wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAJ BAHASA DAERAH KELAS 9

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna pethilan teks drama modhern ing ngisor iki!

Ing pawon Ibu lagi ewet masak kanggo sarapan kulawargane. Esuk kuwi panjenengane masak sop jamur lan ayam goreng kanggo sarapan. Direwangi anak wedoke, Dewi, Ibu banjur nyepakake sarapan ing meja makan.

Ibu       : “Jupuken ayam gorenge, Ndhuk! Selehen ing meja makan kene!” Dewi       : “Inggih, Bu.”

Ibu       : “Pak, Le, Ayo sarapan dhisik. Wis mateng iki masakane.” Ora let suwe, Bapak lan Dewa banjur lungguh ing kursi meja makan.

Tema ing teks drama kasebut yaiku … .

a)

kriminal

b)

romansa

c)

kluwarga

d)

pendhidhikan

2.

Gatekna pethilan teks drama modhern ing ngisor iki!

Ing pawon Ibu lagi ewet masak kanggo sarapan kulawargane. Esuk kuwi panjenengane masak sop jamur lan ayam goreng kanggo sarapan. Direwangi anak wedoke, Dewi, Ibu banjur nyepakake sarapan ing meja makan.

Ibu  : “Jupuken ayam gorenge, Ndhuk! Selehen ing meja makan kene!” Dewi : “Inggih, Bu.”

Ibu  : “Pak, Le, Ayo sarapan dhisik. Wis mateng iki masakane.” Ora let suwe, Bapak lan Dewa banjur lungguh ing kursi meja makan.

Setting wayah lan panggonan crita drama ing dhuwur, yaiku ….

a)

esuk, ing ruwang tamu

b)

esuk, ing ruwang dhahar

c)

siyang, ing ruwang tamu

d)

siyang, ing ruwang dhahar

3.

Gatekna pethilan teks drama modhern ing ngisor iki!

Ing pawon Ibu lagi ewet masak kanggo sarapan kulawargane. Esuk kuwi panjenengane masak sop jamur lan ayam goreng kanggo sarapan. Direwangi anak wedoke, Dewi, Ibu banjur nyepakake sarapan ing meja makan.

Ibu       : “Jupuken ayam gorenge, Ndhuk! Selehen ing meja makan kene!” Dewi     : “Inggih, Bu.”

Ibu       : “Pak, Le, Ayo sarapan dhisik. Wis mateng iki masakane.” Ora let suwe, Bapak lan Dewa banjur lungguh ing kursi meja makan.

Crita drama ing dhuwur nggunakake alur ….

a)

maju

b)

mundhur

c)

campuran

d)

flashback

4.

Wacanen kanthi premati pethikan teks drama modern ing ngsor iki!

Sekar : “Bu , Kula badhe pamit dhateng konter HP.” Ibu     : “Lho, Kena apa HP-mu Ndhuk?’

Sekar : “Niki HP kula error BU. Namung loading kemawon. Niki paketanipun inggih sampun nipis .” (Sekar mangsuli ibune karo mbesengut).

Ibu       : “Ya, wis kana nyuwuna dhuwit bapak, kanggo ndandani HP lan mundhut paketan. Sekar : “Inggih Bu.”

Ibu        : “Paaak … iki lho Sekar arep menyang konter HP, jarene HP-ne error.

Panjenengan paring dhuwit kanggo nyervisake HP lan mundhut paketan.” Bapak : “Iya, butuh dhuwit pira, Ndhuk? Rong atus ewu cukup ya?”

Sekar : “Inggih, cekap Pak. Mangke menawi susuk kula wangsulaken dhateng bapak.” Bapak : “Iya. ndang budhala kana. Selak awan, Ndhuk!”

(Sekar banjur pamitan marang bapak lan ibune. Satekane konter HP, Sekar ketemu karo kancane sakelas aran Rony lan Tomy).

Miturut punggelan drama ing dhuwur, sing kadhapuk dadi paraga utama, yaiku ....

a)

Ibu

b)

Rony

c)

Bapak

d)

Sekar

5.

Gatekna perangan teks drama ngisor iki!

Awan iku ing njero kelas IXE, bocah-bocah padha nggethu ngerjakna tugas nulis aksara Jawa, nanging ing bangku nomer loro saka lawang katon Anggun lagi nangis. Putri kang manggon ing sebelahe Anggun lagi ngelus-elus gegere Anggun. Ora suwe katon Bu Emi guru bahasa Jawa marani bocah loro mau.

