WorksheetsRemidi STS 2 Bahasa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 3580secs
Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .
isining geguritan
alon, banter, cetha lan samaring swara
obahing awak
ngucapake swara
Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .
dawane ukara
pathokan
rasaning swasana ati
pocapan kang cetha
Geguritan ing ngisor iki kang nyritaake rasa syukur marang Gusti Allah amarga wes dikaruniai alam kang apik yaiku . . .
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R. Tanti
R.A. ningsih
R.A. Kartini
Geguritan uga diarani ...
parikan
paribasan
puisi jawa
saloka
Karangan deskripsi yaiku karangan sing isine nggambarake
Kedadeyan kang nyata kaya-kaya sing maca melu ngrasakake, melu krungu, melu ndeleng
Obyek utawa kahanan saenggo wong sing maca kaya-kaya melu melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau
Kedadeyan, prastawa lan nduweni telung unsur arupa kedadeyan, paraga, lan konflik saengga wong sing maca kaya-kaya melu melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau
Bab tartamtu kanggo nerangake utawa njlentrehake supaya sing maca tambah wawasane
Telung unsur yaiku kedadeyan, paraga, lan konflik sajrone karangan iku diarani
Alur
piweling
paraga
latar
Ing ngisor iki sing ora kalebu ciri-ciri karangan eksposisi yaiku
Sing dijlentrehake adhedhasar kasunyatan apa anane
Adate dikantheni data, grafik, utawa itung-itungan minangka pendukung
Sawijine obyek utawa kahanan dicritakake kanthi rinci
Sipate menehi katrangan supaya wong sing maca tambah wawasane
Anane purwakanthi lan wirama ndadekake geguritan penak diwaca. Sing diarani geguritan yaiku ....
puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
Sing diarani crita rakyat yaiku ....
crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun- tumurun digethok tularake lumantar lesan
crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun- tumurun digethok tularake lumantar tulisan
crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun- tumurun digethok tularake lumantar lesan
crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun- tumurun digethok tularake lumantar tulisan
Lumbung Desa
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandhang yen wus mateng nuli madang
Inti saka isine tembang ing dhuwur, yen kepingin keturutan karepe yaiku kudu ....
njaluk wong wae
njagane wong tuwa
Tuku ing warung
Kudu nyambut gawe
Basa endah utawa basa sastra kang endahe karana dipaesi / direngga-rengga utawa dirumpaka diarani basa ....
rinengga
panyendhu
panyandra
pepindhan
Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……
Pelem
Duren
Kates
Nangka
Kang diarani teks Deskripsi yaiku ...
Warta
Tulisan sing nggambarake kedadean kang nyata
Tulisan kang isine nyritaake kedadean nganti runtut
Teks deskripsi yaiku teks sing njlentrehake ...
Peristiwa sejarah
Pangripta puisi
Kahanan utawa ciri-ciri saka sawijining barang, wong, utawa papan
Carita rakyat
Gagasan utama saka teks deskripsi yaiku...
Ngandharake ciri-ciri barang utawa kahanan
Nyritakake pengalaman pribadi
Ngandharake pendapat penulis
Ngandharake fakta sejarah
Salah siji tujuan teks deskripsi yaiku ...
Nggugah emosi pembaca
Nyeritakake kedadeyan masa lalu
Nerangake cara nglakokake sesuatu
Njelentrehake kahanan utawa kondisi sing spesifik
Ing teks deskripsi, bagian pambuka iku nduweni fungsi kanggo ...
Njelentrehake detail-detail saka objek
Ngajak pembaca mlebu ing topik
Nyimpulake kabeh informasi sing wis disedhiyakake
Mbandhingake objek sing dideskripsikan karo objek liyane
Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.
Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .
Ibu lan bapak
Bapak lan Rudi
Rudi lan adhine
Ibu lan Rudi
Gambar ing nduwur iku yen digawe teks deskripsi yaiku ... .
Bandara ing Surabaya jenenge bandara Juanda
Bandara Juanda iku ana ing kutha Surabaya. Panggonan transit gawe penumpang montor muluk sing saka luar negeri utawa ing dalam negeri.
