wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA BAB 3 KELAS 6

Total questions: 35

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.
Unen-unen sing ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu pepindhan diarani ....
a)
paribasan
b)
saloka
c)
bebasan
d)
saroja
2.
Unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan kang dipindhakake sifate utawa kahanane wong diarani ....
a)
paribasan
b)
saloka
c)
bebasan
d)
saroja
3.
Unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan kang dipindhakake wonge, lumrahe tembung kang isih pepindhane wong dumunung ana wiwitan diarani ....
a)
paribasan
b)
saloka
c)
bebasan
d)
saroja
4.
Sing kalebu paribasan yaiku ....
a)
pitik trondol diumbar ing padaringan
b)
becik ketitik ala ketara
c)
mikul dhuwur mendhem jero
d)
lambe satumang kari samerang
5.
Sing kalebu bebasan yaiku ....
a)
pitik trondol diumbar ing padaringan
b)
mubra-mubru mblabur madu
c)
mikul dhuwur mendhem jero
d)
ing ngarsa sung tuladha
6.
Sing kalebu saloka yaiku ....
a)
aji godhong garing
b)
nututi layangan pedhot
c)
anak polah bapa kepradah
d)
kebo nusu gudel
7.
Pak Basuki uripe tansah rekasa jalaran kakehan anak. Saben dina kudu pontang-panting nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhan. Unen-uneng kang mathuk kanggo nggambarake kahanane Pak Basuki yaiku .....
a)
aji godhong garing
b)
nututi layangan pedhot
c)
anak polah bapa kepradah
d)
kebo kabotan sungu
8.
Kakehan umuk nanging ora ana nyatane. Ukara kuwi cocog karo unen-unen ....
a)
durung becus keselak besus
b)
nututi layangan pedhot
c)
anak polah bapa kepradah
d)
kakehan gludhug kurang udan
9.
Ing final lomba cerdas cermat tingkat kecamatan, Andi sing dadi wakile kelurahan Banyu Urip ketemu karo Bayu sing dadi wakile kelurahan Pakis. Bocah loro mau pancen wis kondang kapinterane. Final lomba cerdas cermat bakal rame jalaran wong pinter mungsuh padha wong pintere. Unen-unen kang cocog karo ukara ing dhuwur yaiku ....
a)
kebanjiran segara madu
b)
bathok bolu isi madu
c)
sabaya pati sabaya mukti
d)
bebek mungsuh mliwis
10.
Paribasan "Becik ketitik ala ketara" tegese ....
a)
nemu kabegjan kang gedhe banget
b)
wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
c)
sing apik bakal dititik, sing ala bakal dititeni
d)
becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine
11.
Unen-unen Jawa tegese ....
a)
tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora nduweni titikan tartamtu
b)
tetembungan tartamtu kang endah
c)
tetembungan sajerone ukara kang kasusun miturut adat
d)
tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu
12.
Unen-unen sajerone basa lan kasusastran Jawa cacahe ana ....
a)
lima
b)
papat
c)
loro
d)
telu
13.
Sing kalebu unen-unen Jawa yaiku ....
a)
bebasan, saloka, pepindhan
b)
saloka, paribasan, pepindhan
c)
saloka, baradha, pepindhan
d)
paribasan, bebasan, saloka
14.
Sing padha antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ....
a)
tetembungane tetep, cacahe genep
b)
tetembungane tetep, isine owah
c)
tetembungane tetep, ganep, bisa owah
d)
tetembungane tetep, ora owah
15.
Sing mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka yaiku ....
a)
paribasan tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah
b)
paribasan tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu
c)
paribasan tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah
d)
paribasan tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge entar
16.
Tegese bebasan "nututi layangan pedhot yaiku" ....
a)
nindakake pakaryan kang gampang kelakone
b)
nindakake pakaryan kang mesthi olehe
c)
nindakake pakaryan kang gampang oleh-olehane
d)
nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane
17.
Tegese saloka "kebo kabotan sungu" yaiku ....
a)
wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus
b)
wong kang kesrakat uripe merga dhemen mangan turu
c)
wong kang kesrakat uripe merga kakehan pakaryan
d)
wong kang kesrakat uripe merga kakehan anak
18.
Tegese paribasan "jer basuki mawa beya" yaiku ....
a)
samubarang gegayuhan ngasilake dhuwit
b)
samubarang gegayuhan ana resikone
c)
samubarang gegayuhan mbutuhake niat
d)
samubarang gegayuhan mbutuhake wragat
19.
Unen-unen sing duweni teges "tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan" yaiku ....
a)
ing ngarsa sung tuladha
b)
mikul dhuwur mendhem jero
c)
mubra-mubru mblabur madu
d)
becik ketitik, ala ketara
20.
Unen-unen sing duweni teges "wong duwe kekarepan sing mokal kalakone" yaiku ....
a)
pitik trondhol diumbar ing padaringan
b)
mikul dhuwur mendhem jero
c)
kebo kabotan sungu
d)
kodhok nguntal gajah
21.
Sing kalebu unen-unen Jawa yaiku ....
a)
paribasan
b)
saloka
c)
parikan
d)
cangkriman
22.
Sing kalebu paribasan yaiku ....
a)
Becik ketitik, ala ketara
b)
Ing ngarso sung tuladha
c)
Lambe satumang kari samerang
d)
Kebo kabotan sungu
23.
Sing kalebu bebasan yaiku ....
a)
Udan tangis
b)
Cincing-cincing meksa klebus
c)
Jer basuki mawa bea
d)
Kodhok nguntal gajah
24.
Sing kalebu saloka yaiku ....
a)
Kebo nusu gudel
b)
Ula marani gepuk
c)
Desa mawa cara, negara mawa tata
d)
Mikul dhuwur, mendhem jero
25.
Unen-unen Jawa lan tuladhane sing bener yaiku ....
a)
Saloka : Kebo nusu gudel
b)
Bebasan : Ula marani gepuk
c)
Paribasan : Desa mawa cara, negara mawa tata
d)
Saloka : Mikul dhuwur, mendhem jero
26.

