wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SUMATIF SERAT WULANGREH KINANTI

Total questions: 30

Worksheet time: 33mins

Name
Class
Date
1.

Tembang kinanthi pada kapitu Serat Wulangreh ing gambar iku cacahe gatra ana pira?

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

2.

Panggawe becik puniku,

gampang yen wus den lakoni,

angel yen durung kalakyan,

aras-arasen nglakoni,

tur iku den lakonana,

mupangati badaneki.

Tembang ing dhuwur iku isi bab pitutur, jumbuh karo watake kang ....

a)

seneng

b)

sereng

c)

guyon

d)

galak

3.

Panggawe becik puniku,

gampang yen wus den lakoni,

angel yen durung kalakyan,

aras-arasen nglakoni,

tur iku den lakonana,

mupangati badaneki.

Tegese tembung becik ing dhuwur iku ....

a)

cilik

b)

apik

c)

gampang

d)

angel

4.

Panggawe becik puniku,

gampang yen wus den lakoni,

angel yen durung kalakyan,

aras-arasen nglakoni,

tur iku den lakonana,

mupangati badaneki.

Pada Kinanthi ing dhuwur ngandharake sing angel yen durung dilakoni iku apa?

a)

tumindak kasenengan

b)

tumindak kanggo wong liya

c)

tumindak apik

d)

tumindak saben dina

5.

Nadyan asor wijilipun,

yen kelakuane becik,

utawa sugih carita,

carita kang dadi misil,

iku pantes raketana,

darapon mundhak ing budi.

Pokok isi pada kapapat tembang kinanthi serat Wulangreh ing dhuwur yaiku ....

a)

Senadyan saka asor mijile, bisa mundhakake budi.

b)

Senadyan saka keturunan wong sing ina, yen kelakuan lan omongane becik pantes dicedhaki.

c)

Yen asor senajan metune saka wong kang sugih, dikancani kanggo mundhake budi.

d)

Senadyan metune saka keturunan wong ina, iku misil pantes diraketi.

6.

Guru wilangan gatra 4 tembang kinanthi ing dhuwur yaiku ....

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

7.

Guru lagune gatra 4 tembang kinanthi ing dhuwur yaiku ....

a)

a

b)

i

c)

u

d)

o

8.

Pupuh kinanthi ing serat Wulangreh iku cacahe pada ana pira?

a)

14

b)

15

c)

16

d)

17

9.

Kinanthi iku klebu tembang macapat, kang kaiket dening paugeran kaya ngisor iki, kajaba:

a)

gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru swara

10.

Serat wulangreh iku anggitane sapa?

a)

Susuhan Pakubuwono IV

b)

Susuhan Pakubuwono V

c)

Susuhan Pakubuwono VI

d)

Susuhan Pakubuwono VII

11.

Apa kang dadi patokan ing jero tembang macapat?

a)

Guru Lagu, Guru Gatra, Guru Pada

b)

Guru lagu, Guru Wilangan, Guru Sasta

c)

Guru Lagu, Guru Wilangan, Guru Gatra

d)

Guru Lagu, Guru Wilangan, Guru larik

12.

Ing ngisor iki kang ora kalebu jenise tembang macapat yaiku....

a)

Megatruh, Kinanthi, Pocung, Durma, Pangkur

b)

Megatruh, Dhandhanggula, sinom, Gambang suling

c)

Pocung, Kinanthi, Gambuh, Pangkur

d)

Pocung, Kinanthi, Gambung, Maskumambang

13.

Padha gulangen ing kalbu.

gatra kuwi duweni guru lagu lan guru wilangan ..

a)

8a

b)

7u

c)

7a

d)

8u

14.

tembung kalbu ing ukara "padha gulangen ing kalbu" saka njero tembang kinanthi nduweni teges apa?

a)

Lathihen

b)

Ati

c)

Awak

d)

Sami

15.

kang ora kalebu paugeran tembang macapat yaiku

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru basa

d)

guru wilangan

16.

Kinanthi pada 1


Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling


Gatra 1 tembang ing duwur guru wilangane cacahe ana....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

e)

9

17.

Aywa sembrana ing kalbu. tembung kalbu ing inggil tegesipun....

a)

ampun

b)

bengi

c)

ati

d)

seneng

e)

raos

18.

Guru lagu yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

19.

Mangka kanthining tumuwuh, menawi dipuntingali saking titikanipun, pethilan sekar menika kawastanan sekar macapat menapa?

a)

Pocung

b)

Sinom

c)

Pangkur

d)

Kinanthi

e)

Gambuh

20.

Tembang kinanthi kadadean saka.....gatra

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

e)

9

21.

Tembung macapat tegese ...

a)

Maca papat-papat

b)

Maca cepat-cepat

c)

Maca seprapat

d)

Maca lamat-lamat

22.

Tembang kinanthi iku watake...

a)

seneng, asih, tresna

b)

gemes, gregeten

c)

rumaket, sumanak

d)

prihatin, asih, pangajab

23.

Tembang kinanthi pada kapitu Serat Wulangreh ing gambar iku cacahe gatra ana pira?

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

24.

Kinanthi pada 1


Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling


Gatra 1 tembang ing duwur guru wilangane cacahe ana....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

e)

9

25.

Kinanthi pada 1


Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling


Gatra 1 tembang ing duwur guru wilangane cacahe ana....

a)

u,i,a,i,a,i

b)

u,a,a,i,a,i

c)

a,i,a,i,a,i

d)

u,i,a,i,a,a

e)

a,i,a,i,a,u

26.

aja sira nggunggung dhiri,

Tembung nggunggung dhiri tegese... .

a)

percaya dhiri                                                                 

b)

wasis

c)

gumedhe

d)

isinan

27.

Tembang macapat kang awujud lelagon kang ngilingake urip bebrayan lan cita-cita yaiku isine tembang ...

a)

sinom

b)

kinanthi

c)

pucung

d)

maskumambang

28.

Macapat klebu tembang....

a)

tengahan

b)

gedhe

c)

alit

d)

dolanan

29.

Tembang kalebu karya sastra kang duwe Doyo kekuatan lan keindahan mulo biso kanggo sarono pembangunan watak bangsa kalebu tembang .......

a)

Tembang macapat

b)

Tembang dolanan

c)

Tembang guyonan

d)

Tembang pasaran

30.

Tembang pirang-pirang pada kang isih sejenis sing kasebut....

a)

Guru Gatra

b)

Pupuh

c)

Padha

d)

Wanda