Bu Emi             : Ana apa iki Mbak?”

Putri                 : Niki Bu, Anggun saweg muwun.” Bu Emi                  : “ Lho… kena apa kok nangis?”

Putri                 : Nggun…. Iki loh matura dhewe nang Bu Emi!” Bu Emi      : ‘ Ana apa ta Mbak Anggun?”

Anggun            : Kula ajrih amargi buku paket Basa Jawi kula kantun wonten griya.“

Bu Emi            : Ohhh….. dadi iku ta perkarane kowe nangis mau?” Anggun         : “ Inggih Bu...”

Swasana kang dibangun saka punggelan drama ing dhuwur, yaiku ....

a)

wedi

b)

seneng

c)

bungah

d)

sedhih

6.

Manut jinise drama utawa sandhiwara kaperang dadi loro, yaiku . . . .

a)

drama turgi lan klasik

b)

drama tradisional lan klasik

c)

drama tradisional lan modern

d)

drama gagrak anyar lan modern

7.

Wacanen kanthi premati teks drama ing ngsor iki!

Woh Dhondhog lan Woh Duren

Babak 1

Malem minggu iki Farhan lan Fahri nginep ing daleme simbah, (sing anakari mbah kakung) kang dumunung ing perenge gunung Semeru. Ing kono kekarone padha betah banget amarga hawane adhem. Apa maneh latare simbah amba, saengga bisa dianggo playon sakatege. Ora kaya yen ing omahe dhewe. Saliyane iku, simbah kagungan kebon kang amba. Sawise kesel playon ing pelataran, bocah-bocah padha leren ing teras lan padha nyuwun pirsa karo mbah kakung. .

Pethikan ing ndhuwur nuduhake struktur teks drama bagean….

a)

kodha

b)

resolusi

c)

orientasi

d)

komplikasi

8.

Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane utawa wis ana pangudhare prakara, ing perangan iki kalebu struktur teks drama . . . .

a)

kodha

b)

resolusi

c)

orientasi

d)

komplikasi

9.

Coba gatekna pethikan teks drama ing ngisor iki!

Badri mlaku alon-alon karo nglamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bun-bunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swarane kendharaan ing prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah.

Badri  :  (guneman ijen sinambi mripate nyawang langit biru kang panas)

“Saupama wong tuwaku sugih, aku numpak Honda kang kinyis-kinyis utawa montor gedhe sing kinclong-kinclong, ora bakal aku dodolan koran kaya ngene iki. Wiwit bar subuh mau sikilku wis mecaki dalan-dalan ing kutha Surabaya, ngalor, ngulon banjur ngidul nganti tekan prapatan kene. Rasane dlamakanku perih, dhengkulku keju kabeh.

...

Omongan kang ditindakake paraga Badri kalebu...

a)

prolog

b)

epilog

c)

dialog

d)

monolog

10.

1.     Gatekna pethikan teks drama modern ing ngisor iki!

Ibu  : “Mengko dhisik!” (Ibu namplek tangane Dewa sing arep njupuk ayam goreng)

Dewa : “Lhah, kenging punapa ta, Bu?”

Ibu  :  “Awakmu mau bar nyemir sepatu durung wisuh tangan ta? Ayo kana wisuh tangan dhisik nganggo sabun! Sing resikan ta, Le! Yen awakmu ora resikan mengko gampang kena lelara, lho!”

Tembung wisuh tegese padha karo . . . .

a)

nyuci

b)

nyeka

c)

wijik

d)

nyekel

11.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku ....

a)

Tata urutan lumakune crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita

c)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

d)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

12.

Gatekna pethikan teks drama modern ing ngisor iki! 

Bapak   :    “Geneya awakmu kok maju mundur kaya sepur langsir Don...? Kene lenggah jejer Bapak kene...! Ana apa kok sajak bingung?”

Doni      :    “Anu.... Anu..... Kula ajrih Pak.”

Bapak   :    “Wedi ana apa..... Ana memedi apa jin neng kamarmu?”

Doni      :    “Kula ajrih mergi badhe ngadhepi Ujian Praktik pidhato ndamel Basa Jawi, Pak.”

