Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Quiz Bahasa Daerah

Total questions: 60

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Kang diarani unggah-ungguh basa yaiku...

a)

undhag-undhage basa kang ora ngandhut tata karma

b)

undhag-undhage basa kang ngandhut tata karma

c)

Undhag-undhage basa lisan kang ngandhut tata karma

d)

undhag-undhage basa tulis ngandhut tata karma

e)

undhag-undhage basa isyarat kang ngandhut tata karma

2.

Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...

a)

basa ngoko kang kacampuran ragam basa krama alus

b)

basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa krama alus

c)

basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa ngko

d)

basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina

e)

basa ngoko kang tembunge basa rinengga

3.

Basa kang digunakake marang wong sing sadrajat amarga durung raket yaiku...

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

e)

krama inggil

4.

Ukara-ukara ing ngisor iki luput unggah-ungguhing basa, kajaba...

a)

Eyang sakit waja sampun tigang dinten

b)

Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM

c)

Kula badhe tindak dhateng Madiun

d)

Ageman kula sampun kanthah

e)

Adhik dhahar pisang goring

5.

Unen-unen kang ajeg panganggone,mawa teges entar, di arani...

a)

Saloka

b)

Bebasan

c)

Paribasan

d)

Guru Wilangan

e)

Guru Gatra

6.

Arep jamure emoh watange, kalebu tuladha....

a)

Saloka

b)

Paribasan

c)

Sandangan

d)

Guru Basa

e)

Bebasan

7.

Purwakanthi kaperang dadi telu,yaiku Guru Swara,Guru Sastra lan...

a)

Guru Basa

b)

Guru Wilangan

c)

Guru Gatra

d)

Guru Lagu

e)

Krama Inggil

8.

Bocah pinter, pintere ngungkuli dhokter, kalebu puwakanthi guru....

a)

Sastra

b)

Basa

c)

Swara

d)

Wilangan

e)

Lagu

9.

Sekul lepat ulam segara, wonten lepat nyuwun pangapura, kalebu purwakanthi....

a)

Guru Lagu

b)

Guru Swara

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Basa

e)

Guru Sastra

10.

Titikane teks sastra yaiku....

a)

Wujud reriptan nganggo basa kang endah lan gampang dimangerteni.

b)

Wujud reriptan nganggo basa kang agung, lungit lan isine jero

c)

Wujude reriptan nganggo basa endah, ngemu wirama, wirasa panyurasane gumantung sing maca.

d)

Wujud reriptan kang isine kasunyatane lan kaendahane urip ing ndonya,nuwuhake pamikat.

e)

Wujud reriptan kang isine pasulayane urip ing madyane bebrayan.

11.

Tuladhane tembung saroja yaiku....

a)

putih memplak, mukti wibawa, gagah prakosa

b)

ajur mumur, sekti mandra guna, manca warna

c)

kolik priya priyagung anjani putra, edi peni

d)

rambute ngelar kumbang, jembar segarane

e)

mudha-

12.

Ing ngisor iki kang kalebu saloka yaiku....

a)

Emprit abuntut bedhug. Kebo nusu gudel.

b)

Cagak nguntal empyak. Sing taberi, nastiti lan ngati-ati.

c)

Mripate ndamar kanginan. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.

d)

Gandane arum jamban. Pasuryane abang dluwang.

e)

Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa

13.

Ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku....

a)

Sapa sing salah kudu ngalah.

b)

Yen mangsa udan dalane lunyu banget, mula sing ati-ati.

c)

Tangane bocah iku dawa sisih, cacat wiwit cilik.

d)

Bocah kuwi pancen lunyu ilate, mula didohi kancane.

e)

Polatane katon sumringah bareng krungu kabar kahanan bojone.

14.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa rinengga yaiku....

a)

He, lungguhmu aja jigang kaya ngono kuwi ora sopan, tur ora pantes disawang!

b)

Sapa sing rumangsa salah, wis samestine kudu gelem ngakoni salahe mau becike banjur njaluk pangapura.

c)

Nalika tekan papan kang dituju, bocah wadon mau gage-gage mudhun, terus mlebu omah cet biru mau.

d)

Pancen pantes yen dadi patuladhan, dhasar ayu rupane, sumunar cahyane, gandhes luwes solah bawane.

e)

Cahyane lampu sokle cumlorot madhangi dalan sing diliwati, lan uga sakiwa tengene, nganti katon watu gedhe-gedhe kang njegreg kaya patung.

15.

Basa Rinengga, dumadi telung warna, yaiku ..

a)

Paribasan, Bebasan, Saloka

b)

Bebasan, Saloka, Sandhangan

c)

Pedhotan, Pasangan, Paribasan

d)

Saloka, Sandhangan, Bebasan

e)

Paribasan, Pedhotan,Pasangan

16.

Tembung loro kang digunakake bebarengan lan duweni teges mbangetake diarani tembung ....

a)

entar

b)

saroja

c)

baliswara

d)

yogyaswara

17.

Tetembungan kang duweni teges ora samesthine diarani tembung ....

a)

saroja

b)

baliswara

c)

entar

d)

yogyaswara

18.

Ing isor iki kang kalebu tembung yogyaswara yaiku ....

a)

beja-beji

b)

mudha-mudhi

c)

riwa-riwi

d)

bola-bali

19.

Tembung entar kang duweni teges nyambut gawe abot yaiku ....

a)

entheng tangane

b)

idu geni

c)

udan tangis

d)

adus kringet

20.

Kang ora kalebu tembung baliswara yaiku ....

a)

surya putra

b)

raja putri

c)

sampun purna

d)

anoman malumpat sampun

21.

Padhang jingglang kalebu tembung ....

a)

entar

b)

saroja

c)

baliswara

d)

yogyaswara

22.

