

b)

sudut pandang

c)

latar

d)

gaya bahasa

e)

tema

10.

Sanggar, wakil direktur sawijining perusahaan dagang mbutuhake juru tulis kanggo kantor cabange kang ana ing Tretes, kutha cilik ing wewengkon pagunungan. Dheweke ngirimake layang panggilan marang calon juru tulise kang anyar supaya gage mlebu nyambut gawe. Juru tulis kang anyar mau jenenge Handaka, pakaryane dadi detektif. Sing dibutuhake rak juru tulis, kok nimbali detektif? Handaka sejatine yaiku ....

a)

wakil direktur

b)

juru tulis

c)

detektif

d)

pegawae sanggar

e)

direktur

11.

Gatekna pethikan novel ing ngisor iki.

.....jam pitu esuk, Rudi nganggo klambi rada kesusu amarga wis rada telat anggone nyambut gawe, Amat kondhang wong kang apik, sregep, ora tau telat yen mlebu kerja, lan seneng tetulung marang kanca-kancane. Nanging, esuk iki dheweke rada telat amarga tangine kawanen. Ing dalan ndilalah Amat weruh ana wong tiba. Dheweke bingung arep nulungi apa ora. Akhire Amat nulungi wong kang tiba mau, senajan dheweke telat anggone mlebu nyambut gawe. Malah Amat uga menehi dhuwit kanggo biyantu nambahi wong sing tiba mau ....Pitutur luhur kang ana ing pethikan teks crita ing duwur yaiku ...

a)

Dadi wong iku kudu sabar lan narima.

b)

Dadi wong iku kudu sregep sinau.

c)

Dadi wong iku kudu seneng tetulung

d)

Dadi wong iku kudu urmat marang guru

e)

Dadi wong iku kudu duwe rasa bombing

12.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki!

1. novel romantis

2. novel fiksi

3. novel horor

4. novel komedi

5. novel teenlit

kang kalebu jinis novel genre yaiku.......

a)

1,2 lan 3

b)

2, 3, lan 4

c)

1, 3 lan 4

d)

1, 2 lan 4

e)

3, 4 lan 5

13.

Ing sawijining dina, Andi kang lagi wae lulus saka SMK ing kutha Semarang arep nggolek gaweyan. Pancen ing jaman saiki nggolek gaweyan iku ora gampang, apa maneh yen ora nduwe kaprigelan apa-apa. Andi sing jupuk jurusan otomotif iku ngepasi yen neng PT Traksia lagi butuhake wong. Andi njingkat gage nglebokake lamaran nyang PT mau. Kriiiiiiiiing kriiiiiiiiing, esuk iku ana telepun saka PT kang dilamar mau. Latar/setting wektu kang ana ing pethikan novel kasebut yaiku ....

a)

Esuk

b)

Awan

c)

Sore

d)

Wengi

e)

Tengah wengi

14.

Khutbah kyai kalebu sesorah....

a)

Sabdatama

b)

Pambagyaharja

c)

Tanggap wacana

d)

Jasa raharja

e)

Pambiwara

15.

Nalika ana ing acara pengetan dina kamardikan Republik Indonesia surya kaping 79, dumadakan Pak Lurah ora bisa rawuh ing acara kasebut. Pungkasane, panitia ngaturi Pak RW kanthi dadakan supaya ngisi sambutan ngganteni Pak Lurah. Saka ilustrasi kasebut, metode sesorah sing dienggo Pak RW yaiku metode ....

a)

Memoriter

b)

Ekstemporan

c)

Impromptu

d)

Maos naskah

e)

Campuran

16.

Wong kang nembe diajar pidhato, biyasane sadurunge maju ngapalake dhisik teks sing wis digawe. Metode kasebut jenenge metode ....

a)

Memoriter

b)

Ekstemporan

c)

Impromptu

d)

Maos naskah

e)

Campuran

17.

Perangane wusana basa ing sesorah biyasane isine ngenani ....

a)

Ngajak supaya tansah ngucap syukur

b)

Ngaturake panuwun amarga para tamu kersa rawuh

c)

Nyritakake urutane acara

d)

Njaluk pangapura menawa ana kleru anggone atur utawa pangucapan

e)

Atur pamuji maring Gusti Allah sing wis menehi kesehatan

18.

“Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wanita mliginipun remaja putri kedah cancut tali wanda tumut menggalihake drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahake bilih wanita saged damel aruming bangsa.” Pethilan sesorah ing dhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

Purwaka

b)

Isi/wigati

c)

Wusana

d)

Salam pambuka

e)

Pangajeng-ajeng

19.

Danang besuk arep pidhato ing acara perpisahan kelas. Sing rawuh yaiku Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru lan kanca-kanca kelas. Anggone Danang miwiti pidhato yaiku....

a)

Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kula urmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani

b)

Kepala Sekolah saha Bapak Ibu RT ingkang kula urmati, kanca-kanca remaja desa ingkang kula tresnani

c)

Kepala Desa saha Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati, Bapak Ibu wali murid ingkang kula tresnani

d)

Kanca-kanca kelas XI ingkang kula tresnani saha Bapak Ibu wali murid ingkang kula urmati

e)

Kanca-kanca kelas XI ingkang kula urmati saha Bapak Ibu Guru ingkang kula tresnani

20.