Transit penumpang saka montor muluk iku ing jenenge bandara
Yen arep numpak montor muluk iku panggone ing bandara. Ing Surabaya jenenge bandara Juanda
Saka gambar ing nduwur iku yen digawe teks narasi yaiku ... .
Dina Rebo iki aku lan kanca-kancaku arep janjian ing Perpustakaan Kota. Panggonane nyaman lan adem. Jam 8 esuk wes janjian ing ngarep latare perpustakaan. Ani, Dadang lan Faisal wis podho teka. Sinau kelompok bareng kanca-kanca pancen nyenengake.
Perpustakaan iki panggonan sing nyaman gawe maca buku. Akeh koleksi buku lan gratis yen arep nyilih bukune.
Ing sajroning perpustakaan iku akeh koleksi buku lan majalah. Pengunjung oleh nyilih paling akeh telung buku wae.
Panggonan sing adem lan nyaman kuwi gawe maca buku yaiku perpustakaan. Tapi ing wayah pandemi saiki, kabeh panggonan umum kuwi isih ditutup karo pemerintah.
Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....
Isine mentes
Nganggo basa padinan
Cacahe larikan ora katemtokake
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
Irah-irahan utawa judul geguritan ing dhuwur yaiku ....
Sapu Sada
Astuti
Jumat Bersih
Guyub rukun
Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....
alus lan nrenyuhake
endah lan aji
kasar lan mangkelake
suci lan nyenengake
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng
katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah
katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih
katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng
Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....
kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe
kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan
kanthi tanpa solah bawa lan patrap
kanthi solah bawa sing digawe-gawe
ancase maca endah geguritan, yaiku .....
supaya bisa mirsani padha nggumun lan era marang sing maca
sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan
nemokake struktur batin geguritan
nemokake struktur lair geguritan
Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ....
Latar
Panggonan
Paraga
Alur
Tema
Titikane cerita cekak yaiku ....
Critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dimangerteni
Critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basa dimangerteni
Critane dawa, isine cekak aos, basane menthes
Critane saklepasan, isine padhet, basane endah
Unsur sing bangun saka njero ana crita cekak yaiku...
Intrinsik
Ekstrinsik
Salah siji ciri khas crita cekak yaiku....
Wektu crita sing suwe
Gaya bahasa sing angel
Paraga sing akeh
Plot sing sederhana
ing ngisor iki sing ora kalebu titikane crita cekak yaiku...
Critane dawa nganggo basa rinengga
Isine nyengsemake utawa nrenyuhake, nyritakake sacuwil prastawa ing panguripane paraga utama
Tembung – tembunge gampang dimangerteni
Ukarane ringkes lan nganggo basa padinan
Pangertosane crita cekak yaiku....
Karya sastra prosa anyar awujud gancaran kang nyritakake perangan lelakon kang dialami paragane, ngenani gegambaraning urip bebrayan, kang ngandhut pitutur, piwulang, lan pasemon (kritik)
Karya sastra gagrag lawas awujud gancaran kang nyritakake perangan lelakon kang dialami paragane, ngenani gegambaraning urip bebrayan.
salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
têmbang pangikête awêwaton guru-lagu lan guru wilangan (sing kêlumrah kanggo ing layang-layang jaman saiki)
Cerita cekak yaiku karangan cekak kang awujud prosa. Lumrahe isine kurang saka 1.000 tembung, kira-kira 3 nganti 10 kaca kang menehi kesan tunggal kang dominan lan musatake prakara ing salah sawijining tokoh. Cerkak kalebu karya...
seni
sastra
musik
puitis
Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!
Legendha Desa Lahar
Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.
..................................................
Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....
Legendha Gunung Muria
Legendha Desa Lahar
Legendha bom Hirosima
Legendha ledakan bom Sekutu
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..
Tema
Alur/plot
Paraga /pamaragan
Latar/setting
Gagasan utawa pesen kang pengin dituturake dening pangripta sajrone cerkak yaiku ...
Amanat
Tema
Alur
Paraga
Sawise milih tema, bab kang ditindakake nalika nulis cerkak yaiku...
Pilihan tembung
Nemtokake paraga lan watak paraga
Nemtokake pamawas
Nemtokake amanat