Jembar segarane tegese ....

a)

sugih pangapura

b)

sabar banget

c)

omongane ora bisa dipercaya

d)

omongane dadi kasunyatan

23.

tembung saroja kang tegese endah banget yaiku ....

a)

amber ser

b)

sepi mamring

c)

edi peni

d)

arum wangi

24.

Kang ora kalebu tembung entar yaiku ....

a)

gana-gini

b)

lunyu ilate

c)

ngabangake kuping

d)

gedhe sirahe

25.

Unen-unen ing isor iki kang ora kalebu paribasan yaiku ....

a)

kocak tandha lukak

b)

anak polah bapa kepradhah

c)

undhaking pawarta sudaning kiriman

d)

jer basuki mawa bea

26.

Timun mungsuh duren kalebu jinise (a)  

27.

Kang ora kalebu jinise saloka yaiku ....

a)

kebo nusu gudel

b)

tigan kaapit ing sela

c)

kebo mulih ing kandhange

d)

tut wuri handayani

28.

Saloka kang duweni teges wong kang kemudu kudu dijaluki warah yaiku ....

a)

sumur lumaku tinimba

b)

jati ketlusuban ruyung

c)

kerot tanpa untu

d)

bebek mungsuh mliwis

29.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kulonan

e)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

30.

Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....

a)

Geguritan

b)

Artikel

c)

Panyandra Manten

d)

Lagu utawa tembang

e)

Parikan

31.

Ana dina, ana upa

Ana awan, ana pangan

Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....

a)

Swara

b)

Lagu

c)

Lumaksita

d)

Sastra

e)

Basa

32.

Ancik-ancik pucuking eri

Unen-unen kasebut kalebu....

a)

Pepindhan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Paribasan

e)

Saloka

33.

Tangane Ratih aluse kaya sutra.

Ukara ing ndhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Pepindhan

c)

Entar

d)

Saroja

e)

Wangsalan

34.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....

a)

Menehi rasa endah

b)

Njelasake teges

c)

Nambahi rasa mbangetake

d)

Nambahi rasa cetha

e)

Nggambarake kahanan

35.

Purwakanthi kang ana tembung dibaleni diarani purwakanthi guru....

a)

Lagu

b)

Swara

c)

Sastra

d)

Lumaksita

e)

Wilangan

36.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"

Tembung adus kringet kalebu tembung....

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Wangsalan

d)

Paribasan

e)

Bebasan

37.

Sampun sawatawis dangu sri pinanganten lenggah ing sasane kursi rinengga kinebutan dening elaring manyura, kongas gandhane kadya bethari supraba.

Teks pranata adicara ing ndhuwur ditujokake kanggo nyandra....

a)

Manten putri

b)

Manten kakung

c)

Bapak lan Ibu

d)

Bapak lan Ibu Besan

e)

Prosesi temu manten

38.

Tembung-tembung kang wis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar diarani....

a)

Entar

b)

Pepindhan

c)

Bebasan

d)

Wangsalan

e)

Paribasan

39.

Tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani....

a)

Kawi

b)

Purwakanthi

c)

Saroja

d)

Saloka

e)

Pepindhan

40.

Jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani....

a)

Purwakanthi

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Pepindhan

e)

Paribasan

41.

Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu tembung kawi, kajaba....

a)

Sasana

b)

Taksaka

c)

Tyas

d)

Kayun

e)

Banyu

42.

Saka ukara ing ngisor iki kang kalebu jinis purwakanthi guru swara yaiku....

a)

Ngrukti bumi nastiti murih lestari

b)

Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

c)

Runtang-runtung rerentengan

d)

Kinasihan kadya mimi lan mintuna

e)

Rinengga ing busana kang edi endah

43.

Sih kinasihan kaya angganing mimi lan amintuna.

Tembung kang kacetak kandel kuwi kalebu basa rinengga jinis....

a)

Purwakanthi

b)

Saloka

c)

Entar

d)

Saroja

e)

Paribasan

44.

Tuladhane tembung saroja yaiku....

a)

Dawa tangane, adus kringet

b)

Putih memplak, ayem tentrem

c)

Gagah prakosa, gedhe endhase

d)

Dhuwure kaya otak-otak mega

e)

Colong jupuk, tipis lambene

45.

Gebyar-gebyar pating pancurat pating cumlorot kadya taranggana silih sasana, agemane sri panganten sarimbit.

Ukara kang kacetak kandel kuwi minangka gambarane klambi kang digawe manten sarimbit kaya....

a)

Gumebyar kaya cahyane rembulan kang lagi ndadari

b)

Klambine sri panganten cahyane kaya lampu sokle cumlorot

c)

Gumebyar kaya inten kang kena sunare srengenge

d)

Gumebyar kaya kalapis emas

e)

Gumebyar kaya cahyane lintang kang alihan

46.

Ana bungah, ana susah, iku wis lumrah

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

47.

Ridwan awan-awan mangan mendoan ing lapangan

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

48.

Laras, lurus, leres, laris

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

49.

Raja putra, putrane Raja Alengka

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

50.

Wong rabi iku kudu bobot, bibit, bebet

a)

Purwakanthi guru sastra

b)

Purwakanthi guru swara

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

51.

Rujak dhondhong, dhondhonge sisaning kalong

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

52.

Cah wadon iku kudu regen, tegen, mugen

a)

Purwakanthi guru sastra

b)

Purwakanthi guru swara

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

53.

Siti Susiati saiki seneng susu sapi

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

54.

Bocah pinter, pintere ngungkuli dhokter

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

55.

Jaman bubrah, sing salah malah disembah-sembah

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakwanthi guru basa

56.



(a)  

57.



(a)  

58.



(a)  

59.



(a)  

60.



(a)