wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Wayang lan Tata Laku Utama

Total questions: 6

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

Wayang iku asale saka tembung Ma-Hyang, tegese...

a)

tumuju marang bayangan

b)

tumuju marang nenek moyang

c)

tumuju marang Dewa/ Gusti kang Maha Tunggal

d)

tumuju marang Sang Hyang

2.

Wayang kulit wis diakoni UNESCO kang dadi asli karya budaya Indonesia tanggal...

a)

7 Oktober 2006

b)

7 November 2006

c)

7 Oktober 2003

d)

7 November 2003

3.

Kawiwitan nganti tekan pungkasaning crita Wayang dipangarsani dening...

a)

Sinden

b)

Paraga

c)

Dhalang

d)

Lakon

4.

Dununge dhalang ing pagelaran wayang iku ora mung ngandharake tontonan, nanging uga ngajarake...

a)

Seni

b)

Tuntunan

c)

Budaya

d)

Crita

5.

Wayang kang digawe saka kertas, diarani...

a)

Wayang Beber

b)

Wayang Golek

c)

Wayang Klithik

d)

Wayang Kulit

6-10.

Karna Putra Dewi Kunti

Dewi Kunti seneng banget nalika krungu kabar putra pembarepe kang nate dilarung ing kali Gangga nyatane isih urip lan madeg dadi adipati ing Awangga.

Sawijining dina, sabubare perang antarane Kurawa lan Pandhawa dikumandhangake. Dewi Kunti ketemu klawan Karna ing pinggiring kali Gangga.

Ing kalodhangan iku Dewi Kunti ngomong menyang Karna ngenani apa kang sanyatane. Sawise kuwi Dewi Kunti ngajak supaya Karna gelem gabung klawan Pandhawa.

Nanging panyuwunane Dewi Kunti iki ditolak. Jalaran Karna isih ngrasa lara ati merga diguwang menyang kali Gangga jaman isih cilik biyen.

Saliyane iki Karna milih nggabung Kurawa merga sumpahe. Karna nate ngucap sumpah bakal nglindhungi Hastinapura kang wis aweh kamulyan tumrap uripe.

Samungkure ngerti kaputusane Karna. Bisane Dewi Kunti mung nggetuni lelakon kang dimadi ing jaman kawuri.

Upama wae biyen piyambake ora nglanggar sumpahe. Kahanan ing dina iki menawa wae ora bakal dumadi.

6.

Papan panggonan crita wayang kasebut ana ing...

a)

Awangga

b)

Hastinapura

c)

Kali Gangga

d)

Pinggir kali Gangga

7.

Dewi Kunti lan Karna ing crita wayang kasebut diarani...

a)

Tema

b)

Latar/Setting

c)

Paraga

d)

Pesan kang kamot

8.

Ing ngisor iki sebabe Karna nolak ajakane Dewi Kunti supaya gabung karo Pandhawa, kejaba...

a)

Merga Karna dadi adipati ing Awangga

b)

Merga Karna diguwang menyang kali Gangga jaman cilik biyen

c)

Jalaran Karna isih ngrasa lara ati marang Dewi Kunti

d)

Karna nate ngucap sumpah bakal nglindhungi Hastinapura

9.

Alur crita Wayang iki yaiku...

a)

Campuran

b)

Maju

c)

Mundur

10.

Ing ngisor iki yaiku pesen kang kamot ing crita Wayang kasebut, kejaba...

a)

Nyesel ono ing mburi

b)

Aja nglanggar sumpahe dewe

c)

Nemoni anak kang wis gede

d)

Kabeh lakonan ono akibate