Manut teks drama ing dhuwur, Doni bingung merga arep ngadhepi ujian praktik ….

a)

Agama

b)

Basa Jawa

c)

Olah Raga

d)

Ketrampilan

13.

Gatekna pethikan teks drama modern ing ngisor iki!

Doni        :    “Wah, ngoten Bapak boten kersa ngendikan kalawingi-kalawingi, Pak.

Ngertos mekaten kula rak nyuwun dipunajari wiwit rumiyin.”

Bapak     :    “Wah, Bapak ora ngerti lho Le, yen awakmu ora bisa. Tak kira anggonmu sinau Basa Jawa ya pinaringan gangsar, ora ana masalah.

Tembung gangsar tegese padha karo . . . .

a)

akas

b)

bener

c)

cepet

d)

lancar

14.

Rampung melu kegiatan ekstra karawitan, Zahra didangu Bu Windi Bu Windi : “ Kowe arep mulih saiki ta Ra?”

Zahra                : Nggih Bu, kula badhe …… amargi sampun sonten.”

Tembung sing trep kanggo njangkepi wangsulane Zahra, yaiku ....

a)

mulih

b)

kondur

c)

jengkar

d)

wangsul

15.

Gatekna pethilan teks drama ing ngisor iki!

Bapak : “Ibu, anakke dhewe ngunduri gedhe, ayo enggal-enggal disiapake dana pendidhikane.”

Ibu       : “Iya pak, iki ibu wis usaha nyimpen saka sisane dhuwit belanja.” (karo maca daftar menu makanan sing arep dipesen)

Omong-omongane Ibu ing teks drama kasebut diarani … .

a)

Prolog

b)

Epilog

c)

Dialog

d)

Monolog

16.

Paraga drama iku ana sing duwe watak/karakter becik lan ora becik utawa ala. Paraga drama sing duwe watak becik diarani … .

a)

Figuran

b)

Antagonis

c)

Protagonis

d)

Tritagonis

17.

Gatekna pethilan teks drama ing ngisor iki!

Bapak : “Ibu, anakke dhewe ngunduri gedhe, ayo enggal-enggal disiapake dana pendidhikane.”

Ibu       : “Iya pak, iki ibu wis usaha nyimpen saka sisane dhuwit belanja.” (karo maca daftar menu makanan sing arep dipesen)

Adhedhasar pacelathon ing ndhuwur Ibu migunakake basa … .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

18.

Gatekna pethikan drama ing ngisor iki!

….

Swasana ing Klinik Mitra Husada, nalika Bagas dipriksa pak Dokter..” Bagas           : “Pak Dokter, sakmenika kula sakit waja.”

Pak Dokter      : “Oo iya Le, wis pirang dina olehmu lara untu. Bagas     : “Sampun kalih dinten Dok,”

Pak Dokter      : Iki dakwenehi obat, muga ndang waras lara untune.” Bagas      : Aamiin … Matur nuwun Pak Dhokter.

Ragam basa sing dinggo dening Bima yaiku....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

19.

Gatekna pethilan drama ing ngisor iki!

MERTAMU

Bima    :“Kula nuwun, kula nuwun, “( sinambi thothok-thothok lawang)

Banu    :“Mangga, E…. Mangga katuran tindak mlebet! Ngaturi kawilujengan rawuhipun.” Bima            :“Pangestunipun sae. Dhik Banu kados pundi kabaripun, sae ta?

Banu    :“Alhamdulillah sehat, wonten menapa ? Kok janur gunung, sonten sonten tindak mriki.

Ragam basa sing dinggo dening Bima yaiku....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

20.

I.           Sare, kesah, dhahar, nginum, tumbas

I.               Tilem, kesah, nedha, nginum, tumbas

II.              Tilem, tindak, nedha, ngunjuk, mundhut

III.            Sare, tindak, dhahar, ngunjuk, mundhut

Tembung-tembung ing dhuwur sing kalebu tembung krama inggil, yaiku nomer....

a)

I

b)

II

c)

III

d)

IV

21.

Ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake pakaryan manut apa kang diprentahake diarani … .

a)

agnya

b)

carita

c)

pitakon

d)

sambawa

22.

Ukara kang isine ngemu teges pangarep-arep, senajan, utawa upama, diarani ukara ….

a)

agnya

b)

carita

c)

pitakon

d)

sambawa

23.

