NEW
Font size
Worksheetsbasa jawa kelas 2 wulangan 6-7
Total questions: 35
Worksheet time: 20mins
Yen nindakake kaluputan, bocah-bocah kudu....
njaluk duit
njaluk ngapura
njaluk panganan
Ing ngisor iki sing kalebu ukara njaluk ngapura yaiku......
Tutupen lawang iku!
Sepurane Bim, aku telat.
Kepriye carane ngrumat kucing?
Kepriye tanggapanmu yen kancamu njaluk ngapura marang kowe?
dimungsuhi
ditinggal
disepurani
Yen kowe ora sengaja nyenggol kancamu, kepriye anggonmu njaluk pangapura?
Sepurane ya, aku ora sengaja nyenggol
Sepurane ya, aku telat
Sepurane ya, aku ora sengaja njegal
Yen kowe ora sengaja mecahake piring ing pawon, kepriye anggone kowe njaluk ngapura?
Sepurane bu, aku ora sengaja mecahake piring
Sepurane bu, kula mboten sengaja mecahake piring
Pangapunten bu, kula mboten sengaja mecahake piring
Ngakoni kaluputan lan nyuwun pangapura iku ditindakake kanggo njaga ......... sajrone urip bebarengan.
karukunan
kesehatan
keendahan
rukun agawe ........... (a), crah agawe ........... (b)
tembung kanggo ngisi ceceg-ceceg (a) yaiku......
bungah
resik
sentosa
rukun agawe ........... (a), crah agawe ........... (b)
tembung kanggo ngisi ceceg-ceceg (b) yaiku......
sentosa
bubrah
bungah
Salah sijine kegiatan kanggo njaga karukunan ing masyarakat yaiku......
piket kelas
kerja bakti
tukar padu
Salah sijine kunci kanggo njaga karukunan ing sekolah yaiku.....
ora pilih-pilih kanca
ngerusak barange kanca
tumindak ala marang kanca
Mulihe mampir apotek kanggo nebus obat.
Tembung nebus tegese......
njupuk
ijol
tuku
Bima disuntik lan diparingi resep. Resep iku.....
cathetan obat
regane obat
obat-obatan
Wiwit esuk udane nggrejeh. Nggrejeh tegese.....
enggal terang
ora terang-terang
grimis
Keluargane Rini
Rini kuwi anake Pak Joko. Ibune Rini jenenge Bu Santi. Rini anak sing nomer papat, Rini paling ruju dewe. Wong tuane Rini kuwi penggaweane dadi petani kabeh. Saben dino menyang sawah ngopeni tandurane.
Irah-irahan wacan ing duwur yaiku....
Keluargane Santi
Keluargane Joko
Keluargane Rini
Ing angkasa katon srengege sumunar. Sunare madhangi bumi lan saisine. Yen esuk mlethek ing sisih wetan. Srengenge dadu sumber panguripan. Yen sore angslup ing sisih kulon.
Wayah apa srengenge mlethek?
sore
awan
esuk
Awake dewek saben dina njaga resiking lingkungan lan ...
latar
resiking awak
kamar
yen kramas kudu nganggo banyu sing ...
butek
resik
mili
Bocah kae bangkekane ...
nanggal sepisan
blalak-blalak
nawon kemit
ibu lagi nyapu latar.
Yen nyapu latar nganggo ....
sapu sepet
sapu sada
sapu dawa
Sinta kae alise ....
blalak-blalak
nanggal sepisan
ngudhup turi
Drijine mucuk eri, yen rambute ...
nawon kemit
ngandhan-andhan
nanggal sepisan
Saben arep maem bocah-bocah kudu wisuh.
Tembung liyane wisuh yaiku ...
wijik
adhus
sangu
Bocah-bocah lagi resik-resik taman supaya tansah edhum las asri.
Tembung liyane edhum yaiku ...
adhem
eyup
apik
Susanto iku irunge ....
sumunar
mbangir
ngolan-olan
Rambute Sari iku ....
ngudhup turi
ngolan-olan
ngandan-andhan
Kepriye buntute gajah?
Kopat Kapit
Megal megol
Guya - guyu
Kewan apa sing paling gedhe?
Gajah
Tikus
kucing
Kodhoke ngorek ing ...
omah
blumbangan
kursi
Bocah yen nakal njaluk ...
dijiwit
dithothok
dijamoni
Jamune bocah nakal ...
kunir asem
beras kencur
temu lawak
Mripate gajah kaya ...
neker
laron
senter
Gajah gajah,
jowe tak kandhani jah,
mripat kaya laron,
kuping gedhe kaya ili,
kathik nganggo tlale, buntut cilik tansah kopat kapit.
sikil kaya bumbung, awak kaya lesung,
mung lakumu megal megol.
Tembang ing dhuwur nyritakake kewan ...
gajah
jaran
jerapah
Sikile gajah kaya ..
lesung
bumbung
lumbung
Sing kalebu tembang dolanan yaiku ...
Gundhul-gundhul pacul lan menthok-menthok
Suwe ora jamu lan pangkur
Kodhok ngorek lan mijil
Tembang dolanan lumrahe ditembangake bocah nalika ...
Turu ing kasur
Dolanan bareng kanca-kanca
Mangan bareng
