Font size
WorksheetsADAT DAN BUDAYA JAWA
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
sing kalebu adat piyantun jawa yaiku ....
tingkeban
wayang
beksan gambyong
mudik
gambar alat sing digunakake ing pernikahan adat jawa iku kasebut....
kembang janur
kembang rawe
kembar kembang
kembar mayang
upacara pernikahan adat jawa kasebut jenenge apa ...
balangan bantal
balangan balangan
balangan gantal
uncal uncalan
nalika upacara panggih temanten, tembang kang dikanggo ngiringi manten, yaiku tembang ....
prau layar
kebo bongkang
gugur gunung
kebo giro
kang diarani adat kacar-kucur yaiku....
tata urutan adat panggih, sak wise balangan gantal yaiku....
kang sinebut adat dhahar klimah yaiku....
tatacara adat panggih kang dadi pralambang, manten kakung iku kudu tanggungjawab menehi nafkah marang manten putri, jenenge upacara pernikahan adat apa .....
kacar-kucur
siraman
wiji dadi
mecahan tigan
Upacara adat jawa kanggo memperingati pitungsasine wong kang nggarbini (hamil), kasebut.....
tedak siten
bancakan
tingkeban
tibanan
gambar ing ngisor iki kang kalebu upacara adat tedak siten yaiku....
gambar iki nunjukake salah sawijine urutan pernikahan adat jawa sing jenenge .....
pangkon
panggih
bobot timbang
kacar-kucur
kagiyatan sing dianakake ing saben sasi sura diarani...
grebegan mulud
grebeg sura
nyadran
liru kalpika
ana cengkir gading gambar wayang punika nunjukake kagiyatan....
rujakan
manganan
tingkeban
mantenan
ing ngisor iki kang kalebu seni budaya Jawa yaiku...
ondel-ondel
ludruk
parodi
operet
diarani kagiyatan....
gebyuran
pagas rikma
siraman
wudhu
Gambar kasebut nuduhake upacara adat temanten kang diarani ..….
Lamaran
kumbakarnan
singsetan
panggih penganten
Wujud nafkah lahir lan batin saka manten putra marang manten putri menika ditunjukake kanthi prosesi apa ....
balangan gantal
kacar-kucur
dhahar walimahan
ngonjuk toya wening
Manten lan para pengiring keluargawane padha teka ing omahe manten lanang nalika upacara ....
Temu manten
Ngunduh mantu
Siraman
Ijab kabul
Midodareni
Tatacara krobongan jumlahe ana pira .....
3
4
5
6
Tata cara temanten adat jawa kasebut jenenge apa ....
sujud
sungkeman
krobongan
atur pamit
Sapa sing kapisan ngunjuk rujak degan ....
manten putra
manten putri
wong tuwa putra
wong tuwa putri
Ruwangan kang wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Dene kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi), yaiku ….
Teras
Senthong
Dalem Agung
Pringgitan
Gandhok
Papane ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur, yaiku ….
Gaandhok
Krobongan
Dalem Agung
Krobongan
Senthong
Ing Jaman biyen ruwangan iki digunakake kanggo pagelaran wayang kulit utawa upacara liyane. Amarga kerep digunakake gelar wayang kulit mula dijenengake...
Senthong
Pringgitan
Krobongan
Senthong
Gandhok
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Ruwangan iki diarani ….
Dalem Agung
Senthong
Gandhok
Pringgitan
Pendhapa
Perangan omah joglo kang dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu lan tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan yaiku ….
Pendhapa
Pringgitan
Dalem Agung
Krobongan
Gandhok
Panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi sirah, limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami. Dipunagem piyayi kakung dipunsebat...
Iket/Udheng
Samir
Blangkon
Atela
Pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Perangan busana punika dipunsebat...
Jarik
Setagen
Sinjang
Iket
Perangan busana punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok, dipunsebat...
Beskap
Setagen
Sinjang
Iket
Perangan busana Kakung arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung, dipunsebat...