Duwea dhuwit akeh yen boros ya tetep wae entek.

Ukara kasebut kalebu ukara ….

a)

agnya

b)

carita

c)

pitakon

d)

sambawa

24.

Sinaua dhek bengi aku bisa nggarap soal ulangan iki kanthi gampang.

Ukara kasebut kalebu ukara sambawa kang ateges … .

a)

upama budhal

b)

senajan budhal

c)

ngongkon budhal

d)

muga-muga budhal

25.

Gatekna ukara pacelathon drama modern ing ngisor iki!

Ibu             : “Ya wis ora apa-apa, dirampungna sesuk wae, Ndhuk. Saiki wis bengi, ayo turua dhisik supaya sesuk ora kariban!”

Sekar  : “Sejatosipun kula nggih sampun ngantuk, Bu, nanging tugas-tugas sekolah taksih kathah ingkang dereng mantun. Dinten Senin benjing kedah dipunkempalaken. Mangke mawon kula tilem, Bu.”

“Ayo turua dhisik supaya sesuk ora kariban!” iku kalebu Ukara... .

a)

agnya

b)

carita

c)

pitakon

d)

sambawa

26.

Gatekna ukara pacelathon drama modern ing ngisor iki!

Ibu              : “Ya wis ora apa-apa, dirampungna sesuk wae, Ndhuk. Saiki wis bengi, ayo turua dhisik supaya sesuk ora kariban!”

Sekar           : “Sejatosipun kula nggih sampun ngantuk, Bu, nanging tugas-tugas sekolah taksih kathah ingkang dereng mantun. Dinten Senin benjing kedah dipunkempalaken. Mangke mawon kula tilem, Bu.”

Ukara sing kacithak kandel, "Ayo turua dhisik supaya sesuk ora kariban!" tegese yaiku . .

a)

upama turu

b)

senajan turu

c)

ngongkon turu

d)

muga-muga turu

27.

Gatekna ukara pacelathon drama modern ing ngisor iki!

Mas Bayu : “Owalah tugase akeh ya, Dhik? Nggarapa tugas yen sambat wae ya ora bakal mlebu ilmune.”

Sekar  : “Lha.... lajeng kula kedah pripun, Mas? Menawi dipunkengken milih, kula langkung milih mlebet sekolah tinimbang sinau kanthi daring kados ngeten punika.”

Ukara sing kacithak kandel, “Nggarapa tugas yen sambat wae ya ora bakal mlebu ilmune!” tegese yaiku . . . .

a)

upama nggarap

b)

senajan nggarap

c)

ngongkon nggarap

d)

muga-muga nggarap

28.

“Nggarapa tugas yen sambat wae ya ora bakal mlebu ilmune.”.

Ukara kasebut migunakake basa …. .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

29.

Ing ngisor iki kalebu bab-bab sing kudu digatekake nalika arep nulis teks drama, kajaba ....

a)

nemtokake sutradara

b)

nemtokake alur lan setting

c)

nemtokake paraga lan watake

d)

mangerteni isi crita sing arep ditulis

30.

Sing dudu kalebu bab-bab kang kudu digatekake nalika arep maragakake lakon drama yaiku....

a)

Intonasi

b)

Verifikasi

c)

Artikulasi

d)

Blocking panggung

31.

Wacanen kanthi premati teks palapuran ing ngisor iki!

           ODHENG

 

   Masyarakat suku madura duweni titikan mligine tumrap priya,yaiku panutup sirah kang diarani odheng.odheng dadi piranti panjangkep saka busana adat madura sing di arani pesaan. Odheng kerep di gunaake ung acara adat,vestifal,karnaval,upacara,pengethan dino kamardikan,acara wisuda,lan sapanunggalane.odheng lumrahe kagawe saka kain batik lan aujud segitiga . menawa di deleng saklebatan odheng meh padha karo blankon nanging satemene kalorone iku beda.        

       Odheng duwen i speramgam motif, wiwit odheng bangsawan , tongkongan, lan rakyat. Cara anggone nganggo odheng uga kanggo nuduhake drajat kalumgguhan. Kelopak odheng sing saya jejeg nuduhake dhuwure  drajat   kalungguhan  sawijing  pawongan.  Saya  miring kelopak,  nuduhake drajat sing saya endhek.