Unen-unen Basa Jawa sing nganggo gegambaran barang utawa kewan yaiku ....

a)

pepindhan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

27.

Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom, paribasane ....

a)

kebo kabotan sungu

b)

kebo nusu gudel

c)

ula marani gepuk

d)

gajah nguntal slangkrah

28.

Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

anak polah bapa kepradah

d)

rawe-rawe rantas malang-malang putung

29.

Kriwikan dadi grojogan, tegese yaiku ....

a)

wong asor nanging sugih kapinteran

b)

seneng njejaluk nanging ora tau weweh

c)

prakara cilik dadi prakara gedhe

d)

paseduluran sing ora tau rukun

30.

Kaya banyu karo lenga, tegese paribasan yaiku ....

a)

prakara cilik dadi prakara gedhe

b)

njarag marani bebaya

c)

paseduluran sing ora tau rukun

d)

seneng njejaluk nanging ora tau weweh

31.

Ula marani gepuk, tegese yaiku ....

a)

prakara cilik dadi prakara gedhe

b)

paseduluran sing ora bisa rukun

c)

njarag marani bebaya

d)

melu sengsarane ora melu senenge

32.

Wong asor nanging sugih kapinteran, paribasane ....

a)

ana gula ana semut

b)

jer basuki mawa beya

c)

bathok bolu isi madu

d)

kebo nusu gudel

33.

Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe

paribasane ....

a)

Rawe-rawe rantas, malang-malang putung

b)

Negara mawa tata, Desa mawa cara

c)

Jer basuki mawa bea

d)

Adigang adigung adiguna

34.

Ing ngarsa sung tuladha tegese ....

a)

duwe kekarepan pengin dadi pemimpin

b)

pemimpin kudu bisa dadi conto kanggo anggotane

c)

guneme mung lamis

d)

samubarang gegayuhan mbutuhake wragat

35.

Kebo nusu gudel tegese ....

a)

wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

b)

akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana

c)

guneme mung lamis

d)

wong kang kesrakat uripe amarga kakehan anak