Wacanen pethilan teks sesorah ngisor iki!

Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati

Kula kinten cekap semanten atur kula, kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun. Perangan sesorah ing dhuwur kalebu....

a)

Purwaka

b)

Isi/wigati

c)

Wusana

d)

Salam pambuka

e)

Pangajeng-ajeng

21.

Satitekana pethilan teks rumpangngisor iki!

Para rawuh ingkang minulya...

Ing wasana, makanten ingkang saged kula aturaken mugi-mugi saged migunani tumrap kita sedaya.……………………….. Ukara kang trep kangge jangkepi pethilan sesorah kasebut yaiku .....

a)

Mugi-mugi acara menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami ingkang rumaos lepat boten kaambali malihing wekdal candhakipun.

b)

Mugi-mugi lumantar adiacara menika, kita sedaya saged mendhet munfangatipun.

c)

Cekap semanten atur kula, sugeng mriksani ngantos paripurna ning adicara ing wekdal punika.

d)

Bilih kathah klenta-klentunipun anggen kula matur nyuwun agunging pangaksami.

e)

Cekap semanten atur kula, maturnuwun. Wassalamualaikum, wr.wb.

22.

Ibu tindak menyang pasar arep mundhut gula karo teh. Kalebu unggah-ungguh basa......

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

23.

Aku saben dina mangkat sekolah numpak pit bareng karo kanca-kanca. Kalebu unggah-ungguh basa......

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

24.

Punapa punika kagunganipun panjenengan ? Kalebu unggah-ungguh basa......

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

25.

Simbah paningalipun ketingal radi abrit. Kalebu unggah-ungguh basa......

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

26.

Anak kula wonten kalih, jaler sedaya. Kalebu unggah-ungguh basa......

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

27.

Unggah-ungguh basa ngoko alus yaiku tembung-tembunge nganggo.....

a)

Ngoko kabeh

b)

Krama madya

c)

Krama inggil

d)

Ngoko lan krama madya

e)

Ngoko lan krama inggil

28.

Bapak remen dhahar sate, wondene kula seneng nedhi soto. Kalebu unggah-ungguh basa......

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

29.

A  : Iki kacang saunting regane pira yu?

B  :Tigang ewu bu

A  : Rong ewu ya?

B  : Boten angsal, manga menawi mundhut kalih, gangsal ewu mawon

B nganggo unggah-ungguh basa......

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

30.

Alesan wong nganggo unggah-ungguh basa ngoko kaya ing ngisor iki, kejaba......

a)

Wong tuwa marang wong enom

b)

Wong kang kalungguhane luwih dhuwur marang kang luwih endhep kalungguhane

c)

Wis kenal suwe

d)

Wong enom marang wong tuwa

e)

Wis raket/akrab

31.

Kula dipun paring arta kaliyan simbah kakung Rp.100.000,-badhe kangge tumbas buku. Ukara iku nganggo unggah-ungguh basa......

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

32.

Mangga bu, kula aturi mundhut pisang. Setunggal lirang mirah, naming kalih dasa ewu. Bakul iki olehe nawakake pisang dagangane nganggo unggah-ungguh basa.....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama inggil

e)

Krama alus

33.

Ibu            :   Aduh mripatku lara

Aku          :   Kenging punapa bu……

Ceceg-ceceg ing dhuwur kang bener yaiku .......

a)

Mripate

b)

Mripatipun

c)

Paningale

d)

Paningalipun

e)

Matanipun

34.

Bapak saben …….menyang kantor……sepedha montor. Tembung kang trep kanggo ceceg-ceceg ukara kasebut mawa unggah-ungguh basa kang bener yaiku...

a)

Tindak-numpak

b)

Mangkat-numpak

c)

Tindak-nitih

d)

Mangkat-nitih

e)

Budhal-numpak

35.

Bu guru    :  Antok, minggu kepungkur kowe ora mlebu. Kenapa ?

Anto    :  Inggih bu, minggu kepengker kula ………dalemipun Pak Dhe

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....

a)

Tindak dhateng

b)

Kesah dhateng

c)

Lunga menyang

d)

Tindak menyang

e)

Lunga dhateng

36.

Anak        :  Ibu mundhut nyamping badhe kagem sinten ?

Tembung nyamping, ngokone….

a)

Jarik

b)

Klambi

c)

Sarung

d)

Sandal

e)

Sepatu

37.

Panulisan angka tahun 1856

a)
b)
c)
d)
e)
38.

Angka 625 dibagi 25 padha karo. . .

a)
b)
c)
d)
e)
39.

Angka 37 ping 5 padha karo. . .

a)
b)
c)
d)
e)
40.

Angka 230 dikurangi 42 padha karo. . .

a)
b)
c)
d)
e)
41.
a)

1995

b)

1885

c)

1776

d)

1886

e)

1996

42.
a)

1943500

b)

1824400

c)

1953400

d)

1563500

e)

1874300