wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa 10

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Kaluwargane Pak Sarminto wis kaya lagi gotong mayit. Kabeh anake ayu-ayu lan padha sukses. Tembung gotong mayit kagolong tembung...

a)

entar

b)

lingga

c)

camboran

d)

saroja

e)

kawi

2.

Aji saiki kelas XI ing SMA Nusa Bangsa. Dheweke seneng karo kanca sekelas nanging ora wani ngomong. Ing sawijining dina Aji ngajak wong wadon mau dolanan lan pungkasane Aji ngungkapake rasa tresnane.

Saka katrangan ing dhuwur, tembang sing jumbuh kanggo nggambarake kahanane Aji, yaiku...

a)

asmaradana

b)

pangkur

c)

sinom

d)

gambuh

e)

dhandhanggula

3.

"Jangan gori tenan, ... anggonku mikir ngrampungke soal iki"

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku...

a)

nganti dangu

b)

nganti mumet

c)

nganti garing

d)

nganti judheg

e)

nganti teka

4.

Babagan sing ngemu kabecikan lan kaendahan kaya kahanane manungsa, kewan, mangsa, lan solah bawa...

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

panyandra

d)

saloka

e)

camboran

5.

Ayem tentrem yaiku contoh rong kata sing bedo nanging tegese meh pada disebut tembung...

a)

saloka

b)

saroja

c)

parikan

d)

panyandra

e)

kawi

6.

Tembung kang nduweni teges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing donya kanthi becik disebut...

a)

gambuh

b)

mijil

c)

maskumambang

d)

kinanthi

e)

durma

7.

Sepet-sepet sawone mentah

Diempet-empet ora betah

Unen-unen ing dhuwur kabelu…

a)

parikan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

paribasan

e)

basa rinengga

8.

Tembung entar sing nduweni teges “omongane mencla-mencle”, yaiku…

a)

dawa tangane

b)

lamis lambene

c)

lunyu ilate

d)

jembar segarane

e)

landhep pikire

9.

Kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan saben sagatra yaiku?

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru basa

d)

guru sastra

e)

guru lagu

10.

Apa bedane antarane basa krama lan basa rinengga?

a)

Basa krama iku basa kasar, lan basa rinengga iku basa alus

b)

Basa krama lan basa rinengga iku padha, ora ana bedane

c)

Basa krama iku basa alus kanggo wong tuwa, lan basa rinengga iku basa alus kanggo kabeh

d)

Basa krama iku dipigunakaké ing paseduluran, lan basa rinengga ing pangkat sosial

e)

Basa krama lan basa rinengga padha-padha digunakake kanggo wong tuwa

11.

Tembang macapat sing paling sering digunakake kanggo upacara adat yaiku...

a)

dhandhanggula

b)

pangkur

c)

sinom

d)

asmaradana

e)

durma

12.

Tembung apa sing digunakake ing basa rinengga nalika ngajak wong tuwa mangan?

a)

"Ayo mangan, Pak!"

b)

"Mugi pinanggih, Pak!"

c)

"Mangga dhahar, Bapak!"

d)

"Mangan dhisik ya, Bapak!"

e)

"Dhahar sik, Pak!"

13.

Wangsalan iku kalebu salah sawijining wujuding basa rinengga kang tegesé …

a)

Tembung pepindhan utawa sindiran

b)

Ukara kang ditata kanthi indah lan padat

c)

Tembung kang maknane didhelikake kanthi tebak-tebakan

d)

Geguritan kang nduweni guru lagu lan guru gatra

e)

Tembung kang digunakake kanggo geguritan

14.

Perangan basa rinengga sing biasane digunakake kanggo nglambangake kahanan kang ndadekake greget yaiku …

a)

paribasan

b)

saloka

c)

wangsalan

d)

tembung entar

e)

camboran

15.

Tembang macapat kang nggambarake pangarep-arep lan kasenengan yaiku…

a)

kinanthi

b)

asmaradana

c)

dhandhanggula

d)

pangkur

e)

gambuh

16.

Tembang Pangkur asring nggambarake…

*2 jawaban

a)

Pangendikan kang tegas lan wani

b)

Babagan kasekten lan kepahlawanan

c)

Keprihatinan ing urip

d)

Ajaran bab kabecikan

e)

perjalanan urip

17.

Tembung kang ngemu panyandra solah bawa yaiku...

*2 jawaban

a)

Tariane Meri pancet luwes banget amarga drijine mucuk eri

b)

Rikmane ngombak kadya banyu segara

c)

Sari yen nyanyi swarane kaya mbelah-mbelaha bumi

d)

Pundhake Sarti katon endah pindha nraju mas

e)

Awake Bagas pancen gagah banget, nanging mlakune kaya macan luwe

18.

Tembang macapat cacahing gatra ana limo yaiku...

*2 jawaban

a)

megatruh

b)

sinom

c)

gambuh

d)

dhandhanggula

e)

pangkur

19.

Watak lan sasmita tembang macapat dhandhanggula yaiku...

*2 jawaban

a)

wuntat

b)

galak

c)

kaga tresna

d)

jumuh

e)

ndudut ati

20.

Tembang macapat "Pangkur" umume dipigunakaké kanggo nyritakaké...

*2 jawaban

a)

perjuangan urip lan perjuangan batin

b)

kisah asmara

c)

peringatan agama

d)

dongeng rakyat

e)

dongeng fiksi