NEW
Font size
WorksheetsQuiz Geguritan
Total questions: 50
Worksheet time: 50mins
Geguritan asale saka tembung gurit, tegese gurit yaiku …
Prosa
Pantun
Crita
Tatahan
Geguritan ing basa Indonesia diarani ...
Naskah
Drama
Puisi
Pantun
Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrag anyar kang panulise bebas. Tegese ora kaiket dening aturan tartamtu nanging isih tetep ngugemi ananing rasa ...
Kaendahan
Welas asih
Nelangsa
Kuciwa
Geguritan yaiku rerangkening (serangkaian) ... sing ditulis kanthi runtut.
Amanat
Crita
Isine ati
Ukara
Kang ora kalebu titikane geguritan, yaiku …
Isine mentes
Cacah larike bebas
Nganggo basa padinan
Tembunge pinilih
Jinise geguritan iku diperang dadi loro, yaiku …
Gagrag Majapahit lan Singsari
Gagrag lawas lan kuna
Gagrag lawas lan anyar
Gagrag enggal lan anyar
Geguritan iku sawijining karya sastra kang ditulis dening ...
Niyaga
Panggurit
Penyanyi
Sindhen
Kumpulan larik (baris) kang selaras, diarani …
Bait
Tembung
Larik
Irah-irahan
Sing diarani wirama sajrone geguritan yaiku ....
Kumpulan larik kang selaras
Tujuwane panulis gawe geguritan
Endhek-dhuwur, cendhak-dawa, utawa alus kasare swara sing diucapake
Tembung sing ora sebenere
Parafrase yaiku ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud ....
Tembang (lagu)
Gambar
Prosa (crita)
Diagram
Sing ora kalebu unsur intrinsik geguritan yaiku …
Amanat
Panggurit
Diksi
Tema
Salah siji unsur intriksik geguritan iku diksi. Diksi iku tegese …
Isine geguritan
Amanat sajrone geguritan
Pamilihe tembung
Dawa-cendhak nalika maca geguritan
Tema geguritan bisa ditemokake kanthi cara ...
Ngrungokake kanthi tenanan
Ngrungokake kanthi omong wae
Maca geguritan kang titi
Maca kanthi mbengok
Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....
Mentes lan mantesi
Lumrah digunakake
Angel dingerteni
Ora tau digunakake
Irah-irahane geguritan kasebut yaiku ...
Taman
Langit
Gurit
Anakku
Irah-irahan kang trep kanggo geguritan kasebut yaiku ...
Corona - 9
Covid - 91
Corona
Covid
Irah-irahan geguritan kasebut yaiku …
Guyub Rukun
Sapu Sada
Adiwiyata murih Rahayu
Jumat Asri
Sing nganggit geguritan kasebut yaiku....
Putu Aryana
J.F.X Hoery
Hoery Taman
Ibu Sunami
Temane geguritan kasebut yaiku …
Tukaran
Musuhan
Kekancan
Kedonyan
Tema geguritan kasebut yaiku …
Guyup rukun ing kulawarga
Guyup rukun ing sekolah
Guyup rukun ing lingkungan
Guyup rukun ing masyarakat
Adhedhasar geguritan kasebut, para siswa nglakoni kerja bakti ngresiki sekolahan ing dina…
Jumat asri
Sabtu asri
Minggu asri
Senin asri
Tembung "guyup rukun" sajrone geguritan kasebut nduweni teges…
Urip kanthi tukar padu
Urip sing selaras
Gotong royong tumindak beberangan
Males tumindak bebarengan
Sing ora ana ing taman kasebut yaiku ....
Tawon lan kupu rebutan madu
Kinjeng lan kombang rebutan kembang
Kupu lan kinjeng kapiadreng
Tawon lan kombang tukaran
Papane kawruh lungit yen dideleng saka pethikan geguritan kasebut yaiku ana ing ...
