WorksheetsTRY OUT BHS JAWA 24/25
Total questions: 50
Worksheet time: 50mins
1) Assalamualaikum Wr.Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak/ Ibu Pengurus Komite Sekolah
Bapak Ibu sekaliyan saha Bapak Ibu Guru ingkang tansah minulya
2) Mekaten ugi, kula ngaturaken maturnuwun bilih panjenengan sami saged ngrawuhi adicara ingkang badhe ngrembag bab pembangunan musholla.
3) Mekaten atur kula, menawi wonten lepatipun atur saha subasita, Kula nyuwun pangapunten.
4) Sumangga kula dherekaken muji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun maringi kesehatan lan kanikmatan gesang.
Supaya dadi pidhato kang runtut, ukara ing dhuwur diurutake dadi ...
2-3-4-1
1-4-2-3
1-3-2-4
4-3-2-1
Ilham : “Don, sesuk apa sida uangan basa Jawa?”
Roni : “Sida Ton, apa kowe ora ngerti?”
Ilham : “Ora, jalaran aku ora mlebu sekolah amarga lara’’
Roni : “Ye ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Ton, neng omahku.’’
Pacelathon ing ndhuwur migunakake ragam basa ...
ngoko lugu
krama lugu
krama alus
krama inggil
Wong bungah sok nemu....
Sengsara
rekasa
cilaka
susah
Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.
Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku....
Joko Seger
Roro Anteng
Joko Seger lan Rara Anteng
Gunung Lejar
Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
guru gatra
guru lagu
guru sastra
guru wilangan
Rembugan ana sangarepe wong akeh kanthi ngandarake sawijining gagasan diarani ...
tanggap wacana
atur pambuka
micara
nyemak
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
sepur
kalung
ula
sabuk
Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku....
Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
Bocah-bocah kelas VI kemah
Kemah pramuka ing Wonosalam
Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan
Unen-unen sing kudhu dibadhek utawa dibatang maksude diarani....
cangkriman
paribasan
geguritan
saloka
bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngon-ingone sang bupati
yen lumampah, si pucung lembehan grana
Batangane tembang ing dhuwur yaiku....
gajah
sepur
macan
sepeda
Udin iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ...
seneng ngisin-ngisini
ora isin blas
gampang isin
ora duwe isin
Bocah kuwi lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ....
tansah polah ora bisa meneng
tansah ajeg ora bisa obah
tansah antheng banget
tansah tengok-tengok nganti keturu
Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ...
Simbah dipun aturi sare wonten kamar
Kula dipunsukani duwet katah
Adik lagi dolanan ana ing plataran
Bapak nembe kesah saking omah
Saben sore, Siti nyapu latar.
Tembung nyaponi linggane ....
Nyapu
disaponi
nyaponi
sapu
Kembang ning ngarep omahku wis (siram) mulane katon seger.
Tembung siram benere ....
sirami
nyirami
daksiram
nyiram
Sagung para rawuh sadaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Allah satuhu, Tansaha kasasira, Puja puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Allah Maha Suci.
Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ... larik
6
5
8
7
Sekar gambuh ping catur, Kang cinatur polah kang kalantur, Tanpa tutur katula-tula katali, Kadaluwarsa kapatuh, Kapatuh pan dadi awon.
Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ....
7, 9, 10, 7, 8
7, 10, 12, 8, 8
7, 7, 8, 8, 9, 9
8, 10, 12, 7, 7
Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ....
Asmaradana
megatruh
cublak-cublak suweng
kinanthi
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
sepur
kalung
ula
sabuk
Nalika isih aran Jabang Tetuka, Gathutkaca dijedhi ana ing kawah . . . .
Candradimuka
Candrarasa
Candra Buwana
Candra Antrakusuma
Musron ketemu wong tuwa sing pengin nyabrang dalan kang lagi rame.
Kira-kira apa sing bakal kok tindakake…
nulungi nyabrangke
bablas nerusake laku
sajak ora perduli
meneng wae
Arane anak jaran yaiku….
sawiyah
belo
bledug
geger
Sing piket dina iki sapa?
Ukara ing dhuwur klebu ukara…
andharan
tanduk
pitakonan
rinengga
Nyuwun agunge pangaksami saking sedaya kelapatan kula. Mugya ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan saged linebur.
Ukara iki adate diucapake ing wayah…
pungkasane pambiwara
ulang taun
riyaya besar
riyaya fitri
Santen toyaning klapa, cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunging pangaksama…..
