WorksheetsUjian Basa Jawa Kelas 6
Total questions: 32
Worksheet time: 40mins
samengko ingsun tutur,
sembah catur supaya lumuntur,
dhingin raga cipta jiwa rasa kaki,
ing kana lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.
tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat apa?
sinom
pangkur
gambuh
durma
titikane tembang gambuh, yaiku ...
7u, 11o, 12i, 8o, 8u
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7u, 10u, 11i, 8u, 8o
7u, 12u, 11i, 8u, 8u
watak tembang gambuh, yaiku ...
gandrung, prihatos
wantah
radi sereng
asih asuh
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...
Yen urip kudu ngati-ati
Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung
Dadi wong kudu seneng golek gegara
Yen urip iku kudu guyub rukun
Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
"Kandang langit kemul mega"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....
nduweni pengin barange kanca
wong tuwa rekasa amarga polahe anak
nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa
karepe ngirit nanging malah entek akeh
(1) ancik-ancik pucuke eri
(2) arep nangkane emoh pulute
(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo
(4) iwak klebu ing wuwu
Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(2) lan (4)
Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.
Paribasane ...
Busuk ketekuk pinter keblinger
Becik ketitik ala ketara
Adigang adigung adiguna
Jer basuki mawa beya
Timun wungkuk jaga imbuh, paribasan iki tegese...
wong bodo iku kanggone mung sak perlune wae
wis ditulungi malah ora matur suwun
nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan
wong asor naging sugih kapinteran
Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....
jer basuki mawa beya
sepi ing pamrih rame ing gawe
kriwikan dadi grojogan
kaya banyu karo lenga
Ukara ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku... .
Ibuku mususi beras ketan ing pawon.
Adhiku nangis gulung-koming.
Bola-bali mangan ancene weteng karet.
Kabare ngenani rajapati wis sumebar warata ing ngendi-endi.
"Edi peni", Kalebu Cakrikane Basa rinengga...
Entar
Camboran
Saroja
Panyandra
Kang diarani tembung saroja yaiku ....
tembung loro (2) kang padha tegese utawa meh padha tegese kang lumrah dianggo bebarengan
tembung-tembung sing nduweni teges podho
wuwuhan kang manggon ono ing sangarepe tembung lingga
tembung loro (2) utawa luwih sing dicambor (digandheng) dadi siji
Ukara saking tembung kosok balen “gemi” seng bener yaiku ....
Adi kui bocah sing boros, senengane jajan ora gelem nyelengi
Azzam murid kang becik tur andhap ashor.
Fina iku bocah e grapyak mulo iku kancane akeh.
Cillo bungah banget amergo di tumbasno tas anyar.
... yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge
Paribasan
Bebasan
Saloka
Wangsalan
Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....
wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak
luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane
wong duwe kekarepan sing mokal kelakone
prakara cilik dadi gede
Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....
Kebo nusu gudel
Kebo kabotan sungu
Kebo lagi turu
Kebo mangan suket
(1) ber budi bawa leksana
(2) tengu ngedu gajah
(3) mikil dhuwur mendhem jeru
(4) emprit abuntut bedhug
Unen-unen kang kalebu saloka yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (4)
(2) lan (3)
Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...
Deskripsi
Narasi
Eksposisi
Eksplorasi
Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.
Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....
Narasi
Eksposisi
Deskripsi
Argumentasi
Teks sing nggambarake objek,panggonan utawa kedadean nganti njlimet/rinci, nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dewe objek sing digambarake panulis, kalebu teks ... .
deskripsi
narasi
argumentasi
persuasi
Wacanen kanthi satiti!
Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.
Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?
Sofa
Wawan
Rudi
Sofa, Rudi lan Wawan
Tujuwane teks eksposisi yaiku...
kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pengerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara lan proses dumadi sawijining kekadeyan
kanggo nggambarake sawijining prastawa, ilmu kang cetha
kanggo nyritakake kanthi runtut salah sawijining prastawa kang kedaden
kanggo njlentrehake trap-trapane prastawa kanthi 5w 1 H
kanggo nyiarake sawijining prastawa kanthi nggunakake unsur pawarta
Jinise Eksposisi ing ngisor iki satitekna!
a) Eksposisi Definisi
b) Eksposisi Proses
c) Eksposisi proposal
d) Eksposisi Klasifikasi
e) Eksposisi Ilustrasi (Contoh)
f) Eksposisi Gambar
g) Eksposisi Perbandingan & Pertentangan
h) Eksposisi Laporan.
Kang klebu jinise wacana eksposisi manggon ana ing aksara ... .
a,b,c,d,e,
b,c,d,e,f
c,d,e,f,g
d,e,f,g,h
a,b,d,e,h
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....
Geguritan
Paribasan
Pantun
Tembung
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
Wirama yaiku ....
Kumpulan larik kang selaras
Tujuane penulis gawe geguritan
Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake
Tembung seng ora sebenere
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng
Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia
Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat
Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih
Bulan-bulan gedhe
Ana santri menek jambe
Ceblokna salining wae
Mumpung jembar kalangane
Tegese "mumpung jembar kalangane" yaiku ....
mumpung isih ana wektu lan diparingi rejeki
bocah sing lagi nyantri
saben bocah kudu sregep sinau agama
lapangan sing jembar
Ing ngisor iki titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan, kajaba ....
basane prasaja lan gampang dingerteni
jumlah barise (gatrane) uga winates
isine bab sing salaras karo kahanane bocah
nyritakake bab sinau