Latar
Biruning langit
Taman
Ing kana
Sajrone geguritan "Taman" kasebut ana ukara "kae papane kawruh lungit", tegese "lungit" yaiku …
Angel banget
Rumit nanging endah
Balung kulit
Gampang dingerteni
Amanat / pesan geguritan "Mitraku" kasebut yaiku …
Kudu nampa kanca apa anane
Yen nglarani ati aja njaluk sepura
Kudu seneng ndelok kanca susah
Nduwe rasa seneng nggawe kanca susah
Bab sing nomer siji dilakoni nalika panggurit arep nulis geguritan, yaiku nemtokake…
Tema geguritan
Isi geguritan
Irah-irahan
Dudutan (simpulan)
Musikalitas sajrone geguritan bisa muncul amarga anane purwakanthi. Purwakanthi iku ana 3, salah sijine yaiku purwakanthi guru basa. Ing ngisor iki, sing kalebu tuladhane purwakanthi guru basa, yaiku...
Ana dina ana sega
Nandang lara, larane wong lara lapa
Bibit bobot bebet
Tindak tanduke tansah titi ngati-ati
Sing ora kalebu tuladhane purwakanthi guru swara yaiku ...
Yitna yuwana lena kena
Ana dina ana upa
Bungah susah lumrah
Sluman slumun slamet
Geguritan iku ditulis nggunakake basa rinengga, tegese …
Basa kang apa anane
Basa salugune
Basa kang endah
Basa padinan
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ...
Bisa nulis geguritan
Pinter nembang
Ngerti panggurite
Ngerteni isine geguritan
Supaya anggone maca geguritan bisa apik lan swarane bisa keprungu kanthi cetha, mula dibutuhake …
Sarana
Kostum
Olah vokal
Patrap
Yen isine geguritan iku sedhih, polatan (sikap) sing trep kanggone wong sing maca yaiku…
Katon seneng
Katon bungah
Katon semangat
Katon sedhih
Yen isine geguritane bab semangat, mula polatane (sikap) sing maca kudu ....
Lemes
Sedhih
Teges
Seneng
Teges saka maca geguritan kudu cetha, yaiku …
Ngatur mlebu metune napas
Kudu ngepasake marang isine geguritan
Nalika maca geguritan ora kecepeten
Nalika maca geguritan swarane ora nggremeng
Cacahe tembang macapat iku ana ...
10
11
12
13
Tembang macapat bisa ditegesi maca papat-papat. Maca papat-papat tegese …
Diwaca saben 4 wanda
Diwaca ping 4
Diwaca saben 4 ukara
Diwaca bocah papat
Sing ora kalebu jinise tembang macapat yaiku ...
Sinom
Pangkur
Kinanthi
Rek Ayo Rek
Tembang macapat iku duwe pathokan/paugeran. Paugerane yaiku ...
Guru gatra, guru wilangan, guru lagu
Guru gatra, guru basa, guru lagu
Guru wilangan, guru lagu, guru basa
Guru gatra, guru wilangan, guru sastra
Paugeran sajrone tembang macapat kang isine pathokan cacahe larik saben sapada, yaiku…
Guru gatra
Guru lagu
Guru basa
Guru wilangan
Tibane swara ing pungkasane gatra sajrone tembang macapat diarani …
Guru gatra
Guru lagu
Guru basa
Guru wilangan
Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra tembang macapat iku diarani …
Guru gatra
Guru lagu
Guru basa
Guru wilangan
Tembang Pangkur iku dumadi saka … gatra.
4
5
7
8
Tembang Pocung kasebut dumadi saka ... gatra.
7
6
5
4
Gatra katelu tembang Gambuh kasebut, unine yaiku ...
Nalika alase gundhul
Bakale ana longsor
Merga bisa gawe geger lan pepati
Aja rusak bumiku
"Padha gulangen ing kalbu", pethikan tembang Kinanti kasebut guru wilangan lan guru lagune yaiku....
8u
8i
7u
7a
Guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh kasebut, yaiku ...
12u, 6a, 8i, 12a
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 7u, 7a, 8a, 12a
Guru wilangan lan guru lagu pethikan tembang Pangkur "Akarana karenan mardi siwi", yaiku …
10i
11i
12i
13i
Tembang kang nduweni teges saka tembung "mungkur" kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka, kang dipikir mung weweh marang sapadha diarani tembang …
Pocung
Sinom
Gambuh
Pangkur
Tembang Pangkur iku cocog kanggo ngandharake pitutur luhur ngenani …
Sekolahan
Budi pekerti
Masyarakat
Tata cara sinau
