WorksheetsUH GEGURITAN KELAS X
Total questions: 25
Worksheet time: 1hrs 24mins
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...
simbah
putu
anak
bapak
ibu
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
Geguritan menika saking tembung gurit kang tegese ....
tembang
angen-angen
kesenian
kaendahan
kasusastran
geguritan miturut jamane kaperang dados 2 yaiku geguritan lawas lan geguritan ....
tradhisional
ekstemporan
kontemporer
modern
klasik
Gatekna Geguritan ing Ngisor iki!
Guruku
Sira kang mulang aku
Sira kang mulang tanpa sayah
Nesumu minangka tandha tresnamu
Marang aku kang isih cubluk
Aku durung ngerti carane matur nuwun
Muga wae guritan prasaja iki bisa dadi sarana
Kanggo ngucapake matur nuwun marang sliramu
Sliramu wis menehi aku akeh kawruh
Sliramu ora bosen-bosen ngajari aku
Mung tembung matur nuwun
Ingkang saged kula aturaken
Nyuwun pangaputen
Yen murid isih cubluk.
Tegese cubluk yaiku…
ngantukan
jenius
sopan
bodho
pinter
Ilat
dening: Subagiyo Ilham Notodijoyo
Amung sawelat
ambaning ilat
prandene wasis murba misesa
gawe begja cilakaning angga
ajwa kendhat
ngreksa ilat
............................................................
Tema ing pethikan geguritan kasebut yaiku ....
Moral
Ekonomi
Budhaya
Pendhidhikan
Agama
ILAT
Dening: Subagiyo Ilham Notodijoyo
Amung sawelat
Ambaning ilat
Pradene wasis murba misesa
Gawe begja cilakaning angga
Ajwa kendhat
Ngreksa ilat
Njaga wetuning wicara saru
Kang njalari tatuning kalbu
Obahing ilat
Darbe kasiyat
Lamun nuju prana bisa mikat
Yen tan pener gawe oreging rat
Pitutur kang kandhut ing geguritan kasebut yaiku ...
awake dhewe kudu tansah njaga wetuning wicara supaya ora nyilakani dhiri lan nglarani wong liya.
awake dhewe kudu bisa njaga tutur wicara supaya diwedeni wong liya
awake dhewe kudu tumindak kang empan papan, nggatekake menawa desa mawa cara negara mawa tata.
awake dhewe kudu kurmat marang wong sing luwih tuwa, ora kena laku daksiya marang sasama.
awake dhewe kudu tansah tulung tinulung marang sasama manungsa ing alam donya.
nalika nulis geguritan kudu nggatekake diksi, diksi tegese ...
lelewaning basa
underaning geguritan
pinilihing tembung
larik-larik ing geguritan
kahanan atine penulis
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku mralambangake ...
para mudha
lungguh ing kursi empuk
jabatan
pemimpin
rakyat cilik
gemricik swaramu ing wayah esuk
agawe tentrem ning ati
kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda
kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...
pandeleng
panindak
pangarasa
pangrungu
pangganda
Wujude larik geguritan kang ndhapuk wujud tartamtu diarani ....
Tipografi
Lelewaning basa
Citraan
Amanat
Unsur batin
Nalika maca geguritan kang sedhih becike maca kanthi swara kang ....
Alon
Banter
Seru
Gumregeh
Lucu
Kang kalebu tuladha purwakanthi swara yaiku ....
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Ruruh rereh ririh ing wewarah
Katula-tula katali
Laras lurus leres laris
Tresna jalaran saka kulina
Purwakanthi kang awujud swara vokal kang padha ing pungkasane tembung yaiku ....
guru gatra
guru swara
guru basa
lumaksita
guru sastra
Amanat yaiku .... sajroning geguritan
paraga
wektu
papan panggonan
pesen moral
crita
Solah bawa obahing awak nalika maca geguritan diarani ....
wiraga
wirama
wirasa
wicara
wisesa
Lelewaning basa kang nggunakake tembung-tembung kayadene "duk, lir, kaya" yaiku ....
paradoks
simile
metafora
personifikasi
alegori
Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
1) Ora gumathok paugeran
2) Cacahing larik lan wanda bebas
3) Nggunakake tembung Sun Gegurit
4) Tema kang digunakake maneka warna
5) Asipat anonim
Saka pranyatan ing dhuwur kang kalebu titikane geguritan gagrag anyar yaiku ....
