wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PSASP BHS JAWA

Total questions: 35

Worksheet time: 34mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen kang pratitis kanggo soal nomor 1 - 2!

Madhep Mantep Dadi Ratu

Ing sawijining dina, Semar sing dadi pimpinane Punakawan, diangkat dadi Ratu ing sawijining kerajaan deneng

Batara Guru. Dheweke seneng banget lan matur nuwun marang dewa amarga menehi kesempatan. Semar

nggunakake kekuwatan kanggo mrentah kerajaan kanthi adil kanggo rakyate. Dheweke nggawe keputusan sing

bener lan mesthekake yen umate urip seneng lan makmur.

Nanging, Semar uga ngadhepi tantangan minangka Ratu. Dheweke kudu ngadhepi mungsuh sing pengin ngrusak

kerajaane. Dheweke uga kudu ngadhepi rakyate sing beda-beda kepinginan lan kabutuhan. Semar nggunakake

kawicaksanane kanggo ngadhepi tantangan kasebut. Dheweke nggawe keputusan sing bener lan mesthekake yen

umate urip seneng lan makmur.

Kepriye watake peraga ing cerita kanthi irah-irahan “Madhep Mantep Dadi Ratu”…

a)

seneng guyon

b)

wicaksana

c)

setya tuhu

d)

sregep

2.

Cerita ing nduwur ngemu pitutur luhur sing becik kanggo tulodho yaiku …

a)

sabar lan tabah ngadhepi kangelan

b)

jujur lan transparan nalika sesrawungan karo wong liya

c)

wani nanggung risiko kanggo nggayuh tujuan

d)

adil lan wicaksana kanggo mimpin kawula

3.

Ngelmu iku, kelakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas, nyantosani

Setya budya, pangekese dur angkara

Tembang ing dhuwur iku jinising tembang macapat ….

a)

Kinanthi

b)

Pocung

c)

Sinom

d)

Mijil

4.

Gatekna crita rakyat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 4-5!

Dewata Cengkar

Enjang menika wonten ing alun-alun Medhangkamolan badhe kaleksanakaken upacara asok kurban, tumbal

negari. Dene kurbanipun menika Ajisaka. Ajisaka purun dados kurban tumbaling negari Medhangkamolan kanthi

lintu siti sawiyaripun iket wulung ingkang dipun-angge. Dewata Cengkar, ratu wengis panguwaos Kraton

Medhangkamolan ingkang badhe nyagahi upacara menika.Ing siti sangajengipun Dewata Cengkar, Ajisaka kanthi teteg nglepas iket wulungipun. Tanpa kanyana, nalika iket

dipun-gelar, si iket sangsaya melar. Sang Prabu katut melaripun iket. Nalika Ajisaka nebutaken iketipun, Prabu

Dewata Cengkar ingkang cepengan kenceng pinggiring iket lajeng kontal, dhawah wonten ing Segara Kidul.

Anehipun sang Prabu Dewata Cengkar lajeng malih dados bajul pethak.

Sapa wae paraga ing crita rakyat “Dewata Cengkar”?

a)

Medhangkamolan lan Ajisaka

b)

Medhangkamolan lan Dewata Cengkar

c)

Ajisaka lan Dewata Cengkar

d)

Bajul pethak lan Dewata Cengkar

5.

Pitutur becik ing cerita Dewata Cengkar yaiku ….

a)

Kerso bekthi kagem nagari

b)

Seneng tetulung

c)

Ojo dumeh

d)

Ngayomi rakyate

6.

Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten “Pawarta

Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah

sawijining panggong cerak marang sekolahanku.

Kobongan iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku, aku banjur kaget lan kelingan kanca

kancaku sing manggon omah cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku ndonga supados

rencang-rencangku ora ono sing kenapa-kenapa.

Selawise ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah. Sakbanjure mara sekolah, dongaku kandas,

aku sedih, lan ngrasa melu nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe melu kebakar.

Ide pokok wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Kobongan

b)

Banjir

c)

Tanah Longsor

d)

Gunung njeblug

7.

Ingkang sepisan sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah

SWT awit saking kanugrahan lan rohmatipun ing dinten menika kita saged manunggal wonten ing papan

menika saperlu ngawontenaken perpisahan.

Ukara ing dhuwur kalebu perangane …. Sesorah

a)

salam pambuka

b)

purwaka basa

c)

surasa basa

d)

salam penutup

8.

