WorksheetsPas jawa 11
Total questions: 45
Worksheet time: 25mins
Perangan layang pribadi kang isine kabar wigati utawa prelu disampeake marang wong liya diarani ....
Salam pembuka
Surasa basa
Pepuji
Penutup
Alamat
Ukara ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru swara yaiku ....
.
Tata titen tetep tatag
Adegan adigung adiguna
Becik ketitik ala ketara
Sing salah seleh
Rasa rumangsa melu nandhang
Gunung Semeru jeblug lan ngetokake wedhus gembel.” Ing ukara kasebut, tembung “wedhus gembel” tegese ....
Kawan wedus kang wulune dawa
Awan panas kang katon kaya wedhus
Upacara kanggo wong kang manut wae
Bleduk vulkanik kang panas lan mbebayani
Kumpulan wedus kang lagi gembal
Unsur intrinsik cerkak kang nyritakake sapa wae paraga ing crita, watake, lan kepriye sesambungane antarane paraga siji lan sijine diarani
Tema
Latar
Alur
Paraga lan watak
Amanat
Ing ngisor iki kang ora kalebu jinise geguritan yaiku ....
Geguritan gagrag lawas
Geguritan gagrag anyar
Gegeuritan naratif
Geguritan liris
Geguritan parikan
Paugeran kang ora kudu ana ing geguritan gagrag anyar yaiku ....
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane wong ing pungkasaning gatra
Pilihan tembung kang mantes
Nggunakake Basa kang endah
Tembang macapat kang nggambarake rasa nesu, sereng, lan gagah yaiku tembang ....
Mijil
Kinanthi
Sinom
Asmaradana
Gambuh
Guru wilangan lan guru lagu gatra kapisan tembang Pocung yaiku ....
12 u
6 o
8 i
7 a
10 i
Novel “Para Priyayi” anggitane Umar Kayam nyritakake ngenani ....
Perjuangan kamardikaan
Kahanan sosial lan budaya kaum priyayi jawa
Katresnan kang ora kesampean
Lelakone wong desa ing kutha
Donya mistis lan klenis
Ing ngisor iki kang kalebu ciri-cirine teks pawarta yaiku ....
Fiktif lan subjektif
Aktual lan objektif
Imajinatif lan persuasif
Deskripsi lan argumentasi
Nasihat lan kritik
Struktur teks pawarta kang nerangake sapa, apa, kapan, ing ngendi, kenapa, lan kepriye kedadeyan iku diarani ....
Irah- irahan
Teras pawarta
Badan pawarta
Pungkasan pawarta
Sumber pawarta
Dhèk wingi ana kacilakan ing prapatan dalan gedhe.” Ing ukara kasebut, katrangan wektu ditunjukake dening tembung ....
Ana
Kacilakan
Ing
Prapatan
Dhek wingi
Ing crita wayang, paraga kang nduweni watak jujur, sabar, lan satriya yaiku....
Rahwana
Sengkuni
Arjuna
Kurawa
Indrajit
Unsur ekstrinsik karya sastra kang gegayutan karo kahanan sosial lan politik nalika karya kasebut digawe yaiku ....
Biografi pangripta
Nilai nilai budaya
Kahanan sosial
Latar belakang sejarah
Aliran sastra
Ing ngisor iki kang kalebu tuladha tembung panyandra kanggo kaendahane wanita yaiku ....
Swarane kaya buluh perindu
Lakune kaya macan luwe
Atose kaya watu karang
Pikirane landhep kaya silet
Grapyak semanak marang sapa wae
Tembung entar ing ukara “Bocah kuwi pancen dawa tangane” tegese ....
Seneng tetulung
Ora seneng nyambut gawe
Seneng jupuk barang liyane
Omongane ora bisa dipercaya
Gampang nesu
Ing teks sesorah, perangan kang isine pangarep-arep marang para rawuh supaya bisa nindakake apa kang wis diandharake diarani ....
Pambuka
Isi
Panutup
Atur panuwun
Salam pungkasan
Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa ngoko lugu yaiku ....
Panjenengan arep tindak ngendi
Kowe wis mangan durung
Bapak nembe siram wonten kamar mandi
Ibu mundhut sayur ing pasar
Simbah gerah sampun kaleh dinten
Ing crita rakyat “Timun Mas”, buta ijo bisa dikalahake kanthi cara ....
Dikeroyok wong akeh
Ditebak ing guwa
Ditanduri wiji Timur dadi alangan
Disihir dadi kewan
Diobong nganggo geni
Piwulang luhur kang bisa dijupuk saka crita “Rara Jonggrang” yaiku ....
Ora kena gampang janji
Kudu manut marang wong tuwa
Ora kena duweni sifat serakah
Kudu tresna marang lemah kelairan
Pentinge gotong royong
* Geguritan kang nyritakake sawijining kedadeyan utawa lelakon diarani geguritan ....
Liris
Naratif
Deskritif
Satire
Didaktis
* Novel kang nyritakake lelakon uripe tokoh wiwit cilik nganti diwasa diarani novel ....