         Odheng  bangsawan nalika dianggo nutupi sirah.  Ana  wujud siku tartamtu ing odhemg iki. Ing  sisih tengen diarani gunungan. Tegese, wong sing nganggo odheng duwe drajat luwih dhuwur timbang wong liya.  Odheng  jinis iki  lumrah digunakake dening pejabat pamarentah, tokoh masyarakat, lan tokoh kang duwe pangaribawa wigati.  Ing  bagian mburi odheng iki ana siku cilik kaya wulu pitik kang ngandhut werdi menawa siku ngadeg jejeg dianggo bocah umur 25 taun mendhuwur.  Dene  siku ciik ing bagean ngarep odheng madhep mangisor, ngandhut werdi menawa menawa manungsa kudu tansah andhap asor.

          Saliyane odheng bangsawan, uga ana odheng rakyat.  Bedane  yaiku odheng rakyat amung wujud lempitan kain tanpa apa panutup sirah.  Odheng  rakyat ana rong siku odheng sing diarani totkala kang tegese buntut kalajengking.  Anggone nganggo uga ora padha karo odheng bangsawan,  yaiku kelopak cilik kudu manggon ing sisih kiwa.  Kelopak cilik bisa diamggo kuwalik nanging ana aturane.

Wacan ing dhuwur klebu ing teks ….

a)

eksposisi

b)

eksplanasi

c)

deskripsi

d)

argumentasi

32.

Tembung deskripsi iku asale saka basa….

a)

sanskerta

b)

latin.

c)

kawi

d)

jawa kuno

33.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Payone  kawangun  saka  patang  sisi  kang  kasusun loro lan sabubungan . wujud wangunan iki saka dhuwur mengisor saya amba kayadene payung.

Teks ing dhuwur klebu jinis ....

a)

deskripsi

b)

persuasi

c)

argumentasi

d)

narasi

34.

Wacanen kanthi premati teks palapuran ing ngisor iki!

Dhiklat Organisasi Siswa Intra Sekolah (OSIS) yaiku pendhidhikan lan latihan kanggo mujudake pemimpin kang darbeni akhlak mulya sarta nduweni prestasi mligi.

OSIS mujudake organisasi sekolah kanthi anggota kabeh siswa ing sajrone sekolah kasebut. OSIS dipandhegani Pembina OSIS lan dibina langsng dening waka Kesiswaan.

Miturut struktur teks palapuran kegiyatan, pethikan palapuran ing dhuwur kalebu ….

a)

isi/wos

b)

panutup

c)

definisi umum

d)

purwaka/pambuka

35.

Wacanen kanthi premati teks palapuran ing ngisor iki!

OSIS mujudake wadhah kanggo masilitasi siswa anggone megawe cundhuk klawan tugase dhewe-dhewe. Asil pakaryane kanggo kepentingan sekolah lan kabeh siswa. Sakliyane iku OSIS nduweni fungsi minangka panyengkuyung pangrembakaning kemampuan lan kreativitas siswa. Mula saka iku pengurus lan anggota OSIS kudu diwenehi bekal kanggo sangu nindakake pakaryan mau. Wujud bekal kang diwenehake marang pengurus lan anggota OSIS, ora liya wujud latsar utawa dhiklat OSIS.

Miturut struktur teks palapuran kegiyatan, pethikan palapuran ing dhuwur kalebu ….

a)

isi/wos

b)

panutup

c)

definisi umum

d)

purwaka/pambuka

36.

Wacanen kanthi premati, perangan teks palapuran ing ngisor iki!

Kanggo ngrejakake pengetan Dina Kartini tahun 2024 iki, SMP Tunas Harapan nganakake maneka kegiyatan, ing antarane : Lomba Putri Keluwesan (dieloki dening siswi perwakilan kelas 7,8,9); Lomba Masak Sega Goreng (dieloki saka perwakilan kelas 7, 8,9 lan mung dijupuk saka kaum priya, awit lombane kudu ditindakake dening siswa sacara kelompok); Lomba Gawe Jajan saka Non beras (dieloki dening perwakilan kelas 7,8 lan 9 sarta dijupuk saka perwakilan kaum putri sacara kelompok).