Padhang Sinaring Esuk

Esuk teka mbukak lawang

Padhang sinaring srengenge padhang

Angin sepoi nggawa panglipur

Nyedaki ati sing tau ambyur

Ora ana wengi sing langgeng

Sanadyan peteng mripate petengSrengenge mesthi bali sumunar

Marang ati kang tansah sabar

Tetep nyawang padhang ing papan

Aja nyerah ing kahanan

Urip iku mung saparane

Tresna lan pangapura dadi cendhake

amanat geguritan ing dhuwur nganggo basa krama yaiku

a)

sabar ngadepi pacoban gesang

b)

mboten nyerah ing kahanan

c)

dados tiyang kedah sabar

d)

dados tiyang kedah tansah sabar ngadepi pacoban gesang

9.

Aku duwe buku telu.

Ukara ing ndhuwur yen ditulis kanthi Aksara Jawa sing bener yaiku…

a)

b)

c)

d)

10.

Sopan santun marang wong tuwa.

Ukara-ukara kanthi aksara Jawa ing ngisor iki sing panulisane jumbuh

karo pranyatan ing ndhuwur yaiku...

a)

b)

c)

d)

11.

Wacanen pacelathon ing ngisor iki!

Ing UKS pranyata Warsana nangis gero-gero amarga irunge mimisen getihe dleweran.

Tutik : “Ana apa, War? Kok nangis gero-gero. Lho kenapa irungmu? Mimisen ya?”

Warsana : “Aku njaluk ngapura, Dung. Sing mbasang tali marakke kowe tiba iku mau aku.”

Gandung : “Lha yak tenan ta. Dasar bocah kurang ajar.”

(Gandung arep njotos Warsana, tangane ditamper Indri)

Indri : “Sabar, Dung ora usah emosi. Warsana wes njaluk pangapura lan ngakoni lupute.”

Watak 2 tokoh sing bener saka pacelathon ing dhuwur yaiku . . . .

a)

Tutik watake manutan

b)

Warsana watake gathekan

c)

Gandung watake brangasan

d)

Indri watake wicaksana

12.

Wacanen crita ing ngisor iki!

Kula bidhal sekolah mlampah amargi sekolahipun mboten tebiih saking griya. Dumugi sekolah kula

ningali kanca-kanca sami mbeta taneman empon-empon kadosta : kunir, jahe, kencur, lan sak

panunggalipun. Kula nembe sadar bilih kula kesupen mbeta taneman ingkang sampun kula cawisaken

kala wingi sonten. Kulo ugi isin banget amargi dipun gujeng kanca-kanca.

Tembung ningali nduweni teges padha karo . . . .

a)

ndelengi

b)

ngonangi

c)

mriksani

d)

nggoceki

13.

Werkudara

Werkudara utawa Bima uga diarani Balawa, Brataseno, Birawa. Panjenenganipun putra kaping

kalih Prabu Pandhu, raja ing nagari Ngastino kaliyan Dewi Kunthi, putrinipun Prabu Basukunti kaliyan

Dewi Dayita saking negara Madura. Bima duwe sedulur loro jenenge Puntadhewa lan Arjuna, uga

sedulur loro liyane, yaiku Nakula lan Sadewa.

Bima nduweni sipat lan watak: gagah prakosa, teguh, manut jujur lan bijaksana . Dhèwèké

nduwèni kekhususan minangka ahli dolanan ganda lan duwé gaman manéka warna, antarané: kuku

pancanaka, gada rujakpala, alugara, bargawa (kapak gedhé) lan bargawasta, déné ajian kang diduweni

yaiku ajian bandung bandawangsa, aji ketuk lindu lan aji blabakpangantol atol.

Kepiye watak e Werkudara andhedasar Wacan ing duwur :

a)

Gagah prakoso, teguh, Sombong

b)

Jujur, gagah Prakoso, bijaksana

c)

Bijaksana, teguh, jujur

d)

Bijaksna, gagah prakoso, ceria

14.

Poma kaki padha dipun eling

ing pituturingong

sira uga satriya arane

Kudu anteng jatmika ing budi

Luruh sarta wasis

samubarang tanduk

Tembang macapat mijil ing ndhuwur guru wilangan gatra ke telu lan enem yaiku….

a)

Gatra ke 3 :10 lan Gatra ke 6 : 6

b)

Gatra ke 3 : 8 lan Gatra ke 6 : 6

c)

Gatra ke 6 : 6 lan Gatra ke 3 : 10

d)

Gatra ke : 10 lan Gatra ke 6 : 10

15.
a)

b)

c)

d)

16.

Tari: "lya wis, aku bakale ngirit banyu. Kepiye carane ngirit banyu, Mal?"

Mala: "Ya yen wis rampung umbah-umbah krane banyu enggal di tutup,

utawa yen nyiram tanduran karo banyu sisa wae."

Tari: "Oh, ngono...."