Ukara ing dhuwur mujude perangan saka….pidhato
lampiran
pambuka
panutup
isi
Wacan kanggo soal nomer 26-27
Pupuh Pangkur Pada 1
Kang sekar pangkur winarna
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ingkang tata karma
den kaesthi siyang ratri.
Tembung prayoga ing teks kasebut mengku teges....
luwih bisa
luwih bener
luwih pinter
luwih becik
Wacan kanggo soal nomer 26-27
Pupuh Pangkur Pada 1
Kang sekar pangkur winarna
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ingkang tata karma
den kaesthi siyang ratri.
Manut surasane, tembang ing dhuwur ngemu piwulang/isi arupa....
urip iku kudu aja seneng umuk
wong urip kudu tansah waspada
tumindak ala lan becik kudu dingerteni
tata krama tansah diudi lan ditindakake awan lan bengi
Pupuh Sinom Pada 1
Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone dinokok ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha padhaning janmi
Suka lila den ina sapadha-padha
Manut teks tembang kasebut, watake wong utama kudu bisa....
nutupi bodhone
nambahi bodhone
nutupi kapinterane
ngetokake kapinterane
Pupuh Sinom Pada 2
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek den arani,
balilune angluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Pratelan kang jumbuh kalian isine tembang Sinom ing ndhuwur yaiku....
Lumrahe manungsa iku sok duduhake kapinterane
Lumrahe manungsa iku biasane nuduhake bodhone
Lumrahe wong kang cubluk, bakal nutupi kapinterane
Lumrahe wong kang cubluk, bakal ngetokake bodhone
“.... Mbok Randha bungah panggalihe amarga panjaluke kepingin kagungan putra
wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake sokur marang Gusti Allah amarga
dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun.
Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun
Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine marang Buta
Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi
Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi,
Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau
kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo
....”
(kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa 1 kaca 40)
Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka teks crita kasebut yaiku ....
methuki wong tapa ing Gunung Gandhul
aja gampang susah yen durung duwe anak
Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha
tansah sokur lan dedonga marang paringane Gusti Allah
Nalika iseh bayi, wujude Gathutkaca yaiku . . . .
Kunta Wijayadanu
raseksa
buntel
topeng waja
Gathutkaca nalika isih bayi diwenehi aran . . . .
Jabang Bayi
Jabang Raseksa
Jabang Bocah
Jabang Tetuka
Asmane Ibune Gathutkaca yaiku . . . .
Drupadi
Arimbi
Pregiwa
Srikandi
Arane senjatane Gathutkaca sing dianggo ing dada yaiku . . . .
nanggala
kotang anta kusuma
pasopati
alugara
Arane perang kang ndadekake Gathutkaca gugur yaiku . . . .
Baratayudha
Tanding
Bubat
Mahabarata
Gathutkaca iku putrane . . . .
Yudhistira
Arjuna
Sadewa
Werkudara
Arane kasatriyane Gathutkaca yaiku . . . .
Pringgandani
Bumiretawu
Sawojajar
madukara
Sajrone crita pewayangan, Gathutkaca iku bisa mabur tanpa lar. Tegese tembung lar yaiku . . . .
swiwi
buntut
muntha
kitiran
Senjata Kuntha Wijayadanu iku duweke . . . .
Nayarana
Yudhistira
Karna
Duryudana
Ibu nembe ngendhikan kalian Mas Fery sing ana kutha Pasuruan kanthi sarana ....
telepon
radio
televisi
bis
Pak Budi maos koran wonten kantor. maos baca ngokone ....
nulis
ndelok
tuku
maca
Pitik tukung lan padhang bulan kalebu tembang ....
keroncong
dolanan
pop
macapat
Cacahe gatra saben sapada ing tembung macapat diarani ....
guru gatra
guru wilangan
guru sastra
guru lagu
Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
guru lagu
guru sastra
guru gatra
guru wilangan
Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
guru gatra
guru lagu
guru sastra
guru wilangan
Sing klebu cangkriman plesetan yaiku....
bocor malah enak
adoh-adoh diparani,barang wis tekan diliwati
segara beldhes
sega sakepel dirubung tinggi
Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra. Palastra padha tegese karo....
Semaput
lunga
mati
ilang
Aksara Jawa di atas dibaca…
Anake kebo arane gudel
Anake ayam arane pitik
Sapi niku pakane rumput
Ayam pak Roni gadah sekawan
Ing ngisor iki sing kalebu dhampak negatife globalisasi yaiku....
majune teknologi
masyarakat tansaya maju
lunture rasa nasionalisme
anane pasar global
Muji syukur marang Gusti Allah iku ing sesorah dipapanake ana ...
pambuka
isi
panutup
salam