Juri lomba dumadi saka sawatara ibuguru sing ora jumeneng walikelas 7,8 lan 9. Saben kegiyatan lomba dibiji dening Ibu guru cacah telu. Juara lomba dijupuk 3 ateges juara 1, juara 2 lan 3 saben jinis lomba. Kegiyatan kasebut dilaksanake ing aula SMP Tunas Harapan..

Miturut struktur teks palapuran kegiyatan, pethikan palapuran ing dhuwur kalebu ….

a)

isi/wos

b)

panutup

c)

definisi umum

d)

purwaka/pambuka

37.

Struktur teks palapuran kegiyatan kang runtut yaiku ….

a)

pambuka, panutup, isi

b)

isi, pambuka, panutup

c)

pambuka, isi, panutup

d)

panutup, isi, pambuka

38.

Wacanen kanthi premati, pethikan teks palapuran observasi ing ngisor iki!

Mutere rembulan ngubengi bumi uga kang njalari kato mung ana ing wayah bengi wae. pinuju bengi, rembulan kaya-kaya katon nduweni cahya utawa sunare dhewe. Sejatine, cahyaning rembulan iku mung mujudake pantulan saka cahyaning srengenge.

Manut observasi, ing rembulan, ora ditemokake banyu, hawa saka sistem pelindung sakuwat lapisan atmosfer, kang ngayomi praupane (permukaane) rembulan saka antemaning barang-barang langit, kayata: asteroid utawa komet. Mula sebab iku. Ora ana panguripan babar pisan ing rembulan.

Adhedhasar perangan teks palapuran kegiyatan observasi kasebut miturut struktur tekse kalebu ….

a)

dhefinisi umum

b)

dhefinisi bagian

c)

dheskripsi bagian

d)

dheskripsi manfaat

39.

Wacanen kanthi premati, pethikan teks palapuran observasi ing ngisor iki!

Mupangat rembulan kanggo manungsa yaiku minangka cahya alami ing wayah bengi lan ngimbangake rotasi bumi. Fungsi satelit alami (rembulan) sacara ora langsung tumrap planet induk yaiku ngayomi planet induk saka antemane barang-barang-barang langit kang kaya komet lan asteroid mau.

Anane rembulan minangka satelit bumi ora mung kanggo ngrenggani angkasaing wayah bengi, luwih saka iku rembulan darbe peran wigati tumrap pangurpane manunsa ing bumi. Awit rembulan mbiyantu ngatur obah mosiking banyu segara, obahing atmosfir lan iklim uga kemiringane poros planet kita.

Adhedhasar pethikan teks palapuran kegiyatan observasi kasebut miturut struktur teks-e kalebu ….

a)

dhefinisi umum

b)

dhefinisi bagian

c)

dheskripsi bagian

d)

dheskripsi manfaat

40.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

1)      Kegiyatan karya wisata dilaksanakake tanggal 18-21 Desember 2023.

2)      Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.

3)      Adhedhasar asil rapar karo wali murid kegiyatan karya wisata dilaksanakae ing liburan semester ganjil.

4)      Tujuan karya wisata yaiku supaya para siswa bisa nambahi kawruh tumrap bab bab sing wis disinaoni.

Ukara kang trep kanggo bagean panutup ing laporan kegiyatan yaiku ing ukara nomer ….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

41.

Gatekna ukara ukara ing ngisor iki!

1)      Aja mbuwang uwuh sembarang ana ing papan wisata.

2)      Ayo padha njaga lingkungankanthi cara nyuda panganggoe plastik.

3)      Sapa sing mangerteni papan wisata sing ana ing kabupaten Pasuruan?

4)      Gunung Bromo mujudake salah siji papan wisata ing kabupaten Pasuruan.

Kang mujudake ukara andharan (ukara carita) yaiku ing ukara nomer ….

a)

A. 1

b)

B. 2

c)

C. 3

d)

D. 4

42.

Setitekna kanthi premati, ukara-ukara kang mujudake unsur kebahasaan teks laporan kegiyatan ing ngisor Iki!

1)      Museum Jogya Kembali mamerake Sejarah wujud dhiorama.

2)      Yogyakarta kondhang nduweni peninggalan Sejarah lan Kabudayan.

3)      Wulan Desember wingi para siswa SMP Tunas Bangsa nganakake karya wisata ing Bali.

