wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SUMATIF AKHIR FASE B SD NEGERI BANJARAGUNG 3_BASA JAWA_KELAS 4

Total questions: 40

Worksheet time: 3hrs 24mins

Name
Class
Date
1.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. Tantiningsih

d)

R.A. Kartini

2.

Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh.

Dasanamane tembung goroh yaiku ....

a)

dolanan

b)

gumede

c)

gawean

d)

ngapusi

3.

Ukara pakon sing mathuk karo gambar yaiku ...

a)

Sit, umbahen klambine !

b)

Sit, jupukna bukuku !

c)

Sit, siramen kembange !

4.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur.


Kang ngasilake oksigen yaiku ... .

a)

kewan ingon-ingon

b)

banyu kang resik

c)

tanduran sing subur

d)

manungsa

5.

Adhiku dolanan masak-masakan karo kancane. Tembung " dolanan " asale saka tembung lingga ...

a)

dolanan

b)

dolan

c)

dodolan

d)

dodol

6.

Kaendahane nagari Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kabudayan, lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah ngenani . . . .

a)

Tembang campur sari

b)

Tembang dolanan

c)

Tembang lagam

d)

Tembang macapat

7.

Bulan Gedhe


Bulan – bulan gedhe

Ana santri menek jambe

Ceblokna salining wae

Mumpung jembar kalangane

Mumpung jembar rembulane

Suraka surak hiyo


Irah-irahan tembang ing dhuwur yaiku . . . .

a)

Santri

b)

Menek jambe

c)

Jembar

d)

Bulan gedhe

8.

cublak-cublak suweng

suwenge teng gelenter

mambu ketundhung gudel

pak empo lera-lere

sopo ngguyu ndelikake

sir-sir pong dele kopong

sir-sir pong dele kopong

sir-sir pong dele kopong


Tembang ing dhuwur paring pelajaran marang kita supaya ....

a)

ora mlikginuruti hawa nafsu jroning golek bandha donya

b)

kita ndhuweni rasa kormat, welas asih, gotong royong, tulung tinulung, lan liya-liyane

c)

manungsa kudu ngresiki batine lan tansah eling marang Gusti Allah menawa pati uripe manungsa ing astane Gusti Allah

d)

manungsa nduweni nilai budi pekerti religius utawa keagamaan

9.

Gundul gundul pacul cul

Gembelengan

Nyunggi nyunggi wakul kul

Gembelengan

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar


Surasane tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....

a)

kudu duwe ati nurani sing resik lan ora sesat

b)

ajaran nilai budi pekerti bab rasa kormat, welas asih, gotong royong lan liya-liyane

c)

manungsa kudu eling marang Gusti Allah

d)

manungsa kudu resik ing batin

10.

Sing dadi cirine tembang dolanan yaiku ....

a)

ukarane cekak lan prasaja

b)

ukarane dawa-dawa

c)

cengkok utawa lagune angel

d)

ukarane endhek lan angel

11.

Sandhangan swara cacahe ana

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

12.

Pasangan aksara na yaiku ....

a)
b)
c)
d)
13.

Pasangan aksara Jawa la yaiku ....

a)
b)
c)
d)
14.

Pasangan aksara Jawa ba yaiku ....

a)
b)
c)
d)
15.

kang disebut sandhangan cakra yaiku ....

a)
b)
c)
d)
16.

Layar, Wighyan,Cecak, lan Pangkon kalebu sandhangan ...

a)

Swara

b)

Legena

c)

Panyigeg Wanda

d)

Wyanjana

17.

Aksara Jawa iku cacahe ana ....

a)

14

b)

16

c)

18

d)

20

18.

Tembung ”metu” iku yen ditulis nganggo aksara Jawa migunakake sandhangan swara ....

a)

pepet lan wulu

b)

pepet lan suku

c)

taling lan wulu

d)

taling lan suku

19.

”Layar” yaiku sandhangan sigeg gantine aksara sigeg….

a)

swara ”h”

b)

swara ”ng”

c)

swara ”r”

d)

swara ”y”

20.

Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.

Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .

a)

Ibu lan bapak

b)

Bapak lan Rudi

c)

Rudi lan adhine

d)

Ibu lan Rudi

21.

Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Eksplorasi

22.

Wacanen kanthi satiti!


Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.


Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?

a)

Sofa

b)

Wawan

c)

Rudi

d)

Sofa, Rudi lan Wawan

23.

Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.


Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi

24.

Teks sing nggambarake objek,panggonan utawa kedadean nganti njlimet/rinci, nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dewe objek sing digambarake panulis, kalebu teks ... .

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

persuasi

25.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.


Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

26.

Pak Bawa : ”Bim, TV ne yen ora kok deleng, patenana!”

Bima : ”Kula, badhe ningali film kartun, Pak.”

Pak Bawa : ”Film kartun iku isih sak jam maneh... hemat energi!”

Bima :”Nanging setrumipun TV niki lak alit, paling bayaripun listrik mirah.”

Pak Bawa : ”Ora merga hemat mbayare wae, ya hemat energi. Delengen ta, isih akeh desa sing durung dialiri listrik.”

Bima : ”Niku ing luar Jawi, Pak ing kang dereng wonten listrik.”

Pak Bawa : ”Ya yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.”

Bima : ”Inggih Pak, mangke yen film kartune sampun wiwit kula ningali, nggih!”

Pak Bawa : ”Aja kuwatir, kana sinau dhisik!

Tema sakin teks pacelathon kuwi, yaiku...

a)

ngirit duwit

b)

ngirit energi

c)

boros energi

d)

ayo tuku LED

27.

Tembung lingga turu yen diwenehi ater-ater ke- lan panambang-an malih dadi…

a)
keturuan
b)
keturunan
c)
keturon
d)
keturun
28.

Basa krama alus saka tembung "turu", yaiku....

a)

siram

b)

sare

c)

unjuk

d)

mundhut

29.

Sing klebu tembang dolanan ing ngisor iki yaiku ....

a)

Bapak Pucung

b)

Dandang Gulo

c)

Maskumambang

d)

Jamuran

30.

Tembang dolanan menehi piwulang marang bocah-bocah ngeneni........

a)

olah raga

b)

ilmu pengetahuan

c)

keterampilan

d)

budi pekerti

31.

sandhangan kanggo menehi ng mati ana ing aksara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
32.

sandhangan kanggo mateni aksara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
33.

sandhangan kanggo nulis o ana ing tembung kebo yaiku sandhangan ....

a)
b)
c)
d)
34.

sandhangan kanggo nulis e ana ing tembung sate yaiku ....

a)
b)
c)
d)
35.

sandhangan kanggo mateni aksara h ana ing tembung gajah yaiku ....

a)
b)
c)
d)
36.

aksara iki wacane

a)

sukoharjo

b)

sukaharja

c)

sukorejo

d)

sukareja

e)

sukawarja

37.

aksara iki wacane yaiku

a)

pitikku cilik

b)

pitike cilik

c)

witik cilik

d)

pitik cilik

e)

pitik culik

38.

Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Enak

d)

Jare

39.

Carita sing dadi asal mulane aksara Jawa yaiku

a)

Damar Wulan

b)

Ajisaka

c)

Roro Jonggrang

d)

Ciung Wanara

40.

Pratiwi buka warung sate, salinen nganggo aksara jawa!

4 lines