Udheng
Epek Timang
Blangkon
Keris
Perangan busana kakung arupi tutup suku/ampeyan dipunsebat...
Dhuwung
Udheng
Cenela
Samir
Rambut palsu ugi rambut asli kang digawe bentuk oval lan ditempel ing mburi utawa ing sirah dipunsebat...
Cundhuk Mentul
Suweng
Giwang
Gelungan
Ing saknduwure sanggul biasane diwenehi aksesori kang awujud kembangan lan bunderan cilik saka logam, mentul-mentul diarani...
Cundhuk mentul
Suweng
Giwang
Selop
Sajinis aksesori tumrap wanita sing dipasang nempel ing kuping. Bahane bisa saka logam, plastik, kaca, watu mulia, manik-manik, lan liya-liyane dirani...
Cundhuk mentul
Suweng
Cundhuk jungkat
Selop
Perangan busana adat kang awujud sandal kang digawe saka bahan kulit kéwan, ingkang diolah lan wujude nutupi bagian driji, geger sikil lan bageyan tungkak kebukak diarani...
Cundhuk mentul
Suweng
Giwang
Selop
Kain sing digunakake kanggo nutupi awak saka bangkekan tekan sikil, nduweni makna aja gampang serik, yen ngadepi masalah kudu ngati- ati aja grusa- grusu diarani...
Sinjang
Setagen
Kemben
Iket
Karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tinamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapanunggalane, diarani ...
Pawarta
Berita
Artikel
Masalah
artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang kadadéyan ing masyarakat, diarani ...
artikel eksploratif
artikel eksplanatif
artikel prediktif
artikel deskriptif
ARIWARTI yaiku
Koran
Majalah
Berita
Tv
jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu utawa kliru, yaiku
artikel eksploratif
artikel eksplanatif
artikel dhiskriptif
artikel preskriptif
Irah-irahan bisa diarani ...
(a)
Judhul "Makalah paniliten, Nemokake fosil tinggalan jaman purba". kalebu tuladha artikel ...
eksplanatif
dheskriptif
eksploratif
prediktif
artikel kang isine ramalan babagan apa sing bakal kedadean utawa durung kedadean miturut sing nulis artikel kasebut, diarani
artikel eksploratif
artikel prediktif
artikel preskriptif
artikel eksplanatif
Judhul artikel " Njagi Lingkungan Sekolah Ingkang Sehat". menawa kadeleng saka judhule, kalebu artikel
Eksploratif
Dheskriptif
Preskriptif
Prediktif
KALAWARTI yaiku ...
Judhul "Aksi tawuran antar desa", kalebu tuladha artikel...
eksploratif
eksplanatif
dheskriptif
prediktif
Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
krama
Ngoko alus
Krama inggil
Krama andhap
Ngoko lugu
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak ngriki.
Basa kang digunakake yaiku …
Ngoko lugu
Ngoko andhap
Krama inggil
Krama
Krama madya
Rusman : Assalamuallaikum wr wb, kula nuwun pak badhe nyuwun pirsa Rizal punapa wonten dalem?
Pak Darno : Waalaikumsalam iya le, Rizal ana ing omah nanging iki mau nembe dikongkon biyunge tuku tabung gas. Ana apa?
Rusman : Menika kula badhe wangsulake buku Basa Jawa kagunganipun Rizal ingkang kula ampil kala wingi.
Pak Darno : Ooo ya le, kene daktampanane mengko yen Rizal wis mulih bisa dakcaosake bocahe.
Rusman : Inggih pak menika bukunipun Rizal. Menawi mekaten kula pamit rumiyin nggih pak. Matur nuwun wasalamuallaikum
Pak Darno : Ya le, ati ati ya
Tembung kang kacithak doyong lan ana garis ing ngisor menawa dadi tembung ngoko yaiku...
Mbah putrine
Mbah kakunge
Mbokne/Ibune
Budhene