4)      Andi ora melu karya wisata menyang Bali, amarga wis melu wisata menyang Yogyakarta

Adhedhasar ukara kasebut sing minangka ukara lamba yaiku nomer …

a)

1, 2

b)

3, 4

c)

1, 3

d)

2, 4

43.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

1)      Para siswa lagi nyusun proposal kegiyatan pengetan dina Kartini.

2)      Sawise Rudi plesir menyang Solo, dheweke banjur plesir menyang Yogja.

3)      Aku melu studi wisata menyang Bali lan adhiku melu rekreasi menyang Gunung Bromo..

4)      Wulan Februari wingi para siswa kelas 9 SMP Bhakti Mulya studi wisata menyang Yogyakarta.

Unsur kebahasaan wujud ukara camboran yaiku ing ukara nomer … .

a)

1, 2

b)

3, 4

c)

1, 4

d)

2, 3

44.

Wacanen kanthi premati ukara ukara ing ngisor iki!

1)      Dino ora melu rekreasi menyang Yogyakarta amarga wis melu rekresi menyang Bali.

2)      Aku melu study wisata menyang Bali lan adhiku melu rekreasi menyang Banyuwangi.

3)      Saraswati melu rekreasi menyang Ranu Grati banjur budhal menyang Gunung Bromo.

4)      Wulan Januari wingi kelas 7 outing class menyang Blitar, dene kelas 8 menyang Yogyakarta.

Unsur kebahasaane wujud ukara camboran sajajar yaiku ing ukara nomer ….

a)

1, 2

b)

3, 4

c)

1, 3

d)

2, 4

45.

Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani ukara ….

a)

lamba

b)

pakon

c)

carita

d)

camboran

46.

Biji-biji rapote Suta iku banget mrihatinake amarga saben dinane dheweke mung dolanan game wae ora nate sinau babar pisan. Ukara ing dhuwur kalebu ukara camboran … .

a)

wantah

b)

susun

c)

sajajar

d)

raketan

47.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki:

(1)      Papan Lomba ML (Mobile Legends)

Ing SMA Mulya Asih Pasuruan. Penyelenggara lomba (SMA Mulya Asih) iki makarya bebarengan klawan Esports Indonesia (ESI).

(2)      Panutup

Kanggo nggayuh juwara ML dibutuhake micro penguwasaan hero, macro penguwasaan map, mekanik cara gameplay, lan chemestry kekompakan tim.


(3)      Waktu Kegiyatan

Waktu lomba 2 dina, yaiku dina Jumat lan Sabtu ing tanggal 23 dan 24 Februari 2024, wiwit tabuh 08.00 – 15.00 WIB.

(4)      Kesan-kesan

Pemain ML bisa nggunakake hero kang sumadya, yaiku hero kang wis dituku lan kang wis disediyakake otomatis dening sistem. Saben hero duweni skill dhewe-dhewe. Iki mujudake keseruan ML – maksimalake skill saka hero kang digunakake.

Ukara-ukara kasebut yen disusun dadi palapuran kegiyatan singkat, urutan sing bener, yaiku … .

a)

1, 3, 2, lan 4

b)

2, 3, 1, lan 4

c)

1, 3, 4, lan 2

d)

3, 4, 1, lan 2

48.

Gatekna gambar ing ngisor iki!

Yen arep nulis palapuran kegiyatan, isi kegiyatan sing pas karo foto ing dhuwur, yaiku … .

a)

Bahan gorengan yaiku: terigu, endhog pitik, uyah sithik; campuran bahane: wortel karo kubis; lan lenga goreng.

b)

Gawe jajan gorengane iku macem-macem manut rembugane klompoke dhewe-dhewe, ana weci lan ana tahu isi.

c)

Asil gawe jajan gorengan mengko bakal didol wujud kemasan (sapaket isi limang iji) kanthi rega liwang ewu rupiyah.

d)

Para siswa sacara klompok padha praktik mangsak (gawe jajan gorengan) ing dhapur pengolahane panganan.

49.

Aksara Murda cacahe ana … .

a)

8

b)

10

c)

15

d)

20

50.

Ukara iki nalika disalin menyang Aksara Jawa, sing kudune mawa Aksara Murda yaiku … .

a)

Ga, Sa

b)

Pa, Ga, Sa

c)

Ma, Ga, Sa

d)

Pa, Ma, Ga, Sa