1, 2, 3
2, 3, 4
3, 4, 5
1, 2, 4
1, 3, 5
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Kresna Seta
(Dening: Hidratmoko Andritamtomo)
Semampir sinandhing sampur (1)
Sinawang kraket sumadulur (2)
Samya sulur sung sembur tutur (3)
Sumela jroning sotya sinangling (4)
Ngrakit pangajab ninthingi werna (5)
Sumelip antarane kresna seta (6)
Seje watak beda slah ingemban (7)
Winimbuh becik jejangkep luput (8)
Nyawiji kanthi sesanti pinuji (9)
Mangun karyatama kasembadan (10)
Sung tuladha amangun karsa (11)
Andayani kang kaesthi jati (12)
Geguritan ing dhuwur kalebu geguritan gagrag ....
anyar
lawas
tengahan
kuna
sriwedaren
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Kresna Seta
(Dening: Hidratmoko Andritamtomo)
Semampir sinandhing sampur (1)
Sinawang kraket sumadulur (2)
Samya sulur sung sembur tutur (3)
Sumela jroning sotya sinangling (4)
Ngrakit pangajab ninthingi werna (5)
Sumelip antarane kresna seta (6)
Seje watak beda slah ingemban (7)
Winimbuh becik jejangkep luput (8)
Nyawiji kanthi sesanti pinuji (9)
Mangun karyatama kasembadan (10)
Sung tuladha amangun karsa (11)
Andayani kang kaesthi jati (12)
Purwakanthi guru sastra sajeroning geguritan kasebut ana ing larik nomer ....
7
8
9
1
5
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Kresna Seta
(Dening: Hidratmoko Andritamtomo)
Semampir sinandhing sampur (1)
Sinawang kraket sumadulur (2)
Samya sulur sung sembur tutur (3)
Sumela jroning sotya sinangling (4)
Ngrakit pangajab ninthingi werna (5)
Sumelip antarane kresna seta (6)
Seje watak beda slah ingemban (7)
Winimbuh becik jejangkep luput (8)
Nyawiji kanthi sesanti pinuji (9)
Mangun karyatama kasembadan (10)
Sung tuladha amangun karsa (11)
Andayani kang kaesthi jati (12)
Purwakanthi guru swara sajeroning geguritan kasebut ana ing larik nomer ....
8 lan 9
1 lan 3
2 lan 11
5 lan 6
3 lan 9
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Kresna Seta
(Dening: Hidratmoko Andritamtomo)
Semampir sinandhing sampur (1)
Sinawang kraket sumadulur (2)
Samya sulur sung sembur tutur (3)
Sumela jroning sotya sinangling (4)
Ngrakit pangajab ninthingi werna (5)
Sumelip antarane kresna seta (6)
Seje watak beda slah ingemban (7)
Winimbuh becik jejangkep luput (8)
Nyawiji kanthi sesanti pinuji (9)
Mangun karyatama kasembadan (10)
Sung tuladha amangun karsa (11)
Andayani kang kaesthi jati (12)
Ngrakit pangajab nintingi werna. Tembung pangajab tegese ....
pambuka
pangarep-arep
pakurmatan
pituduh
panglipur
Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
1) Tema
2) Tipografi
3) Citraan
4) Amanat
5) Lelewaning basa
Saka pranyatan kasebut kang klebu unsur fisik geguritan yaiku ....
1, 2, 3
2, 3, 4
2, 3, 5
3, 4, 5
2, 4, 5
Ana geguritan nganggo tembung "langit peteng ngreksa duka", makna simbolis saka tembung kuwi yaiku ....
Langit pancen peteng amarga wengi
Ana mendhung gede arep udan
Lambang saka rasa susah utawa sedhih
Peteng yaiku wektu sing cocok kanggo nulis
Bukti yen bumi lagi ngadhepi bencana
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Katresnan kang Katundha
Nanging sliramu mung lingsir
Ning pinggir pangangen
Nalika atiku ngudhar swara
Kangenku ora ana watesé.
Apa rasa utama sing digambarke ing geguritan kasebut....
Rasa semangat arep ketemu maneh
Rasa tresna sing kelakon kanthi apik
Rasa kangen sing ora bisa keturutan
Rasa bangga marang pasangan
Rasa bungah ketemu kanca lawas