Sejarah
Sosial
Psikologis
Biografi
Otobiografi
Teknik ngandharake watake paraga ing drama kanthi langsung (disebutake dening pangripta) diarani teknik ....
Analitik
Dramatik
Monolog
Dialog
Solilukue
Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur pambangun drama yaiku ....
Paraga
Latar
Alur
Amanat
Kostum
Perangan teks drama kang isine pituduh kanggo para paraga ngenani obahing badan, mimik, utawa swara diarani ....
Dialog
Monolog
Kramagung
Epilog
Prolog
Ing ngisor iki kang kalebu jinise layang resmi yaiku ....
Layang kagem kanca
Layang diem
Layang tresna
Layang keluarga
Layang prinbadi
Ing ngisor iki kang kalebu jinise layang resmi yaiku ....
Layang kagem kanca
Layang ulem
Layang tresna
Layang keluarga
Layang pribadi
Para siswa kelas XI diaturi kempal ing aula sekolah.” Ukara kasebut nggunakake basa ....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Basa campuran
Ing crita wayang Ramayana, paraga kang nduweni sifat setia lan bekti marang gustine yaiku ....
Dasamuka
Kumbakarna
Hanoman
Indra
Sugriwa
Unsur intrinsik kang nuduhake wektu lan papan dumadine crita diarani ....
Tema
Alur
Paraga
Latar
Amanat
Tembung “mlinjon” ing ukara “Regane mlinjon saiki mundhak” kalebu jinise tembung ....
Aran
Kriya
Sesulih
Katrangan
Panggandheng
Ing ngisor iki kang kalebu tuladha ukara camboran yaiku ....
Buku iki apik banget
Adhik lagi turu
Bapak Ibu lunga menyang ing surabaya
Siswa2 pada sinau menyang perpustakaan
Kucing ku warnane putih
Sanajan udan deres, aku tetep mangkat sekolah.” Ing ukara kasebut, tembung panggandheng “sanajan” nuduhake ....
Waktu
Panggonan
Kahanan
Tujuan
Penyebab
Ing teks pawarta, informasi kang paling wigati biasane dumunung ing perangan ....
Irah-irahan
Teras pawarta
Badan pawarta
Pungkasane pawarta
Sumber pawarta
Crita rakyat kang nyritakake asal-usule sawijining panggonan diarani ....
Fabel
Legenda
Mite
Sage
Parabel
Ing ngisor iki kang kalebu tuladha geguritan gagrag lawas yaiku ....
Balada
Soneta
Pantun
Syair
Epigram
Tembang macapat kang nggambarake rasa tresna, asih, lan kedhayohan yaiku tembang ....
Mijil
Kinanthi
Sinom
Asmaradana
Dhandang gula
Guru gatra tembang Sinom yaiku ....
6
7
9
10
11
Novel “Ronggeng Dukuh Paruk” anggitane Ahmad Tohari nyritakake ngenani ....
Perjuangan kamardikan ing desa
Tradisi ronggeng lan kahanan sosial ing masyarakat desa
Kateesnan antarane ronggeng lan pemuda desa
Kahanan ekonomi masyarakat desa kang miskin
Donya miskin ing kalangan ronggeng
Ing drama, pacelathon antarane rong paraga utawa luwih diarani ......
Monolog
Dialog
Solilokui
Krama gung
Prolog
Sawijining perusahaan lokal ing Surabaya ngasilake produk panganan tradisional sing arane “Kripik Samijali.” Saiki, perusahaan kasebut pengin nggedhekake pasare ora mung ing Surabaya nanging uga tekan kutha-kutha liyane ing Jawa Timur. Minangka tim pemasaran, sampeyan ditugasi nggawe konsep iklan sing ora mung narik kawigaten nanging uga bisa ngyakinake konsumen yen “Kripik Samijali” iki nduweni nilai luwih tinimbang kripik liyane sing wis ana.
1.Strategi kreatif apa wae sing bakal sampeyan gunakake kanggo nggawe iklan “Kripik Samijali” iki dadi luwih unik lan gampang dieling-eling dening masyarakat? Coba sebutna unsur-unsur iklan (kayata slogan, visual, musik/audio, lan liya-liyane) sing bakal sampeyan kombinasikake.
(a)
Kepriye carane sampeyan bakal nggabungake unsur budaya lokal Surabaya utawa Jawa Timur ing iklan kasebut supaya bisa nambah daya tarik emosional konsumen lan nguatake identitas produk?
(a)
Gagasen media apa wae sing paling efektif kanggo nyampeake iklan “Kripik Samijali” iki marang target pasar sing luwih luas ing Jawa Timur? Jlentrehake alasan kanggo saben pilihan media kasebut.
(a)
Jelaskan argumentasi sing kuat kanggo mbujuk konsumen yen “Kripik Samijali” iki nduweni nilai luwih (umpamane babagan kualitas bahan baku, cara produksi, rasa, utawa manfaat liyane) dibandhingake karo produk kripik liyane ing pasaran. Kepriye carane sampeyan bakal nyampeake argumentasi kasebut ing iklan?
(a)
Jlentrehno gambar iklan ing duwur
(a)