Gestur kang pas kanggo ukara kang kacithak kandel pacelathon ing nduwur yaiku

ngelus dhadha

a)

Benar

b)

Salah

17.

Agam mancing iwak ing tambak” yen ditulis aksara jawa dadi

a)

Benar

b)

Salah

18.

Sregep sinau dudu mung tugas

Nanging becik kanggo aku dhewe

Nganti besuk dadi wong mulya

Manggon tentrem ing donya lan akhirat

Geguritan ing nginggil ngemu babagan sinau mboten namung dados kewajiban,

naging ugi dados margi tumuju kasuksesan.

a)

Benar

b)

Salah

19.

Ukara “Pandhawa lan kurawa meguru Durna” nalika ditulis kanthi aksara jawa

yaiku

a)

Benar

b)

Salah

20.

Gagasan pokok utawa ide kang dadi dhasar panggurit nulis geguritan diarani Tema

a)

Benar

b)

Salah

21.

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a

ing duwur menika guru wilangan lan guru lagu tembang…

(a)  

22.

Kula mundhut buku dhateng toko “Sumber Kawruh”.

ingkang kacithak miring kudu diganti….

(a)  

23.

Poma kaki padha dipuneling

mring pitutur ingong

Sira uga satriyane arane

Kudu Anteng Jatmika Ing Budi

Ruruh sarta wasis

Samubarangipun

tembung ruruh ing dhuwur duweni makna…

(a)  

24.

Ibu : “ Nduk, apa kowe wes ngresiki kamarmu dina iki?”

Aliya : “Dereng Bu, kula nembe nyapu.”

Unggah -ungguh basa kang digunaake ibu yaiku………

(a)  

25.

Pungkasan, sumangga kita ndedonga dhumateng Gusti Allah mugi-mugi kita

sedaya slamet, tansah pinaringan………..anggenipun nglampahi gesang.

Ukara kang trep kanggo ngganepi pungkasane pidato ing nduwur

yaiku………………….

(a)  

26.

Sawijining dina, Samosir dikongkon Ibuke ngeterke panganan kanggo bapake. Bapake mau wes kesel

lan luwe banget amerga maculi suket sing ganggu tanduran parine. Nanging bocah iku malah dolanan

lan ora nggawa panganane. Ing kono Toba nesu banget lan ora sengaja ngucapake,

"Pancen bocah keturunan iwak!".

Garwane sing krungu ukara iku banjur kuciwa lan lara ati, amarga janji Toba wis dilanggar.

Latar panggonan pethilan cerita ing nduwur yaiku . . . .

(a)  

27.

Wit ngasilake macem-macem keuntungan kanggo manungsa lan makhluk urip liyane. Wit migunani

minangka sumber pangan, industri lan obat-obatan. Salah sawijining peran wit sing paling penting

kanggo manungsa lan makhluk urip liyane yaiku ngasilake hawa seger ing jagad iki.

Ide pokok paragraf ing ndhuwur yaiku…

(a)  

28.

Jeneng wayang ing ngisor iki yaiku (a)  

29.

Prabu Dewata Cengkar

Ing jaman rumiyin ing Kraton Medhangkamulan, wonten raja kagungan asma Prabu Dewata Cengkar. Prabu

Dewata Cengkar punika kagungan watak wengis, srakah, lan dhemen dhahar daging manungsa, kawulanipun

ngantos dipunpeksa caos upeti wujud manungsa.

Pitutur luhur ing crita rakyat “Dewata Cengkar” yaiku ….

(a)  

30.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra ing tembang macapat diarani…

(a)  

31.

Wacanen kang pratitis!Padha gulangen ing kalbu

Ing sasmita amrih lantip

Aja pijer mangan nendra

Kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira

Sudanen dhahar lan guling

Kepiye watake tembang macapat ing dhuwur!

(a)  

32.

Enjang menika alun-alun Medhangkamolan rame sanget. Para kawula enem-sepuh, ageng-alit, lan kakung putri,

caket menapa dene tebih sami nglempak wonten ing ngriku. Miturut pawarta ingkang sinebar dening punggawa

kraton, enjang menika wonten ing laun-alun badhe kaleksanakaken upacara asok kurban, tumbal negari.

Ukara baku saka wacan ing dhuwur yaiku….

4 lines
33.

Tulisen tembung ing ngisor iki nganggo aksara jawa !

“Garjito numpak gajah mubeng-mubeng”

4 lines
34.

Gantinen basa ngoko iki nganggo basa krama !

a. Simbah lunga Solo numpak mobil wingi sore

b. dadi uwong kudu sabar ngadepi pocoban urip

4 lines
35.

Ukara kang katulis kanthi Aksara Jawa ing ngisor iki tulisen nganggo aksara latin!

4 lines